BAHASA JAWA
LEGENDHA
DANIK SUSELOWATI
BAHASA JAWA
KELAS VIII
SMP/MTS
TAHUN PELAJARAN 2020/2021
Buku Panduan Belajar Bahasa Jawa
Satuan Pendidikan : SMP
Kelas / Semester : VIII /Genap
Kompetensi Dasar : 3.1
Materi : Menulis Teks Legenda
Alokasi waktu : 2 x 30 (2 JP)
Kompetensi Dasar
3.1 Mengenal, memahami,
mengidentifikasi, teks legenda dalam
bentuk lisan dan tulis.
Indikator
3.1.1 Mengidentifikasi teks legenda
berdasarkan tema
3.1.2 Menjelaskan ciri-ciri teks legenda
3.1.3 Menjelaskan unsur teks legenda
3.1.4 Menjelaskan isi teks legenda
3.1.5 Menuliskan teks legenda
Tujuan Pembelajaran :
1. Setelah membaca teks, siswa dapat
menyebutkan ciri-ciri legenda
2. Setelah membaca teks, siswa dapat
menyebutkan unsur-unsur legenda
3. Setelah membaca teks, siswa dapat
menjelaskan unsur-unsur teks legenda
4. Setelah membaca teks, siswa dapat
menjelaskan isi wacana legenda
5. Setelah membaca teks, siswa dapat
menuliskan teks legenda
Petunjuk Belajar
Petunjuk Bagi Peserta Didik :
1.Berdo’a dengan kusyuk setiap akan
memulai pembelajaran sesuai dengan
kepercayaan masing-masing
2. Bacalan KD, Indikator, dan tujuan
pembelajaran dari materi ini
3. Pelajari setiap materi yang disajikan,
bila perlu catat dan garis bawahi
hal-hal yang menurut ananda penting
4.Pahami contoh soal yang ada,
kemudian kerjakan Latihan yang ada
dalam buku Latihan. Jika mengalami
kesulitan diskusikan dengan teman
atau guru
5. Kerjakan evaluasi materi ini dengan
cermat dan teliti.
Petunjuk Belajar
Petunjuk Bagi Guru :
1.Menjelaskan KD, indikator, dan tujuan
pembelajaran yang hendak dicapai.
2. Melakukan pengamatan selama proses
pembelajaran.
3. Membimbing siswa dalam memahami
konsep, Analisa, dan menjawab
pertanyaan siswa mengenai proses
belajar.
4.Mengorganisasikan kegiatan baik
secara individu maupun kelompok.
LEGENDHA???
Crita kang isine nyeritakake
dumadine salah sawijining panggonan.
Ingkang kalebu crita fiksi lan crita
rakyat. Crita legenda kalebu sastra
gancaran. Sastra gancaran tegese yaiku
karangan kang ora kaiket guru
gatra,guru wilangan lan guru lagu. Ana
ing sastra gancaran mesthi ana
perangan-perangan kang ndhapuk crita.
Perangan-perangan kuwi diarani unsur
intrinsik.
TULADHANE???
1. Mula Bukane Kutha Semarang
2. Mula Bukane Kutha Banyuwangi
3. Rawa Pening
4. lsp.
Tetenger/tintingane Crita Legendha
1.Imajiner, yaiku nggambarake
kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane
2. Kolektif, yaiku dianggep duwene
masarakat bareng-bareng
3. Statis, tegese ora ana owah-owahan sing
wigati saka jaman biyen nganti saiki
4.Ngemu tuladha, biasane crita legenda
nyeritakake bab ala lan becik kanggo
tuladha
5. Anonim, tegese crita legenda ora ana
sing ngerti sapa sejatine sing ngarang
I n f o r m a s i P
a n y e n g k u y u n g
https://youtu.be/T5BkZnV_OXQ
https://youtu.be/dFC_iuVS8ZY
Unsur-unsur Crita Legendha
Tema, yaiku undhering prakarya
utawa gagasan kang wigati. Tema
bisa diarani bakune crita, sing
wigati ing sajroning crita, utawa
akeh karembug ing crita
digathukake alur sing ana.
Tuladhane tema yaiku katresnan,
sesrawungan, unggah-ungguh,
sejarah, lan sapanunggalane
Irah-irahan, Irah-irahan kuwi
gampang ditemokake. Biasane
ditulis ana ing paling dhuwur
gancaran crita legenda.
