The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by hendrisetiyorini, 2023-07-24 00:06:40

MEDIA PEMBELAJARAN PDF LINA OKE

MEDIA PEMBELAJARAN PDF LINA OKE

ii DAFTAR ISI DAFTAR ISI ............................................................................................................... ii PENYUSUN .............................................................................................................. iii KEGIATAN PEMBELAJARAN I A. Tujuan ...................................................................................................... 1 B. Uraian Materi Argumentasi ............................................................................................. 1 Deskripsi ................................................................................................... 2 Narasi ....................................................................................................... 3 Eksposisi ................................................................................................... 4 Persuasi ..................................................................................................... 5 C. Gladhen .................................................................................................... 6 KEGIATAN PEMBELAJARAN II A. Tujuan ..................................................................................................... 13 B. Uraian Materi ............................................................................................ 13 C. Gladhen .................................................................................................... 15 KEGIATAN PEMBELAJARAN III A. Tujuan ...................................................................................................... 16 B. Uraian Materi ............................................................................................ 16 C. Gladhen .................................................................................................... 21 DAFTAR PUSTAKA .................................................................................................. 22


iii BAHASA JAWA FASE E SEMESTER I Penyusun: Hendri Setiyorini, S.S


1 KEGIATAN PEMBELAJARAN I JENIS TEKS A. Tujuan Pembelajaran Peserta didik mampu menelaah, membuktikan dan memproduksi materi jenis-jenis teks dengan benar. B. Uraian Materi Jenis Teks 1. Teks Argumentasi yaiku teks kang ngandharake ide utawa panemu panulis adhedhasar data lan kasunyatan. Wacan argumentasi kudu arupa kasunyatan, kanthi data, asil panaliten utawa teori saka para winasis kanggo nguwatake lan nyakinake wong kang maca. Bakune panulis ngandharake panemu adhedhasar alesan sing cetha. Tuladha Teks Argumentasi: Nyatane, Indonesia isih ketinggalan karo negara-negara tanggane, kayata Malaysia lan Singapura, ing babagan pendidikan. Iki bisa dieling saka akehe penduduke sing entuk pendidikan nganti kuliah. Dene ing Indonesia cacahe wong kang nampa pendidikan isih adoh saka negara liya, utamane ing papan-papan kang durung maju kayata NTB, NTT, Papua lan liya-liyane. Kurange pendidikan ing panggonan-panggonan kasebut amarga distribusi pendidikan ing Indonesia ora pada. Pemerintah mung mbangun sarana pendidikan ing kutha-kutha utamane ing Jawa. Ora mung iku, jumlah guru sing winates ing papan-papan kasebut uga nyebabake jarak akses pendidikan ing wilayah kasebut. Dadi, penedidikan ing Indonesia malah luwih ora pada lan cenderung ditinggal nganti ora bisa nandingi negara liya ing ndonya.


2 2. Deskripsi yaiku paragraf utawa karangan kang isine nggambarake sawijining obyek (bisa panggonan utawa liyane) kanthi terwaca. Sok sapa kang maca paragrafn iki kayakaya ngerti dhewe obyek kang digambarake ana ing jroning paragraf iki. Tuladha Teks Deskripsi: Gethuk iku jajanan (kudhapan) sing bahan utamane digawe saka ketela pohung (singkong). Gethuk iku panganan sing gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Nggawe gethuk kuwi gampang, dibutuhake bahan-bahan kayata: a. Banyu kanggo nggodog b. Tela pohung c. Uyah d. Gula pasir utawa gula jawa e. Bahan pewarna f. Klapa parut Yen kepingin oleh gethuk sing warnane putih sakbecike nganggo gula pasir, kanggo gethuk sing wernane abang sakbecike nganggo gula jawa, banjur yen kepengen werna ijo nganggo perasan daun suji utawa pandan. Carane nggawe gethuk yaiku: a. Pohung dionceki kulite, lan dikumbah resik lan diiris-iris kurang luwih dawane 5 cm. b. Godhogen pohung nganti mateng, angina-anginen nganti kukuse ilang. c. Campuren pohung, uyah sithik, lan gula. d. Lumaten nganthi lembut. e. Wehana bahan pewarna yen seneng. f. Sajekna karo parutan klapa enom sing ditabur ing nduwure. Gethuk iku biasane disajekake kanggo cemilan karo ngombe teh. Salah sijining variasi gethuk iku carane karo digoreng. Kaya sing dadi oleh-oleh saking Sokaraja lan Banyumas. Uga ana kang luwih seneng mangan gethuk kang dinggo pacitan menawa lagi ana tamu.


