The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahan Ajar Unggah-ungguh pitepangan kelas VII SMP

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by maretnowulan, 2022-11-24 04:53:07

Bahan Ajar Unggah-ungguh pitepangan kelas VII SMP

Bahan Ajar Unggah-ungguh pitepangan kelas VII SMP

BAHAN AJAR

UNGGAH-UNGGUH PITEPANGAN

kangge SMP Kelas VII Semester Gasal

Kaimpun dening:
RETNO WULAN, S.Pd

SMP NEGERI 2 SAPTOSARI
_Krambilsawit, Saptosari Gunungkidul_

1110 | P a g e

Mata Pelajaran Identitas Bahan Ajar
Kelas/Semester : Bahasa Jawa
Materi Pokok
Alokasi Waktu : VII/Gasal

: Unggah-ungguh pitepangan

: 4 x 40 Menit (2 x pertemuan)

KOMPETENSI INTI

1. KI 3: Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual,
konseptual, prosedural berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab
fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada
bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk
memecahkan masalah.

2. KI 4: Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah
abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah
secara mandiri, dan mampu menggunakan metode sesuai kaidah keilmuan.

KOMPETENSI DASAR

3.1 Menjelaskan unggah-ungguh Jawa untuk berkenalan, berpamitan,
tatakrama berjalan, bertegur sapa.

4.1 Mendemonstrasikan unggah-ungguh Jawa untuk berkenalan, berpamitan,
tatakrama berjalan, bertegur sapa.

INDIKATOR

3.1.1. Menganalisis penggunaan unggah-ungguh bahasa Jawa dalam teks
pacelathon untuk berkenalan. (C4)

3.1.2. Mengkritisi teks pacelathon untuk berkenalan karya teman. (C5)
4.1.1 Melengkapi kalimat rumpang untuk berkenalan sesuai unggah-ungguh

bahasa Jawa. (P3)
4.1.1 Membuat teks pacelathon untuk berkenalan sesuai unggah-ungguh

bahasa Jawa. (P3)
4.1.2 Mempraktikkan pacelathon untuk berkenalan sesuai unggah-ungguh

bahasa Jawa. (P3)

TUJUAN PEMBELAJARAN

Pertemuan 1
Melalui kegiatan pembelajaran dengan model PBL (Problem Based Learning),
peserta didik dapat:
1. menganalisis penggunaan unggah-ungguh bahasa Jawa dalam teks

pacelathon untuk berkenalan dengan teliti. (C4, HOTS)

1|Bahan Ajar Unggah-ungguh Pitepangan Kelas VII Semester 1

2. melengkapi kalimat rumpang untuk berkenalan sesuai unggah-ungguh
bahasa Jawa dengan bertanggungjawab. (P3, HOTS)

3. membuat teks pacelathon untuk berkenalan sesuai unggah-ungguh bahasa
Jawa dengan kreatif. (P3, HOTS)

Pertemuan 2
Melalui kegiatan pembelajaran dengan model PBL (Problem Based Learning),
peserta didik dapat:
1. mengkritisi teks pacelathon untuk berkenalan karya teman dengan santun.

(C5, HOTS)
2. mempraktikkan pacelathon untuk berkenalan sesuai unggah-ungguh

bahasa Jawa dengan percaya diri. (P3, HOTS)
Untuk keperluan PPL maka akan mempraktekkan pertemuan 1

PITEDAH PASINAON
1. Para siswa dipundhawuhi nggarap pretest.
2. Rembagan mawi kelompok kangge pados cara anggenipun nggarap solusi

saking prekawis ing materi.
3. Para siswa ngandharaken asilipun pirembagan, kanthi nggarap gladhen

ingkang sampun samapta ing LKPD.
4. Perwakilan kelompok ngandharaken asilipun diskusi LKPD wonten ing

ngajeng kelas, kelompok sanes suka pamanggih saha pamrayogi.
5. Para siswa dipundhawuhi nggarap posttest.

2|Bahan Ajar Unggah-ungguh Pitepangan Kelas VII Semester 1

Fase 1 Identifikasi Masalah

Materi Faktual
Para siswa sumangga dipunsemak video unggah-ungguh pitepangan ing
ngandhap menika kanthi premati!
https://www.youtube.com/watch?v=XirF4BeIgms

Para siswa sumangga dipuntliti teks pawicantenan unggah-ungguh
pitepangan ing ngandhap menika!

Taun Ajaran Anyar

Miwiti taun ajaran anyar jam pitu kurang selawe menit swasana ing ngarep
regol SMP 45 Bantul isih durung rame. Ora adoh saka regol ana siswa loro
mlaku nyedhaki regol. Sinambi mlaku bocah loro iku padha tetepungan.

