BAHAN AJAR
CERITA CEKAK
(CERKAK)
KELAS XII
SMK NEGERI 2 PACITAN
Identitas Panyusun
SINTA DEWI KUSMASARI
SMK NEGERI 2 PACITAN
Kompetensi Dasar
Pengetahuan:
3.15Menganalisis (C4) karya fiksi dan
nonfiksi secara lisan dan tulis.
Keterampilan
4.15 Menunjukkan (P3) karya fiksi
(naskah drama, cerita pendek, karya
terjemahan).
TUJUAN PEMBELAJARAN
Pengetahuan:
3.15.1Mengonsepkan (C3) definisi cerita
pendek (cerkak) dengan benar.
3.15.2Menelaah (C4) struktur teks cerita
pendek (cerkak) dengan lengkap.
Keterampilan:
4.15.1 Menerapkan (P2) pembuatan teks
cerita pendek (cerkak) sesuai kaidah.
4.15.2 Mencoba/mengonversi (K3) teks
cerita pendek (cerkak) ke atau dari
bahasa yang berbeda dengan benar.
PETA KONSEP
UNSUR-UNSUR 1. Tema
INSTRINSIK CERKAK 2. Paraga
3. Pamaragan
4. Latar/Setting
5. ALur/Plot
6. Sudut Pandang/Point of view
7. Lelewaning Basa/ Gaya
Bahasa/Majas
8. Pepeling/ Amanat
MANGUN KONTEKS
1. SInten ingkang kemutan
ngrenani Cerkak?
2. Apa iku Cerkak?
CERITA CEKAK
Crita Cekak yaiku crita gancaran gagrak
anyar kang nyritakake perangan lelakon
kang dialami sawijine paraga kang
dawane kurang luwih antara 1 nganti 5
kaca.
Isine nyritakake gegambaraning urip ing
masyarakat lan ngandhut pitutur,
piweling, lan pasemon (kritik) tumrap
pamaos
STRUKTUR CERITA CEKAK
1.Orientasi nuduhake perangan crita cekak ing
kawitan crita. Ing perangan iki panulis nepungake
(ngenalake) para paraga, panggonan, lan wayah ing
sajrone crita cekak.
2.Komplikasi yaiku perangan crita cekak kang
nuduhake reruwet/prakara kang diadhepi dening
paraga utama ing sajrone crita cekak. Reruwet ing
crita cekak kawiwitan saka prakara cilik tumuju
prakara gedhe kang lumrahe diarani klimaks.
3.Resolusi yaiku perangan crita cekak kang
mujudake cara kang ditindakake dening paraga
kanggo ngudhari reruwet-reruwet kang diadhepi ing
perangan komplikasi. Ing perangan iki reruwete
prakara wiwit ana pangudhare.
4.Koda yaiku perangan crita cekak kang mujudake
panutupe crita kang arupa panintinge utawa
dudutan dening para pamaos.
TITIKANE TEKS NARATIF
CERKAK
Crita cekak yaiku crita gancaran kang ngandharake
sarining kadadean saka wiwitan nganti pungkasan
kanthi cekak wae. Crita cekak uga nyritakake
gegambaraning urip bebrayan kang ngandhut piwulang,
piweling, lan pasemon (kritik). Titikane crita cekak
kaya kang kasebut ing ngisor iki.
a.Awujud gancaran.
b.Critane ora dawa (critane langsung tamat).
c.Isine padhet.
d.Ukarane ringkes.
e.Basane mentes tur gampang dierteni.
f.Isine ngenani panguripan saben dina ing bebrayan.
g.Dawane crita kurang luwih 1-5 kaca (halaman).
h.Kawangun saka saperangan unsur-unsur intrinsik lan
ekstrinsik.
Salah sawijine titikan crita cekak kasebut yaiku unsur
intrinsik lan ekstrinsik. Unsur intrinsik mujudake unsur
kang mangun crita cekak saka jerone crita, dene unsur
ekstrinsik unsur kang mangun crita cekak saka jabane
crita (agama, ekonomi, sosial, pendhidhikan, lan
budaya). Ing perangan iki bakal kaandharake wujude
unsur intrinsik. Unsur intrinsik crita cekak bisa kadulu
ing ngisor iki.
UNSUR-UNSUR INSTRINSIK
TEKS CERKAK
a. Tema
Tema uga bisa diarani pokoke crita, yaiku lelandhesan utawa dhasare crita. Tema dadi
undheraning crita kang minangka bakuning gagasan. Tuladhane kayata, lingkungan,
kabudayan, lsp.
b. Paraga
Paraga mujudake pawongan kang dicritakake ing sajrone crita cekak. Adhedhasar
kalungguhane, paraga kaperang dadi loro, yaiku paraga utama lan paraga tambahan.
