SABENDINAKU Dening: Risma Aditya Siwi
TEKS CERKAK SABENDINAKU Biodhata Panulis: Asma : Risma Aditya Siwi Tempat/Tanggal Lahir: Trenggalek, 25 Maret 2004 Alamat : Ds/Dsn. Malasan RT004/RW001 Kec. Durenan Kab. Trenggalek Hobby : Mirengaken lagu Quotes : Urip iku mulang kanggo sabar lan tetep ngupayakake tujuan sing dikarepkake Pesen kangge kanca : “Dikurangi misuhe diakehi istighfar e”
Sabendinaku Dening: Risma Aditya Siwi Kriiingggggg!!! Jam alarm wis nunjukake jam 05.00 esuk, amarga unine alarm iku aku tangi kegugah, ora suwi yenku tangi banjur adus, ora lali sakwise adus aku sholat disek. Aku ngecek balik balik buku-bukuku sing tak gawa dina iki, sekirane wis lengkap kabeh aku menyang pawon masak kanggo bekale adikku aku lan masku nyepakne bekal sing tak gawa menyang sekolah ora lali aku nyepakne bekal sekolahe adikku lan bekal kangge kerjo masku. Jam wis nunjukake jam 06.30, aku langsung budhal sekolah tapi aku ora langsung ning sekolahan amarga aku jemput Risna sing omahe Pandean (Risna iku kancaku sakkelas ning kelas 12 IPS 3). Eh iyo awakke durung kenalan asmaku Risma Aditya Siwi biasane di celuk ‘Risma’ aku siswi kelas 12 IPS 3. Aku nunggu Risna ning latar omahe karo lungguh ning montorku (Aku sabendina barengi Risna soale omahku karo omahe Risna searah ning sekolah lan aku wis dipasrahi ibuke Risna yen kon barengi soale Risna ora enek sig ngeterne) “Suwimen Risna ki”, batinku. Suwine ngenteni, akhire Risna metu saka omahe, “Kok suwimen to na?”. Nggrudelku ning Risna. “Hehehehehe, sepurane adusku maeng suwi soale”, ature Risna. “Iyo wislah, ayo ndang budhal soale iki maeng dino senin enek upacara.” Maturku ning Risna. Aku lan Risna langsung budhal menyang sekolah soale saiki wis jam 06.45, alhamdulilah aku teka sekolah sakdurunge jam 7, saktekane ning sekolah aku langsung markirne montorku ning parkiran sekolah. Sawise markirne montor Aku lan Risna langsung mlebu kelas, ora ngenteni suwi bel sekolah muni nandakake upacara bendera dina senin arep dimulai, aku lan kancaku sekelas banjur menyang lapangan upacara ngikuti kegiatan upacara bendera dina senin iki. Ora keroso upacarane wis cukup, aku lan kanca-kancaku balik ning kelas ngikuti jam pelajaran pertama yaiku pelajaran Sejarah Indonesia. “Kok durung teka to gurune, apa jam kosong iki engko?” Takone salah sijine kancaku. Sakwise kancaku takon guruku Sejarah Indonesia ngirimi aku pesan ning WhatsApp. Guruku matur lek iki maeng gak isa rawuh soale lagi rapat. Amarga guruku gak isa rawuh, aku lan kancaku sakelas diparingi tugas sing mengko dikumpulne ning ruang guru. Ora krasa bel
sekolah wis muni tandane ganti jam ke 3, ora ngenteni suwi guruku Sejarah Minat pun rawuh, guruku ngutus bentuk 5 kelompok. Aku lan kancaku bentuk kelompok sing anggotane Aku, Ella, Sintia, Aliya, Shela, lan Aldo. Sakwise kelompoke kebentuk kabeh, guruku maringi tugas sing pertanyaane barkot sing kudu di scane disek ning hp, aku lan kanca-kanca kerjasama gantian ngisi jawaban lan nyecane soal sing diparingne guruku. Wis jam 10.25, bel sekolah nandakake jam istirahat wis muni. Guruku nutup pembelajaran, sawise guruku metu aku lan kancaku ning kantin nganti bel jam pelajaran muni tandane wis masuk jam pelajaran ke 6, pas jam iku wayahe pelajaran agama, kaliyan guruku diutus nyocokake soal-soal Pr