3 3. Narasi yaiku karangan utawa paragraf, utawa pada kang nyritakake kedadeyan kanthi wektu utawa kedaden kang runtut saka wiwitan nganti pungkasan. Sok sapa sing maca paragraf iki kaya-kaya nglakoni kaya dene kedadeyan kang ana ing sajroning crita. Tuladha Teks Narasi: Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun karo kanca-kancaku cah 4, Dono, Joko, Andi lan Mardi. Konsere lekas jam 8 rampung jam 10. Aku lan kancakanca lunjak-lunjak saking senenge ngrungokake suarane musik band sing lagi nyanyi ing nduwur panggung. Kesel ora tak rasakke. Pokokke seneng. Jam 10, konsere wes bubar. Aku lan kanca-kanca banjur leren mangan ing warung karo ngobrol-ngobrol. Ora krasa wes jam 12 bengi. Walah wes kewengen. Aku lali yen mau pamit karo ibuk, mulih omah jam 11. Nanging iki wes telat sakjam. Durung mlakune. Bisa luwih iki. Mbuh piye mengko dadine yen aku tekan ngomah. Mungkin ibuk bakal muringmuring jalaran aku mulih kewengen. Tekan ngomah, bener opo sing tak kawatirke mau. Ibukku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng lan ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Opo meneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap. Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget. Opo maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi rampung jam 2 bengi. PR wes rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku nglemah ana ing kasur. Mripatku wes kriyip-kriyip ora kuat melek meneh. Dhog...dhog…dhog… Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku. Ibu nyeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak hapeku, tak delok jam, waduuhh…. Wes jam 7 esuk. Telat aku, Meneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat sekolah. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.


4 4. Eksposisi yaiku salah sawijining wacana kang tujuane kanggo njabarake wawasan kanthi njlentrehake, menehi pangerten, nerangake sawijining bab uatawa ngaturake informasi kanggo sing maca, supaya pamaos bisa nampa utawa nrima. TuladhaTeks Eksposisi: Indonesia dadi sorotan meneh babagan masalah sampah sing terus saya gedhe lan ora bisa dirampungake. Waca pengembangan masalah sampah plastik, kayane pemerintah kudu nyiptakake perbaikan system manajemen. Indonesia nduwe populasi pesisir 187,2 yuta sing saben taun ngasilake 3,22 yuta ton sampah plastik, sing ora dikelola kanthi bener. Udakara 0,48-1,29 yuta sampah plastik dianggep bisa ngotorake samudra. Data kasebut uga nuduhake menawa Indonesia minangka negara sing nduwe polusi sampah plastik nomer 2 ing segara ing saindhenging jagad. China nyebabake tingkat polusi sampah palstik menyang segara udakara 1,23-3,53 yuta ton/tahun. Pengaruh kanggo Indonesia, mesthine polusi bakal nambah. kualitas lingkungan mesthi bakal diancam. Ora rahasia menawa Indonesia minangka salah sawijine pusat ekosistem laut ing saindhenging jagad. Banyu Indonesia dadi 76% spesies karang, mangrove lan rumput laut. Macem-macem spesies iwak, mesthi bakal keganggu karo anane sampah plastik. Sakliyane pengaruh lingkungan, sampah plastik uga nduwe resiko bisa nyegah kegiatan ekonomi Indonesia. Amerga, adhedhasar buku kanthong kementrian pariwisata, sector pariwisata Indonesia nyumbang sangang persen seka produk domestik bruto (PDB ing 2014). Anane polusi banyu mesthi bakal mengaruhi penurunan kinerja pariwisata Indonesia. Apa meneh, komunitas internasional menilai menawa daya tarik utama Indonesia yaiku wilayah pesisir. Iki dibuktekake karo jumlah turis asing sing mlebu ing Bali tekan 2.29 yuta sakjerone Januari-Mei 2019 utawa 62% saka total turis sing teka lewat bandara. Nalika potensial pariwisata ora bisa dieksploitasi amarga faktor polusi, tingkat pertumbuhan ekonomi saya angel diangkat saka kisaran 5% saiki. Masalah sampah plastik ing Indonesia ora bisa terus tuwuh. Pemerintah diarep-arep luwih teges nggawe kebijakan kanggo ngatasi masalah sampah plastik sing lagi


5 berkembang ing Indonesia. Kejaba iku, ana perlune kerja cerdas lan kerja keras sing sinergis ing antarane pemerintah kanggo ngatasi masalah sampah iki. 5. Persuasi yaiku paragraf utawa karangan kang isine ngajak para pamaca supaya nglakoni apa kang dikandhakake panulis. Tuladha Teks Persuasi: Ing jagad iki ana samubarang kang wigati banget tumrap panguripan, yaiku pendidikan. Mula sapa wae kang kepengen kepenak lan ayem uripe kudu banget anggene nengenake babagan pendidikan. Prelu dikawuningani babagan pendidikan iki ora mung manggon ing bangku sekolah. Wong kang kepengen duwe ilmu ora kudu ing sekolahan. Jalaran sing aran ilmu iku bisa ana ing ngendi wae. Salah sijine yaiku ing pasrawungan. Akeh wong sing bisa lan dadi pintere amarga sregep srawung klawan tangga utawa kanca sing duwe ilmu tartamtu. Ing jagading pasrawungan becike kabeh iku bisa mapanake diri lan aja ana sing ngeman klawan ilmu kang diduweni. Dakkira ora ana lupute yen ilmune didum kanthi cathethan ilmune digunakake kanggo samubarang kang becik. Ilmu kang diddum iki mau lamun anggene menehake kanthi ikhlas lan ora merga kepengen dialembana dening liyan. Bisa wae ilmu iki bakal dadi amal jariyah kang pahalane bakal terus mbanyu mili sanajan sing aweh ilmu wes kepundhut. Ngelingi wigati lan gedhene sembulih seka Gusti Pangeran kang bakal diparingake marang pawongan sing gelem andum ilmune. Dakkira ora ana lamun kitha bisa andum ilmu marang sapadha murih ing tembe kahanan ing Indonesia iki bakal luwih apik tinimbang sakdurunge.


