The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by 32. Achirull Arbiati Rachmah.2020, 2023-06-23 12:16:40

BAHAN AJAR GEGURITAN KELAS 4 SEMESTER 2

BAHAN AJAR GEGURITAN KELAS 4 SEMESTER 2

A. IDENTITAS Fase : 4 (Fase B) Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi : Geguritan B. CAPAIAN PEMBELAJARAN Peserta didik mampu memahami pesan dan informasi berbahasa Jawa dalam ragam ngoko dan krama tentang kehidupan sehari-hari, teks narasi cerita rakyat, geguritan, dan tembang Macapat Pocung dan Gambuh dalam bentuk cetak atau elektronik. Peserta didik mampu memahami ide pokok dan ide pendukung pada teks informasional dan mampu menjelaskan permasalahan yang dihadapi oleh tokoh cerita pada teks narasi. Peserta didik mampu menambah kosakata baru dari teks yang dibaca atau tayangan yang dipirsa sesuai dengan topik. C. TUJUAN PEMBELAJARAN 1. Peserta didik mampu memahami tentang teks geguritan 2. Peserta didik mampu membaca indah teks geguritan dengan lafal dan intonasi yang benar D. DIMENSI PENGETAHUAN 1) Faktual : Pengertian Geguritan, PPT 2) Konseptual : titikan geguritan, jinis geguritan, paugeran geguritan, mahami geguritan, basa ing geguritan, nyemak geguritan 3) Prosedural : paugeran maos geguritan, Bab Wigati nalika Maca Geguritan 4) Metakognitif : Gladhen maos geguritan


A. FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH MATERI FAKTUAL : Pangertosan Geguritan Geguritan menawi ana ing basa Indonesia saged dipunsebut kaliyan puisi. Geguritan menika mlebet puisi Jawa modern, amargi boten kaiket dening aturan ingkang sampun dipuntemokaken. Geguritan bisa karipta amargi wonten ilham utawi angen-angen. Geguritan mujudaken karya ingkang sipatipun pribadi. Angen-angen ingkang ana ing penggalih panganggit banjur dipunolah supados dados geguritan kadosta diajeng-ajeng panganggit. Geguritan menika kangge ngandharaken piwulang, pepeling, sarta pitutur marang tiyang ingkang maos. Setunggaling geguritan langkung gampil anggenipun angsal piwulang ing saklebeting geguritan kanthi cara diparafrasekaken rumiyin. Miturut wujudipun, kasusastran menika jinisipun wonten tiga, inggih menika prosa (gancaran), geguritan, lan drama (sandiwara). Kasusatran prosa utawi gancaran awujud paragrap, kasusastran geguritan menika awujud bait, lan kasusastran drama utawa sandiwara awujud dialog (pacelathon). Pangertosan umum geguritan inggih menika wohing susastra ingkang basanipun cekak, mentes, lan endah. Geguritan asalipun saking tembung gurit, ingkang ateges kidung utawi seratan kang awujud tatahan. Geguritan menika ugi dipunsebut guritan inggih menika puisi Jawa. Geguritan menika boten dipuntembangaken ananging dipunwaos ngangge wirama, wirasa, lan wiraga tumut surasane. B. FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK MATERI KONSEPTUAL : Titikan geguritan a. Basanipun sanes basa sadinten-dinten b. ngginakaken basa ingkang endah (basa rinengga) lan mentes (ringkes).


c. Kasusun saking gatra lan pada. d. Limrahipun ngandharaken isi penggalih panganggit. e. Boten kawengku ing pathokan. f. Ngginakaken tembung-tembung ingkang pinilih kayata tembung andhahan ingkang karimbag mawa ater-ater a-, seselan –in- lan –um-, lan adhapur dwilingga lan dwipurwa. g. Cacahipun larikan boten tamtu. h. Arang-arang ngginakaken tembung-tembung pangiket Jinis geguritan a. Geguritan gagrag lawas (puisi lama) Geguritan gagrag lawas inggih menika geguritan kang isinipun kaiket ing paugeran-paugeran awujud guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan kuna gadhah pathokan/ paugeran. b. Geguritan gagrag enggal (puisi modheren) Geguritan gagrag enggal inggih menika geguritan kang isipun boten kaiket paugeran-paugeran tertamtu, nanging taksih nengenaken basa-basa kang endah. Geguritan gagrag enggal uga diarani puisi bebas. Guritan enggal tegesipun rumpakan kang boten kaiket ing paugeran, dene edi-peninipun rumpakan ngendelake tembung kang mentes lan pilihan. Paugeran geguritan Paugeran geguritan kadosta : a. Langkung ngutamakaken babagan isinipun kang mentes, apik, endah, lan uga becik. b. Kangge nambah kaendahan basa ngginakaken purwakanthi. c. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindhiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane. Mahami geguritan a. MacMaos geguritan kanthi taliti. b. Nggatekake sampun gathuk larik ukara, banjur maringi tandha kangge munggel (Jeda), upamanipun punggel sauntara maringi tandha (/) lan kangge sigeg maringi tandha (//). c. Madosi tembung-tembung ingkang angel.