Briantara : “Eh. Kowe kelas pitu apa?”

Pawening : “Aku kelas pitu A. Lha kowe kelas pitu apa?”

Briantara : “Padha aku ya kelas pitu A. Ditepungake jenengku
Briantara. Jenengmu sapa?”

Pawening : “Aku Pawening. Aku saka SD Bangunjiwa. Kowe saka SD
ngendi?”

Briantara : “Aku saka SD Bibis.”

Bocah loro marani ibu kepala sekolah kang wis jumeneng diampingi ibu guru

3|Bahan Ajar Unggah-ungguh Pitepangan Kelas VII Semester 1

lan bapak guru kanggo nyalami para siswa kang padha teka. Kadhangkala karo
mundhut pirsa marang siswa kang anyar. Pakulinan iki kanggo nguri-uri
budaya “3S” yaiku Senyum, Salam lan Sapa.

Kepala Sekolah : “Wah, sragam anyar iki siswa anyar, ya? Kelas pitu apa,
Mas?”

Briantara : “Kula kelas pitu A, Bu!”

Kepala Sekolah : “Sapa jenengmu, Mas?”

Briantara : “Ndherek nepangaken nama kula Briantara, Bu!”

Kepala Sekolah : “Ya. Kana enggal nggoleki kelase!”

Briantara : “Inggih, Bu. Matur nuwun. Pareng, Bu!”

Kepala Sekolah : “Iya-iya.”

Ibu guru : “Yen mbake iki kelas pitu apa ya?”

Pawening : “Kula kelas pitu A, Bu!”

Ibu guru : “Wah yen ngono sakelas karo mas Brian kae mau! Sapa
jenengmu mbak?”

Pawening : “Nama kula Pawening, Bu!”

Ibu guru : “Ya kana enggal tumuju kelas!”

Pawening : “Inggih Bu!”

Kapethik saking : Buku Kartika Basa Kelas VII, 2019

4|Bahan Ajar Unggah-ungguh Pitepangan Kelas VII Semester 1

Fase 2 Mengorganisasikan Peserta Didik

Materi Konseptual
Para siswa sumangga dipunsinau kanthi kelompok materi ing ngandhap

menika!

Peta Konsep

Unggah-ungguh Pitepangan

Unggah-ungguh
pagesangan

Unggah-ungguh
Basa

Basa Ngoko Basa Krama

Ngoko Lugu Ngoko Alus Krama Lugu Krama Alus

Pangretosan unggah-ungguh

Unggah-ungguh basa inggih menika tata pranataning basa miturut lenggahing
tatakrama. Tembung tatakrama kedadosan saking „tata‟ ingkang tegesipun sae
anggenipun ngecakaken, saha „krama‟ tegesipun pratingkah utawi patrap,
(Poerwadarminta, 1939). Unggah-ungguh basa kaperang dados kalih inggih menika
basa ngoko saha basa krama.

5|Bahan Ajar Unggah-ungguh Pitepangan Kelas VII Semester 1

Tataran unggah-ungguh basa

Basa Ngoko Ngoko lugu
Basa Krama Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus

 Ngoko Lugu Cak-cakanipun ngoko lugu Tuladha ngoko lugu

Wujud tembung 1. Dhateng sinten kemawon - Jenengmu sapa?
ingkang sampun kulina
Ngoko lugu ngginakaken - Omahmu ing ngendi?
tetembungan ngoko
sedaya. 2. Tiyang sepuh dhateng
putranipun.

3. Guru dhateng murid.

4. Bendara dhateng
rewangipun.

 Ngoko Alus Cak-cakanipun ngoko alus Tuladha ngoko alus

Wujud tembung 1. Sedherek sepuh dhateng - Aku mapan ing
sedherek enem ingkang wonosari, menawa
Ngoko alus ngginakaken langkung inggil drajatipun. ibuku pidalem ing
tetembungan ngoko saha Bantul.
kacampuran krama alus.
Yen kersa ayo
2. Priyayi dhateng priyayi pinarak ing omahku.
ingkang sampun kulina
migunakaken basa ngoko. -

 Krama Lugu

Wujud tembung Cak-cakanipun krama lugu Tuladha krama
lugu

Krama lugu ngginakaken 1. Lare dhateng tiyang sepuh. - Nama kula Ibnu.

tetembungan krama, ater-
ater saha panambangipun 2. Pawicantenan tiyang sepuh - Griya kula

ugi kedah ingkang sampun kulina. Tawarsari.

dipunkramakaken. 3. Dipunginakaken:

andharan, sarasehan,

khotbah.

