BAHAN AJAR TEKS SESORAH KELAS XI FASE F Kasusun dening : Endika Pranatasari Sudiyanto S.Pd
IDENTITAS CAPAIAN PEMBELAJARAN Peserta didik mampu mengevaluasi, mY engapresiasi dan mengkreasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari menyimak berbagai tipe teks non fiksi dalam bentuk sesorah, untuk menanggapi teks yang disimak. TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah kegiatan pembelajaran dengan model Problem Based Learning, melalui pendekatan Alur Merdeka, dan metode metode teams game turnament peserta didik dapat menganalisis struktur teks dengan penuh tanggung jawab. (C4) Setelah kegiatan pembelajaran dengan model Problem Based Learning, melalui pendekatan Alur Merdeka, dan metode teams game turnament peserta didik dapat menyimpulkan isi teks sesorah dengan tepat. (C5) Setelah kegiatan pembelajaran dengan model Problem Based Learning, melalui pendekatan Alur Merdeka, dan metode teams game turnament peserta didik dapat menelaah teks sesorah dengan tepat. (C4) 1. 2. 3.
Fase 1 Orientasi pada masalah Materi Faktual Menapa para siswa mangertos babagan sesorah? Wonten ing pepanggihan menika badhe dipunrembag materi teks sesorah, sumangga para siswa saged nggatosaken tuladha teks sesorah ing ngandhap menika: (MULAI DARI DIRI) Sesorah Unggah-ungguh ing Jawa Assalamu’alaikum Wr. Wb. Bapak Kepala Sekolah SMP Negeri 1 Semarang Ingkang Kinurmatan, Bapak Ibu guru saha Karyawan Karyawati SMP Negeri 1 Semarang ingkang sinuba ing pakurmatan, Saha kanca-kanca ingkang kula banggakaken. Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun wonten ngarso Alloh SWT, ingkang sampun paring kita mapinten-pintin kanugrahan saha kanikmatan sahinggo wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing halaman sekolah menika kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal menapa. Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW. Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula ing wekdal menika ngaturaken sekedik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya khususipun tumrap para wiranem konjuk nguri-uri budaya jawi. Menawi kita sedaya saged sami-sami njagi saha ngalaksanakaken budi pekerti kanthi sae saestu kegesangan kula panjenengan ing ndunya menika ugi bakal ayem, tentrem, saha bagya. Sagung para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, Budi pekerti utawi ing bahasa jawi ugi kasebut kanthi nami “unggah-ungguh” ing wekdal menika sejatosipun sanget mrihatinaken. Masalah menika saged kita tuweni salebeting dereng mangertosipun para wiranem konjuk unggah-ungguh ingkang kedah kita sedaya mangertosi ugi laksanakaken. Mila saking menika kita kedah sami-sami sinau babagan budi pekerti tumrap tiyang sepuh kita, para sesepuh saha saking Bapak Ibu guru ingkang langkung mangertosi babagkan unggah-ungguh tumrap tiyang sanes. Mekaten sekedik atur saking kula, kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten. Wabilahitaufik Wal Hidayah, Wassalu’alaikum Wr. Wb. Kapethik saking https://bahasadansastrajawa.wordpress.com/2016/01/09/sesorah-tema-budipekerti/
Fase 2 Mengorganisasikan peserta didik Materi Konseptual Para siswa sumangga nyinauni menapa sesorah menika lan jinisipun saged dipunsinauni ing link menika (EKSPLORASI KONSEP) A. Peta Konsep Materi Konseptual Sesorah Pangertosan sesorah Jinis sesorah miturut ginanipun Sabdatama Tanggap wacana Pambagyaharja B. Pangertosan Sesorah Miturut Bausastra anggitanipun Purwadarminta, sesorah inggih cariyos ngandharaken satunggaling bab, medhar sabda. Sesorah inggih menika matur utawi ngendikan ing sangajenging tiyang kathah kanthi ancas tartamu. C. Jinis Sesorah Sabdatama inggih sesorah ingkang namung satu arah boten wonten wangsulanipun kadosta khotbah ing solat jumat. Tanggap wacana inggih sesorah ingkang wonten wangsulanipun. Pambagyaharja inggih sesorah ingkang ginanipun kangge mahargya rawuhipun tamu.
