Bahan Ajar
Tembang Dolanan
kangge Kelas VII
dening:
Retno Wulan, S.Pd
SMP Negeri 2 Saptosari
BAHAN AJAR TEMBANG DOLANAN
Satuan Pendidikan : SMP N 2 SAPTOSARI
Kelas/Semester : VII/1
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Materi Pokok : Tembang Dolanan
Alokasi Waktu : 4 x 40 menit (2x Pertemuan)
Kompetensi Dasar
3.7. Menganalisis tembang dolanan
4.7. Melagukan tembang dolanan
Indikator Pencapaian
3.7.1. Menguraikan isi tembang dolanan Gundhul-gundhul Pacul dan Padhang
Bulan. (C4)
3.7.2. Menyimpulkan pesan moral yang terkandung dalam tembang dolanan
Gundhul-gundhul Pacul dan Padhang Bulan. (C5)
4.7.1. Melagukan tembang dolanan Gundhul-gundhul Pacul dan Padhang Bulan.
(P3)
4.7.2. Mengritisi penyajian kelompok lain berkaitan menyimpulkan pesan moral
yang terkandung dalam tembang dolanan Gundhul-gundhul Pacul dan
Padhang Bulan. (P5)
Tujuan
Pertemuan 1
Melalui kegiatan pembelajaran dengan model PBL (Problem Based Learning), peserta
didik dapat :
3.7.1. Menguraikan isi tembang dolanan Gundhul-gundhul Pacul dan Padhang
Bulan dengan teliti. (C4)
4.7.1.Melagukan tembang dolanan Gundhul-gundhul Pacul dan Padhang Bulan
dengan percaya diri. (P3)
Pertemuan 2
Melalui kegiatan pembelajaran dengan model PBL (Problem Based Learning), peserta
didik dapat :
3.7.2. Menyimpulkan pesan moral yang terkandung dalam tembang dolanan
Gundhul-gundhul Pacul dan Padhang Bulan dengan teliti. (C5)
4.7.2. Mengritisi penyajian kelompok lain berkaitan menyimpulkan pesan moral
yang terkandung dalam tembang dolanan Gundhul-gundhul Pacul dan
Padhang Bulan dengan santun. (P5)
Pitedah Pasinaon
1. Kawaosa kanthi premati materi parikan ing bahan ajar menika.
2. Kadamela ringkesan materi/gladhen ing LKPD saking andharan materi parikan
menika.
3. Para siswa nindakaken dhawuh guru gegayutan kaliyan tugas.
4. Para siswa ngandharaken pamanggih.
5. Para siswa suka panyaruwe saha pamrayogi
3|Bahan Ajar Tembang Dolanan Kelas VII
Fase 1. Identifikasi Masalah
Materi Faktual
Para siswa sumangga dipunsemak video tembang dolanan ing ngandhap
menika kanthi premati!
https://www.youtube.com/watch?v=NLiGaO3o-to
Sumangga dipunsetitekaken gambar wonten ing ngandhap menika!
Salajengipun, para siswa saged ngrantam pitakenan kangge mangretosi
materi tembang dolanan.
4|Bahan Ajar Tembang Dolanan Kelas VII
Fase 2. Mengorganisasikan Peserta Didik
Materi Konseptual
Para siswa sumangga dipunsinau kanthi klompok materi tembang dolanan ing
ngandhap menika!
Peta Konsep
Pangretosan
Tembang
Dolanan
Piwulang Tembang Wosipun
Moral Dolanan Tembang
Dolanan
Tembang Titikan
Tembang
Dolanan Dolanan
Pangretosan Tembang Dolanan
Tembang dolanan inggih menika jinisipun tembang reriptan gagrak enggal
ingkang boten ngginakaken paugeran guru gatra, guru lagu saha guru
wilangan. Tembang dolanan asring dipunsekaraken dening lare-lare,
mliginipun ing padesan, sinambi dolanan sesarengan kaliyan kanca-
kancanipun saha saged dipunsarengi kaliyan wiramaning gendhing.
Lumantar tembang dolanan, lare-lare dipuntepangaken bab sato kewan,
thethukulan, taneman, pasrawungan, lingkungan alam saha
sapanunggalanipun.
