BAHAN AJAR PRANATACARA KELAS XI Kaimpun dening: Norma Wijayanti, S.Pd.
BAHAN AJAR PRANATACARA Capaian Pembelajaran Menulis dan berbicara Peserta didik mampu menulis berbagai teks berupa pranatacara, layang, cerkak, makna filosofi Kraton Ngayogyakarta, artikel, wacana beraksara Jawa dan kreasi karya sastra beraksara Jawa yang berisi ajaran moral secara logis, kritis, dan kreatif dengan memperhatikan kaidah kebahasaan dan kaidah penulisan aksara Jawa sebagai karya aktualisasi diri di berbagai media. Peserta didik mampu mendeskripsikan dan menyajikan informasi berbagai jenis teks tentang pranatacara, cerkak, seni pertunjukan, makna filosofi Kraton Ngayogyakarta, upacara adat, dan melagukan tembang macapat Durma dan Sinom serat Piwulang HB I pupuh 2 sesuai kaidah kebahasaan untuk menyampaikan informasi secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan. Tujuan Pembelajaran Pertemuan 1 Melalui kegiatan model pembelajaran Problem Based Learning (PBL), dengan metode ceramah, diskusi, praktik, dan tanya jawab peserta didik dapat: 1. menganalisis struktur teks pranatacara dengan teliti. (C4, HOTS) 2. menganalisis kata-kata sukar dalam teks pranatacara secara kritis. C4, HOTS) 3. menyusun kerangka pranatacara kegiatan di sekolah dengan bertanggung jawab. (P5, HOTS) 4. mempresentasikan hasil diskusi dengan percaya diri. (P3, HOTS) Pertemuan 2 Melalui kegiatan model pembelajaran Problem Based Learning (PBL), dengan metode ceramah, diskusi, praktik, dan tanya jawab peserta didik dapat: 1. mengembangkan kerangka pranatacara menjadi teks pranatacara dengan teliti. (C6, HOTS) 2. mempraktikan membaca teks pranatacara dalam kegiatan sekolah dengan percaya diri. (P3, HOTS) 3. mengkritisi hasil praktik pembacaan teks pranatacara dari kelompok lain. (P4, HOTS) Satuan Pendidikan : SMAN 1 Kokap Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Semester : XI/I Materi Pokok : Pranatacara Alokasi Waktu : 4x45 menit (2x pertemuan)
Materi Pembelajaran 1. Faktual : video pranatacara 2. Konseptual : pengertian pranatacara, struktur teks pranatacara 3. Prosedural : langkah-langkah membuat teks pranatacara 4. Metakognitif : menganalisis struktur teks pranatacara dan membuat teks pranatacara Pituduh Pasinaon 1. Miwiti pasinaon kanthi dedonga. 2. Nggatosaken sedaya andharan saking Bapak/Ibu guru. 3. Literasi utawi maos materi ingkang sampun dipuncawisaken. 4. Nindakaken pasinaon miturut dhawuhipun Bapak/Ibu guru. 5. Damel cathetan wonten ing buku minangka sarana kangge sinau mandhiri. Para siswa sumangga ningali video pranatacara saha maos teks pranatacara ing ngandhap menika! Salajengipun, para siswa saged ngrantam pitakenan kangge mangretosi bab pranatacara kasebat! Tuladha video lomba pranatacara https://drive.google.com/file/d/156Deiw50EkEJg9hePJdPOFRmQj66hJtS/view? usp=sharing Tuladha praktik pranatacara siswa https://drive.google.com/file/d/1a9ocvydpA98DOVNjoSiC8QSkUKsO18r/view?usp=sharing Fase 1 : Orientasi terhadap masalah Materi Faktual
Tuladha teks pranatacara acara ing sekolah PELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun, Ibu Kepala Sekolah SMAN 1 Kokap ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang winantu ing suka basuki. Keparenga kula nggempil kamardikan panjenengan sedaya, awit kula piniji panitya kinen ngaturaken urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMAN 1 Kokap Periode 2022/2023. Ananging saderengipun kula ngaturaken rantamaning adicara menika, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring karohmatan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah saged pepanggihan kanthi karaharjan, nir ing sambekala. Bapak ibu guru tuwin para siswa, keparenga pranatacara ngaturaken lampahing titilaksana Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMAN 1 Kokap Periode 2022/2023, ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih: 1. Purwaka 2. Atur palapuran saking Wakil Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan ing mangke badhe dipunsalirani dening bapak Saiman, S.Pd. 3. Kepyakan/Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda Ibu Kepala Sekolah. 