The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by 32. Achirull Arbiati Rachmah.2020, 2023-06-20 08:58:39

BAHAN AJAR UNGGAH UNGGUH SAPA ARUH

BAHAN AJAR UNGGAH UNGGUH SAPA ARUH

Keywords: BAHAN AJAR UNGGAH UNGGUH SAPA ARUH

A. IDENTITAS Fase : 4 (Fase B) Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi : Sapa aruh B. CAPAIAN PEMBELAJARAN Capaian pembelajaran diharapkan setelah pembelajaran ini: Peserta didik mampu berbicara dengan pilihan kata (ngoko/krama) sesuai kaidah unggah-ungguh basa dalam berbagai kegiatan sehari-hari (sapa aruh) C. ALUR TUJUAN PEMBELAJARAN 1. Peserta didik dapat menguraikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari pacelathon wayang sederhana tentang unggah ungguh sapa aruh. 2. Peserta didik dapat menemukan unggah ungguh sapa aruh yang tersurat dan tersirat dalam pacelathon wayang sederhana. 3. Peserta didik mampu menyajikan secara lisan pacelathon unggah-ungguh, hasil dari membuat pacelathon bersama kelompok dengan kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa D. DIMENSI PENGETAHUAN 1) Faktual : Pengertian Unggah-Ungguh Basa, PPT, pacelathon wayang sederhana 2) Konseptual : Klasifikasi unggah-Ungguh Basa 3) Prosedural : Bab-bab Ingkang Dipungatosaken ing Unggah-Ungguh sapa aruh lan urut-urutanipun unggah-ungguh belasungkawa 4) Metakognitif : Menyimpulkan pemakaian Unggah-Ungguh sapa aruh


A. FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH MATERI FAKTUAL : Unggah-ungguhing basa menika panataning basa miturut lenggahing tata krama. Dados wosing andharan pangertosan kasebat bilih tiyang ingkang sageding unggah-ungguh basa, yen wicanten utawi sesambetan kalian tiyang sanes basanipun tansah dipunarah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran tata susila, murih tansah ndamel reseping manah. Wonten sesanti “ajining dhiri saka ing lathi”. Tembung “lathi” (krama inggil, ngoko lambe) mralambangaken pawicantenan, nun inggih wedaling basa. Kanthi mekaten sesanti menika ngemu suraos bilih tiyang ingkang basanipun sae, tansah migunakaken unggah-ungguhing basa, mesthi dipunaosi dening tiyang sanes. Wondene caranipun prayogi saged nglenggahaken dhiri pribadhi, njagi ajining dhiri, lembah manah, andhap asor, saha pinter ngurmati tiyang sanes ingkang ugi mengku pangertosan saged nglenggahaken dhiri pribadi kanthi laras inggih menika: a. Umur Menawi wicantenan tiyang enem ngurmati ingkang langkung sepuh b. Paprenah Wosipun tiyang enem ngurmati sedherek ingkang awunipun langkung sepuh. Tuladhanipun adhi ngurmati kakang-mbakyu, anak ngurmati bapa biyung, putu ngurmati simbah, keponakan ngurmati bapa paman bibi, lan sapiturute. c. Drajad Pangkat Tuladhanipun murid ngurmati guru, pegawe ngurmati pangarsanipun, warganing pakempalan ngurmati sesepuhipun. d. Drajad Semat Tuladhanipun tiyang limrah ngurmati dhunateng ingkang sugih bandha.


e. Darah utawi Turunan Tuladhanipun tiyang ingkang gadhah sesebatan adhedhasar darah (bandara, raden ajeng, raden ayu, raden mas, lsp) f. Luhuring Pribadi Tuladhanipun para pinter (sarjana), pahlawan, budayawan, seniman, alim ulama, lsp g. Tetepangan Tuladhanipun tiyang ingkang dereng tepang, dereng patos tepang, sampun tepang, tepang sanget, lsp. B. FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK MATERI KONSEPTUAL : Wondene unggah-ungguhing basa menika kathah sanget, ananging ingkang limrah dipunginakaken menika wonten sekawan, antawisipun : Ngoko • Ngoko Lugu • Ngoko alus Krama • Krama lugu • Krama alus Undha Usuk Basa Jawa