6|Bahan Ajar Unggah-ungguh Pitepangan Kelas VII Semester 1

 Krama Alus Cak-cakanipun krama alus Tuladha krama
Wujud tembung alus

Krama alus ngginakaken 1. Putra dhateng tiyang - Panjenengan
sepuh. asmanipun
tetembungan krama sinten?

kacampuran krama inggil. 2. Murid dhateng Guru. - Menawi
dalemipun Bapak
3. Andhahan dhateng wonten ing pundi?

pangagengipun.

Pangretosan Unggah-ungguh Pitepangan

Pitepangan asalipun saking tembung “tepung” ingkang tegesipun wanuh utawi
ngertos, tepang. Adhedhasar andharan menika saged dipunpendhet dudutan bilih
tegesipun pitepangan inggih menika nepangaken utawi pitepangan. Salebetipun
sesrawungan ampun kesupen tansah ngginakaken unggah-ungguh supados kita
saged sesrawungan kanthi sae saha boten dados rerasanipun tiyang sanes. Pramila
tiyang ingkang dereng tepang badhe sami pitepangan kedah ngecakaken tatakrama
ingkang trep kaliyan unggah-ungguh basa.

Ancasipun Pitepangan

Pitepangan menika wigatos sanget amargi saged:
(1) nambah kanca enggal,
(2) nambah rumaket anggenipun sami kekancan saha pasedherekan,
(3) nambahi rukun pagesangan.

Para siswa sumangga dipungatosaken tuladha pitepangan wonten ing
ngandhap menika:

Kanca-kanca ditepungake jenengku
Abisheka Ganesha. Aku saka SD
Sendhangsari. Omahku ana ing Kamijara
Pajangan.

7|Bahan Ajar Unggah-ungguh Pitepangan Kelas VII Semester 1

Assalamualaikum,
Para siswa, ditepungake ibu guru kang
bakal ngasta basa Jawa. Ibu asmane Ibu
Miranda Ayusitha.
Ibu guru pidalem ana ing Perumahan
Guwasari Pajangan.

Ndherek nepangaken, nama Kinarya Laras
Martuti. Griya kula ing Perumahan Guwasari
blok wolu. Kula saking SD Bantul Timur.

Fase 3 Membimbing Penyelidikan penyelidikan individu dan
kelompok

Materi Prosedural
Para siswa sasampunipun mangretosi bab pangretosan unggah-ungguh
pitepangan, wonten ing perangan menika sumangga saged dipunsinau
cara nganalisis anggenipun ngginakaken unggah-ungguh basa Jawi
wonten ing teks pawicantenan saha cara damel teks pawicantenan
unggah-ungguh nalika pitepangan.

Cara nganalisis panganggening unggah-ungguh basa Jawi
wonten ing teks pawicantenan unggah-ungguh pitepangan

1. Kawaosa teks pawicantenan unggah-ungguh pitepangan kanthi premati.
2. Kapanggihna paraga wonten ing pawicantenan miturut yuswanipun

supados saged manggihaken cak-cakanipun undha-usuk basa Jawi.
3. Negesi tetembungan

Tetembungan ingkang angel dipunpadosi rumiyin supados langkung
gampil anggenipun mangretosi wosipun pawicantenan
4. Ngandharaken analisis unggah-ungguh pitepangan ingkang trep miturut
tataran tiyang ingkang rembagan saha mitra tuturipun.
8|Bahan Ajar Unggah-ungguh Pitepangan Kelas VII Semester 1

Tuladha nganalisis panganggening unggah-ungguh basa Jawi wonten ing
teks pawicantenan unggah-ungguh pitepangan.

Teks pawicantenan unggah-ungguh pitepangan
Taun Ajaran Anyar

Miwiti taun ajaran anyar jam pitu kurang selawe menit swasana ing ngarep
regol SMP 45 Bantul isih durung rame. Ora adoh saka regol ana siswa loro
mlaku nyedhaki regol. Sinambi mlaku bocah loro iku padha tetepungan.

Briantara : “Eh. Kowe kelas pitu apa?”

Pawening : “Aku kelas pitu A. Lha kowe kelas pitu apa?”

Briantara : “Padha aku ya kelas pitu A. Ditepungake jenengku
Briantara. Jenengmu sapa?”

Pawening : “Aku Pawening. Aku saka SD Bangunjiwa. Kowe saka SD
ngendi?”

Briantara : “Aku saka SD Bibis.”

Bocah loro marani ibu kepala sekolah kang wis jumeneng diampingi ibu guru
lan bapak guru kanggo nyalami para siswa kang padha teka. Kadhangkala karo
mundhut pirsa marang siswa kang anyar. Pakulinan iki kanggo nguri-uri
budaya “3S” yaiku Senyum, Salam lan Sapa.