Kapethik saking: Buku Kartika Basa Kelas VII, kaca 86
5|Bahan Ajar Tembang Dolanan Kelas VII
Titikan Tembang Dolanan
Miturut Sarwono (1995:5), titikanipun tembang dolanan inggih menika:
a. Basanipun prasaja
b. Cengkok prasaja
c. Cacahipun gatra winates
d. Wosipun laras kaliyan kawontenanipun lare.
Tuladha Tembang Dolanan
Tuladha tembang dolanan inggih menika Suwe Ora Jamu, Gundhul-Gundhul Pacul,
Cublak-Cublak Suweng, Menthog-menthog, Gethuk, Kidang Talun, Padhang Bulan saha
sanesipun.
1. Gundhul-Gundhul Pacul
Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan,
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan,
Wakul ngglimpang, segane dadi sak latar,
Wakul ngglimpang, segone dadi sak latar
2. Cublak-cublak Suweng
Cublak-cublak suweng
Suwengé ting gelèntèr
Mambu ketundung gudhèl
Pak empo lirak-lirik
Sopo ngguyu ndelikaké
Sir sir pong delé kopong
Sir sir pong delé kopong
3. Padhang Bulan
Ya prakanca dolanan ing jaba
Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane ne wis ngawe awe
Ngelingake aja padha turu sore
6|Bahan Ajar Tembang Dolanan Kelas VII
4. Menthog-menthog
Menthok, menthok tak kandhani
Mung lakumu angisin isini
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
Enak enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok, menthok mung lakumu
Megal megol gawe guyu
5. Gethuk Sore-sore padhang bulan
6. Suwe Ora Jamu Ayo kanca padha dolanan
Rene, rene bebarengan
Rame-rame e, dha gegojegan
Kae, kae rembulane
Yen tak sawang kok ngawe-awe
Kaya, kaya ngilingake
Kanca kabeh aja padha turu sore
Gethuk asale saka tela
Mata ngantuk, iku tandane apa?
Ah alah gethuk asale saka tela
Yen 'ra pethuk atine rada gela
Aja ngono mas
Aja, aja ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gela
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela
Suwe ora jamu
Jamu sogo thunteng
Suwe ora ketemu
Temu pisan atine seneng
7|Bahan Ajar Tembang Dolanan Kelas VII
Fase 3. Membimbing Penyelidikan Individu dan Kelompok
Materi Prosedural
Sasampunipun para siswa mangretosi pangretosan, titikan saha tuladha
tembang dolanan, wonten ing perangan menika sumangga saged
dipunsinau tata cara nyekaraken tembang dolanan, tata cara ngandharaken
wosipun tembang dolanan saha mendhet piwulang moral saking tembang
dolanan.
Tata Cara Nyekaraken Tembang Dolanan
1. Nemtokaken tembang dolanan ingkang badhe dipunsekaraken.
2. Kawaosa cakepan tembang dolanan rumiyin.
3. Sawisipun kawaos dipunsinau titi larasipun tembang dolanan mawi maos
saking buku teks, ningali video menapadene sumber sanes.
4. Gladhen nyekaraken tembang dolanan mawi wirama ingkang trep.
5. Praktek nyekaraken tembang dolanan kanthi swanten ingkang sora saha
gumyak wonten ing sangajengipun kelas.
Tata Cara Ngandharaken Wosipun Tembang Dolanan
Caranipun ngandharaken tembang dolanan kedah nglampahi langkah-
langkah kados ta wonten ing ngandhap menika:
1. Kawaosa cakepan tembang dolanan kanthi tlaten.
2. Negesi tetembungan.
Tetembungan ingkang angel dipunpadosi rumiyin supados langkung
gampil anggenipun mangretosi wosipun tembang dolanan.
3. Ngandharaken wosipun tembang dolanan
Sasampunipun negesi tetembungan ingkang angel, salajengipun wosipun
tembang dolanan sampun langkung ketingal saha gampil
dipunandharaken.
8|Bahan Ajar Tembang Dolanan Kelas VII
Tata Cara Mendhet Piwulang Moral Tembang Dolanan
Cakepan tembang dolanan ngewrat piwulang moral ingkang dipunandharaken
kanthi sinandi dening panganggitipun. Piwulang moral menika saged
dipuncakaken wonten ing gesang padintenan supados tebih saking bab-bab
ingkang kirang sae, mliginipun kangge lare-lare ing jaman samenika.