Saderengipun mlebet wonten ing jinis unggah-ungguh basa, menika kedah gatosaken babagan, antawisipun : Tembung Kata Ukara Kalimat Ater-ater Awalan Panambang Akhiran Tembung kriya Kata kerja Tiyang ingkang kapisan (O1) Tiyang ingkang ngendika (aku, kula) Tiyang ingkang kaping kalih (O2) Tiyang ingkang dipunajak gineman (kowe, sampeyan, panjenengan, sliramu) Tiyang ingkang kaping tiga (O3) Tiyang ingkang dipunsanjangaken (piyambakipun, Basuki, Ani, Bapak, Ibu) Ngoko Lugu Tetembungan basa ngoko, sajatosipun namung cekakan kangge nggampilaken pangrembag. Dene jangkepipun inggih menika basa ngoko lugu. Pramila basa ngoko satuhu basa ingkang lugu. Tembung lugu tegesipun asli, murni, tumemen. Dados kenging dipunwastani bilih basa ngoko menika basa ingkang taksih asli. Pangertosan asli mila warni-warni, nanging ing bab menika kapendhet werdinipun ingkang wigatos, inggih menika asli miturut kodrating manungsa, saha asli miturut kapribadenipun tiyang Jawi. Rumus Ngoko Lugu : NL sedaya Tuladha pacelathon ngoko lugu : Arep Tilik Mbak Fatimah Tini lagi maca kalawarti ing ngarepan, dumadakan krungu swara mak cekleg!. Bareng ditiliki jebul Darman kanca sak kelas lagi nyetandarake pit. Tini enggal-enggal nyedhaki banjur takon. Tini : “lho, Darman, rak ora arep sinau bareng ta?” Darman : “Ora, mung arep ketemu awakmu sedhela”


Tini : “Sajak ana perlu apa, adoh-adoh tekan kene?” Darman : “aku dikandhani Dhik Siti, adhine Mbak Fatimah lara, banjur mau bengi mondhok ana ing Rumah Sakit Sarjito” Tini : “Wingi ana ing kelas mbak Fatimah pancen sambat, jare wetenge sok lara. Nanging kok banjur cepet banget mlebu rumah sakit. Gek lara apa?” Darman : “jare lara tipes” Tini : “walah ayo gek tilik wae” Darman : “apa mengko sore wae?” Tini : “Iya mengko ampiri aku ya, muga wae bar akdhewe tilik banjur mbak fatimah mari” Darman : “iyo… yen ngono dak mulih sek” Ngoko Alus Basa ngoko alus, saged mbangun swasana ingkang endah lan elok (unik). Lirinipun makaten, tiyang ingkang migunakaken basa ngoko alus, anggenipun wicanten kaliyan tiyang ingkang statusipun sami utawi langkung andhap. Amargi ingkang minangka dhasar tembung-tembung ngoko, tuwuh raos rumaket. Piyambakipun saged njagi murih boten wonten let, antawisiou jarak kaliyan ingkang dipunajak wicanten ingkang perlu dipunaosi, pramila kala-kala tiyang ingkang wicanten wau ngginakaken tembung-tembung krama inggil. Ateges ugi saged tuwuh raos urmat. Dados saged sesarengan nuwuhaken raos rumaket lan raos urmat. Rumus Ngoko Alus : N+KI (O2, O3) Tuladha pacelathon ngoko alus : Pak Abu kaliyan Bu Retno kanca sakantor, sasampunipun kantoran tutup badhe sami mantuk, taken-tinaken langkung rumiyin. Pak Abu : “Lho Jeng Retno. Titihan panjenengan ana ing ngendhi?”


Bu Retno : “Ana ing bengkel, lagi rusak. Pak Abu nitih napa?” Pak Abu : “Aku nggawa mobil, yen kersa ayo bareng wae” Bu Retno : “ Ya matur nuwun, dak ndherek tekan Paingan wae” Pak Abu : “wis, tekan dalem pisan, aku ngalang sathithik” Bu Retno : “Nanging miyos Paingan, bokmenawa aku dipapag Mas Bayu1” Pak Abu : “Wolha, malah ingkang garwa wis mapag tekan kene” Bu Retno : “yawis, ora sida, sugeng tindak Pak Abu” Krama Lugu Basa krama lugu inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun krama sedaya boten kacampur kaliyan tembung krama inggil lan tembung krama andhap. Aterater lan panambangipun ugi krama sedaya. Rumus Krama Lugu : Krama sedaya Tuladha Krama Lugu : - Ayamipun dipunsade ing peken - Menapa ayamipun badhe sampeyan sade ing peken? - Ayamipun sampun kula sade ing peken Krama Alus Basa krama alus inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun krama kacampur tembung krama inggil lan tembung krama andhap. Ater-ater lan panambangipun ugi krama. Tembung kriya, tiyang ingkang kaping kalih lan tiga dipundamel krama inggil. Rumus Krama Alus : K+KI (O2, O3) Tuladha Krama alus : - Menapa panjenengan badhe tindak dhateng Bogor? - Menapa kala wingi rayi panjenengan sampun panjenengan pendhetaken buku?


