The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Chandra Kurniawati_2601419077_UAS Menulis Kreatif

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by chandrakurniawati112, 2021-07-19 04:25:41

Chandra Kurniawati_2601419077_UAS Menulis Kreatif

Chandra Kurniawati_2601419077_UAS Menulis Kreatif

i

ANTOLOGI KARYA SASTRA

CANDRANING
PANGURIPAN

:


ii

ATUR SAPALA

Kanthi ngaturaken puji syukur konjuk dhumateng Ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Agung, kula saged ngrampungaken tugas penyusunan buku
Antologi Karya Sastra „Candra‟ kanthi lancar lan tanpa alangan setunggal punapa.

Wedaling buku Antologi Karya Sastra „Candra‟ mugi dadossrana murih
mekaring karya sastra Jawi. Ing pangangkah reriptan adiluhung mugi tetep
ngrembaka lan lestari. Jalaran wiwit kina makina sampun tetela mukarabi
dhumateng bebrayan ageng.

Buku Antologi Karya Sastra „Candra‟ menika saestu migunani tumrap
tumangkaring kapribaden tuwin budi pekerti luhur. Kanthi mekateng karya sastra
Jawi lajeng tumangkar, ingkang saged mahanani jati dhiri bangsa sangsaya kukuh.

Mugya buku Antologi Karya Sastra „Candra‟ saged migunani kagem para
pamaos kangge nambah ilmu lan pangertosan bab wigatosipun upaya nguri-uri
karya-karya sastra Jawi.

Wonosobo, 5 Juli 2021

Chandra Kurniawati

iii

DAFTAR ISI

HALAMAN SAMPUL................................................................................. ii
ATUR SAPALA ..........................................................................................iii
GEGURITAN .............................................................................................. iv

Ati Kang Katutup .................................................................................... 1
Jati Dhiri.................................................................................................. 2
Kedanan Tresna....................................................................................... 3
Abote Panguripan.................................................................................... 4
Lungkrah ................................................................................................. 5
Tresna dadi Cuwa ................................................................................... 6
Pacoban ................................................................................................... 7
CRITA CEKAK (CERKAK) ...................................................................... 8
Dioyak Cempe ........................................................................................ 8
Munggah Gunung ................................................................................. 11
Kapusan................................................................................................. 13
PARIKAN ................................................................................................... 17
DRAMA ...................................................................................................... 18
Bagi-Bagi Takjil Gratis......................................................................... 18
Kahanan Nalika Pageblug..................................................................... 22
BIODATA PENULIS................................................................................. 28
EPILOG ...................................................................................................... 29

iv

GEGURITAN

Ati Kang Katutup
Dening : Chandra Kurniawati

Nalika ati wis kebacut
Janji manis dadi kecut
Beban ing pundhak tak sangga
Beban rakyat mbokselehna
Nalika sira seseneng ing ngisor candra
Rakyatmu nangis tanpa mbok rasa
Mripat melek nanging atimu merem
Laku lurus nanging pincang

Jarene wakil rakyat
Kok sing mbokwakili saya mlarat
Sirah krasa nyut-nyutan
Mikir janjimu sing ora trep karo kahanan
Dhuwit rakyat mbokpangan
Piye? Opo enak tenan?
Ing jaba rakyatmu panasan
Ing jero gedhong kowe turu sinambi mapan
Dhuh Pak pejabat
Bisaku mung sambat

Wonosobo, 31 Maret 2021

1

Jati Dhiri
Dening : Chandra Kurniawati

Ing awan srengenge katon sumunar
Ing bengi wulan katon sorote
Ati iki krasa sepi
Wira-wiri golek jatining dhiri
Ngulandara saben dina
Lara lan sengsara tetep katrima
Mripat melek sawang sinawang
Sikil lumaku maju bebarengan wektu
Senadyan awak lungkrah lesu
Nanging urip tetep lumaku
Tanpa sambat tanpa ngelu
Kanggo golek jati dhiriku

Wonosobo, 2 April 2021

2

Kedanan Tresna
Dening : Chandra Kurniawati

Nalika awak wis nemu tresna
Kalbu saya krasa lamur
Kekarep amung pingin katresnan
Marang wong wedok sing dadi pilihan
Maria, rai endah kebak sunare
Awak bening mancung irunge
Agawe tresnaku saya gedhe

Nanging Kangmas Sjahrir...
Landa wedok iku dudu duwekmu
Nanging mbokjupuk saka mitramu
Nalika wektu saya kepangan
Tresnamu wis pungkasan
Sira kepincut tresna liya
Krasa manis kaya gula
Gampang anggonmu malih
Saka ati sing lawas
Tresnamu saiki wis tatas