Latar/setting, kaperang dadi telu
yaiku latar panggonan, latar wektu
lan latar swasana. (1) Latar
panggonan yaiku samubarang sing
nggambarake papan kedadeyane
crita, (2) Latar Wektu yaiku wektu
sing nggambarake kapan
kedadeyan iku dumadi, tuladha:
jam, dina, sasi, dhek semana,
jaman mbiyen, besuk, lan
sapanunggalane, (3) Latar Swasana
yaiku swasana/ kahanan kang
diandharake ana ing crita.
Alur, yaiku urutane kedadeyan ing
crita saka wiwitan nganti pungkasan
(Alur maju, mundur, campuran)
Paraga lan Watake. Paraga kuwi kabeh
kang nindakake lelakon ing crita.
Paraga bisa awujud manungsa, bangsa
lelembut, kewan, lan sapanunggalane.
Saben paraga nduweni watak kang
beda-beda. Watak paraga ing sajroning
crita bisa diandharake lumantar
pacelathon antaraning paraga siji lan
sijine lan bisa uga diandharake
langsung dening panganggit.
Point of view (Sudut Pandang), yaiku
kalungguhane pengarang jroning
carita.
Amanat yaiku ajaran moral utawa
pesen kang ngandhut piwulang becik
kang bisa dijupuk dening pamaca
Wacan
Mula Bukane Sumur Blandhung
Mula bukane Sumur Blandung kuwi,
sawijining dina ana petani jenenge Pak
Pahing akon anake yaiku Kliwon
supaya angon wedhus, nanging ora
gelem nunggoni wedhuse malah dolan
nonton. Pak Pahing weruh wedhuse ora
ditunggoni Kliwon, dheweke banjur
nesu, wedhuse digawa mulih.Tekan
omah Kliwon diseneni nanging meneng
wae, amarga ora direwes Pak Pahing
nesune saya muntap banjur Kliwon
ditundhung saka omah. Kliwon lunga
mangalor tekan Gunung Lawu. Ing
papan kuwi ana pondok pesantren.
Kliwon mapan lan maguru ing
pesantren kuwi.
Sumur Blandhung digawe nalika
jaman Hindhu-Budha kerajaan
Majapahit abad 13-14. Sumur Blandung
pancen sengaja digawe penduduk
banyune kanggo kaperluan padinan.
Sawijining bengi ing padhepokan
kuwi ana guru nggawe tandha kanthi
cara sarung dibundheli pucuke. Ing
kono cacahing sarung akeh nanging
sing dibundheli mung siji. Esuke
sawise para santri resik-resik, guru
ndhawuhi para santri ing pesantren
kuwi supaya njupuk sarung ing
tumpukan. Sawise kabeh padha njupuk,
pranyata sing njupuk sarung ana
tandhane iku Kliwon. Guru iku banjur
ndhawuhi Kliwon supaya lunga
menyang Majapahit amarga Kliwon wis
cukup ilmune lan kabeh ilmu sing
diduweni gurune wis diwenehake
kabeh marang dheweke. Kliwon banjur
lunga menyang Majapahit. Ing
Majapahit ana punggawa kerajaan sing
duwe anak wadon sing jenenge
Mayasari rupane ayu nanging lagi
nandhang lelara lan durung ana sing
bisa nambani. Amarga nduweni ilmu
sing cukup dhuwur Kliwon bisa
nambani putri mau saka larane.
Amarga lelabuhane iku Kliwon
didhaupke karo Mayasari lan diwenehi
kalungguhan.
Sawise dhaup karo Mayasari, Kliwon
didhawuhi mulih menyang panggonan
asale lan nggawe kadipaten, papan iku
saya suwe saya rame dadi pasar. Pak
Pahing bapake Kliwon uga dadi bakul
dhawet lan dodolane laris banget. Ing
sawijining dina Kliwon weruh bapake
lagi dodolan banjur marani. Pak
Pahing ora ngerti yen sing marani iku
Kliwon anake sing wis suwe lunga
amarga Kliwon saiki wis dadi
bangsawan lan ganti jeneng. Kliwon
omong-omongan karo Pak Pahing takon
ngenani kaluwargane. Wusanane
Kliwon omong nek dheweke iku anake
Pak Pahing. Pak Pahing kaget ora
nduga yen anake dadi bangsawan.
Mangerteni bab iku Mayasari dadi
isin, dheweke bali menyang Majapahit.
Nanging tekan Majapahit dheweke
dikon bali meneh menyang bojone.
