BAHASA JAWA s.id/perpusmu2 SOAL PSAJ KELAS 9 Tahun 2024 SOAL PSAJ KELAS 9 Tahun 2024 UPT SMPN 2 MERAKURAK
PEMERINTAH KABUPATEN TUBAN DINAS PENDIDIKAN MUSYAWARAH GURU MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH SMP KABUPATEN TUBAN Sekretariat : Jl. Panglima Sudirman Gg.Balai Kel.Sukolilo No.251 Telpon (0356)321509 Tuban Email : [email protected] Kode Pos 62318 SOAL PSAJ BAHASA JAWA TP.2023/2024 I. Wangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi leres! PESISIR PULO MERAH Pesisir Pulo Merah kang uga diarani Red Island kuwi minangka salah sijine obyek wisata sing kawentar ing Kabupaten Banyuwangi. Pesisir Pulo Merah saiki dadi primadhona wisata ing Banyuwangi. Panggonane ana ing Desa Sumberagung, Kecamatan Pasanggaran Kabupaten Banyuwangi. Pesisir Pulo Merah, yaiku jeneng sing pas kanggo ngarani pesisir sing manggon ing Desa Sumberagung kasebut. Diarani Pesisir Pulo Merah jalaran wedhi ing sadawane pesisir rupane semu abang. Saka pesisir nyawang mangidul katon pulo-pulo sing apik banget. Ing mangsa ketiga pulopulo mau yen kena sunare srengenge mantulake cahya warna semu abang, jan nengsemake banget. Apa maneh sesawangan mau dideleng nalika ngancik sore, wayah srengenge meh angslup. (Sumber : Buku Kirtya Basa SMP/MTs kanthi ewah-ewahan sawetara). 1. Wosipun paragraf kaping setunggal wacan ing nginggil ngenani ...... A. Panggenanipun obyek wisata pesisir Pulo Merah B. Obyek wisata ing Kabupaten Banyuwangi C. Tegesipun Red Island D. Primadhona wisata ing Banyuwangi 2. Ki Narto Sabdo menika salah satunggalipun maestro kesenian tradisional Jawa. Karya-karya seni saking Ki Narto Sabdo sampun kawentar ing Nuswantara mliginipun ing wewengkon tanah Jawi Tengah. Asma kondhang Ki Narto Sabdo sampun kaserat minangka “empu” kesenian tradisional Jawa. Panjenenganipun kondhang minangka seniman karawitan lan dhalang ingkang mumpuni. Teks ing inggil kalebet perangan struktur teks profil tokoh .... A. orientasi B. prastawa C. masalah D.reorientasi 3. Bapak : “ Rin, kowe mau teka jam pira?” Rinda : “ ... (1)… sampun …(2)…jam wolu kalawau Pak” Wangsulanipun Rinda bilih ngginakaken unggah-ungguh kanthi ragam krama alus ingkang trep dipunjangkepi tembung…. A. (1) dalem, (2) rawuh C. (1) kula, (2) dugi B. (1) aku, (2) mulih D. (1) aku, (2) wagsul 4. Cariyos ing wayang kulit (wayang purwa) kapethik saking lakon-lakon ingkang wonten ing babad purwa, inggih menika Mahabharata (nyariyosaken dredah antawisipun Pandhawa lan Kurawa) lan Ramayana (nyariyosaken lelampahanipun Prabu Rama lan Dhewi Shinta). Miturut andharan ing nginggil cariyos wayang kulit kapendhet saking.... A. Babad tanah Jawa B. Punakawan; semar, gareng, petruk, lan bagong C. Mahabharata lan Ramayana D. Pandhawa lan Kurawa
5. MENTHOG-MENTHOG Menthog-menthog tak kandhani Mung rupamu angisin-ngisini Mbok ya aja ngetok, ana kandhang wae Enak-enak ngorok, ora nyambut gawe Menthog-menthog mung lakumu, megal-megol gawe guyu Menapa wosipun tembang menthog-menthog ing inggil ? A. Menthog menika kalebet kewan ingonan B. Menthog menika kewan ingkang males boten purun nyambut damel. C. Menthog minangka gambaranipun tiyang ingkang tumindak awon. D. Menthog nggambaraken tiyang suci, kados wulunipun ingkang pethak 6. Gatosaken geguritan ing ngandhap menika! HALTE Dening: Widodo Basuki Aku lan kowe dikongkon nunggu Jarene urip mung mampir ngombe Ah, kok