The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Kangge Kelas XI SMK
Dening: Fifi Anggraini
Mahasiswa PPG Daljab Angkatan II
UNY 2022

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by fifi.anggraini.037, 2022-09-25 03:15:38

BAHAN AJAR SEKAR MACAPAT DURMA

Kangge Kelas XI SMK
Dening: Fifi Anggraini
Mahasiswa PPG Daljab Angkatan II
UNY 2022

Keywords: durma

BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT DURMA

Satuan Pendidikan : SMK Pembangunan Karangmojo
Kelas/ Semester : XI/ 1
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Tema : Tembang Macapat Durma
Alokasi Waktu : 4 x 45 menit

Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian

3.4. Menganalisis 3.4.1. Siswa dapat menganalisis struktur tembang

tembang macapat macapat durma (HOTS C4)

Durma. 3.4.2. Siswa dapat menguraikan pokok-pokok isi dari
tembang macapat durma (HOTS C4)

3.4.3. Siswa dapat menyimpulkan pesan moral dari

cakepan tembang macapat durma (HOTS C5)

4.4. Mencipta dan 4.4.1. Siswa dapat mencipta tembang macapat durma
(HOTS P5)
melagukan tembang
4.4.2. Siswa dapat mengkritisi teks tembang macapat
macapat Durma durma (HOTS P4)

4.4.3. Siswa dapat menyajikan tembang macapat durma

(HOTS P3)

4.4.4. Siswa dapat mengkritisi sajian tembang macapat

durma (HOTS P4)

Cermatilah teks berikut ini!

A. KAWRUH TEMBANG MACAPAT

Tembang/sekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran
tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken nganggé kagunan swanten
(Padmosoekotjo,1960: 25). Macapat menika sekar tradhisional ing tlatah Jawa. Macapat
ugi mrathah wonten ing kabudayan Bali, Madura, saha Sunda. Menawi dipuntingali saking
kérata basa, macapat menika tegesipun maca papat-papat. Maosipun sekar macapat
pancèn wonten ingkang rinakit saben sekawan wanda (suku kata). Nanging boten sedaya
gatra sekar macapat saged kawaos papat-papat. Sekar menika kinten-kinten tembé
kémawon wonten ing pungkasaning jaman Majapahit saha wiwitan wali sanga nyepeng
kuwasa. Nanging menika ugi dèrèng mesthi, amargi boten wonten ingkang gathuk saged
mesthèkakén. Macapat kathah dipunanggé ing sapérangan Sastra Jawa Tengahan lan
Sastra Jawa Énggal. Menawi dipunsandhingaken kaliyan Kakawin, paugeran-paugeran utawi
metrum ing sekar macapat langkung gampil. Kitab-kitab jaman Mataram Énggal, kadosdéné
Wédhatama, Wulangrèh, Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, saha sanès-sanèsipun
dipunrakit nganggé sekar macapat. Paugeran-paugeran menika wonten ing:

• Guru gatra : cacahing wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
• Guru wilangan : cacahing wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
• Guru lagu : tibané swara ing pungkasaning saben gatra.
Panyekaring tembang macapat menika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titilaras
(notasi), laras, saha pathetipun gamelan. Déné urut-urutanipun sekar macapat menika sami
kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi abang dumugi tumekaning pejah.
Mungguh urut-urutanipun sekar, kadosta mekaten:
• Maskumambang. Gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan

ibunipun, dèrèng kawruhan jalèr utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali
kakung utawi èstri, kumambang tegesipun gesang ngambang wonten ing kandhutan

ibunipun.
• Mijil. tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi èstri.
• Sinom. tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati

kanggenipun tiyang anom supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun.
• Kinanthi. Saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang ateges dipuntuntun supados

saged mlampah ngambah panguripan ing alam ndonya.
• Asmarandana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (jalèr saha èstri saha

kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Ilahi.
• Gambuh. Saking tembung jumbuh/ sarujuk ingkang ateges bilih sampun jumbuh/

sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha jaler ingkang sami-sami
nggadahi raos tresna wau, ing pangangkah supados sageda gesang bebrayan.
• Dhandhanggula. Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen, menapa
ingkang dipungayuh saged kasembadan. Kelakon gadhah sisihan/ kulawarga, gadhah
putra, gesang cekap kanggé sakulawarga. Pramila menika tiyang ingkang saweg
bungah/ bombong penggalihipun, saged dipunwastani sekar dhandhanggula.
• Durma. Saking tembung darma/ wèwèh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan
gesangipun, banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanèsipun ingkang
sawe nandhang katresnan, pramila banjur tuwuh raos kekarepan darma/ wèwèh

