Capaian Pembelajaran Peserta didik mampu mengevaluasi, menginterpretasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai teks dalam bentuk visual untuk menemukan makna tersurat dan tersirat dari wacana beraksara Jawa dan tembang macapat asmaradana, teks geguritan, dan sesorah. Tujuan Pembelajaran Setelah peserta didik melakukan pembelajaran dengan model Problem Based Learning (PBL) dengan metode ceramah, diskusi dan tanya jawab, peserta didik dapat: 1. Mengalihaksarakan wacana beraksara Jawa ke aksara latin dengan teliti. (P3, HOTS) 2. Menganalisis kata sukar dalam wacana beraksara Jawa. (C4, HOTS) 3. Menguraikan isi wacana beraksara Jawa dengan jujur. (C4, HOTS) 4. Menafsirkan pesan moral dari wacana beraksara Jawa bertanggungjawab. (C5, HOTS) 5. Mempresentasikan hasil tafsiran pesan moral wacana beraksara Jawa dengan percaya diri. (P3, HOTS) Materi Pembelajaran 1. Faktual : wacana aksara Jawa 2. Konseptual : memahami wacana beraksara Jawa 3. Prosedural : Mengalihaksarakan wacana beraksara jawa, menguraikan isi wacana beraksara Jawa 4. Metakognitif : Menafsirkan nilai moral dan kesesuaiannya dengan keadaan zaman sekarang Pituduh Pasinaon 1. Miwiti pasinaon kanthi dedonga. 2. Nggatosaken sedaya andharan saking Bapak/Ibu guru. 3. Literasi utawi maos materi ingkang sampun dipuncawisaken. 4. Nindakaken pasinaon miturut dhawuhipun Bapak/Ibu guru. 5. Damel cathetan wonten ing buku minangka sarana kangge sinau mandhiri. Para siswa sumangga ningali video wacana babagan aksara Jawa menika kanthi patitis! Salajengipun, para siswa saged ngrantam pitakenan kangge mangretosi bab aksara Jawa kasebut! https://drive.google.com/file/u/1/d/1v9kGkqSKuI6uI44n9dLBCBGiOlIdjGvL/vie w?usp=drive_open Fase 1 : Orientasi terhadap masalah
https://vt.tiktok.com/ZSLLksWu3/?t=2 Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan materi ing andhap menika! Peta Konsep Aksara Jawa A. Aksara Nglegena lan pasangan B. Sandhangan Sandhangan, inggih punika tandha ingkang kaginakaken kanggé ngéwahi swantenipun aksara ingkang dipunsandhangi. Sandhangan wonten ing paugeran tata tulis aksara Jawa kapérang dados 3 warni, yaiku: Fase 2 : Mengorganisasikan Peserta Didik AKSARA JAWA Wujudipun aksara Jawa Tata panyerating aksara Jawa Wacana aksara Jawa Manggihaken piwulang wacana aksara Jawa Alih aksara wacana aksara Jawa Manggihaken isi wacana aksara Jawa
1. Sandhangan swara, kanggé ngéwahi swanten aksara miturut ungelipun vokal [i],[u],[é,è],[e], lan[o] 2. Sandhangan sesigeg, minangka gantosipun aksara sigeg ha, ra, lan nga nalika angsal pasangan utawi pangkon. 3. Sandhangan wyanjana, minangka gantosipun aksara ra, re saha ya nalika madeg dados pasangan ing aksara punika gadhah sipat wyanjana utawi lebur kaliyan tembung ingkang dipunpasangi. 4. Pada inggih punika tandha wacan ingkang kaginakaken wonten ing seratan aksara Jawa, kados kadosdéné:
C. Aksara Murda Ginanipun aksara murda inggih punika kaginakaken kanggé tata prunggu utawi pakurmatan, tuladhanipun kanggé nyerat namaning Gusti, Nabi, Ratu, Wali, Pusaka, Nagari, lan Kitha. Aksara murda boten dipunginakaken minangka panutuping wanda (suku kata). D. Aksara swara Ginanipun aksara swara: 1. Kanggényerat aksara vokal ingkang dados wanda (suku kata) saking basa manca supados cetha lafalipun. 2. Aksara swara boten saged dados pasangan. 3. Aksara swara saged dipunsukani sandhangan wigyan ( ꦃ ) , layar (ꦂ), lan cecak (ꦁ) Aksara Swara gunggungipun wonten gangsal, inggih menika:
E. Aksara rékan: Ginanipun aksara rekan : 1. Kanggé nyerat aksara konsonan saking basa manca ingkang taksih kaginakaken kados aslinipun. 2. Aksara rékan saged dados pasangan lan saged dipunsukani sandhangan. Aksara rékan gunggungipun namung gangsal warni, inggih punika: F. Angka Jawa Angka Jawa dipunginakaken kanggé nerangaken lambang mawi nomor.
