M EDIA PE M BE LAJA R AN WA Y A N G R A M A Y A N A Mata Pelajaran Bahasa Jawa Crita : Babagan : “ K I D A N G K E N CA N A” SMP Negeri 2 Warungasem Penyusun : SITI FADHILAH, S. Pd. Credit Img. by Flip book Tahun : 2023
IDENTITAS M A T A P E L A J A R A N : B A H A S A J A W A S E K O L A H : S M P N E G E R I 2 W A R U N G A S E M T A H U N P E L A J A R A N : 2 0 2 2 / 2 0 2 3 J E N J A N G / K E L A S : S M P / V I I I M A T E R I P O K O K : C e r i t a W a y a n g R a m a y a n a ” K i d a n g K e n c a n a ” P E N Y U S U N : S I T I F A D H I L A H , S . P d .
Melalui model pembelajaran Problem Based Learning (PBL), setelah menyimak flipbook cerita wayang Ramayana Kidang Kencana : TUJUAN PEMBELAJARAN Peserta didik mampu menganalisis tokoh dan penokohan cerita wayang Ramayana lakon Kidang Kencana. Peserta didik mampu menentukan pesan moral cerita wayang Ramayana lakon Kidang Kencana. Peserta didik mampu membuat ringkasan/sinopsis cerita wayang Ramayana lakon Kidang Kencana
Menyimak yai ku sawi j ining kag iyatan kang go manger teni i s ine wacan utawi cer i ta. Menyimak kedah dilakoni kanthi tumemen supados saged manger tos i i s inipun wacan. FASE / KEGIATAN M e n y i m a k
MATERI FAKTUAL Wayang minangka wohing kabudayan Jawi ingkang ngemot tuntunan, tontonan, lan tatanan. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Kathah pitutur luhur ingkang saged kapendhet saking cariyos wayang. WAYANG
KAWRUH BABAGAN WAYANG Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang roh saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. DEFINI S I WAYANG JINI S ING WAYANG 1.Wayang Purwa : wayang sing di gawe saka lulang. Biasane njupuk lakon Mahabarata lan Ramayana. 2.Wayang Purwa : Wayang sing paragane wong. 3.Wayang Golek : sing digawe saka kayu, wujude boneka, disandhangi rerenggan wayang. Biasane jupuk lakon Amir Hamzah utawa Umar Maya. 4.Wayang Krucil : Wayang krucil wayang sing di gawe saka kayu, wangune gepeng. Biasane jupuk lakon Damar Wulan.
5. Wayang Beber : Wayang sing wujude gambar sing dijereng lan di beber. Dhalang nyritakake isine gambar. biasane njupuk lakon Panji. Wayang iku wiwit ana kira-kira taun 1564 6. Wayang Kancil : Wayang sing paragane kewan kabeh. Jupuk lakon dongeng kancil. Wayang iku wiwit ana kira-kira taun 1830. 7. Wayang Dapura : yaiku digawe saka kulit. Wayang iki nggambarake crita saka kraton Demak nganti tekan Surakarta. Wiwit ana ing taun1830. 8. Wayang adam makrifat : Wayang sing nyritakake kawruh tasawuf. Wayang iku wiwit ana ing taun 1940. 9. Wayang gedhong : Wayang sing digawe saka kulit. Wayang iki njupuk crita panji. Wayang iku wiwit ana ing taun 1563.