Kepala Sekolah : “Wah, sragam anyar iki siswa anyar, ya? Kelas pitu apa,
Mas?”

Briantara : “Kula kelas pitu A, Bu!”

Kepala Sekolah : “Sapa jenengmu, Mas?”

Briantara : “Ndherek nepangaken nama kula Briantara, Bu!”

Kepala Sekolah : “Ya. Kana enggal nggoleki kelase!”

Briantara : “Inggih, Bu. Matur nuwun. Pareng, Bu!”

Kepala Sekolah : “Iya-iya.”

Ibu guru : “Yen mbake iki kelas pitu apa ya?”

Pawening : “Kula kelas pitu A, Bu!”

Ibu guru : “Wah yen ngono sakelas karo mas Brian kae mau! Sapa
jenengmu mbak?”

Pawening : “Nama kula Pawening, Bu!”

Ibu guru : “Ya kana enggal tumuju kelas!”

Pawening : “Inggih Bu!”

Kapethik saking : Buku Kartika Basa Kelas VII, 2019

9|Bahan Ajar Unggah-ungguh Pitepangan Kelas VII Semester 1

Negesi tetembungan

Para siswa saged pados tetembungan ingkang angel mawi kamus online
saking https://www.sastra.org/leksikon, kados ta wonten ing gambar
inggil tuladhanipun manggihaken tembung.

Ngandharaken analisis

No. Paraga Undha-usuk basa Jawi Analisis unggah-ungguh

pitepangan

1. Briantara Sababag/yuswanipun Sampun leres, ngginakaken
dhateng meh sami
Pawening basa ngoko lugu.
(Ngoko lugu)
Ukaranipun: “Padha aku ya

kelas pitu A. Ditepungake

jenengku Briantara.

Jenengmu sapa?”

Dados ngginakaken tembung

“jeneng” sanes “asma”.

2. Briantara Tiyang enem dhateng Sampun leres, ngginakaken
dhateng Kepala tiyang sepuh
sekolah (Krama lugu) basa krama lugu kangge

nepangaken piyambakipun

dhateng tiyang ingkang

langkung sepuh.

Ukaranipun: “Ndherek

nepangaken nama kula

Briantara, Bu!”

Dados ngginakaken tembung

“nama” sanes “jeneng” utawi

“asma”.

10 | B a h a n A j a r U n g g a h - u n g g u h P i t e p a n g a n K e l a s V I I S e m e s t e r 1

Cara damel teks pawicantenan unggah-ungguh pitepangan

1. Tema utawi topik pawicantenan kedah dipuntemtokaken.
2. Nemtokaken setting papan saha wekdal.
3. Nemtokaken paraga ingkang wonten ing pawicantenan.
4. Ngginakaken basa Jawi ingkang trep miturut unggah-ungguh basa Jawi.

a. Kangge pitepangan antawisipun lare kaliyan lare limrahipun
migunakaken basa ngoko lugu.
Tuladha: “Ditepungake jenengku Rista. Aku siswa kelas pitu D.”
“Jenengmu sapa?”

b. Kangge pitepangan dhateng tiyang ingkang langkung sepuh
ngginakaken basa krama.
Tuladha: “Ndherek nepangaken, nama kula Putri, griya kula Wonosari’”
“Asma Panjenengan sinten?”

c. Kangge tiyang sepuh dhateng lare migunakaken basa ngoko alus.
Tuladha: “Ditepungake, ibu guru iki asma Rahayu.”
“Ibu pidalem ing Bantul, menawa dek Rani ngendi?”

5. Ngginakaken ukara kandha mawi tandha petik (“……”) wonten ing
panyeratan pawicantenan.

6. Ngrembakakaken tema utawi topik dados teks pawicantenan ingkang
jangkep.

11 | B a h a n A j a r U n g g a h - u n g g u h P i t e p a n g a n K e l a s V I I S e m e s t e r 1

Fase 4. Mengembangkan dan menyajikan hasil karya

Materi Metakognitif
Para siswa sasampunipun maos saha mangretosi caranipun nganalisis
panganggening unggah-ungguh basa Jawi wonten ing pawicantenan saha
cara damel teks pawicantenan unggah-ungguh pitepangan, sumangga
dipuncakaken cara mraktikaken unggah-ungguh pitepangan!