6 Gladhen Garapen pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang bener! 1. Teks kang surasane ajak-ajak, saran, mbujuk, pamrayogi, nglarang, mrentah marang pawongan kanthi tujuwan supaya nglakoni sawijining bab kang jumbuh karo tujuwane panulis, titenan utawa ciri-cirine nggunakake tembung-tembung kunci kang ngajak utawa mbujuk, diarani… a. Argumentasi b. Deskripsi c. Eksposisi d. Persuasi e. Narasi 2. Pendhapa iku perangan kang ana ing wangunan Joglo. Papan iki dumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenehe perkara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis. Miturut andharane teks kasebut diarani .... a. Argumentasi b. Deskripsi c. Eksposisi d. Persuasi e. Narasi 3. Teks deskripsi yaiku wujud tulisan kang nggambarake sawijining objek, utawa teks kang isine gambaran sifat-sifat barang kang dideskripsike. Irah-irahan kang jumbuh kanggo teks deskripsi yaiku… a. Wewe Gombel b. Taman Ngarep Kelasku c. Gunane Tomat Kanggo Kulit d. Ayo Dadi Pelajar Pancasila Kang Nyata e. Kabecikan Iku Luwih Piguna Tinimbang Kanisthan 4. Andharan ing ngisor iki kang diarani deskripsi yaiku…


7 a. Kanggo nambahi rasa seneng maca, ing sajabane perpustakaan sekolahku diwangun papan maca kang endah lan asik. Lungguhane kaya watu kali, iyupiyupane kaya blarak, sakiwa-tengene tetanduran lan kembang-kembang. Apa maneh sumilire angin gawe adem swasana. b. Aku duwe kanca nganti wis kelas 10 saben ngombe pil carane kudu digerus, dicampuri banyu, lagi diombe. Apa maneh yen pas diombeke kudu digujer. Yen kelingan marai ngguyu. c. Ing sekolah siswa iku kudu diatur dening tata tertib lan aturan-aturan kang ngiket. Mula solah bawa lan muna-muni ing sekolah kudu becik lan ora kena nglanggar aturan. d. Nenandur empon-empon iku pancen akeh gunane. Amarga akeh para ahli kang ngendikake yen empon-empon utawa jamu iku minangka herbal kang aman lan nyehatake. Upamane tamba watuk ngombe jeruk lan kencur. e. Aja nglungguhi bantal mengko mundhak udunen. Bab iki cethane ora ngono, nanging mulangake akhlak yen bantal kuwi dinggo selehan sirah, mula ora trep yen dilungguhi. 5. Irah-irahan ing ngisor iki kang diarani deskripsi yaiku… a. Cara Nanggulangi Narkoba Ing Sekolah b. Guna Paedahe Ngedohi Sipat Sombong c. P5 Minangka Jati Dhiri Siswa Indonesia d. Aja Kulina Buwang Sampah Sembarangan e. Tancepna Sila-sila Pancasila Nganti Ing Njero Sanubari 6. Thiwul. Thiwul digawe saka pohung kang dipeme nganti garing, utawa kulina diarani gaplek. Gaplek banjur dideplok nganti alus, banjur didang nganti mateng. Asil dang-dangan iki kang diarani thiwul. Yen dipangan minangka panganan pokok, thiwul bisa dipangan nganggo lawuh jangan lombok ijo, tempe gembus goring, lan sambel. Teks kasebut kalebu ing deskripsi kang ngandharake… a. swasana b. kahanan ruang c. kahanan barang d. proses e. watak 7. Nandur godhong tela rambat. Kang paling gampang yaiku lung utawa godhong tela rambat. Yen tuku saiket dipethik godhonge kanggo dimangsak, bisa sayur bening, oseng utawa digodhog wae sedhela banjur ditutul sambel. Gagange ijo, senadyan ora ana oyote ananging bisa ditandhur lan bakale thukul. Gagang lun iku tak resiki lan