d. Mesthi wonten piwulang ingkang dipunajeng-ajeng kalih panyerat e. Nambahi tembung utawa wanda saengga ukaranipun dados gampang dimangertosi. Basa ing geguritan a. Cekak. b. Mentes c. Endah ngandhut purwakanthi swara, sastra, utawa basa. d. Tembung pilihan. Nyemak geguritan a. Nemokake pesen b. Nemtokake sabab c. Ndamel gambaran tumrap geguritan C. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN MATERI PROSEDURAL Paugeran maos geguritan Maca geguritan kuwi ancase kanggo medharake ruh lan amanat sing kamot ing sajroning geguritan. Mula, maca geguritan ora kaya maca warta utawa crita. Ana babbab kang kudu digatekake supaya ruh lan amanate geguritan bisa tinampa kanthi becik. Paugeran kang kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku kaya ing ngisor iki. a. Wirama (irama/lagu/intonasi) b. Wirasa (rasaning swasana ati/panjiwan) c. Wiraga (obahing awak/ekspresi/gerak) d. Wicara (pocapan) Bab Wigati nalika Maca Geguritan Sadurunge maca geguritan ing ngarepe wong akeh, luwih prayoga nindakake bab-bab kaya ing ngisor iki. a. Geguritan diwaca batin supaya ngerti isine/karepe. b. Geguritan diwenehi tandha pamisah tembung manut wiramane (intonasi). c. Geguritan diwaca manut tata pangucape kang trep (lapal).


D. Fase 4 : Mengembangkan & Menyajikan Hasil Karya Materi METAKOGNITIF Gladhen maos geguritan Wonten ing ngandhap menika dipunandharaken, kangge maringi tandha jeda lan nada wonten ing cakepan geguritan. a. Jeda Jeda inggih menika pungkasaning swanten ing basa. Miturut panganggeanipun dibedakaken dados 3 inggih menika : 1) Jeda antawisipun tembung ing frasa disukani tandha [/]. 2) Jeda antawisipun frasa ing ukara disukani tandha [//]. 3) Jeda antawisipun ukara ing geguritan disukani tandha [#]. b. Nada Nada inggih menika dhuwur cendhakipun swanten. Nada lumrahipun dibedakaken dados lima, inggih menika : 1) Nada minggah inggih menika nada ingkang disukani tandha […/]. 2) Nada datar disukani tandha […ˉ]. 3) Nada mandhap inggih menika nada ingkang dados alit/cendhak, disukani tandha […\]. 4) Nada mandhap minggah inggih menika nada ingkang dados cendhak lajeng disukani tandha […ˇ]. 5) Nada minggah mandhap nada inggih menika ingkang mendhuwur lajeng dados cendhak disukani tandha […ˆ]. Tuladha : Wutah Getihku[`][/] Dening[/]Mahardono Wuryanto[ˉ][//] Gumelar jembar [/] bumi asri [ˆ][//] Sumunar sumringah [/] sunare bagaskara [.[/..][//] Padhang sumilak [/] jagat Nuswantara [ˆ][//] Bumi pusaka [/] wus kawentar [ˉ][//] Ombak-ombak samodra kencana [/] kang ngrenggani[\][//] Wutah getihku [/] daktresnani [../..][#]


E. Fase 5 : Menganalisis & Mengevaluasi Dudutan Saking materi wonten ing ngandhap, para siswa saged mangertos menapa menika geguritan, kados pundi caranipun maos geguritan ingkang trep. Lajeng wonten bab ingkang wigati kadosta geguritan menika dipunwaos kanthi batin supados mangertos menapa isinipun, geguritan dipunparingi tandha pamisah tembung miturut wirama (intonasi), saha geguritan dipunwaos miturut tata pangandikan ingkang trep. Relevansi Para siswa dados langkung mangertos caranipun maos geguritan ingkang trep. Para siswa saged mbekta kawruh babagan sastra mliginipun geguritan ing lingkungan sakiwatengen. Ing pangajab, mugi-mugi siswa bisa praktik langsung.


KAPUSTAKAN Sutriyana, dkk. 2018. Ajar Basa Jawa Bahan Ajar untuk SD/MI. Yogyakarta:Dinas Pendidikan Kota Yogyakarta Rahayu, Sri, dkk. 2022. Referensi Panduan Bahasa Jawa. Yogyakarta:CV.Larassukma Wijayanti, D. M. (2016). Inovasi Model Pembelajaran Apresiasi Geguritan: Studi Kasus SDN Sampangan, Kota Semarang. BUANA GENDER: Jurnal Studi Gender dan Anak, 1(1), 91-97. https://doi.org/10.22515/bg.v1i1.72


Click to View FlipBook Version