BAHASA JAWA KELAS 7 https://s.id/perpusmu2 SMPN 2 MERAKURAK TP. 2023/2024 SEMESTER GANJIL
PEMERINTAH KABUPATEN TUBAN DINAS PENDIDIKAN PENILAIAN SUMATIF AKHIR SEMESTER GANJIL SEKOLAH MENENGAH PERTAMA NEGERI 2 MERAKURAK TAHUN PELAJARAN 2023 / 2024 Mata Pelajaran : Bahasa Daerah (Jawa) Hari/tanggal : Sabtu, 9 Desember 2023 Kelas/Semester: IX / Ganjil Waktu : 07.30 – 09.00 WIB Pilihen wangsulan ingkang leres! 1. Gatekna punggelan teks ing ngisor iki.! Miturut acarane mantu bisa diperang dadi loro, yaiku “Mantu” lan “Ngundhuh mantu”. Mantu yaiku pahargyan panganten kang ditidakake ana omahe kulawarga penganten putri. Dene ngundhuh mantu pahargyan panganten kang ditidakake ana omahe kulawarga penganten kakung kang padatan wektune limang (5) dina sawise upacara mantu. Umume upacara mantu ditindakake luwih regeng tinimbang upacara ngundhuh mantu. Bakune isi teks ing ndhuwur yaiku……… A. Paedahe mantu B. Tata cara mantu C. Bedane mantu lan ngundhuh mantu D. Adicara ing upacara ngundhuh mantu 2. Gatekna teks ing ngisor iki.! Mantu yaiku sawijining tradhisi kang ditindakake kulawarga nalika ngomah-omahake putra putrine kang dianggep wis dhiwasa. Diarani omah-omah sabab dadi cara kanggo nyawijekake anak wadon karo pasangane lan banjur urip dhewe manggon saomah. Manunggaling anak wadon lan lanang kamangka bisa nemokake kamulyan sejati, lan bisa kanggo sarana antuk putra kang minangka panyambunging urip. Pada/paragraf ing dhuwur iku yen dideleng strukture ing laporan asil observasi kalebu… A. Defenisi umum B. Dheskripsi piguna/manfaat C. Dheskripsi bageyan D. Klasifikasi 3. Kesenian drama tradhisional kang mujudake kesenian khas saka Jawa Timur, moncer ing wilayah Surabaya, Malang, lan Mojokerta. Ciri khase mesthi diwiwiti anane tari Remo. Kesenian tradhisional iku jenenge .... A. Kethoprak B. Janger C. Ludruk D. Lenong 4. Struktur teks drama kang mujudake tata urutan crita ing naskah/pagelaran, kawiwitan saka pengenalan tokoh utamane, tuwuhing masalah kang dialami tokoh utama, ngrembakane masalah kang saya ngambra wara nganti bledhose perkara, wusana tinemu dalan kanggo mungkasi crita diarani.... A. Alur B. Tema C. Seting D. Amanat 5. Supados pentas drama lumaku kanthi sae, pramila para paraga (pemain) kedah anut lan nurut dhumateng.... A. Panyerat skenario B. Sutradara
C. Tiyang ingkang nanggap D. Pimpinan produksi 6. Kejawi unggah-ungguh basa, panatacara lan pamedharsabda ugi kedah nguwaosi kawruh bab sastra Jawi, kadosta ingkang gayutan kaliyan : purwakanthi, wangsalan, bebasan lsp. Murih …. A. Kathah engkang nanggap B. Bayaranipun mindhak C. Tansaya kondhang D. Saya endah edining basa 7. Patraping busana, panatacara kedah kajumbuhaken kaliyan …. A. Sinten ingkang kagungan kersa B. Sinten ingkang rawuh C. Ing pundi upacara kawontenaken D. Swasana tuwin upacara ingkang lumampah 8. Keparenga matur, kula minangka wakil saking para siswa kelas 9, ingkang sampun kagula wentah tigang warsa ing sekolah menika kanthi kebak asih. Kutipan ing dhuwur nerangake kang lagi pidhato yaiku.... A. Bapak Kepala Sekolah B. Bapak/Ibu guru C. Wali murid D. Wakil siswa kelas 9. Gatekna perangane teks tanggap wacana ing ngisor iki! Puja puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula ingkang arupi kesehatan jasmani lan rokhani, saengga ing wekdal punika kita sedaya saged ngawontenaken pepanggihan kangge ngrembag bab kaleksananing lomba karesikan lingkungan. Perangane tanggap wacana ing ndhuwur mujudake …. A. Pambuka B. Surasa basa C. Pangarep-arep D. Panutup 10. Gatekna perangane teks tanggap wacana ing ngisor iki! Mekaten sekedhik andharan ingkang saged kula aturaken mbok bilih anggen kula matur wonten kekiranganipun saha kirang mranani ing penggalih panjenengan, kula