Wonosobo, 7 April 2021

3

Abote Panguripan
Dening : Chandra Kurniawati

Rodha panguripan dunya
Lumaku tanpa pungkasan
Ana kalane menungsa ing dhuwur
Ana kalane uga manungsa ing ngisor
Kaya kali kang mili deres
Urip katuntun manut miline banyu

Sawangen...
Awak-awak kang krasa lungkrah
Nyangga beban ing pundhak
Pirang-pirang crita krasa bungah
Rikala pangimpen krasa cedhak
Adus kringet badan nira
Merga kesorot panase surya
Banyu mata mili ing pipi
Ngrasakke abote urip iki
Lara, sara, dadi kanca saben lakuku
Laku kang bakal dadi saksi
Saksi nggayuh lintang panguripan iki

Wonosobo, 14 April 2021

4

Lungkrah
Dening : Chandra Kurniawati

Bapa...
Kekarepanmu ora kliru
Kepingin nata desa kanggo mangsa pangarep
Ananging apa kudu nglilakna anakmu?
Kang ragane gampang lungkrah lesu

Bapa, apa sira lali aku sapa?
Bocah cilik kang kudu bebakten marang wong tuwa
Nuruti apa sing dadi karepe
Nglakoni apa sing dadi panjaluke
Sanadyan awak lungkrah nyangga larane

Nanging Bapa...
Apa sira ora rasa?
Anakmu iki nandhang kelara
Apa sing dadi tanggung jawabku dak lalekna
Bapak sing polah, anak melu kepradah

Wonosobo, 13 Juni 2021

5

Tresna dadi Cuwa
Dening : Chandra Kurniawati

Mataun-taun
Tresna iki tuwuh ana ing kalbu
Dudu merga dhiri kang kapeksa
Dudu uga merga bandha dunya
Ananging merga tuluse prana

Tresnamu kaya padhange surya
Kang kebak sunar ing jumantara
Ngancani saben lakumu lan lakuku
Bebarengan ngayahi gegayuhan
Kanggo sangune panguripan
Ananging, yayi...
Ibarat guntur nalika riris
Kang kilate nyigar angkasa
Atiku krasa nora percaya
Krungu kasunyatan kang agawe cuwa
Apa kowe ora rasa?
Ing mburi kowe cidra
Mblenjani tresna sing tak jaga
Atimu mbok paro karo dhuhita liya
Dhuh, yayi... Tresnaku dadi cuwa

Wonosobo, 4 Juli 2021

6

Pacoban
Dening : Chandra Kurniawati

Pageblug saya mawa-mawa
Lampu sirine keprungu kene kana
Tangis kluwarga kang ditinggal lunga
Saya gawe larane rasa

Kapan tumekane dunya tentrem maneh?
Tentrem tanpa ana rasa kuwatir
Ati wis nora kuwat nandhang rudita
Nyawang dukaning bangsa

Dhuh Gusti...
Mugya duka lara dadi suka
Mugya sesek dadi jembar atine
Mugya tangis dadi sumringah
Mugya pacoban iki nemu wekase

Wonosobo, 18 Juli 2021

7

CRITA CEKAK (CERKAK)
Dioyak Cempe

Dening : Chandra Kurniawati

Devi, Nia, lan Sasongko yaiku bocah telu sing isih umur 10 tahunan lan
seduluran. Nia lan Sasongko kakang adhi, dene Devi yaiku anake Pakdhene Nia
lan Sasongko. Saben bada Idul Fitri cah telu iku mudhik menyang omahe simbah,
yaiku ing Klaten. Dina iki cah telu iku lagi ana ing omahe simbah.

“Eh cah, ayo mlaku-mlaku, tinimbang bingung arep ngopo neng kene.”
Devi ngajak Nia lan Sasongko.

“Ayo ngadhem ing gubug cilik pinggir lapangan kae.”
Cah telu iku mau banjur mlaku bareng menyang pinggir lapangan. Ing
lapangn kuwi akeh sapi lan wedhus sing padha diumbar ing lapangan kanthi
maksud kanggo mangani suket-suket sing wis dawa ing lapangan.
“Mbak tuku es teh karo mendoan enak ki, panas-panas ngombe es teh jan
seger tenan.” Omonge Sasongko sinambi leyeh-leyeh.
“Ya kana kowe tuku, aku titip ya hehe mengko tak wenehi upah.”
“Mbak Devi barang titip ya hehe..”
“Halah tukunen dhewe kana, kok penak men akon-akon aku.”
“Halah kowe ki pelit tenan lo.”
“Yawis ayo tuku bareng-bareng wae.”
Devi, Nia, lan Sasongko banjur mlaku golek angkringan sing cedhak
omahe pakdhene kanggo tuku es teh lan mendoan. Nanging, cah telu kuwi mau
wis mlaku adoh ora nemu-nemu angkringan sing buka. Banjur cah telu kuwi

8

mlaku menyang angkringane Mbah Mul. Jarene bapake Nia angkringane nggone
Mbah Mul buka.

