Tembang
Macapat
A. Tembang macapat
Tembang macapat yaiku tembang/lagu atau puisi
tradisional Jawa, kang kaiket paugeran : guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu.
Tembang macapat iku klebu golongane basa kang
gumathok, kaiket ing paugeran (aturan) :
1. Guru gatra
2. Guru wilangan
3. Guru lagu
Guru Gatra
Guru gatra : cacahe gatra (baris) saben sapada
(satu bait). = jumlah baris dalam setiap bait
Tuladha : contoh
Bapak Pucung, rupamu saengga gunung=
tan ana kang tresna=
Saben uwong mesthi sengit=
Yen kanggonan den elus-elus tinangisan=
Guru Wilangan
Guru wilangan : cacahing wanda (suku kata) ing
saben gatra.
Tuladha :
Ba-pak-Pu-cung-ru-pa-mu-sa-eng-ga-gu-nung=
tan-a-na-kang-tres-na=
Sa-ben-u-wong-mes-thi-se-ngit=
Yen-kang-go-nan-den-e-lus-e-lus-ti-na-ngi-san=
Guru gatra =
Guru wilangan lan guru lagu
Guru lagu
Guru lagu : dhong-dhinge (tibane) swara ing
saben pungkasane gatra.= vokal = aiueo
Tuladha :
Bapak Pucung, rupamu saengga gunung=
tan ana kang tresna=
saben uwong mesthi sengit=
yen kanggonan den elus-elus tinangisan=
Paugeran tembang macapat
Paugeran (wewaton ) guru gatra, guru wilangan lan guru
lagune tembang Macapat sing cacahe ana 11, kaya ing ngisor
iki :
B. Jinise tembang macapat
Tembang macapat nggambarake tahap-tahap
uripe manungsa wiwit ing kandhutane ibu.
Tembang macapat uga diarani tembang cilik,
cacahe ana 11 yaiku :
1. Maskumambang 7. Gambuh
2. Mijil 8. Pangkur
3. Sinom 9. Durma
4. Kinanti 10. Megatruh
5. Asmaradana 11. Pocung
6. Dhandhanggula
Watak lan sasmitane tembang Macapat
Maskumambang Nelangsa Maskumambang, kampul,
kambang
Mijil Prihatin Mijil, wijil, wiyos
Sinom Ngresepake Sinom, taruna, enom,
mudha, nom
Kinanti Asih, Kinanthi, kanthi, gandheng,
Asmarandhana sengsem kanthil
Grapyak, Asmaradana, asmara
kesengsem
Gambuh Grapyak Gambuh, jumbuh
Dhandhanggula Ngresepake Hartati, madu, manis,
tresna
Durma Galak Durma, dur, undur, sirna
Pangkur
Megat-ruh Sereng, Pangkur, pungkur, ungkur
teges
Pucung
Nglangut, Dhudhuk, truh, pegat, luh
sedhih
Sembrana, Pucung, cung
ora ana
greget saut
Filosofi tembang Pucung
Pucung ngajak
Nyingkirake hawa
nafsu/angkara
murka
Gladhen :
1. Apa wae sing klebu jinise tembung macapat ?
2. Apa sing sing klebu paugerane tembang macapat ?
3. Golekana guru gatra, guru lagu, guru wilangane lan
bedhekan tembang iki !
Pucung
Bapak Pucung dudu watu dudu gunung ( 7 – u )
Sabane ing sebrang (-)
Titihane sri bupati (-)
Yen lumaku si pucung lembehan grana ( - )
Bedhekan : … .