BAHAN AJAR
UNGGAH-UNGGUH
BASA JAWI
"PITEPANGAN"
Kangge Siswa SMK Kelas X
DENING: FIFI ANGGRAINI
PPG DALJAB KATEGORI 2 UNY 2022
Capaian Pembelajaran
Elemen
1.Berbicara : Peserta didik mampu menggunakan Bahasa
Jawa sesuai kaidah kebahasaan dan unggah-ungguh
untuk menyampaikan informasi secara lisan berupa
gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau
pesan dari berbagai unggah-ungguh Bahasa Jawa.
2.Menulis : Peserta didik mampu menulis gagasan,
pikiran, pandangan, arahan atau pesan tertulis untuk
berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif unggah-
ungguh Bahasa Jawa.
Indikator Pencapaian Kompetensi
1. Menganalisis ragam undha-usuk (basa ngoko lugu, ngoko
alus, krama lugu, krama alus) secara mandiri”(HOTS
C4/TPACK)
2. Melakukan simulasi perkenalan di lingkungan sekolah dan
masyarakat sesuai dengan unggah-ungguh bahasa Jawa.
(HOTS P5)
Tujuan Pembelajaran
1.Peserta didik kelas X setelah diperlihatkan video tentang
perkenalan yang sesuai dan tidak sesuai dengan unggah-
ungguh bahasa Jawa dapat menganalisis ragam undha-
usuk (basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama
alus) secara mandiri”(HOTS C4/TPACK)
2.Peserta didik kelas X setelah menulis/menciptakan teks
pacelathon mampu melakukan simulasi perkenalan di
lingkungan sekolah dan masyarakat sesuai dengan
unggah-ungguh bahasa Jawa. (HOTS P5)
Fase 1. Mengorientasi Masalah
Materi Faktual
Para siswa sumangga nggatosaken tuladha pawicantenan ing video
ingkang ngewrat unggah-ungguh pitepangan wonten ing youtube.
Para siswa saged klik link https://www.youtube.com/watch?
v=DUyo0Ij9pdg . Sasampunipun nggatosaken
tuladha teks pawicantenan saking video, sumangga para siswa
ngrantam pitakenan ingkang gayut kaliyan tuladha unggah-ungguh
pitepangan
Tuladha teks pacelathon pitepangan
Kanca Anyar
Ing sawijining dina Dapin lan Kepin sowan ing daleme
Mbah Dhalang.
Dapin lan Kepin : Kulanuwun mbah kulanuwun
(sinambi ndhodhog lawang)
Mbah Dhalang: Eh kowe to Dapin Kepin,ndene ndene
mlebu kene, iki simbah lagi resik-resik ngomah. Ana
apa le?
Dapin :Boten wonten napa- napa kog Mbah,
namingbadhe dolan mawon.
Kepin :Badhe wonten tamu napa mbah? Wingi
sontenkadose nggih resik- resik latar.
Mbah Dhalang: Iyo pin. Mengkosore putuku sing seko
Jakartaarep mara. Kepin : Wah inggih ta
Mbah. Wayahe kelas pinten mbah?
Mbah Dhalang: Ya sebabag karo koe le. Cahekelas 1
SMP.
Dapin : Ya wis pin saiki awakedhewe ngewangi Mbah
Dhalang wae anggone resik- resik ben cepet rampung.
Sajake sedelo meneh yo rampung.
Kepin : Iya ayo pin. Maaaangkat !
Dapin lan Kepin banjur ngewangi Mbah Dhalang resik-
resik ngomah. Ora let suwe anggone resik- resik
rampung. Banjur Dapin, Kepin, lan Mbah Dhalang
padha leren.
Mbah Dhalang : Dapin kae jukuka wedhang ing pawon,
kene digawa ndene. Gek leren karo ngombe- ngombe
teh ndisik.
Dapin : Nggih mbah.
Kepin : Mangke wayahe njenengandugi jam
pintenmbah ? Mbah Dhalang : Jarene engko tekan jam
4 sore.
Dapin : Mangga mbah diunjukteh e.
Kepin : Berati nggih sedela malih mbah.
Mbah Dhalang: Ya le, yo gek diombe sikik. Iyo paling ya
sedhelamaneh.
Nalika Mbah Dhalang lan Dapin Kepinlagi padha
gunemanteka- teka ana sik ndhodhog lawang.