nggegirisi temen Uwong njur dipadhakake kartu-kartu pos Uyel-uyelan ing kothak wesi Kanggo mbuwang sukerta Kamangka betharakala saben taun wis diruwat Apa iki ora salah alamat? Samesthine awake dhewe lungguh ing "cafe" wae Sinambi ngresepi ngrangine klenengan Jawi Nyruput kopi anget lan nyuwil bakaran roti Urip iki isih bisa dinikmati Geneya kudu wedi? Hla wong bis sing ditumpangi wae Durung karuwan tekane. (Jaya Baya, No.48 Minggu I/Agustus 2004) Pagesangan ingkang wonten ing geguritan nginggil kagambaraken kados dene…. A. halte B. bus C. kartu-kartu pos D. penumpang bis 7. Bu Guru : "Bagus, tugasmu Basa Jawa yen wis rampung, age-age dikirim ing WA Grup mata pelajaran Basa Jawa ing kelasmu ya !" Bagus : "Ya, Bu, ning nomer HP kula durung dilebokke WA grup mata pelajaran Basa Jawa." Wangsulanipun Bagus dereng trep miturut unggah-ungguh bilih ngginakaken ragam krama alus, trepipun kados ing ngandhap menika…. Bagus : "…." A. Nggih, Bu, ning nomer HP kula dereng dilebokke WA grup mata pelajaran Basa Jawa. B. Nggih, Bu, nanging nomer HP kula dereng dilebokaken WA grup mata pelajaran Basa Jawa. C. Inggih, Bu, nanging nomer HP kula dereng dipunlebetaken WA grup mata pelajaran Basa Jawi. D. Ya, Bu, nanging nomer HP kula dereng dilebokke WA grup mata pelajaran Basa Jawa. 8. Tembang gambuh kadadosan saking gangsal gatra. Ing saben-saben gatra kanthi urut guru wilanganipun inggih menika 7, 10, 12, 8, 8. Dene guru lagunipun inggih menika u, u, i, o, o. Gatosaken gatra-gatra tembang gambuh ing ngandhap. 1. Tanpa tutur katula-tula katali 2. Kapatuh pan dadi awon 3. Kang cinatur polah kang kalantur
4. Kadalu warsa katutuh 5. Sekar gambuh ping catur Urutanipun gatra tembang gambuh ingkang trep inggih menika.… A. 3-5-2-4-1 B. 2-5-4-3-1 C. 5-3-1-4-2 D. 1-3-2-5-4 9. Ukara ing nginggil bilih kagantos kanthi aksara Latin ingkang trep inggih menika…. A. Supri maos critamu labukane kutha Jatinom. B. Supriman maca critamu labukane kutha Jatinom. C. Supri maca crita mula bukane kutha Jatinom. D. Supri maca legendamu labukane kutha Jatinom. 10. Gatosaken punggelan legendha ing ngandhap menika! Baru Klinthing Nuju sawijining dinten, ing wanci dalu wonten sawer ingkang ageng sanget ugi panjang mapan ing pratapanipun Sang Pandhita. Sawer kalawau saged tata jalma lan matur dhumateng Sang Pandhita lan ngaken bilih piyambakipun anak saking Sang Pandhita. Sang Pandhita ngungun saha kawekan ing galih "Ula kok bisa tata jalma ugi ngaku-aku anakku", pangunandikanipun Sang Pandhita. Wasana Sang Pandhita paring pangandikan, "Eh, teka elok temen kowe bisa tata jalma lan ngaku-aku anakku. Ewa semono aku uga gelem ngaku anak marang kowe, yen kowe gelem tapa nglekeri Gunung Merbabu iki kongsi temu gelang. Yen kowe bisa nyakepi gunung iki ya tak anggep anak temenan". Cariyos Baru Klinthing ing nginggil mujudaken legenda mulabuka dumadosipun Rawa Pening. Sang Pandhita kersa ngakeni bilih sawer menika minangka putranipun kanthi syarat saged nglekeri…. A. Gunung Merapi B. Gunung Sumbing C. Gunung Merbabu D. Gunung Semeru 11. Gatosaken punggelan teks cerkak ing ngandhap menika! “Kanggo iki kabeh kowe nduwe dhuwit pira, Catur? Kudune kowe dadi uwong iku bisa ngilo githokmu dhewe. Bisa ngukur isi kanthongmu. Dadi aja ngimpi macem-macem!” pamuwuse Dwiasti nylekit. Dheweke krasa yen adhine lanang mung kepengin nggawe kagole atine lan kepengin mojokake. Sebab