The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

ungguh ungguh belasungkawa kelas 9 SMP

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by 32. Achirull Arbiati Rachmah.2020, 2023-03-23 07:15:38

unggah ungguh belasungkawa

ungguh ungguh belasungkawa kelas 9 SMP

Keywords: UNGGAH UNGGUH BELASUNGKAWA

A. IDENTITAS Fase : D (Kelas 9 SMP) Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi : Unggah-Ungguh Belasungkawa B. CAPAIAN PEMBELAJARAN Peserta didik mampu menyampaikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dengan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa untuk menyampaikan pendapat, pemecahan masalah, dan pemberian solusi secara lisan dalam bentuk monolog dan dialog logis, kritis, dan kreatif. C. TUJUAN PEMBELAJARAN Peserta didik mampu menyampaikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dengan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif. D. ALUR TUJUAN PEMBELAJARAN 1. Peserta didik dapat menguraikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari pacelathon wayang sederhana tentang unggah ungguh berbelasungkawa. 2. Peserta didik dapat menemukan unggah ungguh berbelasungkawa yang tersurat dan tersirat dalam pacelathon wayang sederhana 3. Peserta didik mampu menyajikan secara lisan pacelathon unggah-ungguh, hasil dari membuat pacelathon bersama kelompok dengan kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa


E. DIMENSI PENGETAHUAN 1) Faktual : Pengertian Unggah-Ungguh Basa, PPT, pacelathon wayang sederhana 2) Konseptual : Klasifikasi unggah-Ungguh Basa 3) Prosedural : Bab-bab Ingkang Dipungatosaken ing Unggah-Ungguh Belasungkawa lan urut-urutanipun unggah-ungguh belasungkawa 4) Metakognitif : Menyimpulkan pemakaian Unggah-Ungguh Belasungkawa A. FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH MATERI FAKTUAL : Unggah-ungguhing basa menika panataning basa miturut lenggahing tata krama. Dados wosing andharan pangertosan kasebat bilih tiyang ingkang sageding unggah-ungguh basa, yen wicanten utawi sesambetan kalian tiyang sanes basanipun tansah dipunarah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran tata susila, murih tansah ndamel reseping manah. Wonten sesanti “ajining dhiri saka ing lathi”. Tembung “lathi” (krama inggil, ngoko lambe) mralambangaken pawicantenan, nun inggih wedaling basa. Kanthi mekaten sesanti menika ngemu suraos bilih tiyang ingkang basanipun sae, tansah migunakaken unggah-ungguhing basa, mesthi dipunaosi dening tiyang sanes. Wondene caranipun prayogi saged nglenggahaken dhiri pribadhi, njagi ajining dhiri, lembah manah, andhap asor, saha pinter ngurmati tiyang sanes ingkang ugi mengku pangertosan saged nglenggahaken dhiri pribadi kanthi laras inggih menika: a. Umur Menawi wicantenan tiyang enem ngurmati ingkang langkung sepuh b. Paprenah Wosipun tiyang enem ngurmati sedherek ingkang awunipun langkung sepuh. Tuladhanipun adhi ngurmati kakang-mbakyu, anak ngurmati bapa biyung, putu ngurmati simbah, keponakan ngurmati bapa paman bibi, lan sapiturute.


c. Drajad Pangkat Tuladhanipun murid ngurmati guru, pegawe ngurmati pangarsanipun, warganing pakempalan ngurmati sesepuhipun. d. Drajad Semat Tuladhanipun tiyang limrah ngurmati dhunateng ingkang sugih bandha. e. Darah utawi Turunan Tuladhanipun tiyang ingkang gadhah sesebatan adhedhasar darah (bandara, raden ajeng, raden ayu, raden mas, lsp) f. Luhuring Pribadi Tuladhanipun para pinter (sarjana), pahlawan, budayawan, seniman, alim ulama, lsp g. Tetepangan Tuladhanipun tiyang ingkang dereng tepang, dereng patos tepang, sampun tepang, tepang sanget, lsp. B. FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK MATERI KONSEPTUAL : Wondene unggah-ungguhing basa menika kathah sanget, ananging ingkang limrah dipunginakaken menika wonten sekawan, antawisipun : Ngoko • Ngoko Lugu • Ngoko alus Krama • Krama lugu • Krama alus Undha Usuk Basa Jawa