namung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Wasana kula pungkasi wabillahi taufiq wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh…… Perangane tanggap wacana ing ndhuwur mujudake …. A. Pambuka B. Panutup C. Surasa basa D. Pangarep-arep 11. Gatekna perangane teks tanggap wacana ing ngisor iki! Bapak Kepala Desa ingkang dahat kinurmatan, Bapak-bapak Perangkat desa saha para pamong praja ingkang kula kurmati ugi, Para Bapak, Ibu lan para ingkang sampun kepareng rawuh, sarta Para mudha tumaruna anggota karang taruna ingkang kula tresnani. Perangane tanggap wacana ing ndhuwur mujudake …. A. Surasa basa B. Salam Pambuka C. Atur pakurmatan D. Panutup
12. Struktur teks laporan kagiyatan kang isine andharan ngenani jeneng kagiyatan, wektu lan panggonane, peserta lan panitia, sarta andharan bab asil kagiyatan jroning struktur teks laporan kagiyatan diarani.… A. Pambuka B. Isi C. Panutup D. Saran 13. Nalika ana salah sawijining murid telpon marang gurune kanggo nyuwun ijin ora mlebu sekolah, kudu migunakake basa kang bener. Basa kang trep digunakake yaiku... A. Ngoko lugu B. Ngoko andhap C. Basa krama alus D. Basa gaul 14. Kala wingi Mas Dani kondur saking Surabaya ....oleh-oleh. Ngendikanipun oleh-oleh menika mundhutwonten ing Pasar Turi. Mas Dani pancen loma sanget, piyarnbakipun remen peparing. Pratelan menika prayoginipun dipunjangkepi tembung ...... A. Nggawa B. Nyangking C. Ngasta D. Mbekta 15. Tata wangun teks unjuk atur asilipun niti priksa kahanan dumados saking…. A. Perangan andharan umum, wedharan mligi, lan wedharan piguna B. Perangan pambuka, andharan umum, lan wedharan mligi C. Perangan pambuka, pungkasan, lan wedharan piguna D. Perangan andharan umum, pungkasan,lan wedharan piguna 16. Teks asilipun observasi kedah migunakaken basa ingkang leres lan sae, jalaran …. A. Supados panjang lan jangkep B. Supados mboten nuwuhaken klentu tafsir C. Kangge ngetingalaken kaprigelanipun panyerat D. Kalebet basa rinengga utawi reroncening basa 17. Tedhak siten utawa tedhak siti ing adat Jawa dianakake tumrap bocah umur 7 lapan (245 dina) sawise lair. Nalika si bocah nembe sepisanan ajar mlaku. Tembung tedhak siten asale saka tembung tedhak kang ateges mudhun lan siten kang ateges lemah utawa bumi. Dadi tedhak siten nduweni teges ngidakake sikil ing lemah. Tedhak siten nglambangake kesiapan bocah kanggo jumangkah nglakoni urip ing mbesuke. Tedhak siten nggambaraken... A. Bocah umur 7 lapan B. Bocah nembe sepisanan ajar mlaku C. Bocah mudhun ing lemah D. Kesiapan bocah kanggo jumangkah nglakoni urip ing mbesuke 18. Ing ngandhap menika ingkang kalebet irah-irahan laporan kunjungan... A. Keprungu swara wong nangis. B. Bebarengan njaga kelestariane lingkungan. C. Ayo padha urip sehat D. Dolan menyang wisata Jati Wangi 19. Wis adat saben, tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi Desember nganti tekan tengah-tengahing April, dibarengi karo pawarta –pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan, kayata banjir, angin lesus, lemah longsor lan liya-liyane. Yen wis ngono kabeh jenis informasi elektronik apadene media cetak kang sumebar ing masyarakat, kayata radio, TV,
