Buku iki judhule ‘GUNEMAN’ tegese omong-omongan. Buku kang isine pacelathon basa Jawa. Para kadang mudha jaman saiki isih ana kang ora bisa omongan nganggo basa Jawa kanthi bener, kadhang mudha lali karo unggah-ungguh basa Jawa, tembung-tembung basa Jawa kang dingerteni mung sithik, lan medhiya kanggo sinau pacelathon basa Jawa uga isih sithik.
Buku pacelathon basa Jawa ‘GUNEMAN’ digawe supaya kadang mudha bisa sinau ngomong nganggo basa Jawa kanthi bener miturut unggah-ungguh basa Jawa. Buku iki bisa diakses srana online, luwih gampang lan tanpa diwatesi wektu.