Kepriye pambeda ing kalorone bisa kawaca ing ngisor iki.
1)Paraga utama
Paraga utama yaiku paraga kang dianggep wigati, diutamakake gegambarane, ditampilake
terus-terusan kang ngebaki crita.
2) Paraga tambahan
Paraga tambahan yaiku paraga kang tampile mung pisan pindho kang kalungguhane ora
akeh.
c. Pamaragan/Penokohan
Pamaragan nuduhake sipat/watak saka paraga kang dicritakake ing crita cekak. Cara
kang digunakake pangripta kanggo nggambarake watake paraga, kayata (1) katrangan
langsung saka pangripta ing sajrone crita, (2) lumantar caturan antarparaga, (3)
adhedhasar kelakuan, tindak-tanduk, lan kedadean-kedadean sing dialami paraga, (4)
adhedhasar pikiran, perasaan, lan pepinginan para paragane, lan (5) kanthi gegambaran
fisik sing disandhang dening paraga. Jinise paraga adhedhasar watake kaperang dadi
papat, kaya ing ngisor iki.
1) Paraga protagonis
Paraga protagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak apik utawa becik.
2)Paraga antagonis
Paraga antagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak ala utawa durjana.
3)Paraga tritagonis
Paraga tritagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak panengah, ora mbela
paraga protagonis utawa antagonis.
4)Paraga figuran (pambiyantu)
Paraga figuran yaiku paraga kang sipate pambiyantu utawa kanthi ora langsung ana
gandheng cenenge karo konflik ing sajrone crita cekak.
d.Latar/Setting
Latar yaiku unsur intrinsik kang gegayutan karo papan panggonan, wayah, lan swasana
ing sajrone crita cekak. Papan panggonan nerangake ing ngendi wae kedadean-kedadean
ing crita kedaden. Wayah nerangake kapan kedadean-kedadean ing crita kasebut
dumadine. Ewadene swasana nerangake kaanan kang ana ing sajrone crita cekak kang
dianggit dening pangripta.
e.Alur/Plot
Alur uga bisa diarani dalane crita. Unsur iki mujudake reroncening kedadean kang ana
ing sajrone crita. Adhedhasar urutane wektu, alur kaperang dadi telu, yaiku (1) alur
maju, yaiku alur kang urutane crita saka kedadean kang wis kepungkur maju ing
kedadean saiki, (2) alur mundur, yaiku alur kang urutane crita saka kedadean saiki
mundur ing kedadean kang wis kepungkur, lan (3) alur campuran, yaiku alur kang
urutane crita gabungan antarane alur maju lan alur mundur.
f.Sudut Pandang/Point of View
Sudut pandang nuduhake carane pangripta nyritakake crita utawa kepriye kalungguhane
pangripta ing sajrone crita cekak sing diandharake. Sudut pandang kaperang dadi loro,
yaiku sudut pandang wong kapisan (utama purusa) lan wong katelu (pratama purusa).
Sudut pandang wong kapisan mujudake jejering pangripta minangka paraga utama ing
crita cekak, lumrahe nganggo tembung “aku”. Ewadene sudut pandang wong katelu
mujudake kalungguhane pangripta minangka wong katelu, tegese pangripta nggunakake
tembung sesulih wong katelu, kaya ta dheweke utawa langsung nyebutake jenenge paraga.
g.Lelewaning Basa/Gaya Bahasa/Majas
Lelewaning basa mujudake tetembungan kang digunakake dening panulis crita cekak
supaya nuwuhake kaendahan tumrap teks crita cekak kang ditulis. Apa wae jinis
lelewaning basa ing sajrone jagad kasusastran bisa kawaca ing andharan ngisor iki.
1)Lelewaning Basa Tetandhingan/Perbandingan
Lelewaning basa tetandhingan mujudake lelewaning basa kang nandhingake samubarang
kang sipat/wujude padha utawa meh padha. Dene pamerange lelewaning basa
tetandhingan, kayata hiperbola, metonimia, personifikasi, perumpamaan, metafora,
sinekdoke, alusi, simile, asosiasi, eufimisme, epitet, eponim, lan hipalase.
2)Lelewaning Basa Pasemon/Sindiran
Lelewaning basa pasemon mujudake lelewaning basa kang nggunakake tetembungan liya
kanthi maksud lan tujuwan nyemoni samubarang tartamtu. Dene pamerange lelewaning
basa pasemon, kayata sinisme, innuedo, melosis, sarkasme, satire, ironi, lan antifrasis.
