The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

2. REVISI bahan ajar tembang dhandhanggula (1)

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Yulia wijaya, 2023-07-10 06:22:55

2. REVISI bahan ajar tembang dhandhanggula (1)

2. REVISI bahan ajar tembang dhandhanggula (1)

1 Dening: Yuliati, S.Pd BAHAN AJAR BAHASA JAWA TEMBANG DHANDHANGGULA KELAS XII SEMESTER GENAP


2 Elemen menulis Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam bentuk teks aksara jawa yang memuat (misalnya: nglegena pasangan/sandhangan/angka/swara/murda/reka/lainnya) untuk mencapai tujuan yang berbedabeda secara logis, kritis dan kreatif. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks nonsastra berupa teks artikel budaya Jawa (tangible maupun intangible) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif. Peserta didik mampu menulis teks sastra berupa cerkak untuk berbagai tujuan secara kritis dan kreatif. Peserta didik mampu menulis teks nonsastra berupa iklan (pariwara, broadcast) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif. Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam bentuk teks sastra tembang macapat. Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam bentuk teks sastra cerkak untuk mencapai tujuan yang berbeda-beda. 1. Melalui kegiatan pembelajaran dengan model pembelajaran Problem Based Learning, ceramah, diskusi, tanya jawab, penugasan peserta didik dengan bernalar kritis mampu menemukan kata-kata sulit yang terdapat pada Serat Tripama pupuh Dhandhanggula pada 1 secara mandiri dengan benar. (C3) 2. Melalui kegiatan pembelajaran dengan model pembelajaran Problem Based Learning, ceramah, diskusi, tanya jawab, penugasan peserta didik dengan bernalar kritis mampu menganalisis paugeran tembang macapat Dhandhanggula dengan tepat. (C4) 3. Melalui kegiatan pembelajaran dengan model pembelajaran Problem Based Learning, ceramah, diskusi, tanya jawab, penugasan peserta didik dengan bernalar kritis mapu menulis syair tembang macapat Dhandhanggula berdasarkan paugeran tembang dengan benar secara mandiri maupun bergotong royong. (P6) CAPAIAN PEMBELAJARAN TUJUAN PEMBELAJARAN


3 A.Pandom Pasinaon Kagiyatan sinau wonten buku teks menika dipunsusun kanthi runtut. Pramila, saderengipun mlebet ing materi pasinaon, langkung sae para siswa mangertosi pandom pasinaon supados langkung gampil anggenipun sinau. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kedah dipungatosaken para siswa: 1. Para siswa maos pandom pasinaon ing materi menika, ingkang arupi kompetensi dasar, indikator pencapaian kompetensi lan ancas pasinaon. 2. Dipunmangertosi pirembagan wonten saben kagiyatan sinau. 3. Dipungarap kanthi tliti lan saestu ing saben gladhen, menawi anggenipun sinau wonten ingkang dereng dipunmangertosi, saged nyuwun pirsa dhateng guru. 4. Dipunpraktikaken pasinaon ingkang sampun dipunwulangaken guru. 5. Sinau malih andharan saking guru utaminipun babagan materi ingkang dereng dipunmangertosi.


4 Wonten karya sastra Jawi kathah ingkang ngewrat piwulang budi pakarti, salah satunggaling menika lumantar tembang macapat. Kajawi sekeca dipunlagokaken kangge panglipur, tembang macapat menika menawi dipunudhari wosipun pranyata ugi ngewrat pitutur luhur, salah satunggaling inggih menika tembang Dhandhanggula. Para siswa mangga dipuntingali tuladha tembang Dhandhanggula wonten ngandhapmenika, kangge damel pitakenan bab “menelaah teks piwulang Serat Tripama pupuh Dhandhanggula pada 1. Para siswa ugi saged ningali video saking link ingkang dipunsamektakaken (disediakan)! Cakepan Tembang Dhandhanggula (pada 1) Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa samya anuladha, kadya nguni caritane, andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purune kang den antepi, nuhoni trah utama. Kapethik saking: http://nyinaubasajawi.blogspot.com/2016/09/tembangdhandhanggula-serat-tripama.html (Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama. FASE 1: Identifikasi Masalah Menawi para siswa badhe ningali materi tembang Dhandhanggula saged dipuntingali wonten link ngandhap menika: https://docs.google.com/presentation/d/1P3b67mt0ZnNYRjnPxPQWMhR0FOYFn5qm/edit?usp=dr ive_link&ouid=116864436775936669297&rtpof=true&sd=true