saka sedulur papat iku dheweke kang paling sugih. Saking cuplikan teks cerkak ing nginggil, Dwiasti nggadhahi wateg…. A. Sembrana B. Tanggung jawab C. Gumedhe D. Sabar 12. Gatosaken teks ing ngandhap menika! Maling mau bengi pancen apes. Nalika diuber warga dheweke ndhelik ana ing sawijining bangunan sing dikira omahe warga. Tibake omah mau kantor Polisi. Apa kang ditindakake maling iku kaya unen-unen kutuk marani sunduk. Tembung ingkang kacetak kandel tegesipun…. A. wong kang marani cilaka utawa apes B. wong kang duwe niyat ala oleh srana tumindak C. wong cilik nanging nduwe kapinteran D. wong sing nerak sumpahe dhewe
13. Gatosaken teks pacelathon ing ngandhap menika! Ari : Kula nuwun. Pak Adi : Mangga nak, kene mlebu kene. Ari : Nggih pak, matur nuwun. Pak Adi : Ana perlu apa kok sajak wigati banget. Tanti : Menika lho pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan. Pak Adi : Apa wae sing pengin dingerteni nak ? Ari : …. Pak Adi : Usaha bathik iki dakjenengake “Sekar Jagad” Kangge njangkepi pacelathon ing nginggil ukara ingkang trep miturut unggah-ungguh kanthi ragam krama alus inggih menika…. A. Apa jenenge usaha bathik sampeyan pak? B. Menapa naminipun usaha bathik panjenengan pak? C. Sinten naminipun usaha bathik panjenengan pak? D. Sapa jenenge sing duwe usaha bathik pak? 14. Dina iki teranga, supaya aku bisa mepe rengginang. Ukara sambawa ing ngandhap ingkang gadhah teges muga-muga kados ukara ing nginggil inggih menika…. A. Sinaua rada suwe aku mau entuk biji apik. B. Sikilku ndang maria, aku bisa bal-balan maneh. C. Narti maneh lulusa, Wahyuni sing pinter wae ora bisa. D. Bagusa kae yen ora tau gelem ngibadah ya padha wae aku ora seneng 15. Jinis reklame kaperang dados kalih, inggih menika reklame miturut gina paedahipun lan miturut medianipun. Miturut gina paedahipun, reklame kaperang ing antawisipun: iklan, poster, spanduk, plakat, brosur lan pamlet. Ukara ing ngandhap ingkang mujudaken pangertosan pamlet inggih menika…. A. Salembaran kertas saka mini market promosi barang-barang sing didol B. Tulisan “Ngebut bakal benjut” ing pinggir dalan pantura sing katulis ing baner ukuran 5m x 2,5m C. Reklame produk kopi instan sing ditayangake ing televisi D. Siaran ing radio Radya Swara promosi biro perjalanan umroh lan haji Gatekna layang ulem ing ngisor iki! 16. Layang ing nginggil mujudaken layang ulem (sedhahan walimatul urusy), pramila ukara panutuping layang ingkang trep inggih menika…. A. Mujudaken satunggaling kabagyan tumrap kula sakulawarga bilih Panjenengan kersa rawuh saperlu paring berkah idi pangestu. Awit saking rawuh panjenengan kula aturaken agunging panuwun. B. Cekap semanten serat saking kula, hambokbilih wonten klenta-klentunipun anggen kula nyerat, kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami. Matur sembah nuwun saking kawigatosanipun. C. Kula kinten boten perlu kula panjang lebaraken serat saking kula, ingkang baku rawuh panjenengan ingkang kula rantos. Bilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami. Winantu sagunging pakurmatan, Kanthi hangajab ridlanipun Gusti Ingkang Maha Agung, kula badhe malakramekaken anak kula, pramila Panjenengan kula aturi rawuh benjang ing, dinten : Ahad Legi, katiti mangsa kaping 14 April 2024 wekdal : tabuh 11.00 wib panggenan : ing gedhung “Graha Dwija” Jl. Manunggal Tuban kaperluwan : walimatur urusy ....
