MEDIA PEMBELAJARAN CERITA WAYANG (JATAYU GUGUR) Karya Nurlaeli, S.Pd.
Identitas Sekolah Sekolah: SMPN 2 BULAKAMBA Tahun Pelajaran: 2022/2023 Kelas : VIII Materi : Cerita Wayang Semester : Genap
Ingkang Badhe kagayuhan ing pasinaon Kompetensi Dasar 3.2 Memahami isi teks cerita Ramayana (Resi Jatayu) Indikator 3.2.1 Menelaah unsur intrinsik cerita Ramayana (Peksi Jathayu) 3.2.2 Membuat ringkasan cerita wayang Ramayana (peksi Jathayu) menggunakan bahasa sendiri
melalui model pembelajaran Problem Based Learning , setelah menyimak flipbook cerita wayang Ramayana (Peksi Jathayu) , peserta didik mampu menelaah uunsur intrinsik cerita Ramayana (Peksi Jathayu) melalui model pembelajaran Problem Based Learning , setelah menyimak flipbook cerita wayang Ramayana (Peksi Jathayu) , peserta didik mampu membuat ringkasan sinopsicerita wayang Ramayana (Peksi Jathayu) Tujuan Pembelajaran 1. 2.
1.Sapa sing nate maca cerita wayang? 2. Cerita wayang apa sing tau kok waca? sadurunge mbahas cerita wayang, Yuk dipahami apa bae kang kalebu unsur intrinsik
Tema yaiku gagasan ide utawa underan pokok sing dibahas sajerone cerita wayang. Setting yaiku latar sing nyengkuyung lumakune cerita wayang. Setting ana 3, yaiku setting wayah, setting papan lan setting swasana. Sudut pandang / punjering cerita / cara pamawas. Unsur iki nuduhake papane panulis ing jerone cerita Tokoh penokohan / paraga lan watak. Paraga yaiku tokoh pelaku sajeroning cerita wayang, dene watak yaiku sifat sing diduweni paraga. Amanat/ Piwulang/ Pitutur Amanat yaiku piwulang utawa pitutur sing ana sajeroning cerita wayang. unsur Intrinsik cerita wayang Yaiku unsur kang ana ing sjaroning crita
Wujudipun peksi garuda, upami jejer manungsa Jathayu punika sami kaliyan satriya kang gagah pideksa, solah tingkahipun merbawani dhasar ugi gadhah watak satriyatama. Pramila sinaosa tinitah peksi, Jathayu kawisuda dados rajaning peksi. JATHAYU GUGUR Kapethik kanthi kabesut ska Cariyos Ayu SIta lan Bagus Rama
Nalika sumerep putranipun mitranipun dipuncidra Rahwana, Jathayu enggal tumandang damel, mitulungi Dewi Sinta. Krodanipun Jathayu lir bantheng ketaton.
Nanging eman, pambudidayanipun peksi Jathayu menika muspra. Jathayu kalindih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Swiwinipun katigas, sengkleh tugel. Rahwana dereng marem manahipun milara Sang Peksi, Jathayu katendang medal saking kreta . Angganipun dhawah kumleyang ndepani siti, klebekan
Lampahipun kretanipun Rahwana sasat bayu sumiyut nggondhol Dewi Sinta. Sinta mboten owal saking regemaning Rahwana. sinaosa Dewi Sinta mbudidaya nglawan Rahwana nangimg muspra. Rahwana puguh nyengkerem Dewi Sinta. Swanten pamuwunipun Sinta, kapireng nrenyuhake.
Sinten kemawon tumut sedhih .Prasasat kewan-kewan wana , witwitan, tetuwuhan, lan rerumputan kemawon tumut welas asih. Redi-redi mendel mbegeg, tanpa wicara. Angin mboten lumampah. Angkasa timbreng nglemeng nggameng, katutup mega mendhung . Jagad nandang sungkawa. Kejawi satunggal tiyang ingkang mboten gadhah raos welas asih, inggih punika Rahwana. wontenipun namung hawa nepsu lan watak angkara murka.
