The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ENDIKA PRANATASARI SUDIYANTO, 2023-11-20 20:27:00

BAHAN AJAR ANGKA JAWA

BAHAN AJAR ANGKA JAWA

Keywords: ANGKA JAWA

BAHAN AJAR Angka Jawa Kangge Kelas XI Fase F Kasusun dening Endika Pranatasari Sudiyanto S.Pd


IDENTITAS CAPAIAN PEMBELAJARAN Elemen : Membaca Peserta didik mampu memahami kaidah penulisan teks aksara jawa melalui kegiatan membaca teks aksara jawa (nglegena-pasangan, sandhangan, angka, swara, murda dan rekan). TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah kegiatan pembelajaran dengan model Problem Based Learning, melalui pendekatan Alur Merdeka, dan metode metode teams game turnament peserta didik dapat menganalisis menganalisis penggunaan angka Jawa dalam bacaan sederhana beraksara Jawa. (C4,HOTS Setelah kegiatan pembelajaran dengan model Problem Based Learning, melalui pendekatan Alur Merdeka, dan metode teams game turnament peserta didik dapat mengalihaksarakan kalimat sederhana beraksara Jawa ke aksara latin. (P4, HOTS) 1. 2. INDIKATOR PEMBELAJARAN Peserta didik dapat menganalisis menganalisis penggunaan angka Jawa dalam bacaan sederhana beraksara Jawa. (C4,HOTS Peserta didik dapat mengalihaksarakan kalimat sederhana beraksara Jawa ke aksara latin. (P4, HOTS) 1. 2.


PETA KONSEP MATERI ANGKA JAWA Teges Angka Jawa Wujud Angka Jawa Panganggening Angka Jawa Kaidah Panyeratan Angka Jawa Tuladha teks Angka Jawa SUGENG NDHEREK PASINAON


FASE 1 ORIENTASI PADA MASALAH Materi Faktual Menapa para siswa mangertos angka Jawa? sinten ingkang nate manggihi utawi nyerat angka Jawa? Wonten ing pepanggihan menika badhe dipunrembag materi teks angka Jawa,, samenika sampun kathah dipun-panggihaken tuladha-tuladha aksara Jawa lan angka jawa ing sakupengan kita, sumangga para siswa saged nggatosaken tuladha angka Jawa ing ngandhap menika: (MULAI DARI DIRI) Kaos Angka Jawa Nama Margi aksara Jawa Jam Angka Jawa Kaligrafi Aksara Jawa Hiasan Aksara Jawa Bros aksara Jawa Gelang Angka Jawa


FASE 2 MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK Materi Konseptual Para siswa aksara Jawa menika wujudipun wonten kathah, wonten aksara nglegena, aksara rekan, aksara murda, sandhangan, pasangan lan angka Jawa. Wonten ing pepanggihan menika badhe dipunrembag babagan Angka Jawa.. Sumangga para siswa nyinauni materi angka Jawa kaliyan kelompok piyambak-piyambak. Siswa ugi saged nyinau ing barcode ngandhap (EKSPLORASI KONSEP) A. Pangertosan Angka Jawa Angka menika gadhah teges gunggungipun wilangan. Angka Jawa inggih peranganipun saking aksara Jawa ingkang ginanipun kangge nyerat angka. wontenipun angka Jawa menika kangge nggampilaken anggenipun nyerat angka ing aksara Jawa. Gunggungipun wilangan sajatosipun saged dipunserat mawi aksara Jawa ananging supados langsung efektif lan prasaja dipunserat mawi angka Jawa. B. Wujud Angka Jawa C. Panganggening Angka Jawa


D. Kaidah Panyeratan Angka Jawa E. Tuladha Panyeratan Angka Jawa Angka 7 menika kedah kaserat ngangge angka Jawa, menika dipunapit kaliyan pada pangkat supados boten sami kaliyan aksara, menawi boten dipunapit pada pangkat kawaos la ananging menawi dipunapit pada pangkat menika minangka tandha bilih angka. Jumbuh kaliyan kaidah panyerataning angka menawi ing pungkasan wonten pada lingsa utawi pada lungsi menika pada pangkatipun namung kaserat ing ngajeng. Dados ing tuladha warsa 2023 menika pada pangkat namung kaserat ing ngajeng kemawon. Kangge nyerat gunggung arta menika wonten Rp, Rp menika kawaos rupiyah satemah ing aksara Jawa menika kaserat kaliyan aksara jumbuh kaliyan maosipun.


