Bapak Polah Anak
Kepradhah
Dening : Anjrah L. B.
Bapak Polah Anak Kepradhah
Dening : Anjrah L. B.
“Pak, njenengan ki apa ora nyebut? Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya timun
mungsuh dhuren, Pak!” meh sewulan kepungkur, nalika Ali manek-manekake
ngudari apa kang mbruwet ing sirahe menyang bapake. ...
Kelincipen. Meh wae ukara iku mlumpat saka lambene ali. Ning nyawang raine
bapake sing semangat makantar-kantar, Ali ora mentala. Mantan lurah sing
dikojahake bapake mau pancen wong sugih mblegedhu, sawahe pirang-pirang
hektar, sapine kang diparon-paronke mblasah neng ngendi-endi. Malah mantan
lurah kidul kali kuwi duwe anak - duwe mantu pegawe bank. Nyendhal dhuwit
satus rong atus yuta paribasane suwe mijet wohing ranti. Sinambi watuk-dhehem
sethithik akeh caire.
Ora nyilikake bapake kang mung jejer bayan lan ngramut sawah warisan sak
ilat, nanging mbok iya bapake iki nggunakake nalare kanthi wening. Jer basuki
mawa bea jarene. Ing jaman kebak pitukon kaya saiki, apa kang ora kudu dituku
dhisik sadurunge diduweni. Pengin dadi PNS wae kudu tuku. Pengin dadi artis ya
kudu tuku. Pengin dadi perangkat desa saiki ya kudu tuku. Apa maneh dadi lurah ?
Apa maneh caleg ? Ali asring maca neng koran-koran yen caleg kuwi kudu sangu
rekomendhasi saka partai. Kamangka rekomendhasi kuwi isine mudhun yen
disinggek dhisik nganggo dhuwit kang ora sethithik.
" saiki bapake takon, Li, sejatine kowe iki ndhukung karepe bapak tah ora?
Amarga kawit wingi-wingi daksawang kayane kok setengah hati, melu-melu
melekan, ngrukuni tim sukses-e bapak, uga ngrewangi ibu lan wong ing pawon.."
Ali ora gage kumecap. Lambene kaya kinonci gembok waja.lamat-lamat swara
adzan isya' saka masjid wiwit mampir ing kuping. "yen bapak kepenak uripe,
ibumu, kowe lan sedulur-sedulur liyane rak ya melu ngrasakake ta, Li ?
" kula ndherek mawon pak. Namung kula wiwit kraos yen kantun pelajaran
sekolah, gara-gara asring melekan, " saute ali meh ora keprungu. ...
"kayadene paribasan lawas sing saiki kuwalik, yen bapak polah kuwi anake
ya kudu melu kepradhah. Hahahahah..." guyune bapake ali keprungu kaya gludhug
ing mangsa kesanga-kesepuluh. Rasane keprungu tekan omahe mas Hadi, rivale
bapake ali kang mung dipisahake dalan. ...
*******
Pindha layangan tanpa tali kang kawaga angin menyang ngendi-endi, awake ali
krasa entheng. Ngleyang pindha rante sepedha kurang oli, balungane awake ali
nyuwara pating kriyet nuduhake nemene kesele. Ali kang nduweni awak ngiyeyet
kuwi kaya-kaya kari balung karo entut, amarga karamean ing omahe saben wengi.
Ali nyelehake bokonge sing tepos ing bangku kelas. Kelas isih sepi iki mau
dheweke gage budhal sekolah sakdurunge keri kaya wingi gara-gara ngrewangi
ibune nyepakake suguhan kanggo dhayohe bapake sing rina wengi ngleset ing teras
omahe.
Ali pancen jan kesel sapol-pole. Wis karo tengah minggu iki, dheweke
kurang turu amarga karepe bapake. Bapake kang wis mataun-taun pinercaya
pendhudhuk kampunge jejer bayan iku nduweni kareng kang luwih. Karepe bapake
ali ora kena sinangga entheng kanggone Ali sagotrah. Bapake pengin macung lurah
jroning pilkades taun iki. Keneng apa ora kena sinangga entheng ? amarga kang
dadi mungsuhe kuwi lurah dhongkol kang kena diarani isih trahing kusuma
rembesing madu. ...