3)Lelewaning Basa Penegasan/Perulangan/Purwakanthi
Lelewaning basa perulangan mujudake lelewaning basa kang ngrangkep/mengulang aksara
utawa wanda ing sajrone tembung, tembung ing sajrone ukara, apadene tembung sajrone
beda ukara. Dene pamerange lelewaning basa perulangan, kayata asonansi, aliterasi,
repetisi, paralelisme, antanaklasis, anafora, anadiplosis, mesodiplosis, epanalipsis, lan
epizeukis. Dene ing pasinaonan basa Jawa lelewaning basa perulangan iki kerep diarani
purwakanthi. Jinise purwakanthi kaperang dadi telu, yaiku purwakanthi guru swara,
purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi guru basa/lumaksita.
4)Lelewaning Basa Kosok Balen/Pertentangan
Lelewaning basa pertentangan mujudake lelewaning basa kang nggunakake tetembungan
kang beda karo kahanan nyatane. Dene pamerange lelewaning basa pertentangan, kayata
paradoks, antitesis, litotes, oksimoron, histeron prosteron, lan okupasi.
h. Pepeling/Amanat
Pepeling mujudake pesen kang diandharake pangripta marang pamaos saka crita cekak
kang diandharake. Amanat iki awujud ajaran moral utawa pendhidhikan.
Mangerteni teks crita cekak
1. Maca Crita Cekak kanthi Pocapan lan Intonasi kang Bener.
Wacanen kanthi titi crita cekak ing ngisor iki.
PETENG
Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh hamung wujud
panyuwune jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane manungsa nembe nggrantes, perih
utawa nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa apa dene tengen, kasuntak byah
bebasan megung ing bumi. Kosok baline kalamangsane pinaringan rejeki utawa kabungahan kang
mbanyu mili, wus jamake girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing kahanan alam donya
iki.
Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga ana kang
nggarisake. Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake dening kang hakarya jagat. Dhokter
umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma
kang wus tilar donya.
Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan kasunyatan anane Pangeran
kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT.
Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat belas taun. Ing
semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi kaantu-antu, mbesuk
kapan bisa mecah sepining atiku sakloron, aku lan bojoku. Setaun yen anane dina 365, wus bisa
kaetung sepira dawane dina-dinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing semono
taun iku, kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul
memantenan, amarga durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga
nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud
prahara bebasan katerak angin lesus.
Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab pasinaon kaya-kayane aku
lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala senadyan rampung rada sauntara, aku
kasil lulus kanthi titel sarjana S1. Apa maneh sisihanku luwih komplet, anggone klumpuk-klumpuk
kulakan titel, S1, akta IV, uga S2. Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel uga trengginas anggone
tumandang samubarange tansah cukat.
Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang awake dhewe, nanging ya rada mrina yen
diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora kabingungan menawa ngadhepi
urip. Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu matematika, yen loro tambah loro gunggunge
papat. Urip sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake, nora kena
katebak babagan pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing madya isih pinaringan
bungah, ing pungkasan bisa wae kadunungan nelangsa.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi nglakoni
critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening
dhokter positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh… makcles garinging
telak katetes banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake
kabungahan atiku sakloron.
”Harus istirahat total ya, bed rest…!” ngendikane dhokter, banget anggone wanti-wanti.
”Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter…” rebutan anggonku sumaur.
Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge bojoku. Emas gedhe kang
kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti tumekaning ngeremake netra.
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan karo
bakal anake,
”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin ketemu karo Pake Buke…?”
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake, manut. Pokoke manut
lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah
kapapah. Cekake samubarang kudu diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh kaluwarga ngesokake
sih katresnan.
Ngancik pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah cedhak pangantu-
antuning pepinginan momong anak bakal kelakon.
”Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi caesar wae ya, amarga
ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh, sing pengalamane wis akeh ya
Mas…,” panjaluke bojoku.
”Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut,” cekake sarwa iya, sarwa manut.
Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni dina-dinaku. Apa maneh
calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku wus padha katon bungahe, anggone
ngantu-antu jumedhule bakal wayahe.
Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal 25 Maret.
Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa
kaleksanan milih kawiwitan tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11 Maret.
Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong
minggu sepisan sanja priksa dhokter.
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik,
normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku
dakgugah saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggonku siap-siap, jam enem sida budhal
menyang ndhokteran. Jam pitu tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek
jantung.