8 dipilih kang ora tatu, dikethok-kethok udakara dawane karotengah kilan. Nanging aja lali milih bagian sing celak ngepok (dudu pucuk) ukurane rada luwih gedhe lan sing cetha luwih atos. Cepakake lemahe kanggo nandur. Lemah saemper lempung ditambah lemon utawa rabuk (dicampur) wis cukup. Dadi ya bisa nggunakake lemah ing sakupenge omah. Ora perlu kang aeng-aeng anggere dudu pasir lan watu mesti bisa. Miturut andharane teks kasebut diarani… a. Argumentasi b. Deskripsi c. Eksposisi d. Persuasi e. Narasi 8. Adhedhasar saka data sing digunggung dening BP, bocah kang ijin nalika pembelajaran 30% amarga lara, mula saka iku sekolah banjur gawe kebijakan supaya para siswa bisa jaga kesehatan ing ngendi papan. Teks kasebut perangan kang kamot ing eksposisi kang diarani… a. Mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake kang angka, peta statistic, grafik, organigram, gambar, lan sapiturute b. Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan c. Nggoleki sumber ide saka : pengamatan, pengalaman, sika plan keyakinan d. Mrelokake analisis lan sintesis nalika ngonceki bahan lan fakta e. Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan 9. Ing ngisor iki kang bisa dadi irah-irahan teks eksposisi yaiku… a. Taman Kelasku b. Gajah lan Semut c. Cara Nulis Ilmiah d. Nawakake Barang kanthi Online e. Sejarah Dumadine Sendhang Sanga 10. Tumpeng. Piyayi mbiyen ngadani tata cara pawiwahan iku duwe karep kang ora dicethakake utawa sinandi. Piranti-piranti kang digunakake uga ngemu teges. Upamane tumpeng. Saka tembunge wes ngemu teges tumpeng iku metuwa dalan sing lempeng. Ing kene ngemu teges supaya menungsa iku tansah metu dalan kang bener. Tumpeng iku wujude kerucut kaya gunung, perangan ngisor diwenehi keleman/gudangan (urap) lan pucuke ditancepi lombok karo brambang, iku duwe karep manungsa iku yen ana ing dhasaran isih akeh banget karepe kaya dene maneka warna godong-godongan kang diwor dadi siji, nanging mundhak dhuwur mundhak sudo karep donyane. Miturut andharane teks kasebut diarani…


9 a. Argumentasi b. Deskripsi c. Eksposisi d. Persuasi e. Narasi 11. Pendhidhikan budaya Jawa kang becik kudu sinartan wulangan budi pekerti, kudu ana guru budi pekerti. Dwija budi pekerti ora mung dwija, nanging ngerti tementemen apa Jawa kuwi. Ing jaman saiki, sing diwulangake rata-rata mung kulite, sari pathine ora tau didhudhah. Samesthine ing saben sekolahan ana dwija budi pekerti ing saben sekolah. Iki sing bisa nguwatake jati dhiri lan kapribaden wong Jawa kang temen-temen njawani. Pratelan iki bisa digawe teks… a. Narasi b. Persuasi c. Eksposisi d. Deskripsi e. Argumentasi 12. Pendhapa iku perangan kang ana ing wangunan Joglo. Papan iki dumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenehe perkara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis. Miturut andharane teks kasebut diarani .... a. Argumentasi b. Deskripsi c. Eksposisi d. Persuasi e. Narasi 13. Teks deskripsi yaiku wujud tulisan kang nggambarake sawijining objek, utawa teks kang isine gambaran sifat-sifat barang kang dideskripsike. Irah-irahan kang jumbuh kanggo teks deskripsi yaiku… a. Wewe Gombel b. Taman Ngarep Kelasku


10 c. Gunane Tomat Kanggo Kulit d. Ayo Dadi Pelajar Pancasila Kang Nyata e. Kabecikan Iku Luwih Piguna Tinimbang Kanisthan 14. Andharan ing ngisor iki kang diarani deskripsi yaiku… a. Kanggo nambahi rasa seneng maca, ing sajabane perpustakaan sekolahku diwangun papan maca kang endah lan asik. Lungguhane kaya watu kali, iyupiyupane kaya blarak, sakiwa-tengene tetanduran lan kembang-kembang. Apa maneh sumilire angin gawe adem swasana. b. Aku duwe kanca nganti wis kelas 10 saben ngombe pil carane kudu digerus, dicampuri banyu, lagi diombe. Apa maneh yen pas diombeke kudu digujer. Yen kelingan marai ngguyu. c. Ing sekolah siswa iku kudu diatur dening tata tertib lan aturan-aturan kang ngiket. Mula solah bawa lan muna-muni ing sekolah kudu becik lan ora kena nglanggar aturan. d. Nenandur empon-empon iku pancen akeh gunane. Amarga akeh para ahli kang ngendikake yen empon-empon utawa jamu iku minangka herbal kang aman lan nyehatake. Upamane tamba watuk ngombe jeruk lan kencur. e. Aja nglungguhi bantal mengko mundhak udunen. Bab iki cethane ora ngono, nanging mulangake akhlak yen bantal kuwi dinggo selehan sirah, mula ora trep yen dilungguhi. 15. Irah-irahan ing ngisor iki kang diarani deskripsi yaiku… a. Cara Nanggulangi Narkoba Ing Sekolah b. Guna Paedahe Ngedohi Sipat Sombong c. P5 Minangka Jati Dhiri Siswa Indonesia d. Aja Kulina Buwang Sampah Sembarangan e. Tancepna Sila-sila Pancasila Nganti Ing Njero Sanubari 16. Ciri-ciri teks: - Surasane bab crita, kisah, lan kedadeyan tinamtu - Duwe alur kang cetha saka wiwitan tekan pungkasan crita - Ngemot kedadeyan utawa konfik - Ngemot unsur-unsur pembentuk kayata tema, alur, latar, karakter, lan sudut pandang Ciri-ciri kasebut diarani teks… a. Narasi b. Persuasi c. Eksposisi d. Deskripsi


