ADEGAN 1 Ing sawijining dina, Karman katon sumringah. Dheweke rumangsa begja banget sawise kasil njambret tas sing dicangking dening wong wadon ayu sing lagi bae metu saka kantor bank. Tas kuwi rada gedhe, dawane 50 cm, dhuwure lan ambane 40 cm. Bobote kira-kira 4 kg. Karman : Wah! Sip temenan iki, jan ki mau begjaku ora ono blas uwong kang nututi aku. Wes wes sip temenan. Karman : Peh peh jan begja temenan aku ki, ws lancar anggone jambret katek asile entuk tas sng gedi mesti iki isine duwek atusan ewu sing uwakeh kang wus talenan apik heeee. Karman : Yen ngono bakal dadi nyata temenan iki ngimpiku agawe nduweni omah dewe kang guedi lan mobil sng akeh lan mben minggu iso jalan numpak mobil heee karo bojo lan anakku iki....Wes sip tenan iki. (Karman mesem mesem karo mbayangake). Karman : Oo iyo kae koncoku tau ngongkon aku agawe dadi jambret, tibano temenan asile luweh gedi ketimbang mung dadi copet seng mek entuk dompet sing isine KTP, SIM, kartu ATM lan duwete mung
sakitik. Mbasan aku lagek jambret pisan wae ws ebtuk tas isine duwet sak mene gedine. Bakal sugih dadakan aku ki. ADEGAN 2 Karman langsung mandhegake sepedha motore ing tengah sawah kang sepi banget. Sakiwatengene mung ana tanduran pari. Banjur, karo tetep lungguh ing dhuwur jog sepedha motore, Karman nyoba mbukak tas kuwi mau. Ananging ujug-ujug mripate deweke mendelik, ora kedhep-kedhep, nalika nyawang isi tas sing lagi bae dibukak.Tibane ing njero tas kuwi jebul ana bayi sing katon lagi lair. Bayi kuwi isih ambegan lan katon turu angler. Karman : Kreeekkk....... Lohhh apa iki, waduh kok isine tibake bayi, berarti iki mau bayine wong wadon ayu mau. Apes apes Karman : Jolayak wong wadon mau mung meneng wae pas tase dakgondol, mestine wong wadon ayu mau mari babaran lan arep mbuwang bayine utawa diwehake sapa wae sing gelem ngopeni, asem... apes temenan aku iki.
Karman : Terus bayi iki kudu dak kapakne iki (mondarmandir mikir golek cara sing paling gampang kanggo ngrampungi urusan bayi sajrone tas kuwi). Karman : Apa dak gowo muleh wae yo, kan bojoku kepengen nduwe anak lanang to. Eh.. Sek-sek tapi engko jelalah bojoku malah nesu ngono piye ya amarga didaraki bayi iki uwohe selingkuh karong wong wadon liya. Ws gak-gak mati aku ko lak ngono. ( karo nyekeli sirahe sinambi mondar-mandir). Karman : Peh jan bingung tenan ki aku, mosok ya tak tinggal ng sawah kene. Iyo lak ndang langsung enek sing nemu, nanging yen ora berarti bakal dipangan asu ki bayi. Mesakne temenan nasibmu le. Karman : Sek-sek wes ngene wae saiki aku tak goleki wong wadon ayu mau, nanging mestine deweke wis muleh bakal delik mbuh nang ndi. Apa ana ing tas iki pituduh sing bisa nemokake alamat wong sing tak jambret mau? Karman langsung ngupadi pituduh kasebut ing tas kang ana bayine nanging ora ana pituduh babar pisan. Banjur dheweke wiwit ngupadi sajroning kemul, nanging wektu dheweke mbuka Kemul dumadakan bayi kasebut nangis, banjur karman njajal ngenengake bayi kasebut karo Menehi susu jroning botol, banjur
bayi kasebut meneng ora nangis. Banjur karman weruh ana hp sajroning kemul. Lan langsung dheweke jupuk. Karman : Eh ana hp, jajal aku telpon wong sing ana ing hp iki, muga-muga ana nomer sing bisa aku hubungi. Karman : halo sugeng siyang. Ibu bayi: Sugeng siyang. Aku arep ngomong matur nuwun yo, amarga kowe wis ngrewangi aku nyingkirake bayi iku. Sabenere aku iku arep menehake bayi iku menyang bapake nanging wis kowe jambret dhisik. Karman : Nuwun sewu, apa bener iki wong sing aku jambret? Lan aku oleh ngerti ing endi omah bapane, Mboten? Nanging dheweke malah ora entuk wangsulan saka wadon sing dheweke jambret wau Karman : Alah malah dipateni telpon ee, kepriye iki terusan? Karman banjur weruh nomer nomer sing ana ing hp iku. Karman : Jajal aku telpon maneh. Nanging pas nelpon wadon ayu wau nomere wis ora aktif maneh.