1. Cerita Wayang Mahabarata : Serat Mahabarata kaanggit dening pujangga Wiyasa. Serat Mahabarata nyritakake perang antarane Pandawa lan Kurawa. Cerita Mahabarata asale saka India 2. Cerita Wayang Ramayana : Ramayana kaanggit dening pujangga Walmiki. Crita Ramayana mau asale saka India. crita wayang Ing tanah jawi c r i ta wayang m enika wonten kal ih yaiku :
TEMA : Ide pokok utawi gagasan utama. ALUR : Reroncening kedadeyan kang dironce lan direka kang dadi lakuning cerita. PARAGA : Kalungguhane paraga wonten ing carita. wonten protagonis lan antagonis U n s u r - u n s u r i n t r i n s i k C r i t a
WATAK : Sifatipun tokoh wonten ing cerita LATAR : Unsur ingkang ngemot babagan wektu, panggonan lan swasana AMANAT : Gagasan seng pingin dikandhakake panganggit marang kang maca utawa ngrungokake U n s u r - u n s u r i n t r i n s i k C r i t a
Watak paraga ing sajroning crita bisa ditemtokake kanthi cara tersurat, yaiku watak saka paraga wis disebutake dening panulis ana ing sajroning teks. C a r a n e m t o k a k e w a t a k i n g s a j r o n i n g C r i t a t e r s u r a t Watak paraga ing sajroning crita bisa ditemtokake kanthi caratersirat, yaiku watak saka paraga bisa ketok saka pocapan lan tumindak saka paraga. T e r s i r a t MATERI PROSEDURAL
Waca kanthi premati lan tliti. Pahami maksud saka crita kanthi nggatekake paraga, watak paraga lan alur crita . Gawe dudutan pesen kang diandharake dening panulis. 1. 2. 3. C a r a n e m t o k a k e p i w u l a n g Macasakabehe wacan kanthi permati Nulis gagasan utama/ ukara-ukara bakune. Nulisringkesan adhedahasar gagasan utama/ ukara-ukara bakune. 4.Ringkesan ora kena nyimpang saka waca 1. 2. 3. 4. C a r a g a w e r i n g k e s a n c e r i t a
MATERI KONSEPTUAL Ramayana episode Kidang Kencana Prabu Dasamuka iku raja ing nagara Ngalengka. Sedulure ana telu, yaiku Kumbakarna, Wibisana, lan Sarpakenaka. Prabu Dasamuka lan Kumbakarna iku wujude raseksa. Wibisana wujude satriya bagus, Sarpakenaka wujude buta wadon. Sawijining wektu Sarpakenaka kepranan kabagusane Raden Laksmana lan Raden Rama. Satriya loro kuwi putrane putrane Prabu Dasarata ing nagara Ayodya. Sedulur tunggal bapa beda ibu. Satriya loro iku ora nglanggati katresnane Sarpakenaka. Sarpakenaka malah saya nggodha Raden Laksmana, karepe supaya ditresnani. Raden Laksmana duka. Irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol. Sarpakenaka ngigit-igit ing ati, banjur wadul kakange, “Kakang, ana satriya loro saka Ayodya ngruda paksa aku, ” Sarpakenaka ngapusi karo ngatonake irunge. Sarpakenaka pancen seneng ngapusi. “Kowe rak malah seneng ta menawa ana satriya sing gelem karo kowe?” wangsulane Rahwana sareh. Wangsulan iku gawe Sarpakenaka jengkel. Sarpakenaka ngetog pikire supaya bisa malesake lara atine. “Kakang, kowe biyen rak kedanan karo Dewi Widowati? Mau aku weruh panjilmane Dewi Widowati ana alas Dhandhaka, jenenge Dewi Sinta, bojone Rama, ” kandhane Sarpakenaka. Prabu Rahwana nampa ature Sarpakenaka. Abdine kang aran Kalamarica kadhawuhan memba dadi Kidang Kencana. Bakal kanggo maeka Raden Rama lan Laksmana, supaya Dewi Sinta bisa kadusta. Nalika lagi lungguh sakloron ing sangisore wit sing ngrembuyung, Sinta weruh kidang werna emas liwat. Pancen apik tenan wernane kidang iku. Sekala Sinta kesengsem marang kidang emas iku. “Kakangmas Rama, sae sanget kidang menika. Menapa Kakangmas kersa nyepeng kidang menika kangge kula?” pambujuke Sinta. “Laksmana, tulung tunggunen Mbakyumu Sinta. Aku bakal ngoyak playune kidang kae., ” welinge Rama marang adhine. Laksmana lan Sinta lungguh ing sangisore wit ngenteni tekane Rama. Suwe dheweke ngenteni. Rama ora ana teka. Dumadakan Sinta rumangsa sumelang. “Yayi, dak jaluk, lunga lan golekana Kakangmasmu Rama!” Saka kadohan keprungu ana wong sing ngrerintih njaluk tulung.