Mayasari banjur bali meneh menyang
Kliwon. Dheweke rumangsa sedhih
banjur arep nglalu kanthi cara
nggantung utawa nggandhul, ananging
ora mati.
Mula papan sing digunakake kanggo
nglalu Mayasari iku dijenengi
Gandhulan. Mayasari banjur mlayu
menyang sawijining papan, ing kono
dheweke lara nglebag-nglebag nganti
tumekane pati . Mula papan iku
dijenengi Mlibak.
Mangerteni kahanan kuwi Kliwon
sedhih banget, sawise Mayasari mati
kadipaten iku wargane padha
nandhang lelara. Amarga Kliwon
ilmune dhuwur dheweke ngerti
kepriye carane nanggulangi kahanan
iku. Dheweke banjur akon rakyate
supaya gawe sumur ing wadhas utawa
watu-watu. Banyu sing metu saka
sumur iku manjur bisa kanggo
ngobati wong-wong sing lara. Sumur
iku diarani Sumur Blandhung.Sumur
Blandhung iku mapan ing desa
Tegowanuh, Kaloran, Temanggung.
Kapethik saka buku Pancadan Sinau Basa
Jawa kangge SMP Kelas VIII (kanthi owah-
owahan saperlune)
Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!
1. Apa irah-irahan saka wacan ing dhuwur
kuwi ….
2. Kepriye wateke saben paraga sajrone
wacan ing dhuwur ….
3. Kepriye mula bukane papan kang
dijenengi Gandhulan kuwi ….
4. Apa amanat utawa pesen moral kang
bisa kajupuk saka wacan ing dhuwur ….
5. Coba critakna maneh wacan Mula
Bukane Sumur Blandhung ing ngarep
kelas ….
Gladhen 1
1.Crita kang isine nyeritakake dumadine
salah sawijining panggonan. Ingkang
kalebu crita fiksi lan crita rakyat
diarani ….
a. legendha
b. geguritan
c. cerkak
d. tembang
e. cangkriman
2. Ing ngisor iki sing kalebu saka unsur-
unsur pambangune teks legendha
yaiku ….
a. tema
b. latar
c. alur
d. tipografi
e. paraga
3. Ing ngisor iki sing kalebu tetenger saka teks
legendha yaiku ….
a. imajinatif
b. kolektif
c. statis
d. ngemu tuladha
e. anomalia
Gatekna cuplikan saka teks legendha ing
ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan
nomer 4 - 8!
Rawa Pening
Kacarita ing desa Banarawa, duwe adat
nganakake memetri desa ing saben taun,
yaiku nganakake slametan supaya wong ing
desa kono padha slamet. Nalika lagi ngaso
ing tengah alas, gaman ditancepake ana wit
kang dilungguhi. Nanging saka wit mau
malah metu banyu abang. Jebul, wit kang
dilungguhi kuwi sajatine awak taksaka
gedhe banget. Mula ulane banjur dipateni
lan daginge dienggo memetri desa.
Nalika semana, ana bocah bajang kang
arane Baru Klinthing kang sejatine
jelmaane ula mau. Bocah kuwi marani salah
sijining omah kanggo njaluk daging, yaiku
omahe Ki Juru Mathokan, celathune,”Kula
sampun pinten-pinten dinten dereng nedhi.
Nyuwun kawelasan panjenengan, Ki.” “Ora
ana pangan turah ing kene. He, bocah
lethek, lungaa ambune awakmu njalari ora
enak nggonku mangan.” Ngono wangsulane
Ki Juru.
Ki Juru pancen wonge medhit banget.
Wanci sore Baru Klinthing tumuju ing
omahe Mbok Randha. Mbok Randha iku
uripe rekasa, nanging luhur budine lan
loma marang sapa wae. Mula tekane si
Bajang ditampa kanthi becik.
Baruklinthing diwenehi sega lan daging
ula. Sawise mangan, Baruklinthing pamit
lan aweh piweling,” Mbok Randha,
sapungkurku enggala nyawisna lesung
amarga arep ana banjir bandhang.
”Ya, ngger.” Wangsulana Mbok Randha
tanpa pitakon senajan ing atine rada
bingung. Baruklinthing banjur lunga
menyang omahe Ki Juru lan nganakake
sayembara nancebake sada lanang ing
latar. Nanging ora ana sing bisa mbedol.
Gandheng ora ana sing kuwat, Baru
Klinthing mbedol sada mau. Sanalika
tancebane sada mau metu banyune lan
sansaya gedhe dadi banjir bandhang.