Santi : Kulanuwun kulanuwun mbah (sinambi
ndhodhog lawang)
Mbah Dhalang : Nggih mangga (sinambi mbukakke
lawang), eh kene- kene putuku wes teka.
Santi : Hehe inggih mbah. Menika sinten Pak? Mbah
Dhalang : Oh iya kui Dapin karo Kepin
Dapin : Ndherek nepangaken nama kula Dapin
lan menikaadhik kula Kepin.
Santi : Nggih, ndherek nepangaken kula Santi.
Bapake Santi : Dapinkaro Kepin ki putune
Mbah Atemo ya le? Dapin : Inggih leres
Pakdhe.
Kepin : Leres…leres…leres
Mbah Dhalang: Iya, cah cah iki pancen sok dolan
mrene.
Kepin : Kang wis sore iki ayo bali, mengkondak
digoleki Mbak Rus. Awake dhewe rak didhawuhi Mbak
Rus ngentasi memean to.
Dapin : Oh iya, yo ayo pin. Nuwun sewu Mbah
Dhalang,Pakdhe lan Santi gandhengmenika sampun
sore. Kula kaliyanKepin badhe nyuwun pamit.
Bapake Santi : Oh ya le. Eh iki ana oleh-oleh digawa
bali ya
Dapin : Nggih pakdhe matur nuwun pakdhe. Sampun
nggih. Bapake Santi : Nggih
Mbah Dhalang : Sing padha ngati- ati le. Dapin lan
Kepin : Nggih mbah.
Pacelathon ing nginggil menika tuladha saking
unggah-ungguh pitepangan. Saking tuladha ing
nginggil saged dipunpirsani kados pundi prayoginipun
menawi pitepangan kaliyan tiyang ingkang dereng
tepang.
Fase 2. Mengorganisasi Peserta Didik
Peta Konsep
Ngoko Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Unggah-ungguh
Basa Jawi Krama Lugu
Krama Lugu
Krama
Tuladha ing
Unggah-ungguh
Pagesangan Pitepangan
Materi Konseptual
Ing pepanggihan samenika badhe ngrembag materi
unggah-ungguh basa Jawa, pramila para siswa kedah
diskusi kanthi kelompok alit kanthi satiti anggenipun
maos materi. Materinipun kababar wonten ing
ngandhap menika.
Unggah-ungguh
Unggah-ungguh inggih menika tata-pranataning basa
miturut lenggahing tata krama. Unggah-ungguh ugi saged
dipunwastani undha usuking basa(tingkataning basa
adhedhasar anggenipun ngginakaken). Tiyang ingkang badhe
ngetrepaken unggah-ungguh boten badhe uwal saking tata
krama. Tata krama awujud solah bawa, tindak-tanduk lan
patrap nalika sesambetan (komunikasi) dhateng sinten
kemawon.
Unggah-ungguh Basa Jawi
Unggah-ungguh basa inggih menika tataran basa ingkang
dipun-ginakaken kangge micara kaliyan tiyang sanes.
Ragam basa Jawi kaperang dados kalih inggih menika basa
ngoko saha basa krama.
1. Basa ngoko
Basa ngoko kaperang dados kalih inggih menika
ngoko lugu saha ngoko alus.
2. Basa krama
Basa krama kaperang dados kalih inggih menika
krama lugu saha krama alus
Basa Ngoko Lugu
Ngoko lugu inggih menika wujudipun basa ingkang
sedaya tetembunganipun migunakaken tembung ngoko
sedaya
Ngoko lugu dipun-ginakaken kangge pawicantenan:
a. Tiyang sepuh marang putranipun.
b. Kanca kaliyan kanca ingkang sepantaran.
c. Bandara kaliyan rencangipun.
d. Tiyang ngudarasa
Basa Ngoko Lugu
Tuladhanipun Ngoko Lugu:
Ginemanipun lare kaliyan kancanipun.
Andri: "ndri ayo sesuk mancing ning kali"
Joko: "ayo, aku mau wis bar tuku kambangan"
Basa Ngoko Alus
Ngoko alus inggih menika wujudipun basa ingkang
tetembunganipun ngoko kacampuran krama alus.
Ngoko alus dipun-ginakaken kangge pawicantenan:
a. Pasrawungan tiyang dewasa utawi tiyang sepuh
ingkang sampun rumaket.
b. Tiyang sepuh dhateng tiyang dewasa ingkang
langkung inggil pangkatipun.