internet, koran lan sapanunggalane dikebaki dening pawarta banjir. Durung suwe ing wiwitaning sasi Januari kepungkur, banjir bandhang wis dumadi ing tlatah Jakarta. Sawise kuwi ganti gumanti liya dhaerah katerak banjir. Saking pawarta kasebat ingkang dados bakuning pawarta inggih menika .... A. Banjir ing mangsa rendheng B. Wulan Desember iku mangsa rendheng C. Progam penghijauan ing kutha Jakarta D. Jenisipun media informasi 20. a[!omnMenikput]nipu[nFwianJ!i , bilih kaserat Latin... A. Agoman menika putranipun Dewi Hanajni B. Anoman menika putranipun Dewi Anjani C. Agoman menika putranipun Dewi Jayatni D. Anoman menika putranipun Dewa Hanjani 21. Carita kethoprak menika biasanipun mendhet saking carita babad, tegesipun…. A. Nggambaraken panandhaning kawula alit B. Carita ingkang ngandhut unsure sejarah C. Carita bab asal usule panggenan D. Carita saking manca negari 22. Kethoprak humor dipunwastani nilar pakem, awit….. A. Paraganipun boten dibayar B. Paraganipun kathah ingkang artis C. Para paraganipun boten pekerja professional D. Boten nggangge basa, gamelan lan tata krama ingkang limrah 23. Paugeran penulisan laporan kagiyatan kang trep yaiku….. A. Runtut miturut tata wangun B. Tulisan kudu apik C. Migunakake basa kang endah D. Dikantheni foto kagiyatan 24. Anane acara bobot timbang ing upacara krobongan temanten ngemu pasemon utawa pralambang ingkang sejatine para sepuh niku…. A. Ora pareng pilih asih B. Kudu emban cindhe emban siladan C. Majibake putrane kudu cpet sugih D. Tansah ngendhaleni putra mantu 25. Lumrahe upacara adat dhauping panganten iku dilaksanakan ing dalem kulawarga….. A. Temanten putri B. Temanten kakung C. Kadang sepuh temanten putri D. Kadang sepuh temanten kakung 26. Tembung kang tegese padha karo tembung pamengku gati yaiku….. A. Priyayi kang kagungan kersa B. Kulawarga besan C. Temanten putri D. Temanten kakung 27. Struktur teks asil observasi yaiku…… A. Perangan pambuka, definisi umum, deskripsi bageyan B. Deskripsi bageyan, deskripsi gunane, definisi umum C. Definisi umum, deskripsi gunane, deskripsi bageyan
D. Definisi umum, deskripsi bageyan, deskripsi piguna/manfaat 28. Ing ngisor iki kalebu ciri-ciri teks laporan asil observasi, kajaba…… A. Ngandhut fakta utawa kedadeyan kang sabenere B. Ditulis kanthi jangkep C. Bisa narik kawigaten para maos, minangka bab kang wigati D. Diceritakake kanthi basa ing geguritan (puisi) 29. Teks laporan asil observasi asipat apa anane (obyektif), tegese yaiku…… A. Isi teks asil observasi selaras karo kasunyatan B. Teks diandharake kanthi basa kang cetha lan gampang dimangerteni dening para maos C. Teks bisa didadekake minangka sumber pengalaman tumprap wong liya kang arep nindakake kagiyatan ngamati babagan kang padha D. Ngandhut panemu (opini) kang diandharake dening para ahli sing wis mangerteni luwih mirunggan 30. Anane acara bobot timbang ing upacara temanten ngemu pasemon utawa pralambang yen sejatine para sepuh iku…… A. Ora pareng pilih kasih B. Majibaken putrane kudu cepet sugih C. Kudu embe cinde emban siladan D. Tansah ngendhaleni putra mantu 31. Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna, lan isine terkadhang ora kalebu ing nalar, kalebu jenise drama…… A. Modern B. Tradisional C. Jaman saiki D. Gagrag anyar 32. Tari pambuka ing pagelaran ludruk inggih menika……… A. Tari Srimpi B. Tari Merak C. Tari Remo D. Tari Gambyong 33. Brandhal Loka Jaya menika cerita ludruk asli saking tlatah……… A. Surabaya B. Jombang C. Sidoarjo D. Tuban 34. Andharan ing ngandhap menika wonten gegayutanipun kaliyan ludruk, kejawi…… A. Ludruk mujudaken kesenian tradisional Jawi Wetan B. Tari Remo nggambaraken siaganipun para pahlawan nglawan penjajah C. Caritanipun nggambaraken panandhaning kawula alit D. Caritanipun mligi kapendet saking babon babad tanah Jawi 35. Carita kethoprak menika biasanipun mendet saking carita babad, tegesipun…… A. Nggambaraken panandhaning kawula alit B. Carita ingkang ngandhut unsur sejarah C. Carita bab asal-usul panggenan D. Carita saking manca negari 36. Kok njanur gunung, kadingaren koen dolan mrene. Tembung kang kacithak miring ing ukara kasebut diarani……