Nalika Devi, Nia, lan Sasongko arep balik menyang gubuk pinggir
lapangan, ing tengah dalan cah telu kuwi ketemu karo cempe anakan wedhus
werna coklat. Cempe kuwi mau lagi mangan suket ing pinggir dalan. Sasate cah
usil, Nia ganggu cempe mau karo disenggol-senggol nganggo sikile. Nanging
cempe kuwi anteng wae lan tetep mangan suket. Nia durung puas, banjur dheweke
ngajaki ngomong cempe kuwi mau amarga dheweke mikir yen kewan ora bakal
mudheng omongane manungsa.

“Ayo rene yen wani, gelut karo aku.” Nia nantang gelut cempe kuwi mau.
Banjur cempene madhep ning ngarepe Nia karo ndelengke Nia.

Nia mulai krasa wedi yen cempene arep nyruduk dheweke. Nia mung bisa
anteng lan meneng. Devi lan Sasongko melu ngadeg anteng rada adoh ing
mburine Nia. Cempene wis mulai maju-maju nyedhaki Nia. Devi lan Sasongko
banjur mlayu golek papan kanggo dhelik amarga wedi yen dioyak cempe kuwi.
Nia ditinggal dhewe ing ngarepe cempe.

“Deviii... Sasongko... tulung aku, aku dioyak cempee..” Nia mlayu karo
bengok-bengok jaluk tulung. Dheweke wedi banget. Devi lan Sasongku isih
dhelik karo ngintip sitik deleng Nia dioyak cempe. Es teh sing lagi dicangking Nia
banjur dibuwang diuntalke ngono wae. Dheweke wis ora pedhuli karo es tehe
amarga wis wedi banget dioyak-oyak cempe.

Cempene mandhek ngoyak Nia banjur lunga mbalik ing panggonan mau
amarga Nia dhelik ing jero umahe wong. Nia banjur ditakoni marang wong sing
duwe umah kasebut.

“Ana apa ndhuk, kok ambegan mengkis-mengkis kaya ngono?”

“Nyuwun pangapunten budhe, kula nembe dipunoyak kaliyan cempe, kula
bingung badhe dhelik wonten pundi, dados kula mlebet mawon wonten
griyanipun budhe, nyuwun pangapunten sanget budhe.”

9

Devi lan Sasongko banjur metu saka buri sumur iku mau lan nemoni Nia.
“Piye? Penak ta dioyak-oyak cempe?” Sasongko takon marang Nia sing
isih deg-degan banget.
“Wis kapok aku, ora maneh-maneh ganggu cempe sing lagi mangan.”
“Hahaha.. La kowe ki ngawur, bisa-bisane ganggu cempe lagi ngelih, kaya
kowe yen lagi ngelih mesti ya nesu yen diganggu.” Omonge Devi ngguyoni Nia.
“Yawis ayo gek bali, mangan mendoane sing mau dituku, mengko kowe
tak kei es tehku.” Sasongko ngajak balik ing omah.
Cah telu kuwi mau banjur bali menyang omahe pakdhe lan crita marang
kluwargane yen Nia bar dioyak-oyak cempe.

10

Munggah Gunung
Dening : Chandra Kurniawati

Dina Jum‟at sawise rampung ujian, Poyeng lan kanca-kancane padha
jagongan ing ngarep kelas. Ing kono Poyeng ngajak kanca-kancane munggah
gunung prau kanggo refreshing utek sawise ujian.

“Cah, ayo sesuk Setu munggah gunung.” Poyeng ngomong marang kanca-
kancane sing lagi pada sibuk dhewe-dhewe.

“Ayo, itung-itung nyegerna utek.” Bayu nyemauri kanthi semangat banget.
“Gunung ngendi, Yeng?” Takone Febri.
“Enake ngendi ya? Sindoro dha kuat apa ora?” Fauzi melu nyemauri.
“Halah aja Sindoro ta, melas yen sing wadon arep padha melu.” Omonge
Poyeng.
“Yawis apa gunung Prau wae? Sing ora dhuwur-dhuwur banget, tur ora
adoh.” Febri menehi usul.
“Sarujuk, sing arep melu ngomong aku, ya.” Poyeng katon seneng banget.

Sesuke Poyeng lan kanca-kancane cah 12 sida munggah gunung Prau
bareng-bareng. Dheweke kabeh padha kumpul ing alun-alun kutha jam 1 awan.
Banjur jam 3 padha mangkat numpak mikro sing wis disewa menyang basecamp
gunung Prau. Dina iku langit katon mendhung lan grimis cilik.

