The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Didiek Sulistyana, 2023-06-13 04:56:54

KARANGANYAR

KARANGANYAR

MULABUKANE KUTHA KARANGANYAR Kacarita dumadine Karanganyar ana gandheng cenenge karo sejarah kerajan Mataram kang nalika wektu samana kang mapan ana ing Kartasura, Ing wektu samana kang dadi Raja Mataram yaiku Sinuhun Prabu Amangkurat Jawa. Nalika Ing wektu pemerintahan Raja Amangkurat Jawa iki, kerajaan Mataram nemahi mangsa kang angel, amerga campur tanganing walanda ing kraton, mula ora kaget akeh keluarga keraton kang ninggalake keraton banjur nantang marang walanda. Ing antarane keluarga kang nduweni tekat gede musung walanda yaiku Pangeran Diponegaro ( Raden Mas Notowiryo) lan garwanipun, nggih menika Raden Ayu Diponegoro (Raden Ayu Subiyah). Bebarengan karo pandereke, Pangeran kang gagah prakasa menika nyerang marang markas walanda kang mapan ing leladan Kartasura saking benteng ing Madiun, Ing Madiun menika Pangeran Diponegaro didadosaken Sultan kanthi gelar Sultan Herucukro.


Kapurwakan serangan Sultan Herucukro baget gawe walanda bingung, amagi kalah ing senjata lan mboten pikantuk dukungan saking keraton, ing tembe saget dipun gagalaken dening walanda, Sultan Herucukro ditangkep dining pasukan Walanda lan dipun asingaken wonten ing Tanjung Harapan ( Afrika Selatan). Nalika semanten Raden Ayu Diponegoro kang saget ucul saking Walanda lajeng ngumbara ing daerah Bang Wetan. Lan imba-imba (nyamar) dadi pertapa lan damel pesanggrahan alit ing tengah-tengah alas lan jejuluk Nyi Dipo. Ing sawijinig dina Nyi Dipo lagi semedi (dedonga) tumrap Gusti ing Pesanggrahan dumadaklan ana swara Goib. “……………………………………..” panyuwunmu kasembadan, Nyi…sakiki mangkata menyang tengah alas. Ing sangisore wit jati growong (bolong) ana susuh manuk derkuku kang jeglok saka ndhuwur, openanan anak manuk mau, lan sok yen wis iso manggung anah “ sapa mangan aku bakal dadi luhur” ateges wektumu wis teka, bakal ana Satriya kang dikawal


wong telu yaiku abdine, Banjur suguhna manuk mau amerga Striya Kuwi mau kang bakal neruskae gegayuhanmu. Nyi Dipo kaget keprungu swara goib mau, ananging cepet anggone tanggap kabeh bakalan kelakon ora liya amerga kuasaning Gusthi, sabjure Nyi Dipo gage mangkat menyang tengah alas, jebul bener apa kang dirungokene swara goib mau ing sangisore wit jati kang growong ditemokne susuh manuk derkuku lan ana anake siji kang muni cit cit cit kanthi banter banjur digawa mulih menyang pesanggrahan lan diopeni. Ora kerasa, wektu terus mlaku, Ing kraton Kartasura, Raja Amangkurat Jawa sampun Seda lan dipun gantos Sunan Paku Buwana II, ananging pengaruh walanda tetep wonten lan tambah ageng pengaruhipun, lan katah para keluarga keraton ingkang sami nderek langkah Pangeran Diponegaro. Saperangan Kerabat saget lolos saking keraton Kartasura lan ngawontenakaen perlawanan dhumateng Walanda yaiku Pangeran Mangkubumi lan Raden Mas Said lan para panderek, tansah kanthi


semangat mengsah walanda tanpa wedi supaya Walondo Lunga saka bumi Mataram. Ing sawijining dina, Raden Mas Said lagi ing di tanah Bang Wetan, kaya adate tansah mertapa, sang pangeran kanthi Khusuk nyeyuwun marang Gusthi supaya kasembadan apa kang digayuh. Pangeran kang gagah lan kendel iki suwene suwe kawentar kanthi jejuluk Pangeran Samber Nyawa, nalika mertapa ing tengah alas lan dikancani pendereke cacah telu yaiku Ronggo Panambang, Kudanawarso, lan Nitidana. Sajroning sepining alas dumadakan Raden Mas Said kanget ameraga ana manuk derkuku kang banget aneh, manuk Derkuku kuwi manggung “…sapa mangan aku mesthi bakal dadi luhur”. Raden Mas Said kaget nalika keprungu suwara manuk kang aneh iku, kaya-kaya ora percaya marang kedaden iki. Pangen banjur percaya nalika manuk kuwi mau ninggalake mabur.


“Ronggo Panambang, Kudanawarso, lan Nitidana….! Ayo diucit manuk kuwi mau…!” Raden Mas Said ngajak supaya oyak manuk mau. Para panderek kang setia gage ngucit manuk, sakwise manuk mau mabur wetara wektu suwene, manuk amu banjur mlebu ing sawijining pesanggrahan. Raden Mas Said Lan pandereke mlebu ing njero Pesanggrahan lan dimanggakake dining wanita kang nduwni kawibawan yaiku Raden Ayu Diponegoro kang ganti jeneng Nyi Dipo. Raden Mas Said enggal matur kang dadi tujuanne, ananging Raden Mas Said rumangsa cedak marang wanita kang agung iki, semana uga Nyi Dipo uga ngrasakake apa kang dirasakne Raden Mas Said, Pejuang Wanita iku mau banjur trenyuh sakwise ngeri sejatine Pangeran Samber Nyawa. Rasa bungah Nyi Dipo tinambah nalika ngerti menawa Kesatriya kang dikarepke ing wisikan suawara gaib kang ditampa prang tahun kepungkur ora liya jebule Raden mas Said Yaiku Putune dewe.


Nyi dipo enggal-enggal masak manuk Derkuku mau banjur disuguhke kanggo Raden Mas Said ditambah sega katul lan legen. Sakwise rampung anggone Dahar Nyi dipo nyeritakne manuk ajaib kuwi mau lan uga Wisik ( Tanda/isyarat) kang ditampa pirang tahun kapungkur. Raden Mas Said lan panderek rumaos bombong lan syukur kurungi ngendikane Nyi Dipo, kanggo piwales syukur saka Raden Mas Said njenengake papan pangonan iki kanthi jeneng Karanganyar. Karanganyar Raden? Pitakone pandereke. Bener amerga ing papan iki aku dikarangne (Dituguhne) kanthi perjanjen anyar, manawa aku bakal munggah Tahta.


Kawiwitan saka kuwi daerah kasebut tumeka sakiki dijenengi Karanganyar, Lan Nyi Dipo dianugrahi gelar Nyi Ageng Karang Marang Raden Mas Said lan dadi cikalbakal Karanganyar.


Click to View FlipBook Version