Caranipun mendhet piwulang moral tembang dolanan kedah nglampahi langkah-
langkah kados ta wonten ing ngandhap menika:
1. Kawaosa cakepan tembang dolanan kanthi tlaten.
2. Negesi tetembungan.
Tetembungan ingkang angel dipunpadosi rumiyin supados langkung gampil
anggenipun mangretosi wosipun tembang dolanan.
4. Ngandharaken wosipun tembang dolanan
Sasampunipun negesi tetembungan ingkang angel, salajengipun wosipun
tembang dolanan sampun langkung ketingal saha gampil dipunandharaken
kanthi cara ngewahi ukara-ukara ing tembang ngginakaken ukara ingkang
dipunginakaken wonten ing padintenan supados gampil anggenipun
mangretosi wosipun tembang dolanan.
3. Manggihaken piwulang moral
Sasampunipun mendhet dudutan saking wosipun tembang dolanan sampun
saged dipunpanggihaken piwulang moralipun.
9|Bahan Ajar Tembang Dolanan Kelas VII
Fase 4. Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya
Materi Metakognitif
Para siswa sumangga dipuncakaken tata cara mendhet piwulang
moral saking tembang dolanan “Bang-bang Rahina”
1. Kawaosa cakepan tembang dolanan kanthi tlaten.
Bang-bang Rahina
Bang bang wis rahina bang bang wis rahina
Srengenge muncul muncul muncul
Sunar semburat cit cit cu wit rame
Cit cit cuwit cuwit cit cuwit rame
Swara ceh ocehan
Krengket great geret, krengket great geret,
Adus gebyar gebyur, segere kepati
Segere kepati kepati
Bingah bagas kuwarasan
2. Negesi tetembungan.
Para siswa anggenipun negesi tetembungan ingkang angel menika saged
ngginakaken kamus online kados ta ing ngandhap menika:
https://www.sa
stra.org/leksiko
n
10 | B a h a n A j a r T e m b a n g D o l a n a n K e l a s V I I
https://budiart
o.id/bausastra/
Wondene tegesipun tetembungan saking cakepan tembang “Bang-Bang Rahina”
ing ngandhap menika:
No Cakepan tembang dolanan Tembung Tegesipun tembung
ingkang angel
Bang bang wis rahina bang bang Bang-bang Bang-bang tegesipun abang-
1. wis rahina Rahina abang.
Srengenge muncul muncul Rahina tegesipun rina, awan.
muncul sunar Sunar tegesipun sorot.
Sunar semburat cit cit cu wit
rame
Cit cit cuwit cuwit cit cuwit rame semburat Semburat tegesipun
Swara ceh ocehan sumamburat.
3. Ngandharaken wosipun tembang dolanan
No Cakepan tembang dolanan Wosipun tembung dolanan
Bang bang wis rahina bang bang wis rahina Wanci enjang srengenge sampun katon
1. Srengenge muncul muncul muncul semburat werni abrit utawi abang, paring
Sunar semburat cit cit cu wit rame tandha bilih srengenge sampun badhe
Cit cit cuwit cuwit cit cuwit rame medal. Wonten ing wanci menika
Swara ceh ocehan kapireng swanten peksi oceh-ocehan.
Wanci tiyang badhe miwiti pakaryan.
4. Manggihaken piwulang moral
No Cakepan tembang dolanan Wosipun tembang Piwulang moral
dolanan tembang dolanan
Bang bang wis rahina bang bang Wanci enjang srengenge Wungu enjang
1. wis rahina sampun katon semburat menika kathah
Srengenge muncul muncul muncul werni abrit utawi abang, paedahipun tumrap
Sunar semburat cit cit cu wit rame paring tandha bilih kasarasan.