MATERI KONSEPTUAL “Laksmana kowe krungu kae? Aja-aja kae swarane Kakangmas Rama”. “Kakangmbok Sinta, sampun kuwatos. Menika sanes swantenipun Kakangmas Rama. Boten badhe wonten tiyang ingkang saged damel tatu dhateng kakangmas Rama. Panjenenganipun temtu badhe kondur ngasta menapa ingkang panjenengan kesakaken, ” ature Laksmana. “Laksmana, kok bisa-bisane kowe meneng wae kamangka kakangmu ora enggal kondur saka anggone beburu! Apa kowe ngajab Kakangmas Rama seda lan kowe bisa ngepek aku? Ora bakal, Laksmana!” panggetake Sinta. Laksmana kaget marang pandakwane Sinta. “Kakangmbok, kula boten ngajab Kakangmas Rama seda. Kejem sanget pandakwa Kakangmbok Sinta. Inggih Kakangmbok. Kula damelaken bunderan ing siti menika. Kakangmbok kula suwun jumeneng ing salebeting bunderan menika sampun ngentos medal saking bunderan menika, ” ature Laksmana. Nalika ngenteni tekane Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Wong wadon iku ngerti menawa Sinta trenyuh, banjur mlaku nyedhaki Sinta. Nanging wong wadon iku ora bisa mlebu ing bunderan kuwi. e bunderan “Oh, Putri, aku weruh ana kembang mlathi disumpingake ing rambutmu. Apa aku oleh ngepek kembangmlathi sing endah iku?” panjaluke wong wadon tuwa iku. Sinta banjur menehake mlathi sing ana rambute. Sinta ngathungake tangane menyang sanjaban. Wong wadon tuwa iku ora mung njupuk kembang mlathi nanging uga nggeret tangane Sinta metu saka bunderan. Sinta njerit. Jebul wong wadon tuwa iku Prabu Rahwana. Rahwana banjur ngguyu cekakakan. Dewi Sinta digawa dening Rahwana menyang Alengka. Ing sadalan- dalan Sinta bangga supaya bisa diuculake. Dumadakan Rahwana diserang manuk garudha. Serangane iku gawe Sinta meh niba. Kanthi trengginas manuk iku nyathok awake Sinta “Putri, nami kula Jathayu. Kula mireng panjerit paduka saking katebihan, ” ature manuk iku. “Oh, Jathayu banget gedhe panuwunku, ” kandhane Sinta. Jathayu nandhang tatu. Sadurunge mati ninggal weling marang Sinta. “Putri, paduka pundhut salembar wulu ing badan kula. Benjing badhe migunani kagem paduka! Mangga, Putri!” Jathayu ngintih. Sinta banjur nuruti ature Jathayu. Sinta banjur njabut saeler wulu saka awake Jathayu. Nanging ora suwe sawise Sinta njebol wulu mau, Rahwana nyamber awake Sinta. Sinta digendhong meneh lan digawa lunga menyang Alengka.
KAWRUH BASA M i t r a n e : k a n c a n e , b a t u r e d i g e g e g i : d i d h a k u , d i g o n d h e l i , d i c e k e l i k e n c e n g o r a d i c u l a k e k a l i n d h i h : k a l a h , k a d h e s e k b a n t a l a : l e m a h l u n g k r a h : k r a s a o r a k e p e n a k , k r a s a l a r a k a b e h t r e n y u h : m e s a k a k e , m e m e l a s k a s a p u t : k a l i n g - k a l i n g a n , k e t u t u p a n k e p e n c u t : b a n g e t k e p e n g i n e , k a s e n g s e m n g a r i h - a r i h : m b u j u k ; n g l i p u r ; n g a y e m - a y e m i n i s t h a : a s o r , a l a , e l e k n g l e n t h u n g : c a b a r , g a g a l , t a n p a k a s i l d i s i g e g : d i e n d h e g , d i l e r e n i l i l i h : k e n d h o , a b e r , l e r e n , m a r i , k e m b a s a s m i t a : t a n d h a , t a n d h a g a i b , t a n d h a s a k a P a n g e r a n a n g e m a s i : m a t i , n i n g g a l , p e j a h PARAGA J a t a y u R a h w a n a S i n t a R a m a L e s m a n a
Piwulang Ing jaman saiki awak dhewe kudu seneng tetulung kaya Resi Jatayu, menawa ana kanca kang lagi lara, becike dikaruhke, aja malah diadohi, menawa wong tuwa nyuwun tulung uga kudu ditindakake, aja ngendhe-endhe. Awak dhewe uga kudu setya marang apa sing wis dadi komitmene, tuladhane, minangka siswa kudu sregep sinau minangka wujud setya karo komitmen sekolah. Ing jaman saiki uga kudu pinter-pinter nyaring informasi, meneh-meneh saka internet, amarga wujud awak dhewe bisa mbela kabecikan salah sijine ora gampang percaya karo informasi hoax. Matur Nuwun
TUGAS Saben kelompok kasuwun madosi paraga lan watakipun sajroning cerita wayang Ramayana Kidang Kencana! Nemtokaken pesen moral/pitutur luhur sajroning cerita wayang Ramayana Kidang Kencana! Nyerat ringkesan cerita wayang Ramayana Kidang Kencana, paling sekedhik kalih (2) pada! 1. 2. 3. LKPD
PARAGA LAN WATAKE TUGAS 1 ............................................... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . Watakipun Asmane ............................................... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . Watakipun Asmane ............................................... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . Watakipun Asmane ............................................... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . Watakipun Asmane ............................................... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . Watakipun Asmane ............................................... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . Watakipun Asmane NILAI
PESAN MORAL CRITA RAMAYANA KIDANG KENCANA PESAN 1 PESAN 2 TUGAS 2 NILAI
RIN G K E S A N 1 2 T U G A S 3 N I L A I
P U N G K A S A N I N G B U K U Credit : LeonardoAi