Karman : Wis lah, aku arep sms wadon wau, dheweke kudu menehi ngerti ing endi alamat omah bapake, ben bayine bisa dirawat karo bapakeā (karman ngomel ngomel sinambi ngetik lan dikirim ing wadon wau) Dheweke ngarep-arep muga-muga pesene diwales karo wadon ayu iku. Sawise pesene dikirim banjur wadon iku mbales pesene. Ibu bayi: Bapake iku wong paling kuwasa lan paling diwedeni ing tlatah iki, dadi aja menehake bayi iku ing bapake mengko bayine lan sampean bisa bakal disembelih! (dheweke maca pesen saka wadon wau) Karman : Alah aku ora wedi karo ancemane kang wigati bayine tekan menyang bapake. Dheweke ing ancam kaya iku ora wedi babar pisan, soale dheweke jambret, dadi dheweke ora wedi karo resiko apa wae. Banjur karman mikir. Karman : Nanging kang dadi masalah yaiku menawa aku nggawa tas iki ing pendhopo kabupaten, mesthi aku dicegat lan dipriksa karo petugas kaamanan. Karman : Piye yo iki..??? (mikir golek ide, ora suwe raine katon sumringah)
Karman : Aku nduwe ide, saiki aku kudu gowo tas iki menyang ngarep bank supaya dijambret wong liya. Heeeee.... Sip sip. ADEGAN 3 Karman langsung wae sepedha motore ing cedhak terminal, banjur numpak angkot sing bakal liwat ngarep kantor bank. Karman ngarep-arep ing angkot ana copet sing arep nyopet tas sing isine bayi kuwi, Karman ethok-ethok merem karya ngantuk sawise nyelehake tas sing isine bayi kuwi ing cedhak lawang angkot, supaya copet bisa gampang nyopet tas kuwi. Karman : huaaa... Kok aku nguantuk i ngopo yo, yoweslah turu dikek wae wes, bank e yo sek adoh. Bener wae pas angkot budhal udakara 100 meter saka terminal, copet sing sepatunan, dasinan lan topinan. mencolot mudhun karo nyangking tas sing isine bayi kuwi. Banjur mlayu mlebu gang desa. Karman nyawang copet kuwi karo mripat riyip-riyip lan tetep lungguh sendhen kaya ngantuk ing jero angkot. Sawise tekan ngarep kantor bank, angkot mandheg. Karman ethokethok kaget lan kandha marang sopir yen tas sing digawa mau ilang menawa dicopet.
Karman : Wadhuh tasku mau nang ngendi yo kok gak enek i, mosok yo nek ngono sing topinan mau sing nyopet tas. Supir : Nek nggawa tas kudune dipangku, aja diselehake. ( Sopir angkot ngomong sajak wegah ngrewes penumpange sing kecopetan). Karman : Ya wis, wis ora usah dirembug maneh, soale tasku ora ana apa-apane, kejaba isine klambi lan andhuk reged, (kandhane Karman sajak ora patiya susah kelangan tas). Mari kedadean kasebut Karman wes tobat agene dadi jamret maneh, lan nyoba golek panggawean kang apik, lan khalal.
KELOMPOK 1 DISUSUN DENING : 1. ALYA RAHMAH 2. ANANDA TIKA RISDIANTI 3. ANDRE PERDANA PALAWANG 4. RANGGA WAHYU FERDIAN SYAH 5. SARWO ENDAH PAKARTI