Poyeng lan kanca-kancane tekan basecamp jam 5 sore amarga dalane rame
banget dadi mikrone ora bisa mlaku banter. Ing basecamp bocah-bocah padha
daftar dhisik marang penjagane lan nyiapke keperluan sing bakal digawa menyang
gunung. Jam 7 bengi Poyeng lan kanca-kanca mangkat munggah gunung.

“Sakdurunge dhewe mlaku, ana apike yen padha donga dhisik. Mangga
donga miturut kapercayan dhewe-dhewe. Donga mulai.”

“Donga, purna.”

Sakwise padha donga banjur dheweke kabeh mangkat munggah gunung.
Wengi iku dalan sing dinggo munggah gunung rada lunyu amarga mau bar udan.
Poyeng ngomong marang kanca-kancane supaya padha alon anggone mlaku lan

11

ora padha egois. Yen ana kancane sing ora kuat utawa sayah, kancane sing liya
kudu menehi pitulungan lan mandhek leren dhisik.

Jam 12 bengi Poyeng lan kanca-kancane wis tekan puncak. Suwe anggone
mlaku amarga mau kancane Poyeng, Nia njaluk mandhek sedhela amarga ora
kuat. Ing puncak dheweke kabeh padha ngadekake tenda kang wis digawa. Banjur
Poyeng lan kanca-kancane padha ngaso lan turu kanggo ngenteni isuk.

Ananging nalika wis isuk langit katon mendhung, surya ora katon sunare
katutup mendhung. Poyeng lan kanca-kancane kuciwa amarga ora bisa weruh
sunrise. Srengenge nembe wae katon sunare jam 7 isuk.

“Dhuh lha kok malah mendhung ngene iki.” Omonge Febri karo nyawang
langit mendhung.

“Iya, ora sida nonton sunrise iki.” Poyeng melu kuciwa.
Sawise padha sarapan, jam 9 isuk dheweke kabeh padha mudhun gunung.
Tekan basecamp Poyeng lan kanca-kancane padha kesayahen lan padha turu ing
basecamp sedhela. Jam 2 awan dheweke kabeh padha bali numpak mikro sing
wingi.
Senajan munggah gunung ora bisa weruh sunrise, nanging Poyeng lan
kanca-kancane seneng amarga kuwi bisa dadi pengalaman lan rasa kakluwargan
ing sajroning laku bakal marakke kangen munggah gunung bareng kanca-kanca.

12

Kapusan
Dening : Chandra Kurniawati

Pak Tono, sawijining lurah sing sugih bandha. Sanadyan sugih, nanging
Pak Tono dudu wong sing sombong. Dheweke seneng menehii pitulungan marang
sapadane nalika lagi susah. Dheweke uga tresna lan eman banget marang
kluwargane. Pak Tono duwe bojo sing senengane blanja ana ing online shop,
jenenge Bu Tumirah. Yen ana promo belanja sitik wae mesti Bu Tumirah
langsung kepengin tuku. Nanging nalika arep blanja barang ing toko online Bu
Tumirah mesti njaluk ijin marang Pak Tono sik. Yen ora diolehke dheweke mesti
nesu.

Ing sawijining dina, Bu Tumirah weruh ana promo rega tas sing lagi
diskon 70%. Dheweke langsung goleki Pak Tono.

“Pak, Bapak...” Bu Tumirah bengok bengok ing jero omah goleki Pak
Tono. Ana 15 menit Bu Tumirah goleki Pak Tono nanging dheweke ora nemoni
Pak Tono ing omah.

“Dhuh, Bapak ki tindak nyandi to, kok ora ana ning omah.” Bu Tumirah
kesel banjur lungguh ana ing kursi teras omah.

“Iki lho tase apik banget, lagi promo 70% lak ya jos tenan, ananging yen
ora cepet-cepet checkout mesti bakale langsung entek barange.” Bu Tumirah
ngomong-ngomong dhewe sinambi ndeleng hapene.

Yuli, anake siji-sijine Pak Tono karo Bu Tumirah metu seka omah merga
krungu ibune sing lagi ngomong-ngomong dhewe. Dheweke penasaran ibune lagi
ngapa ta kok ngomong-ngomong dhewe. Banjur Yuli takon marang ibune.

“Bune lagi ngapa ta? Kok awit mau ngendika-ngendika dhewe?”

13

“Iki lho, Yul. Ibu weruh ana tas apik banget lagi diskon 70%. Ibune pengin
tuku, ndhuk.” Wangsulane Bu Tumirah sinambi nudhuhake gambar tas ning
hapene.

“Masyaallah, Bu. Ndek wingi ibu kan wis tuku tas ta, tase ya durung tau
dianggo.”

“Tapi tas iki apik lho, ndhuk. Langka barang kaya ngene entuk diskon.”

“Lha apa toko online iku wis bisa dipercaya, Bu? Mengko yen Bune
kapusan piye?”