4. Atur sapala saking pangarsa OSIS enggal 5. Pandonga 6. Panutup Bapak ibu guru ingkang winantu ing bagya mulya, makaten menggah urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMAN 1 Kokap Periode 2022/2023. Kasuwun wonten suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning adicara menika nuwun, nuwun, matur nuwun. ...................................................................................................................................................... Bapak Ibu ingkang satuhu kinurmatan, Sumangga adicara menika dipunwiwiti kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun sowangsowang, ndedonga kasumanggakaken ............. cekap. Mugi-mugi kanthi waosan donga sawau, adicara wonten ing dinten menika saged lumampah kanthi lancar. Adicara ingkang angka kalih atur palapuran Wakil Kepala Sekolah Urusan Kesiswaaan. Dhumateng panjenenganipun Bapak Saiman S.Pd. kula sumanggakaken. ...................................................................................................................................................... Makaten atur palapuran saking Wakil Kepala Sekolah Urusan Kesiswaaan. Dhumateng panjenenganipun Bapak Saiman dipunaturaken agunging panuwun. Tumapak adicara ingfkang angka tiga inggih menika kepyakan/Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda Kepala SMAN 1 Kokap. Pramila dhumateng Pengurus OSIS enggal, kula aturi majeng ing sasana ingkang cumawis saperlu nindakaken upacara punika lan kasuwun kersaa Ibu Kepala Sekolah paring tandha simbolis Pelantikan Pengurus OSIS enggal menika. Nuwun.
...................................................................................................................................................... Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan, Makaten adicara Pelantikan Pengurus OSIS saha tanggap sabda saking Ibu Kepala Sekolah SMAN 1 Kokap. Kanthi kepyakan menika ateges dinten menika Pengurus OSIS sampun resmi kalantik lan jejibahan menapa kemawon ingkang magepokan kaliyan OSIS sampun kedah katindakaken kanthi samesthinipun. Sumangga sami caos panjurung amrih pengurus OSIS enggal menika tansah pinaringan rahayu, gampil ing pamikir, saha gangsar anggenipun ngayahi sesanggeman menika. Tumapak adicara candhakipun inggih menika atur sapala saking pangarsa OSIS enggal. Dhumateng pangarsaning pengurus OSIS enggal, panjenenganipun Mbak Adzkia Humaira kula sumanggakaken. ...................................................................................................................................................... Mekaten wau Bapak/Ibu saha para siswa menggah atur sapala saking pangarsa OSIS, dhumateng panjenenganipun mbak Adzkia Humaira dipunaturakern agunging panuwun. Adicara salajengipun inggih menika pandonga, ingkang badhe dipunsalirani dening seksi kerohanian Agama Islam. Pramila dhumateng Bapak Afdhol Abdul Hanaf, S.Pd. kula sumanggakaken. ...................................................................................................................................................... Mekaten wau menggah adicara donga ingkang dipunpimpin dening bapak Hanaf. Dhumateng panjenenganipun bapak Hanaf dipunaturaken agunging panuwun. Pinangka pungkasaning adicara, nenggih panutup. Pramila kula ingkang piniji pinangka pambiwara ing Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMAN 1 Kokap Periode 2022/2023 menika ngaturaken agunging panuwun saha nyuwun agunging pangaksami mbokbilih kathah bab ingkang boten mranani penggalih panjenengan sadaya. Wusananing atur dhumateng Pengurus OSIS SMAN 1 Kokap Periode 2022/2023 ingkang sampun kalantik, kula ngaturaken sugeng makarya, mugi tansah manggih karaharjan, rahayu ingkang pinanggih, widada ingkang jinangka. Para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, sumangga adicara menika dipunpungkasi kanthi ndedonga miturut kapitadosan sowang-sowang, ndedonga kasumanggakaken .................... cekap. Nuwun, nuwun, Matur nuwun. Wassalamu’alaikum wr. Wb.