D. Menika mujudaken satunggaling kuwajibanipun tiyang sepuh dhumateng putra-putrinipun ingkang sampun ngancik dhiwasa. Wasana cekap semanten nyuwun pangapunten saking sedaya kalepatan. 17. Gatosaken punggelan layang ing ngandhap menika! Panyeratipun adangiyah ing nginggil bilih ngginakaken ragam krama alus ingkang paling trep inggih menika …. A. Kanggo C. Mugi katur Kancaku kinasih ing dalem Dhumateng kadang kinasih kula ing dalem B. Kanggo D. Mugi katur Kadang kinasihku ing ngomah Dhumateng kadang kinasihku ing ngomah 18. Gatosaken wosipun layang ing ngandhap menika ! Isi utawi wosipun layang ing nginggil saged kawedharaken kanthi ukara ingkang trep ing ngandhap menika…. A. Kejaba saka kuwi aku uga arep kandha marang kowe menawa aku ora sida melu dolan kowe menyang Kampung Coklat jalaran aku arep dijak ibuk lunga menyang Malang. B. Takkira cukup semene dhisik ya apa sing bisa takkandhakake, mbokmenawa ana tetembungan sing nglarani ati aku njaluk ngapura. Jalaran aku kepeksa ora sida melu dolan kowe. C. Arum, kepriye kabare sehat-sehat wae ta? Takdongakne kowe sakeluwarga muga-muga tansah ginanjar slamet ora ana alangan apa-apa. Lan aku njaluk ngapura menawa suk Minggu aku kepeksa ora sida melu dolan kowe menyang Kampung Coklat jalaran aku arep dijak ibuk lunga menyang Malang. D. Arum, kancaku sing banget taktresnani, kahananku tansah ginanjar rahayu slamet ora ana alangan apa-apa. Aku suk Minggu kepeksa ora sida melu dolan kowe menyang Kampung Coklat. 19. Paugeranipun tembang macapat menika wonten tiga: - Guru gatra inggih menika cacahipun gatra saben sapada. - Guru wilangan inggih menika cacahipun wanda saben sagatra. - Guru lagu inggih menika dhawahipun swanten ing saben pungkasaning gatra. Pak Guru mundhut pirsa bab cacahipun gatra tembang macapat ingkang dipunsinau. Kangge ngaturi wangsulan menika, mila ingkang kedah dipuntindakaken para siswa inggih menika .... A. Ngetung cacahe wanda saben gatra B. Nliti tibaning swara ing pungkasaning gatra C. Ngitung cacahe gatra saben sapada D. Nliti bab tegese tembung-tembung 20. Gatosaken tembang macapat menika ! Maskumambang nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta Gatra/larik ing ngandhap menika ingkang guru wilanganipun sami kaliyan gatra kapindho tembang maskumambang ing nginggil inggih menika…. Tuban, 27 April 2024 Kagem Kadang kinasihku ing dalem Kinanthi kirim layang marang kancane sing jenenge Arum lan kandha menawa dheweke suk dina Minggu ora sida melu dolan menyang Kampung Coklat Blitar jalaran dheweke arep diajak ibune lunga menyang Malang.