11 e. Argumentasi 17. Wingi bapak paring crita marang putra-putrane. Critane bapak kawitan saka nalika isih timur utawa bocah kang sarwa kekurangan. Kurang pangan utamane. Mula yen maem ya saeneke tur mesti ora enak. Crita dibacutake nalika sekolah wiwit SD, SMP, SMA. Bapak biyen ora kuliah merga kahanan. Mula saka iku kang ndadekake bapak duwe krenteg kang tangguh supaya uripe mbesok ora rekasa. Teks kasebut kalebu ing narasi kang ngandharake kaya ing ngisor iki, kajaba… a. Ngemot kedadeyan utawa konflik b. Sawijining analisis utawa penapsiran objektif c. Surasane bab crita, kisah, lan kedadeyan tinamtu d. Duwe alur kang cetha saka wiwitan tekan pungkasan crita e. Ngemot unsur-unsur pembentuk kayata tema, alur, latar, karakter, lan sudut pandang. 18. Teks kang nyritakake sawijinng kedadeyan kanthi urut lan bisa arupa fiksi lan non fiksi, nyritakake kedadeyan, tumindak, apadene kahanan kanthi urut saka kawitan nganti pungkasan, uga bisa digunakake kanggo nyritakake pengalaman utawa gagasan marang wong liya, diarani… a. Argumentasi b. Deskripsi c. Ekposisi d. Persuasi e. Narasi 19. Teks kang nyitakake (menjelaskan) utawa medharake sawijining informasi adhedhasar fakta kang satenane, isi informasi ngemot unsur apa, sapa, ing ngendi, kapan, lan kena ngapa, diarani… a. Argumentasi b. Deskripsi c. Eksposisi d. Persuasi e. Narasi 20. Teks kang surasane ajak-ajak, saran, mbujuk, pamrayogi, nglarang, mrentah marang pawongan kanthi tujuwan supaya nglakoni sawijining bab kang jumbuh karo tujuwane panulis, titenan utawa ciri-cirine nggunakake tembung-tembung kunci kang ngajak utawa mbujuk, diarani… a. Argumentasi b. Deskripsi c. Eksposisi


12 d. Persuasi e. Narasi


13 KEGIATAN PEMBELAJARAN II AKSARA JAWA A. Tujuan Pembelajaran Peserta didik mampu membuat, mendeteksi, dan mengecek aksara Jawa dengan benar. B. Uraian Materi 1. Aksara Nglegena 2. Aksara Pasangan 3. Aksara Sandhangan


14 Contoh penggunaan aksara nglegena-pasangan-sandhangan : = maca buku = mlebu metu


15 Gladhen: Wacanen kanthi premati! Banjur tulisen latine ana kolom ngisore! Translit :


16 KEGIATAN PEMBELAJARAN III SASTRA WAYANG A. Tujuan pembelajaran Peserta didik mampu menganalisis teks sastra dalam bentuk cerita wayang (mahabharata) Dewa Ruci B. Uraian Materi Wayang iku asale saka tembung ‘Ma-Hyang’ kang ateges tumuju marang dewa utawa Gusti kang Maha Tunggal. Ana kang ngandharake wayang ateges ‘bayangan/wewayangan’, bab iki kathi lelandhesan wayang iku gegambaran uriping manungsa. Wayang dadi simbul uripe masarakat Jawa kang dituduhake liwat basa lan sarana kanggo nemokake sejatining urip nuju marang Sang Hyang Dumadi. Mula kita kudu ngaturake syukur marang Gusti Kang Murbengrat amarga wis maringi sawijining kabudayan kang bisa dadi tuntunan supaya tumindak bener ora nalisir saka dhawuhing Gusti. Pangertene wayang Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake dening para ahli. Unsur crita wayang Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik, wos surasane crita, lan gawe ringkesan. Nilai kang kamot sajroning crita wayang Tanggap ing sasmita/Empati (Caring) Tegese saben titah kang urip ing jagad iki kudu duwe sikep empati marang pepadhane, marang pepadhane manungsa, tanduran, lan sato kewan. Amarga sikep empati bakal ndadekake manungsa dadi tanggap ing sasmita marang panguripane lan wong liya lan supaya mangun urip kang tetrem lan ayem. Bab iki kawujud akeh gugon tuhon kang ndadekake sawijining papan utawa tetuwuhan iku dadi sakral. Upamane ora entuk mbebuwang regedan ing sangisore wit ringin, mengko bisa marai meriang. Jan-jane piyayi kuna biyen aweh piweling supaya ora ngregeti tetanduran supaya ora nuwuhake rereget lan panyakit. Jujur (Trustworthiness) Bakal elok uriping manungsa lamun bisa nuwuhake rasa jujur mring dhiri pribadi. Kala mangsane jujur iku gampang diucapake nanging angel dilakoni “gedhang wohing pakel,