A. Paribasan B. Parikan C. Cangkriman D. Wangsalan 37. Tiyang ingkang maosaken utawi nata adicara menika dipunwastani…… A. Pengacara B. Panatacara C. Pamedhar sabda D. Pambicara 38. Tiyang ingkang ngandharaken utawi mahyakaken sabda utawi suaraos (kawigatosan) dhateng tiyang sanes utawi tiyang ingkang kathah ing pasamuan kasebat……… A. Pengacara B. Panatacara C. Pamedhar sabda D. Pambicara 39. Boten sedaya tiyang saged dados panatacara tuwin pamedhar sabda ingkang sae, jalaran ngendikan wonten sangajengipun tiyang kathah menika mujudaken kagungan “seni”, liripun…… A. Wonten gayutanipun kaliyan kesenian lan hiburan ing sawenehing adicara B. Wonten gayutanipun kaliyan kaendahan lan daya tarik ingkang nengsemaken C. Tiyang ingkang dados panatacara utawi pamedhar sabda kasebat ugi seniman D. Tiyang ingkang dados panatacara utawi pamedhar sabda gadhah “darah seni” 40. Panatacara lan pamedhar sabda menika ing salebeting pasamuan dados punjering kawigatosan, kepara ugi mujudaken pasugatan tumprap para tamu, pramila inggih kedah…… A. Bagus utawi ayu ing rupa B. Gandhes luwes merak ati C. Ngudi murih kados artis ing panggung D. Ngudi murih saged renggeping acara 41. Bakuning ayahan panatacara, minangka sopir/kusir ing pasamuan. Tegesipun…… A. Wonten upacara menika kathah paraga ingkang hayengkuyung minangka penumpang B. Upacara saged lumampah kanthi rancak menapa boten, komandhonipun wonten panatacara C. Wonten upacara menika, panatacara dados sopir/kusir kendharaan D. Kathah paraga ingkang hayengkuyung panatacara dados sopir/kusir 42. Kejawi unggah-ungguh basa, panatacara lan pamedhar sabda ugi kedah nguwaosi kawruh bab sastra Jawi, kadosta ingkang gayutan kaliyan: purwakanthi, wangsalan, bebasan lsp. Murih…… A. Kathah ingkang nanggap B. Tansaya kondhang C. Bayaranipun mindhak D. Saya endah edining basa 43. Supados baut micara, boten wonten cara sanes kejawi namung kedah kathah…… A. Micara B. Gladhen sesorah C. Tanggapan D. Ngracik ukara 44. Menawi wekdalipun sampun kasep saking rantaman, panatacara utawi pamedhar sabda tamtu badhe matur kanthi……… A. Seru lan cetha B. Ngambra-ambra
C. Ngelantur D. Cekak aos 45. Kanthi sangu kawruh ingkang pepak, panatacara lan pamedhar sabda…… A. Langkung moncer lan inggil bayaranipun B. Boten badhe samar ing kawontenan kados pundi kemawon C. Dipun sungkani dening sagunging para rawuh D. Ketingal pinter lan mrebawani 46. Dumugi sangajenging para tamu, panatacara lan pamedhar sabda ngaturaken sembah kalbu, minangka… A. Atur pakurmatan dhumateng para tamu B. Atur pambukaning wicara C. Perangan reroncening adicara D. Salam pambagyaharja dhumateng para tamu 47. Patraping busana, kedah kajumbuhaken kaliyan…… A. Sinten ingkang kagungan kersa B. Sinten ingkang rawuh C. Ing pundi upacara kawontenaken D. Swasana tuwin upacara ingkang lumampah 48. Para rawuh, sedaya adicara sampun kalampahan kanthi rancag lan sae, ateges adicara sampun paripurna. Kula minangka pranatacara nyuwun pangapunten menawi wonten lepat lan kirang langkungipun. Tegese tembung paripurna yaiku…… A. Siyap siaga B. Rampung C. Mardika D. Lumaku 49. “Mugi-mugi samangke saged lulus kanthi biji ingkang sae sarta saged katampi wonten sekolah ingkang dipun kajengaken.” Ukara iku ana ing perangan pidhato perpisahan sekolah, mapan ana ing perangan…… A. Pambuka B. Pangarep-arep C. Purwaka D. Wasana basa 50. Kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun pangapura. Unen-unen menika kalebet…… A. Paribasan B. Tembang C. Parikan D. Bebasan
KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA KELAS 9 1. C 2. A 3. C 4. A 5. B 6. D 7. D 8. D 9. A 10. B 11. C 12. B 13. C 14. C 15. A 16. B 17. D 18. D 19. A 20. B 21. B 22. D 23. A 24. A 25. A 26. A 27. D 28. D 29. A 30. A 31. B 32. C 33. D 34. C 35. B 36. D 37. B 38. C 39. B 40. D 41. B 42. C 43. B 44. D 45. B 46. A 47. D 48. B 49. B 50. C