“Ibu wis pengalaman blanja online, ndhuk. Dadi ibu ramungkin kapusan.
Wis ibune arep masak sik, mengko yen bapakmu wis bali ngomong ibu, ya.” Bu
Tumirah banjur mlebu omah lan menyang dapur.

Jam 1 awan Pak Tono wis ana ing omah. Jebule dheweke bar saka kebon
panen tela. Pak Tono lungguh ana ing teras omah sinambi kipas-kipas nganggo
topine sing bar dinggo.

“Bu, Bune...” Jeluke Pak Tono marang bojone. Bu Tumirah banjur
langsung metu saka omah.

“Lho, bapak ki saka ngendi ta? Awit mau tak goleki kok ora ana?” Bu
Tumirah langsung ngeplak alon pundhake Pak Tono.

“Aku mau saka kebon, Bune. Aku panen tela merga wis padha awoh.”

“Lha kok ora pamit aku? Aku dadi bingung goleki Bapak.”

“Aku mau arep pamit nanging awakmu lagi blanja ning nggone Mbak
Parni.”

“Oalah ngono ta, Pak.”

“Iya, Bune. Lha ana apa ta kok kowe goleki aku?” Pitakone Pak Tono
marang Bu Tumirah.

14

“Sik, bar iki tak kei reti. Bapak arep ngunjuk apa?”
“Kopi wae.”

Banjur Bu Tumirah melbu omah maneh nggawekake unjukan kanggo Pak
Tono sik bar bali saka kebon. Sawise 5 menit Bu Tumirah nggawekake kopi, Bu
Tumirah metu omah nggawa kopi lan hapene kanggo nudhuhake gambar tas sik
arep dituku mau.

“Iki, Pak kopine.”
“Suwun, Bune. Dadi ana apa kok kowe nggoleki aku mau?”
“Iki lho, Pak. Ibu nemu tas sik lagi promo regane diskon 70%. Tase apik
kaya ngono ki, Pak.” Ngendikane Bu Tumirah marang Pak Tono kanthi semangat
sinambi nudhuhake gambar tas.
“Lho, masa tas apik kaya ngene diskon 70%. Aja-aja iki ngapusi, Bune.
Soale jaman saiki akeh wong dodolan sing ora tanggung jawab, seneng ngapusi.
Kudu ati-ati yen arep tuku barang ning toko online. Yen ora ati-ati bisa kapusan.”
“Ora, Pak. Bune ki wis pengalaman, dadi ora bakal kapusan.”
“Yawis sakkarepe Bune wae, sing penting Bapak wis ngandhani.”
“Berarti Bune oleh tuku tas iki ta, Pak?”
“Iya oleh, Bu.”

Sawise Pak Tono ngendika kaya ngono, Bu Tumirah ngguyu kesenengen
merga sida tuku tas apik kanthi rega sik murah. Pak Tono namung geleng-geleng
karo mesem ngematke bojone sing lagi seneng kuwi.

Sawise seminggu Bu Tumirah ngenteni pesenan, dina iki tase teka ing
ngomah. Ana kurir paket sik mandhek ing ngarep omahe Pak Tono. Bu Tumirah
banjur nyedhaki kurir mau kanggo njupuk paket pesenane dheweke. Bu Tumirah
langsung gawa pakete ing njero omah lan langsung dibuka.

15

“Wah akhire sawise aku nunggu seminggu pakete teka.” Ngendikane Bu
Tumirah kanthi sumringah.

Bu Tumirah banjur buka paket kuwi. Nanging, mak tratap atine Bu
Tumirah kaget campur ora percaya. Barang sing ana ing jero paket kuwi dudu tas
kaya sing dikarepke Bu Tumirah. Isine yaiku tas sekolah bocah SD sing gambare
boneka barbie werna jambon. Ing kono Bu Tumirah langsung lemes nyawang tas
kuwi. Tibane dheweke kapusan.

“Ndhuk, Pak. Reneya.” Bu Tumirah banjur jeluki bojone lan anake.
“Ana apa, Buk.”
“Ibu kapusan, tas sing dhek wingi ibu pesen jebul malah tekane tas kaya
ngene, barange beda karo sing neng gambar.” Bu Tumirah njelasne kanthi
pasuryan sedhih.
“Lha tenan ta, Bapak kan wis ngilingne, Bu, Yen arep tuku apa-apa ki aja
langsung percaya, didelok dhisik tokone kepiye, rating toko kuwi apik apa elak,
aja waton tuku. Dadine kaya ngene kan, kapusan.” Ngendikane Pak Tono Marang
Bu Tumirah.
“Iya, Pak. Ibu salah merga ora golek reti kepiye tokone. Sesuk-sesuk yen
ibu arep tuku barang online Ibu bakal luwih ati-ati maneh.”
“Yawis, Bu. Orapapa iki kanggo pengalamane Ibu nalika blanja online.”
Yuli ngomong marang Ibu sinambi ngelus-elus pundhake Bu Tumirah.