Peta Konsep PRANATACARA 1. Pangertosan Pranatacara Pranatacara kadhapuk saking kalih tembung inggih menika pranata + acara. Tembung menika gadhah teges paraga ingkang kajibah nata utawi nglantaraken adicara supados kalampahan kanthi rancag lan tumata. Pamanggih sanes ngandharaken bilih pranatacara ugi sinebut panatacara, tegesipun paraga ingkang tinanggenah nata lampahipun adicara. 2. Jinising Pranatacara A. Pranatacara kanthi cara apalan Jinising pranatacara menika nyerat rumitin teks pranatacara ingkang badhe dipunangge lajeng dipunapalaken ngantos persis, saengga anggenipun dados pranatacara tanpa mbeta teks. Fase 2 : Mengorganisasikan Peserta Didik Materi Konseptual Pranatacara Pangertosan Jinising Pranatacara Sanguning Pranatacara Cengkorongan Teks Pranatacara Ingkang kedah dipunsingkiri
B. Pranatacara kanthi cara maos naskah utawi teks Jinis pranatacara menika kangge lare utawi tiyang ingkang taksih gladhen, anggenipun dados pranatacara maos teks wiwit awal dumugi akhir. C. Pranatacara kanthi cara dadakan utawi impromptu Pranatacara impromptu menika pranatacara ingkang dipundhapuk tanpa tidha-tidha (ndadak), adatipun dipunadani dening para winasis ingkang sampun kulina dados pranatacara. D. Pranatacara kanthi cara ekstemporan Jinising pranatacara menika naming bekta kertas cathetan alit kangge pangemut-emut rantamaning acara utawi perkawis-perkawis ingkang wigati kaaturaken. 3. Sanguning Pranatacara Gladhèn katrampilan tumrapipun panatacara ing antawisipun: A. Olah jiwa, inggih punika angudi dhateng rèh ing panembah dhumateng Gusti ingkang Maha Suci. Ing olah jiwa punika ingkang saged katindakaken inggih punika olah prana(napas) lan ngeningaken cipta. B. Olah swara: 1) logat (cara nyuwantenaken tembung). Logat ingkang kaanggep baku inggih punika logat Surakarta saha Ngayogyakarta, ingkang kaginakaken rikala wonten ing acara ingkang resmi. 2) kedal lan pocapan. Kedaling lathi kedah cetha, saged mbédakaken setunggal fonem kaliyan fonem sanèsipun. Tuladhanipun mbédakaken ta kaliyan tha, da kaliyan dha, lsp. Tuladha pocapan: petel, pethèl, pethel loro, lara, luru luhur, luhuring, ketel, kètèl, kethèl kanca, kancane lsp 3) lagu (wirama), membat-mentuling swanten, sora lan lirihipun swanten, rindhik lan rikatipun pangandikan. C. Olah raga: Menggahing panatacara prayogi nindakaken gladhèn ingkang sinebut olah raga sapta-MA: 1. magatra : bleger lan wewujudan. 2. malaksana : luwes, boten ingah-inggih 3. mawastha : jejeg, boten kendho/dhoyong 4. maraga : boten rongèh/èdhèg/gumeter, mantep, 5. malagawa : ènthèngan, trengginas 6. matanggap : tanggap swasana (susah, seneng) 7. mawwat : ngentasi karya
D. Olah basa lan sastra: pilihan tembung, purwakanthi, sekar, suluk, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan, lsp. Setunggaling panatacara rikala ngayahi kewajibanipun langkung prayogi menawi ngginakaken basa ingkang lugas (komunikatif) saha basa ingkang trep kaliyan panganggénipun. Basa ingkang trep kaliyan panganggénipun kedah ngèngeti: 1) sinten ingkang gineman 2) sinten ingkang tumanggap wawan ginem 3) sinten utawi punapa ingkang dipunginem 4) kados pundi swasananipun (wekdal, papan, kawontenan) 4. Bab-bab ingkang kedah kasingkiri dening pranatacara A. Jumeneng kanthi lelambaran setunggal suku. B. Jumeneng kanthi suku sekalangkung rapet utawi sakalangkung mekar. C. Jumeneng kanthi patrap ingkang kirang greget (loyo). D. Jumeneng kirang sigrak (nglentruk) utawi jumeneng kanthi rongèh. E. Jumeneng kanthi mboten nggatosaken papan panggènan. F. Asring ngébahaken péranganing sarira. G. Ngébahaken péranganing sarira kanthi tidha-tidha utawi ngébahaken pérangan sarira kanthi boten trep kaliyan ingkang dipunngendikakaken. H. Asring mirsani cathetan. I. Asring kukur-kukur. J. Nglebetaken asta wonten ing sak clana. K. Asta dipun banda wonten wingking. L. Boten nggatosaken ingkang midhangetaken. M. Gumujeng ingkang dipundamel-damel. N. Asring mèsam-mèsem satemah katingal cengèngèsan. O. Mbesengut utawi suntrut. P. Tumungkul. Q. Gugup. R. Jumeneng kanthi lelèndhèhan papan wicara. S. Jumeneng kaken pramila katingal kados priyantun ingkang badhé baris. 5. Cengkorongan Teks Pranatacara Cengkorongan teks pranatacara minangka perangan-perangan pokok utawi struktur ingkang kedah wonten ing salebeting teks pranatacara. Cengkorongan teks pranatacara inggih menika : A. Salam Pambuka Salam pambuka inggih menika uluk salam kangge sedaya ingkang rawuh ing satunggaling adicara. B. Salam Pakurmatan Salam pakurmatan minangka pratandha kangge caos pakurmatan dhumateng sedaya tamu undhangan. Salam pakurmatan dipunwiwiti kanthi nyebataken para
tamu undhangan ingkang pangkat drajatipun langkung inggil. Pramila kanthi menika wigatos sanget tumraping pranatacara mangertosi sinten kemawon tamu ingkang rawuh ing satunggaling adicara. C.Pambuka Ing perangan pambuka, pranatacara ngandharaken atur pamuji syukur dhumateng Allah SWT. D.Andharan/Isi Ing perangan menika winastan intinipun adicara utawi wosing gati. Pramila perangan menika minangka perangan ingkang wigatos sanget. Kawiwitan saking pranatacara ngandharaken tata urutan adicara ingkang badhe kalampahan. Kalajengaken nglantaraken acara setunggal lan satunggalipun saking purwa ngantos dumugi wasana. E. Panutup Wonten ing perangan panutup menika ngemot pangajeng-ajeng, ajak-ajak utawi dudutan. F. Salam Panutup Wosipun inggih menika atur pangaksami, saha atur panuwun kalajengaken uluk salam. Para siswa, sasampunipun mahami materi bab pranatacara, sumangga dipunsinau sesarengan wonten ing klompok materi ing ngandhap menika ingkang ngandharaken bab teks pranatacara. 1. Nyerat Teks Pranatacara Langkah-langkah nalika damel teks pranatacara inggih menika: A. Damel cengkorongan teks pranatacara B. Mekaraken cengkorongan teks dados teks pranatacara ingkang jangkep. 2. Praktik Pranatacara Ingkang kedah dipungatosaken nalika praktik pranatacara inggih menika: A. Wicara Wicara menika gegayutan kaliyan: 1) Prana utawi pernapasan Menika gegayutan kaliyan caranipun ngetokake napa, menawi napasipun pedhot-pedhot boten saged dipunresepi. Olah napas menika kedah dipungladhi supados saged ngetrepaken napas nalika ngandikan, boten megap-megap. Fase 3 : Membimbing Penyelidikan Materi Prosedural