Praktik pawicantenan unggah-ungguh pitepangan mawi 4W

1. Wicara : anggone pocapan kudu cetha, upamane bisa mbedakake /t/
karo /th/ utawa /d/ karo /dh/.

2. Wirama : Banter alone swara becik kalarasake karo isine pacelathon.
3. Wiraga : obahing badan lan polatan kudu luwes, prasaja lan ora katon

lamun digawe-gawe.
4. Wirasa : Penjiwaan, nalika pacelathon kudu dilarasake karo isining

sesorah umpamane: nesu, gumbira, sedhih, getun, lsp.

Kangge pandom praktik pawicantenan unggah-ungguh pitepangan ing
ngajeng kelas mawi 4W para siswa saged ningali video kanthi link:
https://youtu.be/kcGO5Y2T8LE
https://youtu.be/XirF4BeIgms

Fase 5 Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah

Wonten ing fase menika saged dipunanalisis saha dipunevaluasi
babagan pasinaon unggah-ungguh pitepangan!

Bab menapa ingkang taksih kangelan nalika nyinau materi menika?
1. Anggenipun damel teks pawicantenan kedah nggatosaken tataran unggah-

ungguh basa Jawi ingkang trep, kados ta sinten ingkang badhe dipunajak
wicantenan kedah migunakaken tataran basa ingkang pundi.
2. Anggenipun damel teks pawicantenan kedah jumbuh kaliyan tema ingkang
sampun dipuntemtokaken.
3. Anggenipun praktek pawicantenan kedah nggatosaken paugeran 4W (Wicara,
Wirama, Wirasa, Wiraga).

12 | B a h a n A j a r U n g g a h - u n g g u h P i t e p a n g a n K e l a s V I I S e m e s t e r 1

4. Anggenipun ngecakaken unggah-ungguh pitepangan kedah ngginakaken basa
Jawi ingkang sae saha leres.

Dudutan dan Relevansi

Dudutan

Dudutan saking pasinaon materi unggah-ungguh pitepangan inggih menika tiyang
gesang ing alam donya kedah tepang tiyang satunggal kaliyan sanesipun. Kaajab
kanthi pitepangan saged nambahi rumaketipun pasedherekan saengga saged
rukun gesangipun. Salebetipun sesrawungan ampun kesupen tansah
migunakaken unggah-ungguh ingkang trep laras kaliyan tataran unggah-ungguh
basa Jawi supados saged nemawi kabecikan, makaten saged damel sengsem saha
boten damel kuciwa tiyang ingkang dipunajak wicantenan.

Relevansi

Unggah-ungguh basa Jawi wonten ing kawontenan samenika taksih eksis saha
dipunlestantunaken kangge nuwuhaken watak siswa ingkang jangkep ing
tatakrama. Mliginipun unggah-ungguh pitepangan tansah dipungatosaken sanget,
nalikanipun tiyang badhe tepang kaliyan tiyang enggal ingkang kedah ngecakaken
undha usuk basa Jawi laras kaliyan tiyang ingkang dipunajak wicantenan.

13 | B a h a n A j a r U n g g a h - u n g g u h P i t e p a n g a n K e l a s V I I S e m e s t e r 1

Kapustakan

Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Bausastra Jawa. Batavia: J.B.Wolters, 1939.
Winarti, Sri,.dkk.2019.Kartika Basa Kelas VII.Yogyakarta: Dinas Pendidikan

Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta.
Rinaldi, I. M. (2020). Peningkatan Kemampuan Menulis Dialog Sederhana Sesuai

Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Dengan Menggunakan Metode Role Playing.
Jurnal Review Pendidikan Dasar: Jurnal Kajian Pendidikan dan Hasil
Penelitian, 6(2).
Wulandari, F. A. Daya Pangaribawane Media Video Pembelajaran Tumrap
Undhaking Kawasisan Unggah Ungguh Basa Jawa Siswa Kelas VII SMP
Negeri 1 Pucuk Lamongan Taun Ajaran 2012/2013 (Doctoral dissertation,
State University of Surabaya).
Wahyuni, A. T. (2021). Meningkatkan Kemampuan Siswa Menerapkan Unggah
Ungguh Basa dalam Pelajaran Bahasa Jawa Melalui Strategi Pemberian
Peran Pada Siswa SMPN 2 Mejayan Kabupaten Madiun. Jurnal Dieksis
ID, 1(2), 40-46.
https://journal.unesa.ac.id/index.php/PD/article/view/9349/4124
https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/3815
https://pusdig.my.id/dieksis/article/view/75/85
https://www.sastra.org/leksikon
https://youtu.be/kcGO5Y2T8LE
https://youtu.be/XirF4BeIgms

14 | B a h a n A j a r U n g g a h - u n g g u h P i t e p a n g a n K e l a s V I I S e m e s t e r 1


Click to View FlipBook Version