Wongwong padha kelelep. Mbok Randha
kang kelingan welinge Baruklinthing
banjur numpak lesung. Desa Banarawa mau
akhire dadi Rawa Pening kang dumunung
ana ing Ambarawa.
4. Apa irah-irahan saka teks legendha
ing dhuwur … .
a. Baru Klinthing
b. Rawa Pening
c. Rawe-rawe Rantas
d. Mbok Randha
e. Desa Banarawa
5. “…Nalika lagi ngaso ing tengah alas,
gaman ditancepake ana wit kang
dilungguhi. Nanging saka wit mau malah
metu banyu abang. Jebul, wit kang
dilungguhi kuwi sajatine awak taksaka
gedhe banget. Mula ulane banjur dipateni
lan daginge dienggo memetri desa.”
Tembung tatsaka tegede padha karo ….
a. gajah
b. kebo
c. kadal
d. ula
e. singa
6. “….Nalika lagi ngaso ing tengah alas,
gaman ditancepake ana wit kang
dilungguhi. Nanging saka wit mau
malah metu banyu abang. Jebul, wit
kang dilungguhi kuwi sajatine awak
taksaka gedhe banget. Mula ulane
banjur dipateni lan daginge dienggo
memetri desa”
Tembung memetri desa tegese padha
karo ….
a. ngrusak
b. medeni
c. ngopeni lan memudhi
d. mateni
e. ngajurake
7. “Ora ana pangan turah ing kene. He,
bocah lethek, lungaa ambune awakmu
njalari ora enak nggonku mangan.” Ngono
wangsulane Ki Juru.
Miturut pethilan ukara ing dhuwur
nggambarake yen wateke Ki Juru … .
a. welas asih
b. seneng tetulung
c. becik
d. gati
e. medhit lan ora duwe rasa welas asih
8. “…Mbok Randha iku uripe rekasa,
nanging luhur budine lan loma marang
sapa wae. Mula tekane si Bajang
ditampa kanthi becik. Baruklinthing
diwenehi sega lan daging ula.”
Saka pethilan carita ing dhuwur,
mratandha yen mbok Randha kalebu
paraga ....
a. antagonis
b. protagonis
c. tirtagonis
d. campuran
e. anonim
9. Ing ngisor iki tuladhane teks legendha,
kejaba ….
a. Mula Bukane Kutha Bnayuwangi
b. Mula Bukane Kutha Semarang
c. Rawa Pening
d. Asal Usul Tlaga Sarangan
e. Ikatan Cinta
10. Ajaran moral utawa pesen kang
ngandhut piwulang becik kang bisa
dijupuk dening pamaca diarani ….
a. pesen
b. moral
c. amanat
d. tema
e. piwulang
PAMBIJI SIKAP SISWA
Sabanjure kanggo pabiji ngenani sikap siswa bisa
lumantar tabel kang wis sumadya. Isinen tabel pambiji
kanthi menehi tanda (v) sajrone tabel ing ngisor iki!
RESPON BALIK (REFLEKSI)
1.Tetenger apa wae sing wis
kokmangerteni sajrone teks legendha?
2. Apa wae unsur-unsur pamangune teks
legendha?
3. Apa wae kang kudu digatekake nalikane
nulis isi teks legendha?
4.Apa wae sing kudu digatekake nalikane
nulis teks legendha?
DUDUTAN
Crita legenda kalebu sastra gancaran.
Sastra gancaran tegese yaiku karangan
kang ora kaiket guru gatra,guru
wilangan lan guru lagu. Ana ing sastra
gancaran mesthi ana perangan-perangan
kang ndhapuk crita. Perangan-perangan
kuwi diarani unsur intrinsik.
Kang kalebu unsur intrinsik yaiku,
1. Tema
2. Irah-irahan
3. Paraga lan watake
4. Latar/setting
5. Alur
6. Point of view
7. Amanat
KAPUSTAKAN
Priyantono, Sawukir. 2015. Marsudi Basa
lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas
VIII Jilid I. Jakarta:Erlangga.
Sukarman dkk. 2015.Sastri
Basa.Surabaya : Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Timur
Tim MGMP Basa Jawa Temanggung. 2019.
Pancadan Sinau Basa Jawa kangge SMP
Kelas VIII.
Tim Pusat Penilaian Pendidikan. 2019.
Panduan Penulisan Soal HOTS. Jakarta :
Pusat Penelitian Pendidikan
https://youtu.be/T5BkZnV_OXQ
https://youtu.be/dFC_iuVS8ZY