2) Pocapan utawi artikulasi Pocapan kedah cetha, boten bindheng, boten berngengeng. Saha na;lika ngucapaken tembung kedah saged bedakaken vocal (a, i, u, e, e, o) saha saged mbedakaken swanten (ta, tha, da, dha) saengga tembung ingkang kaucap saged dipunmangertosi kanthi cetha dening para rawuh. 3) Dialek Dialek menika bab basa, tegesipun kedah ngginakaken basa Jawi ingkang baku. B. Wiraga Wiraga menika tegesipun ebahipun sarira pranatacara saengga saged luwes. Ebahipun raga kedah jumbuh kaliyan menapa ingkang dipunandharaken nalika dados pranatacara. Bab busana ugi saged kalebet ing wiraga amargi busana wigati sanget nalika dados pranatacara, trep lan pantesipun gayut kaliyan acara ingkang kalampahan. C. Wirama Wirama menika gegayutan kaliyan caranipun ngatur wiramanipun swanten, inggih menika sora lirihipun, alon cepetipun, andhap inggilipun swanten utawi kawastanan intonasi. D. Wirasa Wirasa menika tegesipun pranatacara kedah saged nyurasa nalika nglantaraken acara. Kedah mangertosi jinising acara, kadospundi caranipun ngedalaken swanten lan karakteristik swanten ingkang trep. Sasampunipun para siswa maos lan mengertosi caranipun damel teks pranatacara, lajeng wiwit damel cengkorongan saha mekaraken cengkorongan dados teks pranatacara ingkang wetah. Fase 4 : Mengembangkan dan menyajikan hasil karya Materi Metakognitif
Cengkorongan teks pranatacara Cengkorongan Pranatacara Andharan Salam pambuka Atur pakurmatan Atur puji syukur Wedharing gati Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa) Salam panutup/panutuping atur Peserta didik saged ngginakaken Bausastra Jawa cithak utawi Bausastra Jawa online mawi alamat https://www.sastra.org/leksikon kangge mbiyantu negesi tembung ingkang dereng dipunmangertosi Para siswa sasampunipun nyerat teks pranatacara saha praktik dados pranatacara ing ngajeng kelas, bab ingkang dipunkoreksi inggih menika: 1. Basa ingkang dipunginakaken kedah dipungatosaken. 2. Kirang maksimal anggenipun ngecakaken wicara, wirama, wirasa saha wiraga. Dudutan & Relevansi Dudutan 1. Para siswa kedah langkung greget malih anggenipun sinau bab pranatacara awit kejawi ngelastantunaken basa Jawi ugi materi menika kathah manfaat/ginanipun ing panggesangan. 2. Nalika dados pranatacara kedah nggatosaken cengkorongan lan ugi nggatosaken wicara, wirama, wirasa, wiraga supados saged sae saha runtut. 3. Angenipun nindakaken dados pranatacara saged kanthi cara maos teks, apalan, improptu, saha ekstemporan. Relevansi 1. Pranatacara minangka salah satunggaling profesi ingkang dipunbetahaken wonten ing masarakat. 2. Kawontenan ing masarakat samenika kathah lare-lare anem/siswa-siswa ingkang taksih ajrih menawi dados pranatacara. Kanthi pamulangan bab pranatacara ing tataran sekolah menika kaangkah saged narik kawigatosan para siswa supados purun sinau babagan pranatacara. Fase 5 : Menganalisis dan mengevaluasi
Daftar Pustaka Nugroho, Slamet dan Abdul Afif Rosyidi.2015.Wibawa (Wiyata Basa Jawa Kelas XI). Yogyakarta:Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga DIY Suryanti, Happy & Fitria Tahta Alfina. Rinumpaka. Tim Modul MGMP Bahasa Jawa SMK Kabupaten Sleman. https://www.sastra.org/leksikon