A. Miwah bapa biyung B. Iku pantes sira tirua ta kaki C. Amuruk watekan becik D. Iku kaki estokna 21. Gatosaken tabel ing ngandhap menika ! Ing jaman rumiyin kathah-kathahipun tembang macapat dipunripta (dipunkarang) dening para wali. Dene pasangan ingkang trep antawisipun nami tembang macapat kaliyan ingkang ngripta ing nginggil inggih menika…. A. 1, b B. 2, d C. 3, c D. 4, a 22. Gatosaken tembang macapat ing ngandhap menika ! Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo. Cakepan tembang ing nginggil ngemu surasa utawi piwulang (pesan)…. A. Boten sedaya piwulang saged dipunconto. B. Piwulang leres menika wajib dipunconto bilih ingkang mulang tiyang ingkang mulya. C. Piwulang sae menika patut dipunconto lan dipunlampahi sanajan saking tiyang ingkang asor drajatipun. D. Tumindak awon boten perlu dipunconto sanajan dipuntindakaken dening tiyang ingkang mulya gesangipun. 23. Gatosaken seratan aksara Jawi ing ngandhap menika! 24. Raden Ajeng Kartini menika satunggaling pahlawan nasional RI. Panjenenganipun satunggaling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Putri satunggaling priyantun Jawi, Bupati Jepara Radèn Mas Sosroningrat. Tembung Raden Ajeng Kartini bilih kaserat kanthi aksara Jawi ingkang trep…. 1. Pucung a. Sunan Kalijaga 2. Mijil b. Sunan Giri 3. Gambuh c. Sunan Bonang 4. Dhandhanggula d. Sunan Gunung Jati
25. Gatosaken tabel ing ngandhap menika ! Tembung-tembung salebetipun tabel ing nginggil kaserat ngangge aksara Jawi (murda) amargi nedahaken asma tiyang. Tembung Wulan Kartikasari dumunung ing tabel angka…. A. 1 B. 2 C. 3 D. 4 26. Gatosaken andharan ing ngandhap menika! “Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara……..” Uwuh bisa kaperang dadi .... A. 2 B. 3 C. 4 D. 5 27. Wangun teks laporan asil observasi diwiwiti kanthi ngandharake pangerten objek kang diamati. Perangan wiwitan iki diarani definisi umum. Sabanjure disambung perangan teks kang isine ngandharake kanthi jangkep bab-bab saka objek kang diamati. Perangan iki diarani deskripsi bageyan. Wondene perangan pungkasan saka teks laporan asil observasi diarani deskripsi piguna. Perangan iki ngandharake piguna/paedah saka objek kang diamati. Bisa uga minangka dudutan utawa simpulan. Miturut andharan ing nginggil, struktur teks laporan asil observasi kadadosan saking... A. Perangan pambuka, definisi umum, deskripsi bageyan B. Deskripsi bageyan, deskripsi gunane, definisi umum C. Definisi umum, deskripsi gunane, deskripsi bageyan D. Deskripsi umum, deskripsi bageyan, deskripsi piguna/paedah 28. Teks laporan asil observasi katulis kanthi nggunakake basa baku. Beda karo basa kang digunakake ing karya sastra. Bedane ing teks laporan asil observasi lumrahe nggunakake basa kang ngandhut teges lugas, apa anane utawa teges wantah/samesthine. Dene teks sastra lumrahe nganggo basa kang endah, bisa uga ngandhut teges imajinatif.