Angka mawi aksara Jawa anggènipun nyerat angka kaapit mawi pada pangkat (꧇…..꧇) Para siswa, sasampunipun mahami materi bab aksara Jawa, sumangga dipunsinau sesarengan wonten ing klompok materi ing ngandhap menika ingkang ngandharaken bab ngudhari isi saking wacana aksara Jawa. Ngudhari isi wacana aksara Jawa Wonten ing salebetipun seratan mliginipun seratan wacana kanthi akasara Jawa punika temtu kemawon ngewrat piwulang ingkang saged dipunpendhet dening pamaos. Anggenipun mangretosi piwulang saking seratan wacana aksara Jawa saged kanthi langsung sasampunipun maos utawi kedah kanthi tatacara tartamtu. Dene tatacara ingkang saged dipunlampahi kangge mangretosi piwulang saking wacana aksara Jawa inggih menika: 1. Alih aksara dhateng aksara latin → ngewahi seratan wacana angkang ngginakaken aksara Jawa dados aksara latin, supados gampil anggenipun maos. Fase 3 : Membimbing Penyelidikan
2. Negesi tetembungan ingkang angel → tetembungan ingkang angel wonten ing wacana aksara Jawa punika dipunpadosi langkung rumiyin tegesipun menapa, supados gampil anggenipun manggihaken wos saking wacana aksara Jawa. 3. Manggihaken wosing teks wacana aksara Jawa → sasampunipun teks wacana aksara Jawa dipunlatinaken menika langkung gampil anggenipun madosi wos/isi. 4. Manggihaken piwulang saking teks wacana → sasampunipun mangretosi isi saking wacananipun. Para siswa sasampunipun maos lan mengertosi caranipun madosi piwulang saking wacana aksara Jawa, langkah-langkahipun saged dipuncakaken kangge manggihaken piwulang ing wacana aksara Jawa. 1. Alih aksara dhateng aksara latin 2. Negesi tetembungan 3. Manggihaken wosing teks wacana aksara Jawa 4. Manggihaken nilai moral Para siswa sasampunipun ngatinaken wacana aksara Jawa, negesi tetembungan ingkang angel, madosi isi saha manggihaken piwulang saking wacana aksara Jawa, sumangga dipunanalisis saha dipunevaluasi proses anggenipun manggihaken sedaya unsur kala wau. Bab angel menapa saking proses alih aksara ngantos dumugi manggihaken piwulang budi pekerti saking wacana aksara Jawa menika? 1. Anggenipun alih aksara kedah tliti; 2. Anggenipun negesi tembung kedah tliti; 3. Anggenipun madosi wos/isi wacana aksara Jawa kedah Jumbuh kaliyan konteksipun; 4. Anggenipun manggihaken piwulang budi pekerti kedah dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan ing jaman samenika. Dudutan saha Referensi Dudutan Dudutan saking wacana aksara Jawa “Upacara Gumbregi ing KulonProgo” inggih punika tradhisi budaya ingkang katindakaken dening masarakat mliginipun kadang tani minangka raos syukur awit sedaya lintonan rejeki saking Gusti Kang Maha Kuwasa. Upacara gumbregi minangka salah satunggaling wujud kearifan lokal ingkang tansah dipunuri-uri dening masarakat, satemah generasi mudha taksih saged ngraosaken saha mangretos kados pundi budayanipun. Fase 4 : Mengembangkan dan menyajikan hasil karya Fase 5 : Menganalisis dan mengevaluasi
Relevansi Piwulang sae ingkang saged dipunpendhet saking wacana aksara Jawa “Upacara Gumbregi ing Kulon Progo” ingkang taksih relevan kaliyan kawontenan jaman samenika antawisipun: 1. Tiyang gesang menika kedah tansah munjukaken raos syukur marang Gustinipun awit saking sedaya rejeki ingkang sampun dipuntampi. 2. Tiyang gesang menika kedah tansah guyub rukun dhateng tangga tepalih, sedherek, saha sesaminipun. 3. Tiyang gesang kedah njagi lingkungan. Daftar Pustaka Damarjati, Triwik & Sinar Indra. 2015. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Kelas X. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta. Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters. https://www.sastra.org/leksikon https://drive.google.com/file/u/1/d/1v9kGkqSKuI6uI44n9dLBCBGiOlIdjGvL/view?usp=drive_open https://vt.tiktok.com/ZSLLksWu3/?t=2 https://budiarto.id/peraga https://budiarto.id/peraga/sandhangan-swara