16

PARIKAN

1. Tuku nangka ana ing kutha
Banjur dipangan bareng si Uus
Jurusan Basa lan Sastra Jawa
Tuture sopan lan alus-alus

2. Es buah diselehi kweni
Dicampur karo banyu tebu
Sanajan kowe ra bisa tak duweni
Nanging aku tetep tresna sliramu

3. Mlaku-mlaku ngulon ngetan
Krungu paman lagi nyuling
Kamulyan bakal katekan
Nalika dhiri gelem prihatin

4. Mangan lemper karo ketan
Tiwas baper ora jadian

17

DRAMA

Irah-irahan : Bagi-Bagi Takjil Gratis

Paraga :

1. Wati
2. Nur
3. Anton
4. Rohman

Prolog :

Anton, Rohman, Wati, lan Nur yaiku kanca kang wis akrab saka cilik. Dheweke
kabeh saiki wis padha kuliah ing kampus impiane dhewe-dhewe. Anton lan
Rohman kuliah ana ing Jogja, dene Wati lan Nur kuliah ing Semarang. Saiki
Anton, Rohman, Wati, lan Nur lagi padha bali menyang kampung halamane
amarga kuliah wis arep prei nyedhaki dina bada.

BABAK 1

Sore iku Anton, Rohman, Wati, lan Nur lagi padha kumpul.

Wati : “Piye kabare cah? Wis suwi ya ora ketemu.”

Anton : “Alhamdulillah aku lagi mumet ngurusi skripsi iki haha.”

Rohman : “Walah kok kowe cepet banget wis mulai nyekripsi.”

Nur : “Iya kuwi Anton selak kepingin bojo palingan haha.”

Wati : “Wah apa bener, Ton?”
Anton
Nur : “Ora ngono cah, selak kepingin sukses ki lho haha.”
Rohman
: “Walah mantep tenan kuwi Ton.”

: “Ya muga-muga diwenehi kalancaran lan kagampangan
anggonmu garap skripsi ya.”

Wati lan Nur : “Aamiin.”

Anton : “Aamiin, nuwun cah.”

18

Wati : “Rohman karo Nur sehat ta?”
Rohman
Nur : “Alhamdulilah, sehat.”
Wati
: “Alhamdulillah aku ya sehat, Wat.”

: “Ya syukur yen padha sehat, aku melu seneng krungune. Eh kowe
kabeh padha buka kene wae ya, kala-kala.”

Wong papat kuwi mau banjur buka bareng ana ing omahe Wati.

BABAK 2

Wayah isuk Wati dolan menyang omahe Nur. Dheweke bosen amarga ing omah
dhewe.

Wati : “Assalamu‟alaikum, Nur.”

Nur : “Waalaikumsalam, Wat. Eh mlebu rene.”
Wati : “Iya, Nur.”

Nur : “Piye? Ana apa, Wat?”
Wati : “Ora ana apa-apa kok, Nur. Aku mung bosen ing omah dhewe,

dadi aku nyang omahmu. Ora ganggu ta aku?”
Nur : “Oalah iya. Ora ganggu kok.”

Wati : “Ya ngene iki yen kuliah lagi prei, bingung arep ngapa. Biasane
kan awake dhewe garap tugas ta.”

Nur : “Lha iya, saiki prei ya ora ana tugas.”
Wati : “Eh Nur, aku ana ide. Dhewe kan sesuk isih prei ta, piye nak

sesuk sore dhewe bagi-bagi takjil gratis ing cedhak pasar?”

Nur : “Wahh apik kuwi. Anton lan Rohman wis mbokajak durung?”
Wati : “Eh iya, Anton lan Rohman bisa ora ya kira-kira?”

Nur : “Coba kowe telfon Anton lan Rohman.”

Anton lan Rohman sarujuk marang idene Wati kanggo bagi-bagi takjil ing cedhak
pasar.

19

BABAK 3

Sesuke Wati, Nur, Rohman, lan Anton padha masak panganan sing arep digawe
kanggo takjil gratis.

Nur : “Wat, kowe karo aku bagian masak ya, mengko ben Anton lan
Rohman sing bungkusi panganane.”

Wati : “Iya, Nur.”

Nur : “Iki dhewe gawe apa wae ta?”

Wati : “Es buah karo mendoan, Nur.”

Nur : “Oalah iya. Yawis ayo gek ndang digawe.”

Sakbanjure kabeh mateng, Anton lan Rohman padha bungkusi panganane.

Wati : “Ton, Man, iki gek ndang dibungkusi.”

Rohman : “Iya rene.”

Anton : “Sik ya, aku tak gawe video tok-tok sedhela.”

Nur : “Halah kowe ki ngapa, Ton. Iki lho ndang dibungkusi.”