Asile kabeh normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise perabot lapuran cek darah
karo jantung rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh nyranti rawuhe dhokter kandungan.
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan
mlebu kamar priksan.
”Selamat pagi dokter?” aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi, silakan! Besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa, 11?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter.”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,” dhoktere
ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan kandhungan.
Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise rata banjur ditutul-
tutul nganggo alate.
Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
”Lho kok tidak ada denyut jantung.” Dheg, mak jenggirat aku njumbul. Kringet adhem wiwit
tumetes.
Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, ”Bayinya meninggal”
Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet…
lelimengan.
Sumber: http://ersitahandayani.blogspot.co.id
Ing ngisor iki wujud patuladhane analisis tumrap tata rakite teks crita cekak
“Peteng”. Gatekna kanthi premati!
No. Tata Rakite Katrangan
1. Orientasi Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, . . . . . .
. Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa
jenenge aku ora weruh, sawise rata banjur
ditutul-tutul nganggo alate.
2. Komplikasi Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe
kaya mandheg. . . . . . . . “Bayinya meninggal.”
3. Resolusi Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite,
peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet…
lelimengan.
Wacanen kanthi titi tuladhane analisis unsur intrinsik teks crita cekak “Peteng”
ing ngisor iki.
No. Unsur Katrangan
Intrinsik
1. Tema Tema crita cekak “Peteng” yaiku bebrayan (keluarga).
2. Paraga Aku, bojoku, lan dhokter
3. Pamaragan Aku : sabar, pangerten
Bukti :
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku
kesondhang-kesandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip,
dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru,
sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut.
....................................................................................
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed
rest, dak estokake, manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang
kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon
anggone jumangkah kapapah.
Bojoku : penyayang
Bukti:
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi
ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan karo bakal anake,
No. Unsur Katrangan
Intrinsik
”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin
ketemu karo Pake Buke…?”
Dhokter : grapyak, sumeh, ramah
Bukti :
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan
wanci giliranku karo bojoku tinimbalan mlebu kamar priksan.
”Selamat pagi dokter?” aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi, silakan! Besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa,
11?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter.”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga
bagus. Ayo kita lihat di USG.”
4. Alur (plot) Alur Maju
Bukti :
Paraga aku anggone bebrayan wus nora kena kawastanan
saumur jagung, amarga wus 14 taun. Ing semono taun tangising
jabang bayi rina klawan wengi tansah diimpi-impi diantu-antu,
mbesuk kapan bisa mecah sepining atine paraga aku lan bojone.
14 taun wareg anggone paraga aku kesondhang-
sandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora
kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihane paraga aku katiti
dening dhokter positif ngandhut.
Wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone
konsultasi lan priksa menyang dhokter. Rong minggu sepisan
sanja priksa dokter. Tanggal 10 Maret, paraga aku lan bojone
menyang kedokteran saperlu priksa. Nalika bojone paraga aku
dipriksa, dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya
mandheg.
Doktere kandha yen ora ana denyut jantung kang bisa
dideteksi. Dheg, mak jenggirat paraga aku jumbul. Keringet
adhem wiwit tumetes.
Doktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane
dokter kandha yen bayine meninggal, glaarrr, dumadakan
peteng, peteng langite peteng panyawange paraga aku.
5. Setting/Latar a. Latar panggonan : Rumah Sakit
Bukti:
No. Unsur Katrangan
Intrinsik
Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone
konsultasi lan priksa menyang dhokter. Rong minggu sepisan
sanja priksa dhokter. Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa.
Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik,
normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena
diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,”
dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
b. Latar Swasana : Nrenyuhake
Bukti :
Dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban
ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut.
Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh…
makcles garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh…
mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake
kabungahan atiku sakloron.
c. Latar wektu : Esuk
Bukti :
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun
udakara jam papatan. Jam lima bojoku dakgugah saperlu
kareben cepak-cepak.
6. Sudut Wong kapisan, amarga tokoh utaman ana crita cekak uga
Pandang penulis crita cekak kanthi nggunakake tembung “aku”.
7. Lelewaning a. Hiperbola
Basa Bukti :
Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga
nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit
saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud
prahara bebasan katerak angin lesus.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg
anggonku kesondhang-kesandhung, niba-
No. Unsur Katrangan
Intrinsik
nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora
8 Amanat kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku
katiti dening dhokter positif ngandhut.
Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng
langite, peteng panyawangku, kabeh peteng
ndhedhet… lelimengan.
Kudu sabar anggone ngadhepi pacobaning urip.
Dadia wong kang ikhlas ing saben tumindak.