Tuladhanipun Ngoko Alus:
Ginemanipun satunggaling tiyang kaliyan kanca
sakantor.
Bu Arum: "Bu Lusi panjenengan wis dhahar durung kok
katon lemes?"
Bu Lusi: "Durung iki Bu, awakku gembreges,
panjenengan ngasta minyak kayu putih ora?"
Basa Krama Lugu
Krama lugu inggih menika wujudipun basa ingkang
tetembunganipun ngginakaken tembung krama,
nanging wuwuhanipun taksih migunakaken
wuwuhan basa ngoko.
Krama lugu dipun-ginakaken kangge pawicantenan:
a. Bocah marang wong tuwa.
b. Sapepadhanipun kangge ngurmati.
Tuladhanipun Krama Lugu:
Ginemanipun Pak Ketua RT dhateng para pemudha ing
rapat (pepanggihan pemuda)
"Adhik-adhik sedaya kula ing ngriki ngaturaken
panuwun dhateng sampeyan sadaya dene sampun
purun dugi ing pepanggihan menika."
Basa Krama Alus
Krama alus inggih menika wujudipun basa ingkang
tetembunganipun ngginakaken krama
dipunkantheni krama inggil.
Krama alus dipun-ginakaken kangge
pawicantenan:
a. Putra dhateng tiyang sepuh.
b. Siswa dhateng dwija.
c. Tiyang ingkang dereng tepang.
Tuladhanipun krama alus:
Gineman antawis wisnu kalyan eyangipun.
Wisnu :Kados pundi Mbah gerahipun, sampun
dhangan menapa dereng? (Krama Alus)
Eyang : Rasane kok durung iki. Miturut kowe kepriye
Le, supayane simbah cepet mari? (Ngoko Lugu)
Wisnu : Makaten kemawon Mbah, ing mangke simbah
kula dherekaken tindak dhateng Puskesmas,
kersanipun dipunpriksa dening Pak Dhokter.
(Krama Alus)
Unggah-ungguh Pitepangan
Limrahipun menawi wonten tiyang ingkang nembe
kemawon kepanggih lajeng sami pitepangan.
Semanten ugi siswa kelas X ingkang enggal, tamtu
kemawon kathah ingkang dereng sami tepang.
Wonten ing pamulangan menika, para siswa badhe
sinau babagan pitepangan. Pitepangan utawi
tetepungan asalipun saking tembung “tepung” utawi
“tepang”, ingkang tegesipun wanuh utawi kenal.
Dados pitepangan menika tegesipun kenalan. Tumrap
siswa ingkang dereng tepang, limrahipun para siswa
banjur sami pitepangan. Pitepangan menika wigatos
sanget amargi saged nambah kanca, langkung
rumaket dados kancanipun, saged dipunajak
rembagan utawi sinau sareng, saha saged nuwuhaken
karukunan. Salebetipun pasrawungan kedah
ngginakaken unggah-ungguh, supados awakipun
piyambak saged srawung kanthi sae saha boten dados
cacading tiyang sanes.
(Winarti, Sri & Suyati. 2017. Kartika Basa Kelas VII. Yogyakarta: Dinas Pendidikan
Pemuda dan Olahraga.)
Fase 3. Membimbing Penyelidikan
Materi Prosedural
Para siswa sasampunipun sinau materi bab unggah-
ungguh basa kangge pitepangan, maos teks pitepangan,
saha ningali video, sumangga dipunsinau kanthi
kelompok, materi ing ngandhap menika ingkang
ngandharaken cara ndamel teks pawicantenan unggah-
unggah nalika pitepangan.
Caranipun damel teks pawicantenan unggah-ungguh
pitepangan
a. Nemtokaken tema utawi topik pawicantenan.
b. Nemtokaken latar panggenan saha wekdalipun.
c. Nemtokaken paraga ingkang wonten ing
pawicantenan.
d. Migunakaken basa Jawi
e. Nyerat ukara pitepangan ngginakaken tandha petik
(“….”)
Kangge pitepangan Ditepungake jenengku Alfi. Aku
antawisipun lare kaliyan siswa kelas X SB. Jenengmu
lare sapa?
Kangge pitepangan kaliyan Ndherek nepangaken nama kula
tiyang ingkang langkung Alfi. Kula siswa kelas X SB.
sepuh Asmanipun panjengan sinten?
