A. IDENTITAS Fase : 4 (Fase B) Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi : Aksara Jawa Nglegena B. CAPAIAN PEMBELAJARAN Peserta didik mampu menulis teks narasi dan deskripsi berbahasa Jawa sesuai kaidah unggah-ungguh basa dengan rangkaian kalimat yang beragam, informasi yang lebih rinci dan akurat dengan topik yang beragam. Peserta didik mampu menulis 20 aksara Jawa (legena), pasangan, sandhangan swara, sandhangan panyigeg wanda. Peserta didik semakin terampil menulis tegak bersambung C. TUJUAN PEMBELAJARAN 1. Melalui diskusi kelompok siswa mampu menulis 20 aksara dengan benar. 2. Melalui diskusi kelompok siswa mampu menulis aksara dengan sandangan swara dengan benar D. DIMENSI PENGETAHUAN 1) Faktual : Pengertian aksara jawa nglegena, PPT, gambar cetak aksara jawa 2) Konseptual : sandhangan 3) Prosedural : paugeran aksara jawa 4) Metakognitif : membaca aksara jawa
A. FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH MATERI FAKTUAL : Miturut kurikulum 2013 muatan lokal Daerah Istimewa Yogyakarta, maos kaliyan nyerat aksara jawa nglegena inggih menika salah setunggaling standar kompetensi ingkang kedhah dilampahaken kaliyan kelas 4. Miturut Sariroh (2016: 2), Aksara Jawa kasusun saking 20 huruf ingkang dipunsebut kaliyan Aksara nglegena. Menawi dipunlafalaken wonten ing basa Jawi, aksara nglegena menika “ha-na-ca-ra-ka, da-ta-sawa-la, pa-dha-ja-ya-nya, ma-gaba-tha-nga”. Aksara Jawa nglegena saged dipunsebut ugi aksara Jawa wutuh. Miturut (Hadiwirodarsono, 2010: 5) (kaliyan Rahmawati, 2015: 5) Aksara nglegena inggih menika aksara Jawa ingkang dereng angsal ‘sandhangan’ utawi dereng diparingi sandhangan. Wujud aksara Jawa dipuntepang kanthi wujud ngetumbar/tumbar. B. FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK MATERI KONSEPTUAL : 1. Sandhangan Miturut Hadiwirodarsono (2010:7) Sandhangan kaperang dados tigang jinis, inggih menika sandhangan swara, sandhangan panyigeg wanda, lan sandhangan wiyanjana/pambukaning wanda. Miturut Hadiwirodarsono (2010: 7) sandhangan wonten ing aksara Jawa dipunperang dados tigang golongan, inggih menika sandhangan swara, sandhangan panyigeg wanda, kaliyan sandhangan pambukaning wanda/wiyanjana. a. Sandhangan Swara Sandhangan swara ginanipun kangge bubuhi swara vokal saking aksara legena/Carakan (Ha, na, Ca, Ra,Ka…..) nalika diparingi sandhangan Swara. Sandhangan swara ginanipun kangge ngebahaken swanten vokal setunggaling aksara nglegena/carakan (Ha, Na, Ca, Ra…..) menawi disandingaken kaliyan sandhangan swara. Sandhangan swanten cacahipun wonten 5, inggih menika: Sandhangan swanten wonten 5 buah, inggih menika:
1). Wulu (i) Wulu ginanipun kangge swanten vokal i. Sandhangan menika dipunserat wonten ing inggil bagean pungkasan aksara. Wulu ginanipun kangge nglambangaken vokal i wonten ing setunggaling tembung. Sandhangan wulu dipunserat wonten ing inggil pungkasan aksara. 2). Pepet (ê) Pepet ginanipun kangge swanten vokal ê/ (sêga, mumêt, lêpêt, sêpêt, lsp). Pepet dipunserat ing inggil bagean pungkasan aksara. Pepet ginanipun kangge nglambangaken vokal ê utawi wonten ing suku tembung. Pepet boten saged dipunginakaken kangge nyerat wanda/suku kata re lan le ingkang boten dados pasangan. Tuladha tembunge (rega, remuk, resik, lenga, legi, lemah). Wanda utawi suku kata “re” ingkang boten dados pasangan, dipunserat ngginkaken pa cerek lan wanda/suku kata le ingkang boten dados pasangan dipunserat ngangge nga lelet. 3). Suku (u) Suku dipunginakaken kangge ngewahi swanten vokal u. Suku dipunserat ing ngandhap lan bagean pungkasan aksara. Suku ginanipun kangge nglambangaken swanten vokal u. Suku dipunserat ing ngandhap lan ing pungkasan aksara. 4). Taling (è/é) Taling dipunginakaken kangge swanten vokal é utawi è (lele, sate, tuwek, gule, luwe, Lsp). Taling dipunserat ing ngajenging aksara. Taling ginanipun kangge nglambangaken vokal é utawi è (lele, sate, tuwek, gule, luwe, Lsp). Taling dipunserat ing ngajenging aksara ingkang badhe diewahi aksaranipun. 5). Taling tarung (o) Taling Tarung dipunginakaken kangge ngewahi vokal o. Taling Tarung dipunserat ngapit aksara ingkang badhe diewahi. Taling tarung ginanipun kangge nglambangaken swanten vokal “o”. Taling tarung dipunserat ngapit aksara ingkang badhe diewahi swantenipun.
C. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN MATERI PROSEDURAL Paugeran Aksara Jawa D. Fase 4 : Mengembangkan & Menyajikan Hasil Karya Materi METAKOGNITIF 1. Wonten ing ngandhap menika wonten soal, saged dipunbahas sesarengan, dipungatosaken kanthi tliti paugeran aksara jawa lan sandhanganipun : (Maos) a. Rama tuku buku b. Jaya baya c. Baya cacah lima d. Lawa padha mara e. Raja siwa
2. Wonten ing ngandhap menika wonten soal, saged dipunbahas sesarengan, dipungatosaken kanthi tliti paugeran aksara jawa lan sandhanganipun : (Nyerat) 1. Maca basa jawa 2. Tawa bata sanga 3. Raja kaya dara 4. Nata bata wolu 5. Bawa lara mata E. Fase 5 : Menganalisis & Mengevaluasi Dudutan Saking materi wonten ing inggil, para siswa saged mangertos menapa menika aksara jawa nglegena. Aksara Jawa nglegena saged dipunsebut ugi aksara Jawa wutuh. Aksara nglegena inggih menika aksara Jawa ingkang dereng angsal ‘sandhangan’ utawi dereng diparingi sandhangan. Saking materi menika siswa saged maos aksara jawa ugi ingkang paling wigati siswa saged nyerat aksara jawa. Relevansi Saking materi aksara Jawa menika, siswa kedah saged maos amargi kita lair ing tanah Jawa kedah nguri-nguri kabudayan. Aksara Jawa menika asli kabudayan Jawa ingkang adiluhung. Jaman samenika sampun kathah panganggening aksara jawa ing pagesangan. Tuladhanipun ing papan nama margi, nama sekolah, ing busana saha sanes-sanesipun
KAPUSTAKAN Sutriyana, dkk. 2018. Ajar Basa Jawa Bahan Ajar untuk SD/MI. Yogyakarta:Dinas Pendidikan Kota Yogyakarta Rahayu, Sri, dkk. 2022. Referensi Panduan Bahasa Jawa. Yogyakarta:CV.Larassukma Sukmawardani, E. V., Suyitno, S., & Setianingsih, E. S. (2021). Pengembangan Media Ular Tangga Carakan untuk Keterampilan Membaca dan Menulis Aksara Nglegena Siswa Sekolah Dasar. DWIJALOKA Jurnal Pendidikan Dasar dan Menengah, 2(1), 57-62.