Wati : “Wektune wis saya mepet iki, wis meh sore.”

Rohman : “Uwis ayo kene bungkusi sik, Ton. Tok-tokane lanjut mengko
maneh.”

Anton : “Iya iya.”

BABAK 4

Ing antarane jam 5 Wati, Nur, Rohman, lan Anton wis padha siap.

Anton : “Wis siap kabeh iki?”

Rohman, Wati : “Wis.”

lan Nur : “Ayo, Wat. Kowe bonceng aku ya. Anton ben karo Nur.”
Rohman

20

Wati : “Iya ayo.”
Nur : “Eh sik-sik. Kreseke lali durung tak gawa.”
Anton : “Ya kana jupuk sik.”

Wong papat kuwi banjur mangkat ana ing cedhak pasar kanggo mbagekake takjil
gratis marang wong-wong sing padha lewat. Ana uga takjil kanggo wong-wong
sing nganggo motor.

21

Irah-irahan : Kahanan Nalika Pageblug
Paraga :

1. Fina
2. Suvy
3. Bapak-bapak sing dodolan tape
Prolog :
Fina lan Suvy yaiku kanca akrab banget sing wis kaya kakang adhi. Dheweke
kabeh kuliyah ing salah sijine Universitas ing Yogyakarta. Fina lan Suvy ngekos
bareng. Cah loro mau isih ana ing kos amarga ora bisa bali ing kampung
halamane. Minggu kepungkur, Fina lan Suvy wis arep bali menyang kampung,
ananging wis ora bisa amarga dalan antar kota wis ditutup kanggo program PPKM
(Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat) saka pemerintah. Gelem ora
gelem Fina lan Ika bali menyang kampung nunggu PPKM rampung, yaiku
seminggu maneh.

BABAK 1
Esuk iku Fina lan Ika arep masak, ananging beras lan kebutuhan liyane entek.
Fina : “Suv, iki beras karo bumbu-bumbu liyane kok wis entek ya?”
Suvy : “Apa iya? Tak kira berase isih cukup kanggo dina iki, jebul wis entek
ya.”
Fina : “Iya iki wis entek, ora cukup yen dinggo mangan dina iki.”
Suvy : “Ya wis, ayo bar iki metu golek blanjan.”
Fina : “Eh, nanging apa kowe ora kuwatir yen arep metu-metu ing kahanan

pageblug kaya saiki iki?”

22

Suvy : “Jane ya aku kuwatir, wedi yen ing njaba kana akeh virus sing nyebar,
apa maneh saiki jogja zona abang.”

Fina : “Lha iya, mulane iku.”
Suvy : “Nanging yen dhewe ora golek blanjan, dhewe ora bisa mangan, Fin.”
Fina : “Ya wis gelem ora gelem dhewe kudu gelem.”
Suvy : “Sing penting dhewe manut karo anjurane pemerintah kanggo nglakoni

protokol kesehatan nalika arep metu omah.”
Fina : “Iya bener, sing paling penting dhewe kudu nganggo masker.”
Suvy : “Ya wis, aku tak adus sik sedhela.”
Fina : “Iya.”

BABAK 2
Sawise Suvy adus, Fina wis siap nganggo masker lan jaket.
Suvy : “Lho Fin, kowe kok wis siap wae ta.”
Fina : “Iya no, aku ki ora kaya kowe sik yen arep lunga dandane sejam dhewe.”
Suvy : “Hehe ora ngono, Fin. Penampilan iku penting lho.”
Fina : “Iya iya sak karepmu, Suv. Wis kana gek ndang siap-siap.”
Suvy : “Inggih, ndoro. Hahaha...”
Fina : “Aja lali maskere.”
Suvy banjur siap-siap.
Fina : “Wis durung, Suv. Kok ya suwe banget kowe ki.”
Suvy : “Iya iku aku wis siap. Gari nganggo masker thok.”

23

Fina : “Oh iya, gawa handsanitaizer ya, kanggo jaga-jaga mengko sawise
dhewe blanja.”

Suvy : “Iya iki aku wis gawa.”

BABAK 3

Fina lan Suvy metu saka kos banjur mangkat blanja.

Ing dalan.
Suvy : “Wah iki dalane sepi tenan ya.”
Fina : “Iya, warung-warung barang padha tutup ki.”
Suvy : “Bakul-bakul cilik kaya angkringan barang ora dha dodol ya, padahal aku

pengin tuku mendoan.”
Fina : “Lha kan lagi mangsa PPKM kaya iki bakul-bakul cilik padha ora entuk

dodol.”
Suvy : “Yen kahanane kaya ngene kepiye ya nasibe bakul-bakul cilik kuwi? Siji-

sijine pagaweyan sing dadi sumber panguripan malah ora entuk dilakoni.”
Fina : “Wis mesti bakul-bakul cilik kuwi padha bingung kepiye carane tetep

bisa nguripi awake dhewe lan kluwargane.”
Suvy : “Nanging aku wingi krungu ning radhio yen rakyat-rakyat cilik padha

diwenehi bantuan sembako saka pemerintah.”
Fina : “Apa iya? Ya apik yen kaya ngono, tandhane pemerintah gemati marang

kahanane rakyate dhewe.”
Suvy : “Iya, Fin.”
Fina : ”Eh iki dhewe sidane arep blanja ning ndi? Toko sembako akeh ding

tutup ki.”

