SETYIA RUSYANTA
PAGELARAN SENI
TRADISIONAL JAWA
Materi Kelas XII
Winates kangge siswa
SMK SANJAYA GUNUNGKIDUL
Pagelaran Seni Tradhisional Jawa
1. Purwaka
Kagunan (Kesenian) inggih menika satunggaling unsur
kabudayan ingkang asipat universal (Koentjaraningrat,
1990:204). Kagunan (Kesenian) sampun wonten wiwit
jaman kina, saged dipunwastani wiwit manungsa
tepang kaliyan kaendahan, inggih ing ngriku lairipun
seni.
Miturut pamanggihipun Kayam (ing Sujarno: 2003),
seni pagelaran menika lairipun saking masyarakat, lan
dipuntonton dening masyarakat. Tegesipun lair lan ngrembaka ing, dening, lan
kaangge masyarakat.
2. Fungsi Pagelaran Seni
Saben zaman, saben kelompok etnis, tuwin saben lingkungan masyarakat,
bentuk pagelaran seni anggadhahi fungsi primer lan sekunder ingkang sayektos
boten sami. Pagelaran seni anggadhahi fungsi primer cacah tiga, inggih menika:
a. Pinongka Sarana Ritual
Fungsi-fungsi ritual menika wonten gegayutanipun kaliyan daur hidup ingkang
dipunanggap wigati (penting), kadosta lairan, panglus waja (potong gigi), potong
rikma, khitanan, sur tanah, nikahan saha kesripahan, utawi sawehehing
lelampahan ingkang ingkang kaanggep wigati menika ugi mbetahaken
pagelaran seni, tuladhanipun nanem pari, panen.
b. Pinongka Hiburan Pribadi
c. Pinongka Presentasi Estetis
pagelaran seni ingkang nggadhahi fungsi
pinongka pangejawantahing kaendahan
mbetahaken panggarap ingkang tumemen.
Awit para pamirsa menika sami pados
pemarem salebetipun mirsani pagelaran
seni menika.
Kados pagelaran seni sanesipun, wayang
kulit ugi mbetahaken panggarap ingkang sasae-saenipun, wusana ingkang sami
hamirsani badhe antuk pemarem ing raos. Salajengipun badhe karembag
piranti saha ubarampe pagelaran wayang.
Ubarampé salebeting pagelaran wayang purwa punika wigatos sanget awit
lumantarpunika wayang utawi ringgit saged dipunbabar lan dipuntingali,
wondéné ubarampènipun antawisipun;
❖ Layar/Geber
Kelir kadamel saking bahan tekstil warni
pethak pinalipit warni abrit utawi cemeng.
panjangipun 12 mèter. wiyaripun 1.5 – 2
mèter.
❖ Blèncong
Suluh (cara kinanipun) deles kapuk lenga patra.
Nanging samunika blèncong dipungantos mawi lampu
bolam ( 200 W ).
❖ Wayang / ringgit wacucal
Piranti baken ingkang kadamel
saking lulang titatah lan
sinungging utawi ginambar
manut lakonipun.
Foto Ini oleh Penulis Tidak Diketahui dilisensikan atas
❖ Cempurit piranti ingkang kanggé nggapit wayang kadamel saking
sunguning kebo /penjalin / pring.
❖ Simpingan kiwa lan tengen
Wayang ingkang tinancepaken ing
gedebog jèjèr jinèjèr minangka paès.
Ingkang siring tengen Brataséna
(wayang ageng ) ngantos dumugi
satriyan ( wayang ingkang alit ).
Ingkang siring kiwa Buta Raton
gantos dumugi wayang alitan.
❖ Kothak wadhah wayang
Kothak kadamel saking kajeng ;
Panjang : 190 cm / 170 cm
Wiyar : 85 cm / 85 cm
Kandel : 12- 15 cm /12 cm
❖ Cempala asta ( saka kayu )
Kajeng binubut endah panjang udakawis 1,25
jengkal ( kilan ), ginanipun kanggé ndhodhog
kothak paring sasmitha tumrapipun para
niyaga.
❖ Cempala suku
Wesi gligèn binubut éndah panjang 1/2 kilan ( jengkal )
jinepit ing jempol suku kanggé nuthuk keprak.
❖ Keprak ( saking wesi )
❖ Niyaga lan Pesindhèn
Tukang nabuh gamelan
cacahipun wonten 12 – 15 tiyang utawi langkung ndhèrèk kabetahanipun.
Pesindhèn / waranggana ingkang nglaras tetembangan.
❖ Gamelan
Gamelan ugi dipunwastani
gangsa, punika piranti ingkang
kangge ngiring lampahanipun
ringgit. Wondéné gamelan
punika wonten kalih
warnanipun;
a. Gamelan Slendro
b. Gamelan Pelog
3. Nilai keindahan/nilai estetis pagelaran seni wayang kulit
Kaendahan ing pagelaran wayang menika mapan ing; wanda (bentuk wujud)
wayang, sabet (gerak) wayang, kelir, blencong. Perangan-perangan menika
dipuntunggilaken lajeng mbabar kaendahan. Kajawi saking menika ugi
wontenipun simping utawi tatanan wayang ing kelir ingkang karakit/katata ing
pinggir kanan lan kering (kiwa).
4. Dhalang lan panyengkuyung
Salebedipun nindakaken pagelaran ki dhalang mbetahaken naskah lakon
wayang. Babagan ingkang damel endahing seni pagelaran ugi awit wontenipun
suluk, ada-ada, pathetan, gendhing, lan sanes-sanesipun. Dene
panyengkuyung perangan sanesipun, kadosta; panyimping, panjak, pangrawit
(niyaga) ingkang nabuh gamelan, pesindhen, lan gerong.