Dewi Sinta kabekta dhateng negari Alegka . Sinta dipunpameri sawernaning kaendhahaning kraton Alengka. Mas inten barleyan reregganing wanodya dipunsok ngajengipun Dewi Sinta . Nanging Dewi Sinta boten gumun. Dewi Sinta tansah kengetan ingkang garwa , Raden Rama. Dasamuka inggih Rahwana muntab, ngincim menawi dewi Sinta boten teluk badhe dipunpejahi.
Ing tengahing wana , Raden Rama lan Lesmana rayinipun wangsul nglenthung boten angsal damel. wonten ing margi tumuju dhateng pondhokan kekalihipun manggihi rerenggan ingkang dipunengge dening Dewi Sinta, kados anting-anting, gelang, cundhuk mentul, sedaya pating cecer. Dugi dhateng pondhokan suwung, ingkang garwa boten wonten. Sakalangkung Raden Rama muntab mboten kantenan. piyambakipun menthang gendewa, isinipun jagad nedya kasirnakaken. Enggal-enggal Lesmana ngengetaken, bilih tumindakipun ingkang raka boten prayogi.
Rikala manahipun Raden Rama sampun lerem, kapireng wonten swanten sambat-sambat nyuwun pitulungan. Raden Rama kaliyan Lesmana age-age tumuju dhateng sumbering swanten. mboten tebih anggenipun mlampah, katingal wonten Peksi Jathayu njrebabah tanpa daya nandang tatu, napasipun megap-megap badhe oncat saking raga. Saderengipun koncatan nyawa , Peksi Jathayu paring pitedhah bilih ingkang nyidra Dewi Sinta puniku Rahwana . Nembe sakecap anggenipun matur, Jathayu tiwas, gugur nuhoni darmanipun mitra. Wonten swanten ngumandhang ing angkasa, sarta keluk kang nuduhake eneripun papanipun Rahwana ya Raja Alengka. Swanten sarta keluk menika saking jisimipun Peksi Jathayu sasampunipun kapulasara.
Cuthel
Glosarium Bayu : angin Dhawah : tiba Dipunpejahi : dipateni Dipuntatoni :dilarani Garwa : bojo Gendewa : panah Kapireng : keprungu Kapulasara : dianiaya Lampahipun : mlakune Manah : ati Manggihi : nemu Medal : metu Mitra : Kanca Muspra : ora kasil/gagal Owal : ucul Pamuwunipun : tangisane Peksi : Manuk Pitedhah : petunjuk Raka : kakang Redi : gunung Regemaning : genggemane Siti : lemah Swanten : swara Swanten : swara Tebih ; adoh Tumut : melu Wana : alas Wanodya : wadon
Ayo tetep tumuju menyang kelompoke dhewe-dhewe! GLADHEN I: Saben kelompok kasuwun madosi unsur intrinsik sajroning crita wayang Ramayan Jathayu Gurgur!
Ayo tetep tumuju menyang kelompoke dhewe-dhewe! GLADHEN 2: Saben kelompok kasuwun nyerat ringkesan crita wayang Jathayu Gugur, paling sithik 2 paragraf!
Ayo saben anggota padha diskusi amrih jawaban kelompokmu bener kabeh!
Saben kelompok maju maparake asiling dhiskusi ing ngarepkelas! Saben kelompok suka pamanggih lan panyaruwe!
REFLEKSI apa kang wis kok sinauni? apa wae kabisanmu sawise sinau materi iki? apa kang kok senengi nalika sinau materi iki? apa kang ora kok sennegi nalika maca cerita iki? perangan endi kang durung kok mangerteni ngenani materi iki? Sawise siswa nyinaoni materi crita wayang Jayhayu Gugur , ayo wangsulanea pitakonan ngisor iki kanggo nyiapake materi candhake! 1. 2. 3. 4. 5.
Para siswa pranyata sinau babagan crita wayang iku akeh banget pigunane. Kajaba kanggo nguri-uri budaya Jawa, kita uga bisa njupuk piwulang kang kaemot saka crita wayang mau. Umpan Balik