The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

E-Book ini digunakan untuk penunjang pembelajaran siswa

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by arisdwijayanti23, 2022-08-31 12:29:25

E-Book "Teks Pawarta"

E-Book ini digunakan untuk penunjang pembelajaran siswa

ARIS DWI JAYANTI

BAB III

PAWARTA

Kelas VIII/1

KD & Indikator lan Ancas

3.3. Menelaah Teks Berita/Pawarta
3.3.1 Menganalisis isi teks berita/pawarta
(unsur 5W+1H)
4.3 Menulis berita dan membaca teknik
4.3.1 Menulis teks berita/pawarta
4.3.2 Membaca teks berita

Ancas Pasinaon Aspek Pengetahuan
1. Saka kegiatan maca teks pawarta

siswa bisa nganalisis isi teks (unsur

5W+1H) nganti bener2.
2.Sawise pasinaon rampung, siswa

mateni kipas yen ora digunakake

Ancas Pasinaon Aspek Keterampilan
1.Saka kegiatan maca teks pawarta,

siswa bisa nulis teks berita nganti bener
2.Saka kegiatan nyemak tuladha maca

pawarta, siswa bisa maca pawarta

Pandom Pasinaon Kanggo Para

Siswa

Sadurunge mlebu ing materi pasinaon,
luwih becik para siswa mangerti apa sing
kudu digatekake ing bab iki. Ing ngisor iki
bab-bab kang kudu digatekake para siswa:

1. Para siswa donga sadurunge miwiti
pasinaon.

2.Para siswa maca pandom pasinaon ing
materi iki. Gatekna kompetensi dasar,
indikator pencapaian kompetensi, lan
ancas pasinaone.

3.Para siswa bisa maca materine nganti
rampung, urut saka wiwitan nganti
pungkasan materi. Menawa anggone
sinau isih ana materi kang ora
dimangerteni, bisa nyuwun pirsa
marang guru.

Sugeng enjang, para siswa! Piye

kabare? Muga muga padha sehat.

Sadurunge miwiti pasinaon dina iki,

sumangga kita padha ndonga supaya

pasinaon dina iki bisa lancar lan

migunani tumrap kita. Para siswa,

dina iki kita arep sinau babagan Teks

Pawarta. Sadurunge sinau materi iki,

uwis padhe ngerti durung? Apa kuwi

teks pawarta? Yen durung ngerti, ayo


kita sinau bebarengan!

1.Tegese Pawarta
2.Ancas Pawarta
3.Wujudipun Pawarta
4.Unsur Pawarta
5.Titikane Pawarta
6.Perangane teks pawarta
7.Teknik Nulis Berita
8.Teknik Maca Berita

PAWARTA

Pawarta utawa berita yaiku laporan
kedadeyan utawa prastawa kang
narik kawigaten lan disiyarake
kanthi cepet lumantar tivi, internet,
lan media liyane. Sumber pawarta
yaiku asal-usule pakabaran utawa
laporan kedadeyan, bisa saka
manungsa, lan prastawa/peristiwa
kang dumadi wektu iku.

ANCAS

PAWARTA

Ancase menehi pawarta lumantar
radhio, tivi, lan media liyane yaiku
supaya pawarta, prastawa kang lagi
dumadi/aktual bisa cepet dingerteni
dening masyarakat, saengga
masyarakat kasebut tanggap marang
prastawa utawa kedadeyan mau.

Wujudipun

pawarta/berita:

1. Lisan: pawarta ingkang
dipunandharaken lumantar media
elektronik tuladhane televisi, radio,
you tube, lsp

2. Tulisan: pawarta ingkang
dipunandharaken lumantar media
cetak tuladhane koran, internet,
majalah, lsp

UNSUR PAWARTA

What (isinipun pranyatan saged jawab

pitakonan “apa): kedadeyan apa sing


diwartakake

When (isinipun nyebataken wekdal

kedadeyan prastawa) : kapan kedadeane

Where (isinipun deskripsi jangkep

babagan papan kedadosanipun) : Ing


ngendi kedadeane

Why (isinipun alasan utawi latar

belakang dumadine prastawa) : Genea


bisa kedadean kaya mangkana

How (isinipun babagan kepriye lumakune

crita prastawa) : Kepriye kedadeane

Titikane (ciri-ciri)

Teks Pawarta:




Menarik (gawe wong padha

kepencut/tertarik)

Terkini/aktual (anyar)

Nyata (bisa dipercaya/ana

dhasare)

Cetha lan jelas

Ukurane cekak (sederhana)

Perangane Pawarta




1.Headline (judul/irah-irahan): Headline yaiku

irah-irahakan kang gunane kanggo

nggampangake pamaca ngerteni pawarta kang

bakal diwaca

2.Deadline (larik/tanggal): Tujuan dataline yaiku

kanggo nudhukahe papan kedadeyan lan

jeneng media massa (nyebut jeneng media

massa, papan, lan tanggal kedadeyan)

3.Lead (Teras pawarta): Lead biasane katulis ana

ing wiwitan pawarta ing paragraf kapisan. Bab

menika ditulis minangka perangan kang wigati

saka pawarta. Kang nemtokake saripati

pawarta, lan nggambarake sakabehane

pawarta

4.Body (tubuh/surasane pawarta): Surasane

nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi

basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi

mangkana body minangka pengembange

pawarta

Dene nulis pawarta kudu ana

tahapan-tahapan, yaiku:

1.Nglumpukake fakta utawa data. Data
bisa awujudu wawancara, kedadeyan
langsung, utawa data-data tulis

2.Nemtokake teras berita (lead)
3.Milih tembung-tembung kang jumbuh

karo pawarta, nggunakake alur kang
runtut aja molak-malik supaya ora
mbingungake pamiyarsa

Maca pawarta



Maca pawarta uga diarani maca
teknik. Maca teknik yaiku maca kanthi

pocapan kang cetha, bisa keprungu
endah lan cetha dening wong liya.
Supaya bisa maca teknik, gathekna
babagan-babagan ing ngisor iki!

1.Pocapan utawa lafal kudu cetha
antarane vokal lan konsonan

2.Intonasi, nada, lan tekanan kang
trep

3.Pamedhote frasa kang trep
4.Ngerteni tandha wacan kanthi trep
5.Swara kang cetha
6.Ekspresi kang trep
7.Percaya diri

MATUR NUWUN


Click to View FlipBook Version