wingi, bel jam pelajaran ganti ke 8 saiki wayahe pelajaran Ekonomi nanging guruku ekonomi gak ngulang soale jam e kepotong karo istirahat dadine pas jam ke 8 iki kelasku kosong. Kanggo ngisi wektu kosonge jam ke 8, Aku ngajak kancaku menyang Perpustakaan. “Ayo ning perpus, mumpung jam kosong.” Ajakanku ning kancaku. “Ayoooo, melu aku.” Saurane Ella, sing lagi lungguh ning panggone sing pas ngarepku. “Melu aku.” Jawabe Risna. “Ayo melu pisan Shel.” Ajakanku ning Shela kanca sebangkuku. “Iya nanti tak nyusul.” Jawabe Shela, (Shela iku asale soko Lampung, mulane jawabe nganggoku Bahasa Indonesia). “Aku gak kok ajak to, ti.” Ature Sintia (ti iku julukan besti sing disingkat dadine aku karo sintia biasa nyeluki ngganggo julukan ti). “Ayooo awakmu meluo pisan.” Aturku ning Sintia. Banjur Aku, Risna, Ella, lan Sintia budhal bareng menyang Perpustakaan. Satekane ning Perputakaan aku lan kanca-kancaku absen dhisik ning absen daftar siswa sing berkunjung ning Perpustakaan, sakwise absen aku karo kancaku lingguh ning bangku sing cedeke AC soale ning Perpustakaan kuwi udarane pengap dadine kudu golek panggonan sing adhem. Karo nunggu ganti jam aku karo Sintia garap pr matematika sing durung bar tak garap, nanging Ella lan Risna isih repot foto-foto. “Cahhh aku nurun.” Mature Ella. “Bayar tapi” Jawabku. “Gahhh” Jawabe Risna. “Emang loh siapa?” Jawabe Ella. Aku lan kanca-kancaku ngguyu bareng jawabane Ella. Bell jam istirahat ke 2 wis muni, banjur Aku, Ella, Risna menyang Musholla sekolah sholat dhuhur berjamaah. Sakwise sholat aku lan kanca-kancaku nerusne garap tugas matematika nganti bel masuk ganti jam pelajaran ke 8 muni, aku lan kanca-kancaku ngringkesi buku-buku sing digawa, lanjut bali ning kelasku. Tekane ning kelas, kelasku rame banget lan rusuh, aku
langsung nenangne kelasku tapi iku yo percuma soale lek gurune durung teko kelasku gak iso anteng, ora ngenteni suwi guruku ekonomi rawuh kabeh kanca-kanca lansung bali ning panggone dewe-dewe, sedilut namung setengah jam ngulange materi ekonomi wis ganti jam ke 9 yaiku pas mapel matematika. Guruku ekonomi langsung nutup pembelajaran lan metu saka kelas, banjur diganteni guruku matematika sing wis rawuh sawise guruku ekonomi metu. Saiki wis jam terakhir akeh kanca-kanca kelasku sing turu lan ora nyimak soale wis podo kesel, ancene wis jam terakhir lan pas kui jam pelajaran matematika. Aku, Risna, lan Rizka diutus maju garap soal ning papan tulis, Aku diutus guruku maju dhisik garap soal ning papan, pas garap soal aku rodok kebingungan soale ora terlalu krungu penjelasanne guruku, soale pas dijelasne kancaku akeh sing rame ning kelas, amarga kebingungan pas garap aku dibantu guruku matematika. Aku wis cukup garap disusul Risna karo Rizka, gak keroso bel jam sekolah wis muni tandane wis masuk jam pulang. Kabeh buku-buku disigeki saiki persiapan pulang. “Ayo kita tutup pembelajaran hari ini dengan mengucapkan bacaan hamdalah bersama-sama” Mature guruku. “Alhamdulillah hirabbil’alamin” ature aku lan kanca-kancaku bareng. Aku lan Risna metu saka kelas bareng disusul Tiwi (kancaku sakkelas). “Ayo Na ning lorong sek karo nunggu montorku isa metu.” Maturku ning Risna. “Heee aku ikut, sek disiko aku arep ning IPS 2 sek.” Mature Tiwi ning aku. Aku lan Risna langsung nerusne ning lorong, ning kono