Bahan Ajar
PARIKAN
SMP Kelas VII/Semester Gasal
dening:
Retno Wulan, S.Pd
SMP Negeri 2 Saptosari
Identitas Bahan Ajar
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : VII (tujuh) / Gasal
Fase :D
Materi Pokok : Parikan
Alokasi Waktu : 4 JP (2x pertemuan)
Capaian Pembelajaran
Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan tertulis
untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif yaitu parikan.
Indikator
1. Menganalisis jenis-jenis parikan yang ada di dalam tembang Jangkring Genggong. (C4)
2. Menyimpulkan isi parikan yang ada di dalam teks pacelathon. (C5)
3. Membuat parikan dengan bahasa yang sederhana. (P3)
4. Mengritisi hasil penyajian menyimpulkan isi dari parikan teman. (P3)
Tujuan Pembelajaran
Melalui kegiatan pembelajaran dengan model PBL (Problem Based Learning), peserta didik
dapat:
Pertemuan 1
1. menganalisis jenis-jenis parikan yang ada di dalam tembang Jangkring Genggong
dengan teliti. (C4)
2. membuat parikan dengan bahasa yang sederhana dengan kreatif. (P3)
Pertemuan 2
3. menyimpulkan isi parikan yang ada di dalam teks pacelathon dengan
bertanggungjawab. (C5)
4. mengkritisi hasil penyajian menyimpulkan isi dari parikan teman dengan santun. (P3)
Untuk keperluan PPL 3 maka akan mempraktekan pertemuan 1
1|Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1
Pitedah Pasinaon
1. Para siswa dipundhawuhi nggarap pretest.
2. Rembagan mawi kelompok kangge pados cara anggenipun nggarap solusi saking
prekawis ing materi.
3. Para siswa ngandharaken asilipun pirembagan, kanthi nggarap gladhen ingkang
sampun samapta ing LKPD.
4. Siswa perwakilan kelompok ngandharaken asilipun diskusi LKPD wonten ing ngajeng
kelas, kelompok sanes suka pamanggih saha pamrayogi.
2|Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1
FASE 1 Identifikasi Masalah
Materi Faktual
Para siswa sumangga saged dipunsemak video youtube tembang “Turi-turi
Putih” mawi link ing ngandhap menika!
https://www.youtube.com/watch?v=JW02zsHV_Hk
Para siswa sumangga dipuntliti teks cakepan sekar Turi-turi Putih ingkang
ngewrat parikan ing ngandhap menika!
Turi-turi Putih
Turi-turi putih ditandur ning kebon agung
Cemleret tiba nyemplung
Mbok kira kembange apa
Mbok kira, mbok kira, mbok kira kembange apa
Kembang-kembang tebu
Kembang tebu cacahe pitu
Kang mituhu marang guru
Ben lakune ora kliru
3|Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1
Mbok kira, mbok kira, mbok kira kembange apa
Kembang kembang jambe
Kembang jambe dironce-ronce
Rungokno pituture
Men ra getun tembe mburine
Mbok kira, mbok kira, mbok kira kembange apa
FASE 2 Mengorganisasikan Peserta Didik
Materi Konseptual
Para siswa sumangga dipunsinau kanthi kelompok materi parikan ing
ngandhap menika kanthi premati!
Peta Konsep
Pangretosan
Parikan Paugeran Parikan
Jinis-jinis Parikan
Isi Parikan
4|Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1
Pangretosan Parikan
Parikan inggih menika unen-unen ingkang dumadi saking kalih ukara utawi
sekawan ukara ingkang migunakaken purwakanthi guru swara.
Paugeran Parikan
1. Menawi kedadosan saking kalih ukara, ukara ingkang kaping setunggal
dipunwastani purwaka, ukara kaping kalih dipunwastani wosipun
parikan.
2. Menawi kedadosan saking kalih gatra, dhawahipun swara gatra setunggal
saha gatra kalih kedah sami.
3. Menawi kedadosan saking sekawan gatra, gatra setunggal saha kalih
dipunwastani purwaka, salajengipun gatra kaping tiga saha sekawan
dipunwastani wosipun parikan.
4. Menawi kedadosan saking sekawan gatra, dhawahipun swara gatra
kaping setunggal sami kaliyan gatra kaping tiga, wondene dhawahipun
swara gatra kaping kalih sami kaliyan gatra sekawan.
Tuladha: Gatra 1
Manuk emprit, menclok godhong tebu Purwaka
Dadi murid, sing sregep sinau. Gatra 2
Wosipun
Jinis-jinis Parikan
Wonten kalih jinis parikan inggih menika:
No. Jinis Parikan Pangretosan
1 Parikan tunggal Parikan ingkang kedadosan saking kalih gatra
2 Parikan rangkep Parikan ingkang kedadosan saking sekawan gatra.
Adhedhasar gunggungipun wanda, parikan saged dipunperang kados ta wonten
ing ngandhap menika:
1. Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
Tuladha:
a. Milih jambu, apa jeruk.
Aku melu apa entuk.
5|Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1
b. Pitik blorok, manak siji.