Teks asilipun observasi kedah migunakaken basa ingkang leres lan sae (baku), jalaran .... A. Supados Panjang lan jangkep B. Kangge ngetingalake kaprigelanipun panyerat C. Kalebet basa rinengga utawi reroncening basa D. Supados mboten nuwuhake klentu tafsir 29. Wacanen kanthi patitis! JAKA TARUB Para Nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudhun saka kahyangan arep adus ing bumi. Nawang Sekar : “Ayo dulur, dolan menyang bumi!” Nawang Lintang : “Wah...ayo! Nanging dolan menyang ngendi?” Nawang Sari : “Aku duwe panemu, ayo adus ing tlaga wae” Para Nawang : “(Nggawa slendhange) Ayo....!” Para Nawang teka ing sumber lan nyelehake slendhang ing ndhuwur watu gedhe. Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat ing sandhinge tlaga kono. Jaka Tarub : Wah, sapa kuwi? Ya Jagad Dewa Bathara, ayu-ayu tenan rupane.” Jaka Tarub duwe kepinginan arep njupuk salah siji slendhange para Nawang. Tujuwane supaya bisa tetepungan karo salah sijine utawa kabeh para Nawang. Nalika para Nawang lagi adus, sing liwat sapinggire tlaga yaiku .... A. Jaka Bodho B. Jaka Tarub C. Nawang Lintang D. Nawangsari 30. Drama iku jinise maneka warna. Ana jinis drama kang ora ngugemi pakem alur, tokoh lan tema kanthi becik. Drama sing mangkene iki diarani drama absurd. Dene drama tragedi isine crita tansah gawe trenyuh atine pamiarsa. Suwalike, drama komedi isi critane tansah atur panglipur lan nyenengake penggalihe para pamiarsa. Wondene satire iku minangka drama kang isi critane panyaruwe (kritikan) marang sawijining kahananing bebrayan lan kadhangkala marang kawicaksananing para pangembating praja kang uwal saka tatanan kang samesthine. Miturut andharan ing nginggil drama ingkang isi cariyosipun maringi panglipur lan ndamel bingah penggalihipun para pamiarsa inggih menika…. A.Tragedi B. Komedi C. Satire D. Drama absurd 31. Saben teks crita mesthi nduweni unsur intrinsik, semono uga drama/sandiwara. Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur saka njero kang bisa ndhapuk wujud karya sastra. Wondene unsur kang dumunung ing sajrone naskah drama yaiku .... A. Punjering carita lan reroncening carita B. Suwasana lan orientasi C. Resolusi lan orientasi D. Reroncening carita lan satire 32. Panatacara lan pamedharsabda menika ing salebeting pasamuan dados punjering kawigatosan, kepara ugi mujudaken pasugatan tumprap para tamu, pramila inggih kedah …. A. Bagus utawi ayu ing rupa B. Ngudi murih kados artis ing panggung C. Gandhes luwes merak ati D. Ngudi murih saged renggeping wicara 33. Bakuning ayahan panatacara, minangka sopir/kusir ing pasamuan. Tegesipun …. A. Wonten upacara menika kathah paraga ingkang hanyengkuyung minangka penumpang. B. Upacara saged lumampah kanthi rancak menapa boten, komandhonipun wonten panatacara. C. Wonten upacara menika, panatacara dados sopir/kusir kendharaan. D. Kathah paraga ingkang hanyengkuyung panatacara dados sopir/kusir.
34. “Mugi-mugi sedaya siswa sageda lulus kanthi biji ingkang sae sarta sageda katampi wonten sekolah ingkang dipunkajengaken”. Ukara ing nginggil bilih wonten ing perangan medharsabda purna sekolah, mapan wonten ing perangan…. A. Panutup B. Pangarep-arep C. Wigatining pidhato D. Purwaka 35. Bokmenawi atur kula wonten ingkang boten rena ing penggalih, kula nyuwun agunging pangaksama. Wijang wijiling wicara panjenenganipun Rama Sudira kang pindha pinandhita paring sesuluh seserepan dhumateng risang temanten kekalih. Gumarenggeng ambrengengeng kadya sasra bremana ingkang mider hangupeng puspita, hanenggih menika kreta kencana ingkang tinitihan dening