aku karo Risna golek jaringan wifi karo hemat kuota. Ora ngenteni suwi Tiwi teka. “Nyetuki sopo wi kok ning kelas 12 IPS 2?” Takonku ning Tiwi. “Nyetuki kancaku ambalan.” Jawabe Tiwi. “Oooo, gak pisan mampir ning kelas sandinge kono?” Takonku karo ngempet ngguyu. “Sopo lo?” Tiwi balik takon. “Kae lo pacarmu si A.” Jawabe Risna. “Apa sih, nggak lah ngapain.” Jawabe Tiwi. Aku lan Risna ngguyu nganti cekikikan, jaraki Tiwi iku ancen seru. Ora krasa Aku, Risna, lan Tiwi guyonan suwi ning lorong. “Saiki wih arepe jam setengah papat sore ayo muleh mamakku wis telpon.” Ajakanne Risna. “Ayo adikku jam yahmene wis arepe muleh Madrasah yokan, balik disek ya Wi awake.” Jawabku. “Iya aku ya arep balik.” Jawabe Tiwi. Aku lan Risna balik disek, sakdurunge ning parkiran jumuk montorku disek. Aku ngeterne Risna balik disek ning omahe Pandean.
Sawise ngeterne Risna bablas bali ning omahe mbakku semarum, saktekane Semarum aku ditakoni mbakku “Nyapo kok suwimen?” Takone mbakku. “Iya maeng sek mandek ngumpul-ngumpul ning lorong karo kancaku.” Jawabku. “Yo wis ndang adus gek mangan.” Mature mbakku. “Oke siap.” Jawabku. Aku banjur melbu omahe mbakku ndelehne tasku ning kamar. “Oh iyo klambiku sek keri ning jok montorku”. Aku lali. Banjur aku jumuk klambiku ning jok montorku, sakwise kui aku adus lanjut sholat ning omahe mbakku, aku langsung ning pawon mangan disek, mbakku wis masakne sayur lodeh, aku mangan ning ngarep TV karo ngenteni adikku, ora let suwi anake mbakku muleh ngaji Meiysa lan Nayya jenenge, Meiysa kui mbarepe saiki wis MI kelas 3 lan Nayya ragile isek sekolah ning Ra kelas B. “Kok dengaren yahmene mulihmu?” Takonku ning ponakanku. “Ngenteni guru ngajine suwi.” Jawabe ponakaku. Saiki wis jam 04.15 ora let suwi adikku teka lan langsung melbu kamar ndelehne tas e, metu-metune saka kamar adikku langsung jaluk duit ning aku. “Mbak duit ngge tuku es.” Mature adikku ning aku. “Lah, sangumu wis kok entekne to?” Takonku. “Iyo maeng tak ngge jajan ning madrasah, saiki aku ngelak maeng pas mulihe tas balapn numpak sepedah.” Jawabe adikku. “Yo wis iki duite.” Aku karo ngelungke duit ning adikku. Adikku langsung mlayu arepe tuku es, karo ngenteni adikku aku nyigeki barangbarangku sing arepe tak gawa muleh ning omahku. “Kok suwimen to Risqa ki, padahal mung tuku es siji selak maghrib iki engko.” Nggrudelku ning adikku. Saiki wis maghrib adikku lagek balik, aku langsung njupuk wudhu lanjut sholat maghrib, “Ayo dek, muleh.” Ajakanku ning adikku. “Iyo sek, tak njupuk tasku.” Jawabe adikku. Aku lan adikku langsung muleh ning omahku Malasan, sakdurunge muleh aku pamit ning mbakku. Aku mulih numpak montor boncengan karo adikku, saktekane ning omah adikku bukakke lawang omahku, bar kui aku langsung melbu omah karo ngleboke montorku pisan. Sakwise markirne montorku aku langsung ning kamar delehne tasku lanjut garap prprku. Saiki wis jam 20.30 aku lanjut sholat isya’ bar iku langsung turu. Wis jam 04.30 aku tangi, aku langsung njupuk wudhu lanjut sholat subuh, sakwise sholat aku adang, dilanjut masak iki maeng aku kebingungan arepe masak apa saiki. “Masak opo yo saiki penake, duhh piye iki selak awan aku yo urung blanja wingi.” Aturku bingung. “Apa tak masak sega goreng ae yo ngge sarapan karo bekale Risqa, mas engko ben tuku lawuh ae ngge kerja.” Aturku.