17 ngomonge gampang nglakoni angel”. Ana wae sikep ora jujur iku dumunung ing ati sanubarine manungsa, sanajan takerane ora padha. Mula ing pewayangan mesthi ana paraga kang duwe sipat ala. Sanajan akeh becike nanging uga mesthi ana alane. Iki nuduhake dene manungsa iku titah kang ora sampurna. Iki kawujud ing tokoh Yudhistira kang kondhang getih putih amarga saking duwe sipat jujur kang luwih saka titah liyane. Mad sinamadan/Saling Menghargai (Respect) Panguripan iki bakal karasa tentrem yen tinanem rasa mad sinamadan, kang enom ngajeni piyayi sepuh, lan kosok balene. Sikep iki kang ndadekake panguripan ing masarakat bisa rukun, ora nengenake rumangsa bisa nanging bisa rumangsa, mula lumakuning bebrayan bisa kekanthenan lan gotong royong. Tuladhane nalika Pandhita Durna maju ing bharatayuda,ora ana Pandhawa kang wani ngadhepi, amarga ngurmati yen piyambake iku gurune Pandhawa. Tanggung jawab (Responsibility) Ing babagan iki ateges yen manungsa iku urip ing ngalam donya duwe tanggung jawab kang gedhe. Nalika nglakoni tanggung jawab kasebut aja nganti nyenggol marang titah liyane. Kanthi sikep bisa njaga tanggung jawab iki, manungsa ora bakal wedi nalika sesrawungan. Wong kang duwe tanggung jawab ora bakal tumindak kang sakarepe dhewe, anggone tumindak tansah dirasa kanthi temenan. Saliyane iku wong kang tanggung jawab bakal bisa ngrampungake pagaweyane kanthi tenan. Bab iki kawujud saka lelakone Bima nalika ngupadi Kayu Gung Susuhing Angin kang tundhone ora cetha papan dununge. Nanging amarga rasa tanggung jawab apa kang dumadi bakal dilakoni. Keadilan (Fairness) Ngrembug babagan keadilan, ing wayang akeh banget kang diandharake. Adil iku ing kaya dene jantraning geni ing Hastha Brata. Sikep kasebut bakal mbrastha apa wae kang dadi pepalange lan mbela kang bener sanajan kang diadhepi iku ana sesambungan sedulur utawa waris(ora mban cindhe mban siladan). Ngabdi mring Negara/Loyal pada Negara (Citizenship) Awake dhewe kudu duwe sikep kang loyal marang Negara, amarga kanthi mangkono bisa mangun lan ningkatake drajat panguripan, ngleluri, nglestarekake alam sakiwa tengene. Amarga sapa kang tumindak migunani marang liyan iku bakal gawe kabecikan tumrap dhiri pribadi lan lingkungane. Ing crita wayang ana sawijining crita kang nuduhake sikep loyal marang negarane, yaiku critane Raden Kumbakarna kang gugur mbelani negarane, lan ora mbelani sedulure. Tokoh wayang Tokoh wayang Mahabharata Pandhawa, Kurawa, Setyaki, Sengkuni, Durna, Bisma, Kunthi, Karna lan sapiturute. Tokoh wayang Ramayana yaiku Rama Wijaya, Lesmana, Sinta, Anoman, Dasamuka, Kumbakarna, Wibisana, Sugriwa, lan sapiturute.


