The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Teacher Binder Cover Pages

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by sintadewi.kusmasari, 2022-09-21 09:41:45

LUSAN

Teacher Binder Cover Pages

LUSAN

DENING : TRINILYA KINASIH

Esuk kuwi kabeh nglumpuk ing omahe Pak Subali, kabeh
katon sumringah. Dina iku anake Pak Subali sing mbarep,
anak wadon siji-sijine kang lagi rong minggu bali saka
Hongkong, diijabake. Neni, anake wadon Pak Subali kuwi
kawengku Priya kang wis dhudha anak siji, arane Rudi.
Rudi kuwi juragan brambang kang wis mapan uripe.

Metu saka kamar, Neni wis njelma dadi widadari dadakan.
Neni nganggo kebaya putih, jarite sida mukti, rambute
disanggul rinengga kembang mlathi, katon luwes lan
mangling.

“Mbak Asmi, aku ayu ora?” pitakone Neni.
“Ayu banget, dhik,” capture Asmi misanane iku.
Ijab kobul wis kaleksanan lancer tanpa alangan. Neni kang
wis sah dadi bojone Rudi diboyong menyang omahe Rudi ing
Desa kang adoh saka desane Pak Subali.
Sesasi sawise dadi manten, awake Neni kang maune seger
dadi kuru banget. Raine pucet lan mripate cowong awit lara-
laranen. Nyawang kahanane Neni, Pak Subali gage nemoni
Pak Muslih, dhukun langganane wiwit biyen.
“Pak Subali, manut prewanganku, ana kang ora pener ing
jejodhowane Neni iki.”
“Kirang penere manggen ing pundi, Pak?” pitakone Pak
Subali sumelang.
“Aku ora bisa weneh wangsulan. Ning, murih gamblange
panjenengan tlesih ngenani crita kawruhe mantu
panjenengan.”

Kanthi nyuwun pitulungane Pak Waji, tanggane kang kabeneran
duwe kanca tunggal desa karo Rudi, sore kuwi Pak Subali nampa
warta kang adoh saka pangirane.

“Waji apa bener critamu? Apa bisa dipercaya?” pitakone Pak
Subali marang Pak Waji.
“Kang Subali, banget kena dipercaya. Awit kang crita kuwi
kancane Rudi nalika ing Sumatra biyen. Malah dheweke dadi saksi
nalika Rudi ngrabi kenya Lampung.”
“Yen ngono, Neni iku bojo katelu. Ateges jejodhowane iku aran
lusan lan banget ora pener,” grenenge Pak Subali.

Dina kuwi uga Pak Subali nelpon Neni, ngejak supaya Rudi bali
menyang desa Asri.
“Rudi, ora ngira babar pisan yen kowe jebul dora ora sembada!
Mangertia Rudi, patrapmu kuwi padha karo sengaja arep mateni
anakku!”
“Pak kangge kula pati urip menika pesthine Gusti sanes awit
perkara jejodhowan,” wangsulane Rudi.

Pak Subali langsung nyandhak alu kang sumendhe ing tembok,
nuli diagag-agagake ana sirahe Rudi. Tujune kasil dipenggak Pak
Wiji. Kanggo keslametane Neni, kekarone kudu pegatan nadyan
isih padha tresnane.
Sore kuwi kahanane mendhung. Asmi dolan menyang omahe Pak
Subali ngeterke dhuwit arisan. Ing pawon katon Neni lagi
ngecekoh mangan duren. Raine katon luwih seger sawise
pegatan, nadyan kari sidhang sepisan meneh lagi tuntas lan resmi
nyandhang status randha.
“Waduh. Kok mendhunge saya peteng. Aku pamit mulih dhisik, ya,
Nen.”
“Iya, Mbak Asmi,” sumaure Neni lirih ora kaya nalika jagongan
mau.

Esuk kuwi omahe Pak Subali rame. Pak Subali lenger-lenger
dhewe. Panyawange kothong lan lambene katon pucet. Omahe
Pak Subali udan tangis amarga lagi slametan telung dinane Neni
kang manut dokter duwe lara kanker darah stadium telu. Ponsele
Pak Subali bola-bali muni nanging ora direwes. Bulik Sunami kang
rumangsa risi, gage nyaut ponsel ing sandhinge Pak Subali iku.
“Innalillahi wa inna illaihi roji’un”, mung kuwi kang kaucapake Bulik
Sunami sawise nampa telpon.

Senadyan kanthi gambling dokter wis aweh katrangan yen Neni
iku lara Leukimia utawa kanker darah, nanging kanggone wong
desa kono isih tetep percaya yen larane iku awit lusan. Amarga
Neni kang isih prawan iku rabi karo dhudha pindho ateges Neni
iku bojo katelu. Manut kapitayan ing desa kono, bab kuwi bakal
njalari nemu bilahi. Luwih-luwih nalika teka slametan telung
ndinane Neni, Rudi ya terus tinggal Donya dadakan tanpa jalaran.

LUSAN


Click to View FlipBook Version