Aku banjur nyepak-nyepakne bumbu sing tak butuhne kaya bawang, brambang, lombok, uyah, lan kecape. Bar kabeh siap aku nggugah adikku sing balik turu maneh. “Ayo dek tangi sarapan wis jam 6 punjul iki.” Aturku ning adikku. Adikku banjur tangi lan siap-siap sekolah sakdurunge sarapan disek, sakwise wis siap kabeh aku lan adikku budhal sekolah disek ora lali pamitan karo masku. Aku barengi adikku pisan budhal sekolah soale sekolahne adikku yo searah, tinimbang adikku mlaku angur tak barengi sakjane sekolahane yo ora adoh mung sekitar 100meter saka omahku. Satekane sekolahanne adikku mudhun saka montor trus salim ning aku, sakwise adikku melbu kelas aku lanjut ning Pandean marani Risna, saktekane aku Risna wis ngenteni ning ngemper omahe. “Ayo Na budhal” Aturku. Risna langsung mara lan numpak ning montorku, aku langsung budhal ning sekolahan. Pas ning dalan aku lan Risna cerita-cerita bahas tugas-tugas sekolah sing wingi, gak keroso lek cerita-cerita aku lan Risna wis tekan sekolahan, aku langsung markirni montorku lan melbu kelas. “Assalamualaikum” Salamku sakdurunge melbu ning jero kelas. “Waalaikumsalam” jawabe kancaku sing ning jero kelas. Aku langsung melbu lan delehne tasku bar kui aku lan Risnaning lorong sekolah sandinge ruang Tata Usaha. Aku ning kono ngadem soale ning kelasku panas karo ngenteni kancakancaku, ora let suwi Sintia teko lan langsung lingguh ning sandingku, lanjut disusul Ella tapi Ella gak langsung lingguh tapi malah bablas lan etok-etok ora eruh lek ning kono wis enek aku, Risna, lan Sintia. Aku lan kanca-kancaku mung nyawang ae urung tekan adoh Ella balik maneh karo guya-guyu isin. “Nyapo kok balik mbak?” Takone Risna ning Ella. “Gakpopo, he cahhh aku duwe cerita.” Jawabe Ella. “Cerita opo?” Takonku. Ella lanjut cerita-cerita, ora let suwi Shela telpon tandane gurune wis masuk ning kelas. Aku lan kanca-kancaku bali ning kelas. Aku lan kanca-kancaku ngikuti jam pelajaran nganti jam pelajaranne wis entek. Ora krasa saiki wis jam e muleh aku lan Risna langsung ning lorong ngenteni montorku sing durung isa metu saka parkiran sekolah. Sekitar 10 menitan aku ngenteni, aku lan Risna langsung bali mulih amarga montorku wis isa ditokne. Cukup semene critaku, maturnuwun soale wis nyimak cerita Sabendinaku, Cerita sabendinane aku Risma.