5 Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan materi ing ngandhap menika! Peta Konsep APERSEPSI Miturut Brotosejati (2008:8) tembang inggih menika kasusastran lisan utawi seratan ingkang nggadhahi cakepan saha titi laras tartamtu ingkang dados cirinipun tembang kasebat. Kajawi andharan menika, tembang macapat ugi dipunwastani tembang ingkang dipunwaos kanthi nugel saben sekawan wanda utawi maca papat-papat. Tembang inggih menika susastra/sastra, utawi anggitan (karangan) ingkang kaiket dening paugeran (aturan) tembang inggih menika guru lagu, guru wilangan, saha guru gatra. Wonten kasusastran Jawi, tembang kalebet jinising geguritan gagrag enggal. Tembang Jawi menika wonten 3 werni, inggih menika: 1. Tembang Cilik (macapat) 2. Tembang Tengahan (kidung) 3. Tembang Gedhe (kakawin) Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula a. Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula pada 1 b. Nyerat Tembang Macapat Dhandhanggula Para siswa saged: Mangertosi wosing piwulang Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula pada 1 lan saged nyerat tembang macapat dhandhanggula piyambak.


6 Macapat menika dipungolongaken kategori tembang cilik lan ugi tembang tengahan (madya). Menawi Tembang Gedhe menika arupi kakawin utawi puisi tradhisional Jawi Kina. Sanesipun menika, tembang tengahan ugi saged ngarujuk dhateng kidung saha puisi tradhisional jroning basa Jawi Tengahan. Tembang macapat ingkang badhe dipunandharaken wonten bahan ajar menika inggih menika tembang macapat Dhandhanggula ingkang wonten Serat Tripama. A. Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula Serat Tripama menika anggitanipun KGPAA mangkunegaran IV. Tembung Tripama nggadhahi teges inggih menika pepeling supaya para prajurit prayogane niru sipat ksatria, lelabuhan / pangurbanan marang nagara. Serat Tripama menika kadadosan saking 5 jinising tembang. Salah satunggaling menika Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula. Wonten pupuh Dhandhanggula, ngemot 7 pada (bait) (http://nyinaubasajawi.blogspot.com/2016/09/tembangdhandhanggula-serat-tripama.html). Para siswa punapa sampun mangertos 7 pada tembang Dhandhanggula wonten Serat Tripama menika? Menawi dereng, para siswa saged ningali 7 pada tembang ing Serat Tripama menika ingkang kapendhet saking: (http://nyinaubasajawi.blogspot.com/2016/09/tembang-dhandhanggula-serat-tripama.html). PUPUH DHANDHANGGULA ING SERAT TRIPAMA (01) Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa samya anuladha, kadya nguni caritane, andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purune kang den antepi, nuhoni trah utama. (2) Lire lalabuhan tri prakawis, guna bisa saneskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas, katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji, Suwanda mati ngrana.


7 (3) Wonten malih tuladhan prayogi, satriya gung nagari Ngalengka, sang Kumbakarna namane, tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk awit prang Ngalengka, dennya darbe atur, mring raka amrih raharja, Dasamuka tan keguh ing atur yekti, de mung mungsuh wanara. (4) Kumbakarna kinen mangsah jurit, mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun, amung cipta labuh nagari, lan nolih yayah rena, myang leluhuripun, wus mukti aneng Ngalengka, mangke arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana.


