BAHAN AJAR MENULIS AKSARA SWARA KARUNIA DEDI PURNAMA, S.Pd NIM 23100860058 PROGRAM PROFESI GURU DALAM JABATAN KATEGORI II BAHASA DAN SASTRA JAWA UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA 2023 ꦄ ꦆ ꦈ ꦌ ꦎ
BAHAN AJAR MENULIS AKASARA SWARA 2 Bahan Bacaan Guru dan Peserta Didik 1. Tegese Aksara Jawa Aksara Jawa limrahipun dipunwastani “hanacaraka”. Poerwadarminto (1939) ugi ngandharaken asma sanesipun aksara Jawa inggih menika “carakan”. Tegesipun reruntutan aksara Jawa saking akars ha, na, ca, ra, kalihan ka. Cacahipun wonten kalih doso, pocapanipun kanthi cara wanda urip inggih menika knsonan kalihan sandhangan swara /a/. Pramila kedah dipunuri-uri/dilestantuaken. Wujud aksara Jawa inggih menika: carakan (dentawyanjana), pasangan, aksara murda, sandhangan swara, sandhangan pangkon (sigeg), sandhangan panyigeging wanda, sandhangan wyanjana, sandhangan rangkep, pratandha, aksara panjingan, aksara swara, aksara rekan, saha angka Jawa. Katangan : saking bagan menika ingkang badhe dipunandharaken inggih menika aksara swara. 2. Paugeran Tata Tulis Aksara Jawa a. Mardi Kawi Serat Mardi Kawi ingkang dipunserat dening W.J.S Poerwadarminta taun 1860. b. Tjarakan Djawa Paugeran tata panyeratanipun aksara Jawa anggitanipun Ki Padmosoesastra. c. Paugeran nyerat Aksara Jawa 1994 Wewaton menika minangka wewaton ingkang dipun asilaken dening Tim Penyusun Penulisan Aksara Jawa Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Popinsi DIY, saha kasil katetapaken lumantar Keputusan gubernur DIY No. 115/KPTS/1994 Tentang Pedoman Penulisan Aksara Jawa. d. Paugeran Nyerat Aksara Jawa KBJ 1996 Paugeran menika asiling Konggres Aksara Jawa (KBJ) minangka paugeran aksara Jawa “Konggres Bahasa Jawa II wonten ing Malang, Jawa Timur taun 1996. e. Wewaton Sriwedari Wewaton sriwedari minangka salah satunggaling tata panyeratan aksara Jawa ingkang kalebet enggal, ugi minangka asiling “poetoesan Pareptan Koemisi Kasoesastran” (Literatur Committee Decision) ing Sriwedari, Surakarta taun 1926. f. Tata Tulis KAJ I Yogyakarta Asiling kesepakatan Kongres Aksara Jawa I Yogyakarta 2021, paugeran panyeratan aksara Jawa KAJ I minangka paugeran aksara Jawa ingkang sampun dipunjumbuhaken kalihan media digital. Miturut Perda Provinsi Jawa Tengah Nomor 9 taun 2012 Tentang Bahasa, Sastra dan Aksara Jawa Bab III Pasal 6 kangge Provinsi Jawa Tengah paugeran tata tulis ingkang dipunginakaken inggih menika Wewaton Sriwedari. Kejawi menika ngginakaken tata penyeratan KAJ I kangge tata panyeratan ing mediya elektronik. 3. Wujudipun Aksara Jawa a. Aksara Carakan lan Pasangan Miturut Darusuprapta, dkk., (2002: 5), wujudipun aksara carakan (abjad Jawa) ingkang dipunginakaken wonten ing ejaan basa Jawi cacahipun 20 aksara pokok ingkang sipatipun silabik Aksara Jawa Legena Pasangan Sandhangan Angka Aksara Swara Aksara Rekan Aksara Murda
BAHAN AJAR MENULIS AKASARA SWARA 3 (bersifat kesukukataan). Wujudipun winten ing ngandhap menika : Caranipun ngapalake aksara Jawa kalihan pasanganipun kados ing ngandhap menika: Katrangan : rerakitanipun piyambak rikala dinten rebo surya kaping 4 Oktober 2023 1) Madosi pasangan kalihan aksara ingkang wujudipun sami. Katrangan : rerakitanipun piyambak rikala dinten rebo surya kaping 4 Oktober 2023 2) Madosi pasangan ingkang wujudipun sami kalihan aksara carakanipun, ananging salah setunggal sukunipun boten jangkep. Katrangan : rerakitanipun piyambak rikala dinten rebo surya kaping 4 Oktober 2023 3) Madosi pasangan ingkang sami. Katrangan : rerakitanipun piyambak rikala dinten rebo surya kaping 4 Oktober 2023 4) Ngapalkaken pasangan ingkang radi angel. Katrangan : rerakitanipun piyambak rikala dinten rebo surya kaping 4 Oktober 2023
BAHAN AJAR MENULIS AKASARA SWARA 4 Menika namung salah satunggaling cara kangge ngapalaken aksara Jawa kalihan pasanganipun. Kejawi menika kathah cara kangge ngapalaken aksara Jawa kalihan pasanganipun. b. Aksara Swara Aksara swara cacahipun wonten 5, inggih menika kados ing ngandhap : Katrangan : rerakitanipun piyambak rikala dinten rebo surya kaping 4 Oktober 2023 1) Aksara swara dipunginakaken kangge nyerat aksara vokal, mliginipun tembung manca. 2) Aksara swara boten dipunginakaken minangka aksara pasangan, saengga aksara sigeg wonten ing sangajengipun kedhah dipun pangkon. 3) Aksara swara saged dipunparingi sandhangan wignyan, cecek kalihan layar.
BAHAN AJAR MENULIS AKASARA SWARA 5 Ngelmu iku kalakone kanthi laku “Menguasai ilmu itu tercapainya melalui proses, perjalanan secara lahir maupun batin.” Wong Bisa kuwe amarga kulina
BAHAN AJAR MENULIS AKASARA SWARA 6 https://www.klikdisini.id/2019/08/aplikasi-aksara-jawa.html