FASE 3 MEMBIMBING PENYELIDIKAN INDIVIDU MAUPUN KELOMPOK Materi Prosedural Ing fase menika siswa kaperang dados kelompok-kelompok, para siswa sasampunipun mangertosi lan maos materi babagan angka Jawa ing nginggil, sumangga dipunsinaoni sesarengan materi ing ngandhap menika ingkang badhe ngandharaken babagan caranipun alih aksara Jawa ingkang salebetipun wonten angka Jawa dhateng aksara Latin. (RUANG KOLABORASI). Alih aksara utawi transliterasi inggih menika kagiyatan ingkang pengalihan utawi ngowahi satunggaling aksara dhateng aksara sanes. Tuladhanipun aksara Jawa dhateng aksara latin. Para siswa ing pasinaon menika badhe sinau alih aksara Jawa dhateng aksara latin. Wonten ing pasinaon menika siswa ngecakaken panganggening angka jawa ananging ing ukara boten namung wonten Angka Jawa kemawon wonten ugi nglegena, pasangan lan snadhangan. A. ALIH AKSARA B. CAK-CAKAN ALIH AKSARA JAWA DHATENG aksara LATIN siswa kedah maos ukara/paragrap menika kanthi patitis. menawi sampun dipunwaos lajeng dipunserat ing papan ingkang sampun dipunsamaptakaken. Caranipun supados saged alih aksara saking aksara Jawa dhateng aksara latin inggih menika : 1. 2.


FASE 4 MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA Materi Metakognitif A. Ngecakaken angka Jawa ing aksara Jawa dhateng aksara latin Angka Jawa ingkang wonten ing inggil inggih menika 15, katitik saking pada pangkat ingkang ngapit. cara panyeratanipun sampun leres, jumbuh kaliyan kaidah panyerataning Angka Jawa. B. Alih aksara saking aksara Jawa dhateng aksara latin Angka Jawa ingkang wonten ing inggil inggih menika 60, katitik saking pada pangkat ing ngajeng angka 60. cara panyeratanipun sampun leres, jumbuh kaliyan kaidah panyerataning Angka Jawa bilih ukara menika pungkasan titik utawi pada lungsi saengga pada pangkat namung dipunserat ing ngajeng kemawon. Ukara ing inggil dipunwaos Dewi ulangtaun tanggal 15 Mei. Ukara ing inggil dipunwaos Pitike Yudi ana 60. Siswa ngecakaken angka Jawa ing aksara Jawa dhateng aksara latin lajeng nganalisis sampun pener menapa dereng panyeratanipun lan siswa alih aksara saking Aksara Jawa dhateng aksara latin, lajeng dipun presentasikaken kelompok sanes atur panyaruwe. (DEMONSTRASI KONTEKSTUAL)


Angka Jawa inggih menika perangan aksara Jawa ingkang dipunginakaken kangge nyerat angka ing aksara Jawa. Caranipun nyerat angka Jawa inggih dipun apit pada pangkat, menawi wonten pada lingsa utawi pada lungsi, pada pangkatipun namung dipunserat ing ngajeng kemawon. Wujud angka Jawa Dudutan ingkang kapendhet saking pasinaon dinten menika inggih : 1. 2. 3. FASE 5 MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI HASIL PEMECAHAN MASALAH Relevansi materi menika ing pagesangan sedinten-dinten inggih para siswa kaajab saged ngetrapaken menapa ingkang sampun dipunsinauni ing pepanggihan menika. Siswa kedah saged ajar maos aksara Jawa ingkang wonten angka Jawanipun. Materi angka Jawa menika gadhah paedah tumrap gesang sadinten-dinten ingkang kadang kala kita manggihi aksara Jawa ing padintenan. Pramila sumangga sedaya siswa saged ngetrepaken ngelmu ingkang sampun dipunsinauni dinten menika. (KONEKSI ANTAR MATERI). Para siswa sumangga ngaturaken raos puji syukur amargi sampun kalaksanan anggenipun sinau babagan angka Jawa. Siswa sampun saged ngecakaken angka Jawa, nganalisis kaidah lan maos angka Jawa. (AKSI NYATA) DUDUTAN DAFTAR PUSTAKA Mulyani, Hesti. 2011. Komprehensi Tulis. Yogyakarta: Universitas Negeri Yogyakarta. Jatirahayu, Warih. 2010. Manca Warna. Yogyakarta : Pelangi. https://www.semanticscholar.org/paper/UPAYA-PENINGKATKAN KETERAMPILAN-MEMBACA-WACANA-JAWA-WidiyonoSantosa/75546e7eb793daf2ac124722ff0132cfe6393fe3


Click to View FlipBook Version