Jare kapok, malah ndadi.
c. Wajik klethik, gula jawa.
Luwih becik, sing prasaja.
2. Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
Tuladha:
a. Bisa nggender, ora bisa ndemung.
Bisa jejer ora bisa nembung.
b. Bisa nggambang, ora bisa nyuling.
Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
c. Manuk emprit, mencok godhong tebu.
Dadi murid, sing sregep sinau
3. Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
Tuladha:
a. Timune, diiris-iris.
Gumune, ra uwis-uwis.
b. Sirahe, dianguk-anguk.
Senenge, yen wis kepethuk.
4. Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
Tuladha:
a. Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.
Isih murid, aja seneng keceh dhuwit.
b. Kembang menur, sinebar den awur-awur.
Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
c. Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong.
Yen wis condhong, tindakena gotong royong.
d. Tawon madu, ngisep sari kembang tebu.
Aja nesu, yen dituduhna luputmu.
e. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar.
Lamun sabar, bisa lejar sarta bingar.
5. Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
Tuladha:
a. Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.
6|Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1
FASE 3 Membimbing Penyelidikan
Materi Prosedural
Sasampunipun para siswa mangretosi titikan parikan saha jinis-jinis
parikan, wonten ing perangan menika sumangga saged dipunsinau bab
caranipun nganalisis jinis-jinis parikan saha cara nyerat parikan.
Caranipun nganalisis jinis-jinis parikan ing sekar
1. Nemtokaken sekar ingkang badhe dipun-analisis ingkang ngewrat parikan.
2. Cakepan sekar ingkang sampun kapilih dipunwaos kanthi premati,
mliginipun ing perangan purwakanthi guru swara ing pungkasanipun gatra.
3. Sasampunipun dipuntingali purwakanthi guru swara, dipunjumbuhaken
kaliyan paugeran parikan ngengingi gunggungipun gatra.
4. Gatra dipunetang gunggungipun, mlebet parikan tunggal menapa rangkep.
5. Kapanggihaken analisis parikan kanthi mendhet dudutan kalebet jinis
parikan ingkang pundi.
Tuladha nganalisis jinis parikan saking sekar Turi-turi Putih:
…………………………………………..
Kembang-kembang tebu
Kembang tebu cacahe pitu
Kang mituhu marang guru
Ben lakune ora kliru
Mbok kira, mbok kira, mbok kira kembange apa
………………………………………….
Manggihaken purwakanthi guru swara
Kembang-kembang tebu
Kembang tebu cacahe pitu kapanggihaken purwakanthi
Kang mituhu marang guru guru swara “u” ing pungkasan
gatra.
Ben lakune ora kliru
7|Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1
Manggihaken jinisipun parikan kanthi ngetang gunggungipun gatra
Kembang-kembang tebu Gatra 1 Purwaka
Kembang tebu cacahe pitu Gatra 2 Purwaka
Kang mituhu marang guru Gatra 3 Wosipun parikan
Ben lakune ora kliru Gatra 4 Wosipun parikan
Cakepan sekar menika wonten 4 gatra ateges parikan menika
kalebet parikan rangkep.
Caranipun Nyerat Parikan
1. Nemtokaken tema langkung rumiyin.
2. Nemtokaken jinis parikan ingkang badhe dipunserat.
3. Ingkang dipunserat ukara wosipun parikan rumiyin, sabibaripun nyerat
ukara ingkang purwaka supados langkung gampil.
4. Ngatosaken paugeran parikan kanthi ningali gunggungipun wanda supados
saged sami antawisipun gatra purwaka kaliyan gatra wosipun parikan, saha
dhapukanipun kedah minangka purwakanthi guru swara.
Kapethik saking: https://jv.wikipedia.org/wiki/Parikan
Nyerat parikan adhedhasar gambar ingkang cumawis ing ngandhap
menika.
Adhedhasar gambar ing nginggil nedahaken kawontenan peken ingkang wonten
kegiyatan doltinuku utawi tumbas saha sadean janganan. Pramila saged
dipunserat parikan kanthi jinis parikan tunggal inggih menika:
8|Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1
a. Abang-abang wernane tomat, Parikan tunggal mawi
Ayo kanca padha semangat. purwakanthi guru swara “a”
b. Tuku wortel ing pasar minggu, Parikan tunggal mawi
Dadi wong aja seneng ganggu. purwakanthi guru swara “u”
FASE 4 Mengembangkan dan menyajikan hasil karya
Materi Metakognitif
Para siswa sasampunipun maos saha mangretosi caranipun nyerat parikan,
sumangga saged dipuncakaken cara manggihaken isi/wosipun parikan
saking sekar “Turi-turi Putih” ingkang ngewrat parikan wonten ing
ngandhap menika!
Negesi Tetembungan
Para siswa anggenipun negesi tetembungan ingkang angel menika saged
ngginakaken kamus online kados ta ing ngandhap menika:
https://www.sa
stra.org/leksiko
n
https://budiart
o.id/bausastra/
9|Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1
Wondene tegesipun tetembungan saking cakepan sekar “Turi-turi Putih” ing
ngandhap menika:
No Cakepan sekar Tembung Tegesipun tembung
ingkang angel
Kembang-kembang mlathi
Sing dakpilih kembange mlathi Bekti bekti tegesipun pangabekti,
1. Ayo kanca padha bekti Pertiwi
Sungkem marang ibu pertiwi pangurmatan, sungkem
banget.