8 (5) Yogya malih kinarya palupi, Suryaputra Narpati Ngawangga, lan Pandhawa tur kadange, len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina, kinarya gul-agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadegken senapati, ngalaga ing Korawa. (6) Minungsuhken kadange pribadi, aprang tandhing lan sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene sira pikantuk, marga dennya arsa males-sih, ira sang Duryudana, marmanta kalangkung, dennya ngetog kasudiran, aprang rame Karna mati jinemparing, sumbaga wirotama. (7) Katri mangka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung pra prawira, amirita sakadare, ing lalabuhanipun, aja kongsi mbuwang palupi, manawa tibeng nistha, ina esthinipun, sanadyan tekading buta, tan prabeda budi panduming dumadi, marsudi ing kotaman. Wonten pamulangan samangke, para siswa sinau tembang Dhandhanggula mliginipun pada 1. Ananging sumangga para siswa dipunwaos kanthi premati 7 pada tembang Dhandhanggula wonten Serat Tripama menika kangge tambahing kawruh.


9 B. Wosipun Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula Pada 1 Dhandhanggula menika tembang macapat ingkang wosipun sae sanget mliginipun wonten pada 1. Wosipun inggih menika mulangaken Pepeling supaya para prajurit prayogane niru sipat ksatria, lelabuhan / pangurbanan marang nagara. Pepeling kang diandharake lumantar pralambang lakon pewayangan minangka tuladha ( Katrangan : Ana 3 lakon sing dadi tuladha yaiku Bambang Sumantri / Patih Suwanda saka Epos Arjuna Sasrabahu, Kumbakarna saka Epos Ramayana, lan Adipati Karna / Basukarna/ Suryaputra saka Epos Mahabharata ). Intinipun, Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula wosipun yaiku : Pepeling supaya para prajurit prayogane niru sipat ksatria, lelabuhan / pangurbanan marang nagara. Tembang Dhandhanggula menikanggadhahi watak luwes, supel, manis, resep ( seneng ), nyenengake. Menawisasmitaning tembang Dhandhanggula inggih menika: Sarkara, manis, madu, (h)artati, dhandhang, guladrawa, lsp ( Katrangan : Sasmita tembang yaiku unen-unen / tetembungan sing kanggo menehi tandha utawa pralambang jenenge tembang ).Nah, para siswa, wonten pamulangan menika badhe nyinaoni tembang macapat Dhandhanggula pada 1. Sumangga dipunsemak cakepan pada 1 menika. Yogyanira kang para prajurit, (gatra 1) lamun bisa samya anuladha, (gatra 1) kadya nguni caritane, (gatra 1) andelira sang Prabu, (gatra 1) Sasrabau ing Maespati, (gatra 1) aran Patih Suwanda, (gatra 1) lalabuhanipun, (gatra 1) kang ginelung tri prakara, (gatra 1) guna kaya purune kang den antepi, (gatra 1) nuhoni trah utama. (gatra 1) Kapethik saking : http://nyinaubasajawi.blogspot.com/2016/09/t embang-dhandhanggula-serat-tripama.html Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda, Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama. Ingkang kacithak kandel menika kalebet tembung-tembung arkais. Dados wonten tembang macapat menika wonten ingkang taksih ngginakaken basa-basa ingkang sampun boten dipunpanggihi ing padintenan, kadosta: Yogyanira, kadya nguni, andelira, lalabuhanipun, ginelung tri prakara, nuhoni lsp. Sabibaripun para siswa manggihi tembung ingkang angel lajeng saged dipunwaos wosipun tembang Dhandhanggula menika. Para siswa saged ningali pitutur luhur saking tembang menika.