Kangge pitepangan tiyang Ditepungake, pak guru iki
sepuh dhateng lare asmane Pak Basori.
f. Ngginakaken ukara kandha kanthi maringi tandha
petik (“….”) wonten ing panyeratan pawicantenan.
g. Ngrembakakaken tema dados teks pacelathon
ingkang jangkep mawi unggah-ungguh basa.
Para siswa saged ngginakaken bausastra online kangge madosi tembung-
tembung ingkang angel, mawi link https://www.sastra.org/leksikon
Praktik pawicantenan unggah-ungguh pitepangan mawi
4W
a. Wicara : pocapanipun kedah cetha, boten pareng
groyok.
b. Wirama : banter alonipun swanten ingkang
dipunlarasaken kaliyan isi pacelathon.
c. Wiraga : ebahipun badan saha polatanipun kedah
luwes, prasaja kaliyan boten lamun dipundamel
damel.
d. Wirasa : penjiwaan, nalika pawicantenan kedah
dipunlarasaken kaliyan isinipun pawicantenan.
Fase 4. Mengembangkan dan Menyajika Hasil
Materi Metakognitif
Negesi Tembung
Kangge pancatan, para siswa saged ngginakaken
bausastra online kangge madosi tetembungan
ingkang angel. https://www.sastra.org/leksikon
Damel Analisis
Fase 5. Menganalisis danMengevaluasi Penyelesaian
Masalah
Wonten ing pasinaon unggah-ungguh Jawa:
Para siswa sampun saged ngecakaken unggah-ungguh
basa wonten ing pawicantenan pitepangan saha saged
damel pawicantenan pitepangan mawi unggah-
ungguhipun.
Wonten ing fase menika saged dipunanalisis saha
dipunevaluasi proses anggenipun manggihaken
sedaya unsur wonten ing pasinaon unggah-ungguh
pitepangan. Bab ingkang taksih angel nalika sinau
materi unggah-ungguh Jawa, inggih menika:
1. Anggenipun damel ukara pitepangan saha pamitan
kedah nggatosaken undha-usuk basanipun, kados ta
kalih sinten ingkang dipunajak pawicantenan, lajeng
kedah ngginakaken tataran basa ingkang kados
menapa.
2. Anggenipun damel teks pawicantenan pitepangan
kedah jumbuh kaliyan tema ingkang sampun
dipuntamtokaken kaliyan dwija.
3. Anggenipun ngecakaken pawicantenan pitepangan
kedah ngginakaken basa ingkang pener saha bener.
Dudutan & Relevansi
Dudutan
Dudutanipun saking materi menika:
1. Unggah-ungguh basa inggih menika tataran basa
ingkang dipun-ginakaken kangge micara kaliyan sinten
kemawon. Tataran basa menika wonten kalih inggih
menika basa ngoko lan basa krama.
2. Tindak tanduk inggih menika patrap nalika micara
kaliyan tiyang sanes.
Relevansi
Unggah-ungguh Jawa menika taksih dipun-ginakaken
dumugi samenika, sanadyan jaman sampun langkung
modern. Unggah-ungguh Jawa menika kalebet salah
setunggaling cara kangge nuwuhaken patrap ingkang
bener saha pener kangge para siswa.
Unggah-ungguh pitepangan kedah dipun-gatosaken
wonten ing pasrawungan, supados anggenipun srawung
kaliyan tiyang sanes saged lumampah kanthi sae.
Unggah-ungguh pamitan nalika bidhal sekolah, menika
ugi kedah dipungatosaken sanget, mliginipun kangge para
siswa, amargi piweling saha donga pangestu saking tiyang
sepuh menika wigati sanget tumrap putranipun saha
dados sarana lancaring gegayuhan para siswa
Kapustakan
Rosidi, Abdul A., dkk, 2015. Wibawa kelas X SMA/SMK.
Yogyakarta: Dinas Pendidikan, Pemudan, dan
Olahraga.
Bausastra online: https://www.sastra.org/leksikon
Jurnal:
Arfianingrum, Puji. 2020. Penerapan Unggah-ungguh
Bahasa Jawa Sesuai dengan Konteks Tingkat Tutur
Budaya Jawa. SMK Assa’idiyyah 2 Kudus Vol. 3 No. 2
hal. 138-141
https://jurnal.umk.ac.id/index.php/JKP/article/view/6
963