marang sapadha-padha. Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking piwulangipun
agami saha watak sosialipun manungsa.
• Pangkur. Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara
murka. ingkang dipunpenggalih kekarepan tansah wèwèh marang sapadha-padha.
• Megatruh. Saking tembung megat roh utawi pegat rohipun/ nyawanipun, awit
sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan mring Sang Maha Kawasa.
• Pocung. Bilih sampun dados layon/ mayit banjur dipunbungkus mori putih utawi
dipocong sadèrèngipun kasarèkaken.
Saged ugi kababar kados mekaten:
Manungsa lair ing ngalam donya medal saking guwa garba (Mijil), nalika taksih
alit kedah dipuntuntun utawi dipunkanthi (Kinanthi), bilih sampun mudha taruna (Sinom),
gadhah raos tresna utawi paring katresnan marang tiyang sanès (Asmaradana). Ingkang
saweg nandhang asmara swasananipun ketingal éndah saha manis (Dhandhanggula).
Sasampunipun mengku kulawarga kedah mangertos (Gambuh) marang prakaraning
gesang. Menawi sampun sepuh gesang bakal ngambang (Maskumambang) menggalih
donya saha akhérat. Tambah sansaya mundur (Durma) mungkur ing kadonyan (Pangkur)
ngadhepi akhérat mula gentur ngibadah. Sasampunipun pejah ateges pegat ruhipun
(Megatruh). Banjur dibuntel utawi dipunpocong (Pocung).

B. Nyekaraken Sekar Macapat
Kanggé nyekaraken Macapat kaginakaken larasing gangsa/gamelan, sinaosa
ingmangkénipun andhap inggiling swanten boten kedah satrep kaliyan andhap inggiling
titilaras ing gangsa/gamelan. Namung kémawon ingkang kedah kagatosaken inggih punika
kaotantawis setunggalipun titi laras (nada) kaliyan sanèsipun kedah pleng utawi sami, ing
basaIndonesia kasebat jarak nada. Salebetipun gangsa/gamelan wonten sebutan laras lan
pathet.

1. Laras
inggih punika swanten ingkang ajeg inggilipun, boten owah, kasebat ugi nada,sistem
nada/tonal system. Laras sléndro ateges sistem nada ingkang ngenut andhapinggilipun
interval gamelan sléndro, semantèn ugi laras pélog.

2. Titi laras
inggih punika notasi nada ingkang kaserat miturut sistem nada laras lanpathetipun.

3. Pathet
inggih punika ukuran andhap inggiling laras, minangka wates wilayah nada.Pathet
ing laras sléndro:

C. Parafrase sekar macapat
Parafrase inggih menika ngewahi saking wujud pada/bait dados wujud gancaran
(prosa). Parafrase menika kangge nggampilaken pamaos mangertosi wosipun sekar
menika. Ing ngandhap menika cak-cakanipun parafrase sekar macapat.
Cak-cakanipun parafrase sekar macapat:
a. Negesi tembung-tembung ingkang awrat
b. Munggel ukara supados cetha tegesipun
c. Maringi tembung panggandheng, panyilah, utawi tembung sanesipun
d. Maringi tembung pawacan
e. Ngewahi ukara supados jangkep kalenggahanipun (S-P-O-K)

D. Ngripta Sekar Macapat
Kanggé ngripta sekar macapat temtu kémawon kedah mangertosi paugeraning sekar
macapat,ing antawisipun guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu ing saben sekar.
Pramila botennama gampil menawi ngripta sekar macapat, awit sedaya kedah
kaselarasaken kaliyanpaugeranipun. Kanggé njumbuhaken riptan kaliyan paugeran,
pramila pangripta kedahmangertosi bab-bab ingkang asring kaginakaken déning para
pujangga rikalanipun ngriptasekar.
Caranipun ngripta sekar:
a. Kedah milih lan netepaken sekar/tembang ingkang badhé karipta
b. Mangertosi paugeranipun sekar ingkang badhe karipta
c. Milih tembung-tembung ingkang trep kaliyan gagasan
d. Njumbuhaken tembung-tembung ingkang sampun kapilih kaliyan paugeraning
sekar(guru wilangan lan guru lagu)

Tembang macapat Durma
Bait (pada) ke-3, Serat Wulangreh Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Pupuh VII:


Click to View FlipBook Version