10 Gatra kaping 1 inggih menika: Yo-gya-ni-ra kang pa-ra pra-ju-rit Menawi badhe nemtokaken guru wilangan, para siswa kasuwun ngetang wanda (suku kata). Nah wonten nginggil menika sampun dipunpantha kanthi tandha (-) nggih. Samenika cacahing wanda wonten 10 saking: Yo-gya-ni-ra kang pa-ra pra-ju-rit 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 Menawi badhe nemtokaken guru lagu, para siswa saged ningali aksara vocal (a,i,u,e,o) wonten pungkasaning gatra. Wonten pethikan gatra 1 menika guru lagunipun inggih menika (i), amargi wonten pungkasaning ukara wonten gatra 1 menika aksara vocal-ipun (i). C. Paugeran Tembang Macapat Dhandhanggula Paugeran tembang macapat menika wonten 3. Guru gatra, guru wilangan saha guru lagu. Guru Lagu: tibaning swara saben sagatra (10 Pada) Guru Wilangan: cacahing wanda saben sagatra (10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7) Guru Gatra: cacahing gatra saben sapada (i, a, e, u, i, a , u, a, i, a) (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a) Samenika badhe kaandharaken tuladha setunggal gatra saking tembang Dhandhanggula. Gatra sanesipun sumangga para siswa saged praktik piyambak.


11 Lamun bisa samya anuladha Saged dipundudut tegesipun: a. Guru Gatra menika: cacahing larik saben sapada (satu bait) b. Guru Wilangan menika: cacahing wanda (suku kata) saben sagatra (larik) c. Guru Lagu menika: tibaning swara (vokal) ing pungkasaning gatra/larik.


12 Fase 3: Membimbing Penyelidikan Para siswa, sasampunipun mangertosi watak, isinipun saha paugeran tembang Dhandhanggula, sumangga sinau sesarengan kanthi kelompok materi ing ngandhap ingkang badhe ngandharaken caranipun nyerat cengkorongan tembang macapat Dhandhanggula! D. Nyerat Cengkorongan Tembang Macapat Nyerat cengkorongan tembang macapat kedah nggatosaken urutan damel kados ing ngandhap menika: 1. Para siswa nyerat rumiyin wonten kertas/buku cathetan cacahing gatra saha guru wilangan lan guru lagu saben gatra. Gandheng tembang Dhandhanggula menika wonten 10 gatra, dipunserat guru wilangan lan guru lagunipun mandhap ngantos gatra 10. Lha, kadospundi menawi siswa damel cengkorongan tembang macapat? Punapa sami kaliyan damel cengkorongan karangan ing cariyos? Tamtu kemawon beda nggih. Anggenipun damel cengkorongan tembang menika badhe kaandharaken wonten ngandhap menika. Sumangga dipunwaos kanthi premati.


13 2. Nemtokaken tema. Sakderengipun nyerat tembang macapat kedah nemtokaken tema punapa ingkang badhe dipunserat. Kadosta temanipun tembang Dhandhanggula samangke pendidikan. Saged pados internet kangge referensi/tambahing kawruh tema. Ananging sampun ngantos namung copy-paste saking internet. Tuladhanipun: para siswa sampun nemtokaken temanipun “jalan-jalan”. 3. Lajeng para siswa saged nemtokaken tembung-tembung ingkang badhe dipunginakaken. Diksi utawi pamilihing tembung menika baken sanget supados saben gatra samangke saged runtut lan selaras. Kajawi menika kedah ngemuti wonten paugeran guru wilangan lan guru lagu nggih. Tuladhanipun: menawi badhe nganggit gatra kapisan menika guru wilangan lan guru lagunipun inggih menika 10i. Nah, para siswa ugi kedah njumbuhaken tembung pungkasan menika dhawah ing lagu i. Ukaranipun samangke ugi cacahipun wanda (suku kata) kedah 10. Boten pareng langkung, napa malih kirang. 4. Sabibaripun nyerat cengkorongan tembang menika, seratan ingkang taksih orek-orekan menika dipunsalin wonten buku/ Lembar Kerja Siswa kanthi rapi. Gampil nggih? Menawi para siswa samangke kadhawuhan damel tembang macapat ngginakaken basanipun piyambak. Menawi taksih kangelan, para siswa saged nyuwun pirsa dhateng guru. Utawisaged bikak materisaking sumber sanes. Kathah menika kadosta wonten Youtube sampun kathah ingkang ngrembag caranipun damel tembang macapat.