Materi Prosedural Ing fase menika siswa kaperang dados kelompok-kelompok, para siswa sasampunipun mangertosi lan maos materi babagan sesorah ing nginggil, sumangga dipunsinaoni sesarengan materi ing ngandhap menika ingkang badhe ngandharaken babagan caranipun nganalisis struktur teks sesorah. (RUANG KOLABORASI). Struktur Teks Sesorah Salam Pambuka Purwaka Wos utawi wigatining atur Pangajeng-ajeng Panutup Salam panutup Salam kapisan sumangga kajumbuhaken kahanan saged sugeng enjang, siyang, dalu, assalamualaikum lsp.. Wosipun wonten kalih inggih menika sapa aruh lan puji syukur. sapa aruh menika sapaan kangge tiyang ingkang mirengaken sesorah, dene puji syukur menika memuji atur panuwun dhateng Gusti ingkang sampun paring kasarasan Bab-bab wigati ingkang dipunandharaken. Bab ingkang dipunkajengaken dipuntindakaken dening pamireng sesorah. Atur panuwun lan pangapunten. Salam pungkasan sumangga kajumbuhaken kahanan. Fase 3 Membimbing observasi secara individual maupun kelompok Struktur Teks Sesorah Salam Pambuka Salam Panutup Pambuka Wigatining atur Pangajeng-ajeng Panutup
Atur Pambagya Atur Kabar utawi informasi Atur Pangajak Atur Panglipur Atur Panyaruwe Atur Pepeling Atur pambagya inggih menika sesorah kangge nampi rawuhipun tamu ingkang wonten ing adicara punopo kemawon. Tuladhane acara syukuran, tanggap warsa, utawi pengantenan. Atur Kabar utawi informasi inggih menika sesorah ingkang maringi kabar utawi informasi, umpamanipun acara rapat organisasi. Atur pangajak inggih menika sesorah ingkang ancasipun supados tiyang ingkang mirengaken percaya ketarik atinipun lan kersa nindakaken punapa ingkang dipunandharaken dening tiyang ingkang sesorah, umpaminipus sesorah ing papan ngibadah. Atur Panglipur inggih menika sesorah ingkang maringi panglipur marang para sutresna ingkang nembe nandang susah, umpaminipun sesorah ing sangajengipun para kadang ingkang nembe nandhang pacobaning urip arupa musibah bencana alam, kepaten lan sanesipun. Atur panyaruwe inggih menika panemu kanthi dhasar-dhasar ingkang ganep tumrap sawenehing ana-ana. Tuladhanipun tontonan lumantar TV, panganggenipun Hp, lan internet ingkang kirang becik tumraping lare sekolah Atur pepeling inggih menika sesorah ingkang ancasipun damel pamireng menika eling dhateng satunggaling perkawis kadosta pengetan dinten Maulid utawi dinten Kartini. Ancas Sesorah
Fase 4 Mengembangkan dan menyajikan hasil karya Materi Metakognitif Analisis struktur lan wos Siswa nganalisis struktur lan wos ing teks sesorah. Sasampunipun nggarap, LKPD lajeng dipunkoreksi silang, siswa kasumanggakaken bilih wonten ingkang badhe atur pamanggih, panyaruwe kanthi lisan. (DEMONSTRASI KONTEKSTUAL) Sesorah Unggah-ungguh ing Jawa Assalamu’alaikum Wr. Wb. (Salam pambuka) Bapak Kepala Sekolah SMP Negeri 1 Semarang Ingkang Kinurmatan, Bapak Ibu guru saha Karyawan Karyawati SMP Negeri 1 Semarang ingkang sinuba ing pakurmatan, Saha kanca-kanca ingkang kula banggakaken. (Pambuka : Sapa Aruh) Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun wonten ngarso Alloh SWT, ingkang sampun paring kita mapinten-pintin kanugrahan saha kanikmatan saenggo wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing halaman sekolah menika kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal menapa. Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW. (Pambuka : Puji Syukur) Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula ing wekdal menika ngaturaken sekedik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya khususipun tumrap para wiranem konjuk nguri-uri budaya jawi. Menawi kita sedaya saged sami-sami njagi saha ngalaksanakaken budi pekerti kanthi sae saestu kegesangan kula panjenengan ing ndunya menika ugi bakal ayem, tentrem, saha bagya. Sagung para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, budi pekerti utawi ing bahasa jawi ugi kasebut kanthi nami “unggah-ungguh” ing wekdal menika sejatosipun sanget mrihatinaken. Masalah menika saged kita tuweni salebeting dereng mangertosipun para wiranem konjuk unggah-ungguh ingkang kedah kita sedaya mangertosi ugi laksanakaken. (Suraos utawi wos) Mila saking menika kita kedah sami-sami sinau babagan budi pekerti tumrap tiyang sepuh kita, para sesepuh saha saking Bapak Ibu guru ingkang langkung mangertosi babagkan unggah-ungguh tumrap tiyang sanes. (Pangajeng-ajeng) Mekaten sekedik atur saking kula, kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten. (Panutup) Wabilahitaufik Wal Hidayah, Wassalu’alaikum Wr. Wb. (Salam panutup) Kapethik saking https://bahasadansastrajawa.wordpress.com/2016/01/09/sesorahtema-budi-pekerti/
Fase 5 Menganalisis dan mengevaluasi pemecahan masalah Relevansi materi menika ing pagesangan sedinten-dinten inggih para siswa kaajab saged ngetrapaken menapa ingkang sampun dipunsinauni ing pepanggihan menika. Siswa kedah saged ajar lan wantun menawi dipunparingi jejibahan matur ing sangajenging tiyang kathah. Materi sesorah menika gadhah paedah tumrap gesang sadinten-dinten ingkang kadang kala kita dipunsuwun supados matur ing ngajeng tiyang kathah. Pramila sumangga sedaya siswa saged ngetrepaken basa krama ingkang sae supados bilih dipunsuwun matur ngajenging tiyang kathah mawi basa krama menika boten kangelan. (KONEKSI ANTAR MATERI). Para siswa sumangga ngaturaken raos puji syukur amargi sampun kalaksanan anggenipun sinau babagan unggah-ungguh basa Jawi. Siswa sampun saged nganalisis struktur teks sesorah lan mendhet menapa wos saking teks sesorah menika. (AKSI NYATA) Dudutan 1. Sesorah inggih menika matur utawi ngendika ing sangajengipun tiyang kathah kanthi ancas tartamtu. 2. Ancasipun sesorah inggih menika atur pambagyaharja, atur kabar/informasi, atur pangajak, atur panglipur lan atur panyaruwe/ ngemutake. 3. Cak-cakaning sesorah inggih menika salam pambuka, purwaka, surasa basa, wasana basa lan salam panutup. Daftar Pustaka Atmojo, Kusumo. Pidato Praktis Basa Jawa Indonesia. Surabaya : Palapa. Bausastra online : https://www.sastra.org/leksikon Subrata, Heru. 2022. Piwulang Basa Jawi. Sidoarjo : Zifatma Jawara. Endraswara, Suwardi. 2009. Gati Wicara. Jakarta : PT. Suka Buku Kita. Murwantoro, Sri Hono. 2007. SESORAH: Pranata, saha Pamedhar Sabda. Yoyakarta: Absolut. http://repository.umpwr.ac.id:8080/bitstream/handle/123456789/962/122160077- Lutfi%20Wulandari.pdf?sequence=1&isAllowed=y