- Ngendikanipun bapak, ibu gerah, ngantos mlebet griya sakit C. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN MATERI PROSEDURAL Sapa aruh inggih menika nalika kepanggih kaliyan tiyang ing lingkungan sakiwatengen ugi saged dipunsebut kaliyan luruh-luruh. 1. Kaliyan sinten kita srawung 2. Wonten pundi papan kita srawung 3. Kapan wekdalipun anggenipun kita srawung 4. Perkawis ingkang dipuncariyosaken 5. Kedah sopan menawi kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh 6. Basanipun trep Tulung Tinulung Pak RT : (ngasta blanjan akeh saka pasar) “adhuh, rekasa olehku nggawa blanjan iki” Rani : “walahh Pak RT, mangga pak saperangan kula rencangi mbekta” Pak RT : “nuwun ndhuk Rani, Pak RT koktulungi” Rani : “blanjanipun kok kathah sanget to, pak?” Pak RT : “mengko sore Bu RT kepengin nggawe among-among. Saiki lak geblage simbah kakung” Rani : “anggenipun blanja ndhawuhi wayah kemawon nggih mbah?” Pak RT : “iya, kepeneran iki kowe teka, yo ayo ndhuk tulung ewangi aku”


Rani : “inggih, mangga kula dherekaken” Pak RT : “daktrima ya, cah ayu, wis rewang-rewang simbah” Rani : “sami-sami Pak RT” D. Fase 4 : Mengembangkan & Menyajikan Hasil Karya Materi METAKOGNITIF Fungsi lan mupangat ngginakaken Unggah-ungguh basa mliginipun bab unggah ungguh belasungkawa inggih menika para siswa saged dados siswa ingkang boten namung pinten anggenipun madosi kawruh ananging uga pinter bab unggah ungguh basa mliginipun unggah ungguh sapa aruh, uga saged ngajeni tiyang sanes, tiyang ingkang langkung sepuh. Amargi, ing jaman modern menika sampun saya ical babagan unggah ungguh menika. Kathah tiyang pinter ananging namung sakedhik ingkang gadhah suba sita, tindak tanduk ingkang sae. E. Fase 5 : Menganalisis & Mengevaluasi Dudutan Saking materi wonten ing ngandhap, para siswa saged mangertos menapa menika unggah ungguh sapa aruh, kados pundi caranipun sapa aruh ingkang trep. Lajeng wonten bab ingkang wigati kadosta kaliyan sinten kita srawung, wonten pundi papan kita srawung, kapan wekdalipun anggenipun kita srawung, perkawis ingkang dipuncariyosaken, kedah sopan menawi kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh, lan basanipun trep. Relevansi Kanthi ngginakaken basa ingkang trep miturut unggah-ungguh, para siswa saged mbekta kawruh babagan basa mliginipun unggah ungguh sapa aruh ing lingkungan sakiwatengen. Ing pangajab, mugi-mugi siswa bisa praktik langsung.


KAPUSTAKAN Sutriyana, dkk. 2018. Ajar Basa Jawa Bahan Ajar untuk SD/MI. Yogyakarta:Dinas Pendidikan Kota Yogyakarta Rahayu, Sri, dkk. 2022. Referensi Panduan Bahasa Jawa. Yogyakarta:CV.Larassukma Harjawiyana, Haryana, dkk. 2001. Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta : Kanisius Buku Marsudi Unggah Ungguh Basa Jawa Chotimah, C., Untari, M. F. A., & Budiman, M. A. (2019). Analisis Penerapan Unggah Ungguh Bahasa Jawa dalam Nilai Sopan Santun. International Journal of Elementary Education, 3(2), 202-209. https://doi.org/10.23887/ijee.v3i2.18529


Click to View FlipBook Version