14 Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya E. Nyerat Tembang Macapat Dhandhanggula Nyerat/nganggit tembang macapat menika beda kaliyan nganggit tembang sanesipun. Tembang macapat menika gadhah aturan/paugeran piyambak, ateges boten bebas mardika nyerat cakepan/lirik, kedah mangertosi caranipun ingkang badhe dipuntindakaken. Samenika badhe dipunandharaken caranipun nyerat/nganggit tembang macapat mliginipun tembang Dhandhanggula: 1. Para siswa maos utawi nyemak rumiyin tembang Dhandhanggula ingkang dipuntayangaken mawi media utawi dipuntembangaken. 2. Lajeng para siswa kedah nemtokaken watakipun tembang ingkang badhe dipunanggit. 3. Sabibaripun nemtokaken watakipun tembang, para siswa nemtokaken tema ingkang badhe dipunginakaken nganggit tembang. 4. Para siswa lajeng damel cengkorongan (kerangka) tembang macapat adhedhasar paugeran tembang macapat (guru gatra, guru wilangan, guru lagu) kados materi ing nginggil kalawau. 5. Salajengipun, adhedhasar cengkorongan ingkang sampun dipudamel, para siswa nyerat kanthi runtut, rapi saha sampun ngantos wonten ingkang nglanggar paugeran tembang Dhandhanggula. (dipunserat kanthi rapi wonten buku utawi LKPD) https://www.youtube.com/wat ch?v=oJkBN26IhDI


15 FASE 5: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah Sabibaripun para siswa sinau babagan tembang Dhandhanggula, mangga samenika para siswa nyerat wonten papan ingkang sampun dipunsamektakaken menika, ngengingi punapa kemawon ingkang sampun dipunmangertosi siswa saking materi kalawau. ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………… Rubrik Evaluasi Diri Samenika para siswa kasuwun milih wangsulan ingkang trep kaliyan kawontenan siswa piyambak kanthi tandha centhang (√) No Pertanyaan Sampun Dereng 1. Punapa para siswa sampun mangertos wosipun tembang Dhandhanggula pada 1? 2. Para siswa sampun mangertos caranipun damel cengkorongan tembang Dhandhanggula punapa dereng? 3. Para siswa sampun saged nyerat tembang Dhandhanggula punapa dereng? Menawi para siswa mangsuli “Dereng” saking pitakenan menika, pramila para siswa kedah nyinaoni malih materi ingkang wonten buku kanthi didampingi kanca utawi guru. Menawi para siswa mangsuli “Sampun” pareng nglajengaken pasinaon kanthi nyuwun Ulangan Harian dhateng guru.


16 DAFTAR PUSTAKA - Brotosejati, Widodo. 2008. Macapat Teori dan Praktik Nembang. Semarang: UNNES PRESS - Inki, Ilham Muttaqin. 2014. Pinter Nembang Macapat. Jakarta: PT Buku Seru - Kamus Bausastra Basa Jawa. Yogyakarta: Balai Bahasa - Rahadini, Astiana A. 2019. Modul 4 Sastra Klasik lan modern. Surakarta:Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan. - Video materi tembang macapat Dhandhanggula dari guru. Link video: https://docs.google.co m/presentation/d/1P3b67mt 0ZnNYRjnPxPQWMhR0FOYFn5qm/edit ?usp=dr i ve_link&ouid=116864436775936669297&rtpof=t rue&sd=true


Click to View FlipBook Version