11 | B a h a n A j a r T e m b a n g D o l a n a n K e l a s V I I
Cit cit cuwit cuwit cit cuwit rame srengenge sampun Mangertosi
Swara ceh ocehan
badhe medal. Wonten kaendahan alam
Krengket great geret, krengket
great geret, ing wanci menika ingkang dipunripta
Adus gebyar gebyur, segere kepati
Segere kepati kepati kapireng swanten peksi dening Gusti Ingkang
Bingah bagas kuwarasan oceh-ocehan. Wanci Akarya Jagad.
tiyang badhe miwiti Tiyang ingkang
pakaryan. kepengin mulya
kedah purun rekaos.
Video Nyekaraken Tembang Dolanan
1. Gundhul-gundhul Pacul https://www.youtube.com/watch?v=IGfv54SfRjg
2. Padhang Bulan https://www.youtube.com/watch?v=H6jM9sf8_1E
Fase 5. Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah
Sasampunipun para siswa sinau bab tembang dolanan kanthi ngandharaken wosipun,
manggihaken piwulang moral saha nyekaraken tembang dolanan. Samenika saged
dipunanalisis saha dipunevaluasi sedaya pirembagan ingkang sampun kalampahan!
Bab menapa ingkang taksih angel dipunmangretosi nalika ngandharaken wosipun dumugi
nyekaraken tembang dolanan?
1. Anggenipun nyekaraken tembang dolanan kedah nggatosaken titi larasipun.
2. Kedah telaten anggenipun madosi tetembungan ingkang angel saking bausastra online
supados saged ngandharaken wosipun saha manggihaken piwulang moral saking
tembang dolanan.
12 | B a h a n A j a r T e m b a n g D o l a n a n K e l a s V I I
Dudutan dan Relevansi
Dudutan
1. Tembang dolanan inggih menika jinisipun tembang reriptan gagrak enggal
ingkang boten ngginakaken paugeran guru gatra, guru lagu saha guru
wilangan.
2. Tembang dolanan asring dipunsekaraken dening lare-lare, mliginipun ing
padesan sinambi dolanan.
3. Wonten ing salebeting tembang dolanan saged dipunpendhet wosipun
saha piwulang moral ingkang saged dipuntuladha kangge gesang ing
padintenan.
Relevansi
Tembang dolanan senajan basanipun prasaja ananging ngewrat piwulang
luhur ingkang saged dipuntuladha kangge gesang ing padintenan. Pramila
kawontenan tembang dolanan ing jaman samenika taksih lestantun
mliginipun kangge paraga seni ingkang asring nyekaraken tembang dolanan.
Kajawi makaten wonten ing pasinaon Basa Jawi ugi wonten materi tembang
dolanan saengga para siswa saged nyekaraken amrih lestantunipun perangan
kabudayan Jawi.
13 | B a h a n A j a r T e m b a n g D o l a n a n K e l a s V I I
Kapustakan
Winarti,Sri.,dkk. 2019. Kartika Basa Kelas VII. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan
Olahraga Derah Istimewa Yogyakarta.
Poerwadarminta, W.J.S., dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters
Uitgevers.
Jurnal Penelitian :
Fuadhiyah, U. (2011). Simbol dan Makna Kebangsaan dalam Lirik Lagu-Lagu Dolanan di
Jawa Tengah dan Implementasinya dalam Dunia Pendidikan. Lingua, 7(1).
Hidayah, A. (2017). Makna Budaya Lagu Dolanan: Dhondhong Apa Salak, Gundhul
Pacul. Jurnal Penelitian Humaniora, 18(1), 19-26.
Basuki, B. (2017). Analisis Budi Pekerti „Pendidikan Karakter‟dalam Lagu Dolanan
Anak. Jurnal Ilmiah Guru Caraka Olah Pikir Edukatif, 21(1).
Suyani (2012). Makna Filosofis Dalam Lagu-Lagu Dolanan Jawa: Kajian Serat Rarya
Saraya‟. Jantra, Vol.VII, No.2, 204-223.
Video youtube:
https://www.youtube.com/watch?v=NLiGaO3o-to
Sumber internet :
http://repository.um.ac.id/197298/
https://eprints.amikom.ac.id/6353/
http://194.59.165.171/index.php/KGU/article/view/191/136
Kamus online: https://www.sastra.org/leksikon
https://budiarto.id/busastra
14 | B a h a n A j a r T e m b a n g D o l a n a n K e l a s V I I
15 | B a h a n A j a r T e m b a n g D o l a n a n K e l a s V I I