Saderengipun mlebet wonten ing jinis unggah-ungguh basa, menika kedah gatosaken babagan, antawisipun : Tembung Kata Ukara Kalimat Ater-ater Awalan Panambang Akhiran Tembung kriya Kata kerja Tiyang ingkang kapisan (O1) Tiyang ingkang ngendika (aku, kula) Tiyang ingkang kaping kalih (O2) Tiyang ingkang dipunajak gineman (kowe, sampeyan, panjenengan, sliramu) Tiyang ingkang kaping tiga (O3) Tiyang ingkang dipunsanjangaken (piyambakipun, Basuki, Ani, Bapak, Ibu) Ngoko Lugu Tetembungan basa ngoko, sajatosipun namung cekakan kangge nggampilaken pangrembag. Dene jangkepipun inggih menika basa ngoko lugu. Pramila basa ngoko satuhu basa ingkang lugu. Tembung lugu tegesipun asli, murni, tumemen. Dados kenging dipunwastani bilih basa ngoko menika basa ingkang taksih asli. Pangertosan asli mila warni-warni, nanging ing bab menika kapendhet werdinipun ingkang wigatos, inggih menika asli miturut kodrating manungsa, saha asli miturut kapribadenipun tiyang Jawi. Rumus Ngoko Lugu : NL sedaya Tuladha pacelathon ngoko lugu : Arep Tilik Mbak Fatimah Tini lagi maca kalawarti ing ngarepan, dumadakan krungu swara mak cekleg!. Bareng ditiliki jebul Darman kanca sak kelas lagi nyetandarake pit. Tini enggal-enggal nyedhaki banjur takon. Tini : “lho, Darman, rak ora arep sinau bareng ta?” Darman : “Ora, mung arep ketemu awakmu sedhela”


Tini : “Sajak ana perlu apa, adoh-adoh tekan kene?” Darman : “aku dikandhani Dhik Siti, adhine Mbak Fatimah lara, banjur mau bengi mondhok ana ing Rumah Sakit Sarjito” Tini : “Wingi ana ing kelas mbak Fatimah pancen sambat, jare wetenge sok lara. Nanging kok banjur cepet banget mlebu rumah sakit. Gek lara apa?” Darman : “jare lara tipes” Tini : “walah ayo gek tilik wae” Darman : “apa mengko sore wae?” Tini : “Iya mengko ampiri aku ya, muga wae bar akdhewe tilik banjur mbak fatimah mari” Darman : “iyo… yen ngono dak mulih sek” Ngoko Alus Basa ngoko alus, saged mbangun swasana ingkang endah lan elok (unik). Lirinipun makaten, tiyang ingkang migunakaken basa ngoko alus, anggenipun wicanten kaliyan tiyang ingkang statusipun sami utawi langkung andhap. Amargi ingkang minangka dhasar tembung-tembung ngoko, tuwuh raos rumaket. Piyambakipun saged njagi murih boten wonten let, antawisiou jarak kaliyan ingkang dipunajak wicanten ingkang perlu dipunaosi, pramila kala-kala tiyang ingkang wicanten wau ngginakaken tembung-tembung krama inggil. Ateges ugi saged tuwuh raos urmat. Dados saged sesarengan nuwuhaken raos rumaket lan raos urmat. Rumus Ngoko Alus : N+KI (O2, O3) Tuladha pacelathon ngoko alus : Pak Abu kaliyan Bu Retno kanca sakantor, sasampunipun kantoran tutup badhe sami mantuk, taken-tinaken langkung rumiyin. Pak Abu : “Lho Jeng Retno. Titihan panjenengan ana ing ngendhi?” Bu Retno : “Ana ing bengkel, lagi rusak. Pak Abu nitih napa?”


Pak Abu : “Aku nggawa mobil, yen kersa ayo bareng wae” Bu Retno : “ Ya matur nuwun, dak ndherek tekan Paingan wae” Pak Abu : “wis, tekan dalem pisan, aku ngalang sathithik” Bu Retno : “Nanging miyos Paingan, bokmenawa aku dipapag Mas Bayu1” Pak Abu : “Wolha, malah ingkang garwa wis mapag tekan kene” Bu Retno : “yawis, ora sida, sugeng tindak Pak Abu” Krama Lugu Basa krama lugu inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun krama sedaya boten kacampur kaliyan tembung krama inggil lan tembung krama andhap. Aterater lan panambangipun ugi krama sedaya. Rumus Krama Lugu : Krama sedaya Tuladha Krama Lugu : - Ayamipun dipunsade ing peken - Menapa ayamipun badhe sampeyan sade ing peken? - Ayamipun sampun kula sade ing peken Krama Alus Basa krama alus inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun krama kacampur tembung krama inggil lan tembung krama andhap. Ater-ater lan panambangipun ugi krama. Tembung kriya, tiyang ingkang kaping kalih lan tiga dipundamel krama inggil. Rumus Krama Alus : K+KI (O2, O3) Tuladha Krama alus : - Menapa panjenengan badhe tindak dhateng Bogor? - Menapa kala wingi rayi panjenengan sampun panjenengan pendhetaken buku? - Ngendikanipun bapak, ibu gerah, ngantos mlebet griya sakit


C. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN MATERI PROSEDURAL Belasungkawa inggih menika wujud empati utawi peduli lan paring dukungan dhumateng tiyang-tiyang caket kita kadosta kulawarga, kanca, utawi sedherek ingkang nembe nandhang duka. 1. Saged ngginakaken ukara “aku melu sedhih, melu belasungkawa ya, ndherek Bisa migunakake tembung aku melu sedhih, melu belasungkawa ya, ndherek belasungkawa lsp.” 2. Ngginakaken basa ingkang becik miturut unggah-ungguh basa 3. Ngginakaken tata krama ingkang becik miturut unggah-ungguh 4. Paring belasungkawa boten kanthi celelekan, pratandha menawi tumut sedhih 5. Paring belasungkawa boten damel sakit manahipun 6. Saged ngginakaken tembung ingkang damel tentremipun ingkang nandhang susah lan saged maringi panglipur 7. Boten pareng ngece dhumateng kulawarganipun ingkang sampun seda, becikipun sedaya tumindak ingkang sampun seda menika dipunikhlasaken supaya damel dalan padhang sowan ing ngarsanipun Gusti Allah. 8. Paring donga dhumateng kulawarga ingkang tilar donya supados sedaya amal becikipun dipuntampi dening Gusti Allah. 9. Saged maringi bantuan kangge nyengkuyung kebutuhanipun kulawarga ingkang tilar donya 10. Boten nambahi susah lan ngrepoti kulawarga ingkang nandhang duka.


1. Paring rasa belasungkawa dhumateng kulawarga ingkang nandhang duka lan paring donga 2. Boten nglampahaken belasungkawa langkung saking 3 dinten 3. Ndamel dhaharan kangge kulawarga ingkang nandhang duka 4. Wicantenan ingkang sae kaliyan kulawarga ingkang nandhang duka 5. Paring raos kasih saying dhumateng anak yatim menawi ingkang tilar donya menika bapakipun. Rani kancanipun Yanto sowan wonten ing griyanipun Yanto, paring belasungkawa, Rani nembe saged ndherek belasungkawa 2 dinten sakbibaripun ibunipun Yanto menika seda. Yanto nembe nedha ing teras griyanipun. Rani : “Assalamu’alaikum Yanto” Yanto : “Wa’alaikumussalam Rani” Rani : “dingapura ya Yan, aku lagi iso mrene saiki, merga aku lagi wae mulih saka Malasyia melu pertukaran pelajar” Yanto : “iyo Ran rapopo, aku seneng awakmu bisa mrene” Rani : “Aku melu belasungkawa ya Yan, awit sedanipun ibumu, mugi-mugi sedaya amal ibadhahipun dipuntampi kaliyan Gusti Allah Aamin” Yanto : “Aaamiin Ya Allah, matur nuwun ya Ran” Rani : “Iyo yan, sing sabar, sing kuat, nek ana apa-apa awakmu ngomong aku wae, menawa bisa tak sengkuyung itung-itung ngeringanke beban pikiranmu” Yanto : “iyo Ran, awakmu mrene wae aku wis seneng ana kanca sing iseh peduli karo aku”


Rani :”Ya jelas kuwi Yan, kan aku bestiemu awit cilik, oiya iki ana titipan sithik saka ibuku” Yanto : “Ya Allah Ran, mbok uwis rasah repot-repot, eh sek ya tak gawekke wedang” Rani : “Rapopo Yan, alah uwis ora usah, tenangno pikirmu, sante wae, iki aku langsungan mulih ya, soale aku urung ngurus laporan neng sekolah” Yanto : “walah Ran, matur nuwun sanget yaa wis mrene salam kanggo ibumu Ran” Rani : “sante wae Yan, iyo siap” D. Fase 4 : Mengembangkan & Menyajikan Hasil Karya Materi METAKOGNITIF Fungsi lan mupangat ngginakaken Unggah-ungguh basa mliginipun bab unggah ungguh belasungkawa inggih menika para siswa saged dados siswa ingkang boten namung pinten anggenipun madosi kawruh ananging uga pinter bab unggah ungguh basa mliginipun unggah ungguh belasungkawa, uga saged ngajeni tiyang sanes, tiyang ingkang langkung sepuh. Amargi, ing jaman modern menika sampun saya ical babagan unggah ungguh menika. Kathah tiyang pinter ananging namung sakedhik ingkang gadhah suba sita, tindak tanduk ingkang sae. E. Fase 5 : Menganalisis & Mengevaluasi Dudutan Saking materi wonten ing ngandhap, para siswa saged mangertos menapa menika unggah ungguh belasungkawa, kados pundi caranipun belasungkawa ingkang trep, lan kados pundi ngurmati tiyang ingkang nembe nandhang duka. Lajeng wonten tata caranipun belasungkawa menika paring rasa belasungkawa dhumateng kulawarga ingkang nandhang duka lan paring donga, boten nglampahaken belasungkawa langkung saking 3 dinten, ndamel dhaharan kangge kulawarga ingkang nandhang duka, wicantenan ingkang sae kaliyan kulawarga ingkang nandhang duka, paring raos kasih saying dhumateng anak yatim menawi ingkang tilar donya menika bapakipun. Belasungkawa inggih menika wujud empati utawi peduli lan paring dukungan


dhumateng tiyang-tiyang caket kita kadosta kulawarga, kanca, utawi sedherek ingkang nembe nandhang duka. Relevansi Kanthi ngginakaken basa ingkang trep miturut unggah-ungguh, para siswa saged mbekta kawruh babagan basa mliginipun unggah ungguh belasungkawa ing lingkungan masyarakat. Ing pangajab, mugi-mugi siswa bisa praktik langsung menawi nembe belasungkawa.


Click to View FlipBook Version