putra calon penganten kakung ingkang sampun manjing gapuraning plataran. Pethikan ing nginggil mujudaken pangandikanipun priyantun ingkang nembe ngayahi…. A. Pranatacara dhaup pengaten B. Pidhato pasrah penganten C. Ceramah agama D. Pahargyan palakrama 36. Gatosaken andharan ing ngandhap menika! Tindak-tanduke Tini ana owah-owahane. Dheweke wis ora nggunakake dhuwite kanggo njajan utawa dolanan. Dhuwit sangu sekolah utawa dhuwit sing ditampa saka wong tuwane, age-age dilebokake celengan. Miturut pratelan ing nginggil watakipun Tini inggih menika…. A. Gemi B. Ngebreh C. Boros D. Medhit 37. Gatosaken pacelathon ing ngandhap menika! Bapak : “Arep menyang ngendi le, kok wis dandan?” Rudi : “Badhe latihan ngeband Pak.” Ibu : “Kancane sapa wae le?” Rudi : “Kathah kok Bu, Amin, Sapta, Reno, sedaya kanca sekolah.” Bapak : “Ya kana, ning mulihe aja mampir-mampir, apa perlune wae. Saiki kudu waspada, virus covid-19 ana neng ngendi-ngendi.” Rudi : “Inggih Pak, kula bidhal riyin nggih Pak Buk, nyuwun pangestu.” Ibu : “Ya ngati-ati le, aja sore-sore yen mulih, karo kancane sing akur.” Rudi : “Inggih Bu.” Piweling bapak dhateng Rudi inggih menika …. A. Supados Rudi Tansah ngatos-atos ing margi. B. Rudi boten dipunkeparengaken mantuk ngantos sonten. C. Kaliyan kanca kedah ingkang akur, sampun ngantos wonten pasulayan. D. Supados waspada dhateng covid-19 ingkang wonten ing pundi-pundi. 38. Gatosaken pethikan teks cariyos rakyat ing ngandhap menika! Kleting tetelune padha budhal ngunggah-unggahi Andhe-Andhe Lumut. Dene Kleting Kuning ditilap. Kleting Kuning dikongkon ngumbah dandang tembaga sing rupane wis ireng banget. Kleting Kuning diwanti-wanti, ora oleh bali yen dandange durung bisa resik gilap kaya anyar. Kleting Kuning nangis kelara-lara lan nyenyuwun marang ngarsane Gusti Kang Maha Kawasa kanthi tulus amrih apa sing dadi pepenginane bisa kinabulan. Panyuwune Kleting Kuning diijabahi, banjur ditulungi Bango Thonthong kang minangka panjelmane dewa. Dandang sing rupane ireng sanalika malih gilap bali kaya anyar maneh. Pesen moral ingkang kinandhut salebetipun cariyos rakyat ing nginggil inggih menika…. A. Sapa wae iku yen karo sedulur kudu sing rukun ora kena tukaran utawa padu. B. Sakabehing pepenginan yen ditindakake kanthi temenan akhire bisa kasil. C. Saben manungsa yen gelem nyeyuwun marang Gusti Allah bakal kinabulan. D. Manungsa urip ing ngalam donya kuwi bisane kasil kudu gelem usaha dhewe.
39. Rudi turu ing amben, nglindur njerit-njerit njaluk tulung ibune. ibune kang lagi saka pawon, kanthi gupuh cepet-cepet nggugah Rudi. Ibu : Le… tangi le! (karo ngoyak-ngoyak Rudi) Rudi : Ibu… (njerit, kanthi ngos-ngosan) kula ajeng dibakar tiyang buk. Ibu : Dibakar apa ta le? wong awit mau awakmu turu wae ngono lho. Rudi : Dadi aku mau mung nglindur buk? (bungah) Alhamdulilah…. (ngrangkul ibune) Pethikan teks drama ing nginggil bilih katitik saking struktur teksdrama kalebet perangan.... A. Orientasi B. Klimaks C. Komplikasi D. Ending 40. Badri mlaku alon-alon kanthi nglamun ing trotoar. Koran saktumpuk dijunjung ing pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan, panase nylomot bunbunan nganti gosong. Raine rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Swara kendharakan ing prapatan pasar Manukan iku gemrubug nambahi ati susah. Paragraf ing nginggil miturut struktur teks drama kalebet perangan.... A. Orientasi B. Klimaks C. Komplikasi D. Ending 41. Mbah Sura : Iki mau wis suwe nek anggone awake dhewe omong- omongan. Kok nganti kelalen durung kenalan. Jenengmu sapa Le? Omahmu ngendi? Badri : ……. kula Badri, Mbah. ….