18 Tuladha Crita Wayang: DEWA RUCI Madeg kraton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra mbarebe, Duryudana, Patih Sengkuni lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugan ana gandheng cenenge karo peprentahan Astina ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa wis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi Ratu Anom ing Astina. Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya hak tumrap keprabon lan kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan kraton dibalekake marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus bocah? Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake. Dene ing keputren Astina. Dewi Gendari mahargya tekane Prabu Dhestarasta. Dewi Gendari nakokake babagan rantaman wisudane Duryudana dadi Ratu Anom Astina. Prabu Dhestarasta ngendika lagi digolekake wektu lan wayah kang trep supaya ora nuwuhake congkrah karo Pandawa. Dewi Gendari aweh panemu Pandawa kudu disingkirake supaya keprabon Astina tetep dadi duweke Duryudana. Prabu Dhetarasta nerangake lamun panemue Dewi Gendari wis kamot ana rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane Pandawa. Sabanjure Duryudana lan Patih Sengkuni nganakake pasatemon karo Dursasana, Kartamarma, Citryuda, Durmagati, Citraksi, lan saperangan Kurawa liyane. Patih Sengkuni nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna kanggo nyingkirake Bima. Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung para Kurawa. Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang Sokalima. Menawa Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu tumindak cekat-ceket. Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur budhal, banjur disusul dening Kurawa liyane. Lagya kang ana ing pertapan Sokalima. Pandhita Durna kaadhep dening anak siji-sijine, Aswatama. Ora let suwe Duryudana lan Sengkuni teka. Sawise ngabarake keslametan, Duryudana ngandhakake niyate njaluk pambiyantune Begawan Durna supaya nyingkirake Bima. Iki kanggo waluyaning keprabon Astina marang para Kurawa. Wiwitane Begawan Durna kabotan. Nanging Sengkuni lan Duryudana ngesuk kanthi cara ngundhamana dedununge Resi Durna ing Astina kang ora ucul saka lelabuhan lan lomane Prabu Dhestarasta. Kasurung saka utang budi, Resi Durna tundhone saguh mujudi panjaluke Duryudana. Sawise Sengkuni lan Duryudana lunga, Resi Durna banjur nyeluk Bima. Kanthi alesan kanggo ngluhurake Pandawa, Bima dikongkon golek banyu panguripan Tirtapawitra menyang gunung Candradimuka. Bima sanggup banjur enggal-enggal budhal. Nalika semana kang ana ing pinggire gunung Candradimuka. Ing perenge gunung Candradimuka nalika Bima lagi ngembrukake wit-wit gedhe lan njegol watu-watu gedhe nggoleki Tirtapawitra, njedhul buta loro cacahe, Rukmuka lan Rukmakala. Kalorone buta


19 mau nglarang ngrusak tatanan panguripan ing gunung Candradimuka lan Tirtapawitra ora ana ing gunung kuwi. Dumadi gesehe panemu, banjur dadi bandayuda. Amarga saka ampuhe kuku Pancanaka, Bima kasil mateni Rukmuka lan Rukmakala, sawise mati jasade badhar dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu. Bathara Indra nerangake, lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Bima didhawuhi bali ngadhep marang Resi Durna njaluk katrangan kang cetha dununge Tirtapawitra. Bima manut. Dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Dene Bathara Indra lan Bathara Bayu bali menyang kahyangan. Gumelar ing ereng-erenge gunung Cadradimuka. Arjuna lan Yamawidura ketemu karo rombongan Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndadekake pasulayan. Arjuna lan Yamawidura dikroyok dening Kurawa. Bejane nalika Arjuna lan Yamawidura kadhesek, Bima teka langsung mbiyantu dheweke ngoyak Kurawa. Bima ngomong marang Arjuna lan Yamawidura yen Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke saiki arep bali menyang Sokalima arep njaluk kapesthen Resi Durna, ana ngendi mapane Tirtapawitra. Katelune banjur pisah lakune. Bima menyang Sokalima, dene Arjuna lan Yamawidura bali menyang kaputren Astina arep nemoni Dewi Kunti lan kluwarga Pandawa liyane. Bali ing Pertapan Sokalima. Resi Durna nampa tekane Bima. Kanthi ringkes Bima ngandhakake lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke uga ketemu karo buta loro panjalmane Bathara Indra lan Bathara Bayu. Dewe kalorone ngendika ing gunung Candradimuka ora ana sing jenenge Tirtapawitra. Resi Durna ngandhakake, dheweke ndhawuhi Bima menyang gunung Candradimuka mung kanggo nguji kesabarane Bima. Amarga Bima pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dheweke nuduhake panggonan mapane Tirtapawitra, yaiku ing dhasare samodra. Bima langsung pamit arep tumuju menyang segara kidul. Gelare kaputren Astina. Dewi Kunti lan Puntadewa nampa tekane Arjuna lan Yamawidura. Yamawidura ngandhakake kabar ketemu karo Bima ing gunung Candradimuka. Bima durung kasil nemokake Tirtapawitra, mulane dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Ora let suwe Bima teka. Bima nyuwun donga pangestune ibu kan sedulure arep nggoleki Tirtapawitra ing dhasare samudra cundhuk karo dhawuhe Resi Durna. Dewi Kunti, Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima supaya murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima. Ing dhasare samodra ana ula ngadhang lakune Bima. Pasulayan rame dumadi. Kalorone mbudidaya nyilakani siji lan sijine. Tundhoning pasulayan, Bima mateni ula kuwi, nanging dheweke uga semaput kena gitikane buntut ula mau. Bima klelep tekan dhasare samodra.