24

Suvy : “Sak anane toko wae wis.”
Fina : “Eh kae ana toserba sing buka, ayo rana wae.”
Suvy : “Ayo.”
Fina lan Suvy banjur blanja ing toserba kuwi.

BABAK 4
Sawise blanja, Fina lan Suvy mbalik menyang kos.
Ing dalan.
Fina : “Alhamdulillah wis entuk blanjan sing dhewe butuhke.”
Suvy : “Iya Alhamdulillah. Eh iki aja lali nganggo handsanitizere sik ben

tanganmu tetep resik.”
Fina : “Iya rene.”
Fina lan Suvy mandhek sedhela nganggo handsanitizer, banjur terus mlaku
maneh. Pas wis arep mlaku maneh, Suvy weruh ana bapak-bapak sing lagi
njagong ana ing pinggir dalan nggawa gendongan dagangan ing ngarepe.
Suvy : “Eh, Fin. Deloken kae, ana bapak-bapak sing lagi lenggah ana ing pinggir

dalan. Ketoke bapak kuwi lagi dodolan tapi durung ana sing tuku.”
Fina : “Lho iya kae, ayo parani pa?”
Suvy : “Ayo.”
Fina lan Suvy marani bapak-bapak kae mau.
Fina : “Nuwun sewu, Pak. Bapak saweg napa inggih dhateng ngriki?”
Bakul Tape : “Iki dhik, Bapak lagi dodolan tape, ananging awet mau durung

ana sing tuku.”

25

dodolan tape

Fina : “Lho menapa angsal dodolan wonten ing kahanan PPKM kados
menika, Pak?”

Bakul Tape : “Yen aku ora dodolan aku ora bisa menehi nafkah kanggo
kluwargaku dhik.”

Suvy : “Mekaten nggih, Pak?”

Bakul Tape : “Iya, dhik.”

Suvy : “Nggih pun, Pak. Sing penting Bapak tetep jaga kasarasan, nggih.
Tetep nglampahaken protokol kesehatan.”

Bakul Tape : “Iya, dhik. Wis mesti yen kuwi.”

Fina : “Nggih pun, Pak. Kula kaliya kanca kula badhe tumbas
tapenipun, Pak. 4 mawon.”

Bakul Tape : “Ooo iya, dhik. Sik ya tak bungkusne.”
Fina : “Inggih, Pak.”

Bakul Tape : “Iki, dhik tapene.”

Suvy : “Dados pinten, Pak?”

Bakul Tape : “12 ewu, dhik.”

Suvy ngetokake dhuwit 20an ewu. Jujule dikekke bapak-bapak kuwi mau. Sawise
kuwi Fina lan Suvy bali menyang kos.

BABAK 5
Tekan kos, Fina langsung ambruk ning kasur merga sayahen.
Fina : “Alhamdulillah tekan kos.”

26

Suvy : “Heh bocah iki, aja langsung turu neng kono, tangane karo sikile diwijiki
dhisik. Maskermu sing bar dinggo kuwi mbok buwang lho, aja dinggo
maneh.”

Fina : “Eh iya lali, maape ya, Suv. Hehehe...”
Suvy : “Wis ayo wijik sik.”
Fina : “Iya, Suv.”
Fina lan Suvy banjur masak kanggo sarapan merga mau isuk durung sida sarapan.

27

BIODATA PENULIS

Nama : Chandra Kurniawati
Alamat : Dusun Mayasari Rt. 02/Rw. 06, Siwuran, Garung,
Wonosobo
Papan/Tgl. Lahir : Wonosobo, 12 Januari 2001
Pekerjaan : Mahasiswa
Instansi : Universitas Negeri Semarang
No. Telp : 089508950739

28

EPILOG

Panguripan iki akeh pacoban maneka warna. Ana suka, ana uga duka.
Pacoban kang dilakoni marang manungsa sejatine saka Gusti Kang Maha Agung.
Panguripan iki ibarat rodha kang muter terus tanpa pungkasan. Ana mangsane
manungsa ing dhuwur, ana uga mangsane manungsa ing ngisor. Mula, dadi
manungsa kudu bisa prihatin ngadhepi lika-likune urip.

29


Click to View FlipBook Version