Pertiwi tegesipun bumi.
Kembang-kembang tebu rahayu rahayu tegesipun slamet.
2. Sing dakpilih kembange tebu
Ayo kanca sregep sinau
Yen kepingin urip rahayu
Ngandharaken wosipun parikan
Sasampunipun negesi tetembungan ingkang angel, wosipun parikan
sampun langkung ketingal saha gampil dipunmangretosi. Wondene asilipun
wosipun sekar “Turi-turi Putih” ingkang ngewrat parikan inggih menika:
1. Amargi manungsa gesang wonten ing alam donya inggih menika bumi,
pramila paraga ing sekar “Turi-turi Putih” ngajak dhateng kancanipun
supados ngurmati/ngajeni saha njagi tumrapipun kawontenanipun bumi
kanthi cara boten pareng ngrisak kaendahan alam ingkang sampun
dipunciptakaken dening Gusti Allah. Babagan kasebut nedahaken patrap
cinta tanah air.
2. Tiyang ingkang ngajak kancanipun kangge sregep anggenipun sinau
supados saged manggihaken gesang ingkang sakeca saha dipunajab slamet
saking reribed menapa kemawon.
10 | B a h a n A j a r P a r i k a n K e l a s V I I S e m e s t e r 1
FASE 5 Menganalisis dan Mengevaluasi
Pemecahan Masalah
Sasampunipun para siswa sinau bab parikan kanthi ndamel parikan, negesi
tetembungan ingkang angel, saha ngandharaken wosipun parikan. Samenika
saged dipunanalisis saha dipunevaluasi sedaya pirembagan ingkang sampun
kalampahan!
Bab menapa ingkang taksih angel dipunmangretosi nalika ndamel parikan
dumugi ngandharaken wosipun parikan?
1. Anggenipun ndamel parikan kedah laras kaliyan tema ingkang sampun
dipuntemtokaken.
2. Kedah nggatosaken paugeran gunggungipun wanda wonten ing perangan
purwaka saha wosipun parikan ingkang badhe kaserat.
3. Kedah telaten anggenipun madosi tetembungan ingkang angel saking bausastra
online supados saged ngandharaken wosipun parikan.
Dudutan dan Relevansi
Dudutan
1. Parikan inggih menika salah satunggaling karya sastra Jawi, kagolong puisi
Jawi tradhisional.
2. Parikan dumadi saking kalih perangan, gatra sepisan dipunwastani purwaka
saha gatra kaping kalih dipunwastani wosipun parikan.
3. Wonten kalih jinis parikan inggih menika parikan tunggal saha parikan
rangkep.
4. Wonten ing salebeting parikan saged dipunpendhet wosipun utawi makna
ingkang sinerat.
Relevansi
Parikan sejatosipun ngewrat pitutur luhur ingkang saged dipuncakaken wonten ing
padintenan. Pramila kawontenan parikan ing jaman samenika taksih lestantun malah
kepara dipunginakaken wonten ing salebetipun pentas utawi hiburan kados ta
wonten ing salebetipun stand up comedy utawi dagelan Jawi, perangan gara-gara
ringgit wacucal, dagelan kethoprak, saha dados tetembungan mutiara ingkang saged
nuwuhaken motivasi tumrapipun tiyang sanes.
11 | B a h a n A j a r P a r i k a n K e l a s V I I S e m e s t e r 1
Kapustakan
Legiyem, dkk. 2012. Mutyara Basa 3. Surakarta: PT Tiga Serangkai.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Groningen, Batavia: J.B. Wolters
Uitgevers Maatschappij.
Winarti, Sri.dkk. 2019.Kartika Basa.Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan
Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta.
Ardhillah, N. 2019.Penggunaan Metode Snowball Throwing dalam Pembelajaran
Menulis Pantun pada Siswa Kelas VII-D SMP An Nur Jakarta Tahun Pelajaran
2019/2020 (Bachelor's thesis, Jakarta: FITK UIN Syarif Hidayatullah Jakarta).
Saripah, Eneng. Penggunaan Model Pembelajaran Cooperative Think Pair And Share
Terhadap Keterampilan Menyimak Parikan Siswa Kelas Vii-3 Mts Al-Atiqiyah
Sukabumi Tahun Pelajaran 2018/2019. BS thesis. Jakarta: FITK UIN Syarif
Hidayatullah Jakarta.
https://files1.simpkb.id/guruberbagi/rpp/428138-1634371586.pdf
http://ezem-qzn.blogspot.com/2017/09/pengertian-parikan-dan-contoh-
parikan.html
https://jv.wikipedia.org/wiki/Parikan
https://www.sastra.org/leksikon
https://budiarto.id/bausastra/
12 | B a h a n A j a r P a r i k a n K e l a s V I I S e m e s t e r 1