20 Katon Dewa Ruci lagi pasatemon karo Bima. Dewa Ruci takon apa kekarepane Bima njegur nganti ing dhasaring samodra. Bima njlentrehake, yen dheweke nindakake dhawuhe gurune, Resi Durna supaya nggoleki banyu panguripan Tirtapawitra. Dewa Ruci nerangake, dene Tirtapawitra ora mapan ana ing gunung Cadradimuka, apa dene ing dhasare samodra. Tirtapawitra sejatine mapan ana ing dhiri pribadine Bima dhewe, kang wujude inti niyat kanggo tumindak jujur lan berbudi luhur, sarta ngenggonake rasa kurmat marang sapadhane. Nindakake kabecikan tanpa pamrih, tresna marang sapadhane kaya dene tresna marang awake dhewe. Saka Dewa Ruci, Bima antuk ajaran / wejangan babagan ilmu kasampurnan, ing antarane njlentrehake babagan asaling dumadi, sangkan paraning dumadi, lan tataraning dumadi.Bima banjur didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo ibune lan sedulure, amarga isih akeh kewajiban kang kudu ditindakake. Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh karo Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire samodra. Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura. Bejane nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna lan Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali menyang Astina. Nalika semana madeg kaputren Astina. Dewi Kunti kaadhep dening para putrane, Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa, sarta Yamawidura. Bima nyritakake pasatemone karo Dewa Ruci ing dhasare samodra, lan entuk wejangan babagan sarining panguripan. Dewi Kunti syukur banget, dene Bima kasil slamet lan lulus saka pacoban kang abot. Dewi Kunti banjur ngajak putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang Maha Tunggal, supaya kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan hidayah-He.


21 Gladhen: 1. Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radhio, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk lan janturan kang nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamireng isa ngreteni babagan .... a. tokoh d. alur b. watak tokoh e. pesen/amanat c. latar 2. Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut pamireng ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani .... a. tokoh d. alur b. watak tokoh e. pesen/amanat c. latar 3. Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani .... a. tokoh d. alur b. watak tokoh e. pesen/amanat c. latar 4. Sasuwene ngrungokake crita wayang ing radhio utawa CD, nalika ngancik pathet sanga, satriya kang sesirih ana ing satengahe alas sabubare rampung mesthi bandayuda karo rata denawa (buta, umume Cakil lan wadyabalane), nanging pungkasane mesthi satriyane unggul ing juri (menang). Pitutur kang kamot ing lelakon iku yaiku .... a. satriya kudu wani perang b. wong kang bakal mulya gedhe pacobane c. ing alas iku panggonane bebaya d. buta duwe watak seneng ganggu gawe e. aja seneng mapan ing papan sepi 5. Ing crita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa ngasorake Kurawa kang cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa iku pangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku menang ing yuda. Pitutur kang kamot sajronng crita iku yen diparibasakake yaiku .... a. ing ngarsa sung tuladha b. teteken tekun bakal ketekan c. titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti d. rawe-rawe rantas, malang-malang putung e. sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti


22 DAFTAR PUSTAKA 1. Ardiansyah, MS, 2022, Contoh Paragraf Argumentasi Bahasa Jawa Singkat, Pahami Teks Argumentasi untuk Tugas Basa Jawa, https://www.smol.id/akademia/pr714246541/contoh-paragraf-agumentasi-bahasa-jawa-singkat-... 2. Aulia, G, 2022, Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa, Seta Penjelasan Lengkapnya, https://katadata.co,id/intan/berita/6347836c8b2ae/contoh-teks-narasi-bahasa-jawa-sertapenjelas... 3. Fiqri’s, NA, 2016, Teks Deskripsi Makanan Tradisional Gethuk (Bahasa Jawa), http://nafiakhlisaf.blogspot.com/2016/07/hai.html 4. Kristanto, Z, 2023, Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Pendidikan, Lingkungan, dan Kesehatan, https://mamikos.com/info/contoh-teks-persuasif-bahasa-jawapljr/ 5. Rahayu, K, Sutama, IM, Indriani, SM, 2019, Pembelajaran Bahasa Indonesia Berbasis Teks Di SMA Negeri Bali Mandara, Jurnal Pendidikan Bahasa Dan Sastra Indonesia Undiksha (vol 9 nomor 1), 67-76 https://ejournal.undiksha.ac.id/index.php/index/search/authors/view?givenName=Ketut&fa milyNam... 6. Supriati, M.L, (2021). Model Pembelajaran Snowball Throwing dan Problem Based Learning untuk meningkatkan Motivasi dan Hasil Belajar IPS. Didaktika, 1(1), 200-211 https://ejournal.upi.edu/index.php/didaktika 7. Tamara, D, 2022, 3 Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa, Lengkap dengan Pengertian dan Strukturnya, https://www.sonora.id/read/423533626/3-contoh-teks-eksposisi-bahasa-jawalengkap-dengan-pe... 8. Widaryatmo, Gandung dkk., Prigel Basa Jawa,Penerbit Erlangga, www.erlangga.co.id 9. https://id.wikipedia.org/wiki/Aksara_Jawa


Click to View FlipBook Version