… kula Semanding. Tembung ingkang trep kangge njangkepi pacelathon ing nginggil inggih menika… A. Asma, dalem B. Nami, griya C. Asma, griya D. Nama, ndalem 42. Teks arupi pacelathon (dialog) lan katrangan ingkang isinipun cariyos utawi lakon ingkang kadadosan saking pinten-pinten adegan lan nelakaken ewah-ewahan swasana, papan, wekdal, kahanan panggung lan tingkah lakunipun paraga dipunwastani…… A. Skenario B. Akting C. Casting D. Sutradara 43. Sudra : Menawi makaten Mbah, panjenengan menawi tindakan kedah wonten ingkang ngancani, supados aman, mboten wonten kedadosan ingkang mbebayani kados kalawau. Mbah Surantani: Iya Le, pancen bener sing mbok kandhakake. Iki mau bojoku lagi masak, anakku wis padha kerja dhewe-dhewe lan putuku ya padha sekolah. Karepku mono supaya ora ngrepoti sapa-sapa. Lha…jebul kok malah ngrepoti kowe kabeh. Sepurane ya le, Mbahe ki matur nuwun saka pitulunganmu, aku ora bisa mbales kebecikanmu. Muga-muga Gusti Allah sing mbales ya, Le? Pethikan teks drama wujud dhialog ing nginggil, paraga Sudra migunakaken basa Jawa ragam... A. Ngoko lugu B. Krama lugu C. Ngoko alus D. Krama alus 44. Unsur intrinsik drama inggih menika unsur ingkang wonten salebetipun teks drama menika piyambak. Gatosaken andharan unsur-unsur menika: 1) Plot 2) Latar belakang penulis 3) Setting 4) Narator 5) Amanat 6) Babak lan adegan Saperangan ingkang kalebet unsur instrinsik drama ing nginggil wonten ing angka…. A. 1, 3, 4 B. 1, 3, 5 C. 1, 3, 6 D. 2, 4, 6 45. Perangan wiwitanipun teks drama ingkang minangka katrangan gegambaranipun drama kanthi umum kanggeo nepangaken paraga, njlentrehaken papan panggenan lan wekdal salebeting drama kawastanan.... A. Dhialog B. Prolog C. Epilog D. Setting
46. Lapuran kegiyatan kaserat minangka bukti menawi kagiyatan sampun kaleksanan, kejawi menika ugi minangka…. A. Dokumen pribadhi C. Dokumen organisasi B. Wujuding tanggel jawab D. Gladhen nyerat 47. Struktur teks laporan kegiatan ingkang runtut inggih menika…. A. Pambuka, panutup, isi C. Pambuka, isi, panutup B. Pambuka lan isi D.Isi, pambuka, panutup 48. Paugeran panyeratipun lapuran kagiyatan inggih punika: A. Runtut manut tata wangunipun C. Ngginakaken basa endah B. Seratanipun kedah sae D. Dipunkantheni foto 49. Unjuk atur (laporan) kanthi lumantar lesan utawi seratan, menika …. A. Sampun mujudaken kabetahan lan pakulinan ing madyaning bebrayan B. Mboten mujudaken kabetahan lan pakulinan ing madyaning bebrayan C. Dereng mujudaken kabetahan lan pakulinan ing madyaning bebrayan D. Mangkenipun mujudaken kabetahan lan pakulinan ing madyaning bebrayan 50. Kaprigelan ngronce unjuk atur (laporan) boten namung mujudaken kabetahanipun priyayi sepuh kemawon, nanging ugi…….. A. Para mudha taruna, para siswa wiwit pawiyatan dhasar ngantos mahasiswa ing pawiyatan luhur ugi mbetahaken kaprigelan ngronce unjuk atur. B. Para mudha taruna, para siswa wiwit pawiyatan dhasar ngantos mahasiswa ing pawiyatan luhur mboten mbetahaken kaprigelan ngronce unjuk atur. C. Para mudha taruna, para siswa wiwit pawiyatan dhasar ngantos mahasiswa ing pawiyatan luhur dereng mbetahaken kaprigelan ngronce unjuk atur. D. Para mudha taruna, para siswa wiwit pawiyatan dhasar ngantos mahasiswa ing pawiyatan luhur mangkenipun mbetahaken kaprigelan ngronce unjuk atur. KUNCI JAWABAN 1 A 11 C 21 D 31 A 41 B 2 A 12 A 22 C 32 D 42 A 3 C 13 B 23 A 33 B 43 D 4 C 14 B 24 D 34 B 44 B 5 C 15 A 25 B 35 D 45 B 6 C 16 A 26 A 36 A 46 B 7 C 17 C 27 D 37 D 47 C 8 C 18 C 28 D 38 B 48 A 9 C 19 C 29 B 39 D 49 A 10 C 20 A 30 B 40 A 50 A