The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by fitriyani astuti, 2023-10-18 22:00:05

Upacara Mantu

Materi kelas XII

1 Nama Sekolah : SMAN 1 KASIHAN Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Semester : XI/Gasal Alokasi Waktu : 4 x 45 menit (2 pertemuan) Materi Pokok : Prosesi Upacara Adat Jawa KI-3 Memahami, menerapkan, dan menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, prosedural, dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan procedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah. KI-4 Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, bertindak secara efektif dan kreatif, serta mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan. BAHAN AJAR PROSESI UPACARA MANTU Kompetensi Inti


2 Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi 3.4 Memahami prosesi upacara adat Jawa 3.4.1 Menentukan prosesi upacara mantu 3.4.2 Menguraikan pengertian upacara panggih manten 3.4.3 mengurutkan prosesi upacara panggih manten 3.4.4 Menelaah makna simbolik upacara panggih manten 4.3 Menanggapi prosesi upacara adat Jawa 4.3.1 Menampilkan prosesi upacara panggih manten Melalui model problem based learning, pendekatan saintifik, metode tanya jawab, diskusi, dan penugasan, peserta didik dapat: Pertemuan 1 1. Menentukan prosesi upacara mantu dengan benar. 2. Menguraikan pengertian upacara panggih manten benar. 3. Mengurutkan prosesi upacara panggih manten dengan benar. 4. Menelaah makna simbolik upacara panggih manten dengan tepat. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi Tujuan Pembelajaran


3 Tata Urut Upacara Mantu Prosesi Panggih Manten Gagrag Ngayogyakarta Makna Simbolik Panggih Manten MATERI PROSESI UPACARA ADAT JAWI PETA KONSEP


4 Para siswa, mangga dipunsemak kanthi setiti video panggih manten gagrag Ngayogyakarta kanthi setiti lumantar link youtube https://youtu.be/Q-POm4uPoJw?si=bmLMPmAdyE-3bQPy A. Mantu Mantu ateges gadhah éwuh ngomah-omahaken putra-putrinipun ingkang sampun diwasa. Mantu kawastanan ngomah-omahaké amargi nyawijekaken putrinipun (prawan) kaliyan jajaka, lajeng manggèn ing satunggaling panggènan (saomah) lan gesang sasarengan ing madyaning babrayan ageng. Manunggaling prawan jajaka ing babrayan saged nuwuhaken kabagyan, kamulyan lan puputra. Putra punika ingkang samangké badhé nglajengaken turunipun. FASE 1 ORIENTASI PESERTA DIDIK TERHADAP MASALAH FAKTUAL FASE 2 MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK KONSEPTUAL


5 Miturut tata cara Jawa, sadèrèngipun mantu kedah nglampahi wiwitaning rerangkèn tata cara inggih punika: a) Lamaran Lamaran punika rarangkèn tata cara nalika tiyang sepuhipun satunggaling jajaka sowan dhateng tiyang sepuhipun satunggaling prawan ingkang badhé kadadosaken jodhonipun. Antawis tiyang sepuh ingkang sami badhé bébésanan ngawontenaken wawan pirembagan prakawis sasambetan tresna para putranipun kaseksènan kulawarga lan sanak kadang. b) Paningset lan Lambang Kalpika Manawi lamaran sampun katampi, kalajengaken calon bésan nemtokaken wekdal kanggé nindakaken tata cara paningsetan kanthi lambang kalpika (tukar cincin). Paningsetan limrah dipunkanthèni pirantos sanèsipun upami arta, sandhangan, emas (gelang, kalung, suweng, lan sapiturutipun), jajanan (kadosta jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan (pisang, jeram, nanas, salak, apel), urip-urip (ayam, bebek, banyak). Sadaya punika minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang badhé katindakaken calon pangantèn kakung dhateng calon pangantèn putri lan kulawarga, kedah nyekapi sandhang pangan kanggé pagesanganipun. Sasampunipun tata cara lamaran lan paningsetan katindakaken, kasambet kaliyan nglampahi tata cara mantu antawisipun: a) Pasang Tarub Tarub punika mujudaken kérata basa inggih ditata supaya katon murub. Tarub maknanipun yèn badhé nampi tamu, mila limrah nata panggènan supados katingal becik, kapasang rerenggan amrih éndah arupi janur kuning. Tembung janur kérata basa sejatiné nur/cahya. b) Buwangan Buwangan katindakaken sasampunipun pasang tarub. Buwangan punika ingkang kabucal awujud takir isi kacang-kacangan, bumbu pawon, ratungan daging, lan arta cring. Ubarampé kala wau punika minangka pralambang mbucal samukawis sukerta lan papalang supados pakaryan ingkang badhé kalampahan lancar boten wonten alangan. c) Pasang Tuwuhan Tuwuhan werdinipun manéka warni taneman ingkang katata ing tarub, déné wujudipun inggih pisang suluh satandhan, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pari sawuli. Maknanipun tuwuhan kasebut supados pangantèn saged nuwuhaken gesang mulya dados tuladhaning kulawarga. d) Siraman Sasampunipun pasang tetuwuhan, siraman minangka tata cara ingkang katindakaken salajengipun. Siraman katindakaken sadinten sadèrèngipun upacara dhaup (ijab). Ancasing siraman calon pangantèn resik lair lan batosipun. Siraman katindakaken déning para sesepuhipun calon pangantèn. e) Midodarèni Midodarèni saking tembung widadari tegesipun supados calon pangantèn endah kados déné widadari. Midodarèni katindakaken sadèrèngipun upacara dhaup.


6 Sasampunipun tata cara ing nginggil kalampahan, candhakipun katindakaken upacara ijab, dhaup (panggih manten) kasambet upacara pawiwahan saha pahargyan (pesta). Ing tata cara Jawi, limrahipun wonten kalih adat pangantèn inggih punika gagrag Ngayogyakarta lan gagrag Surakarta. Adat pangantèn kasebut ingkang mbedakaken inggih prakawis paès lan tata caranipun panggih pangantèn. B. Panggih Pangantèn Upacara panggih winastan dhaup utawi temu inggih upacara tradhisi papanggihan antawisipun pangantèn kakung lan putri. Panggih pangantèn katindakaken sasampunipun ijab tumrap tiyang ingkang ngrasuk agami Islam, sakramen utawi misa tumrap tiyang ingkang ngrasuk agami Kristen punapa déné Katolik. Upacara panggih minangka puncaking upacara adat pangantèn Jawa ingkang kebak pakurmatan. Pawadan upacara panggih punika kebak pakurmatan antawisipun : a) Papan palenggahan pangantèn kasemaktakaken mirunggan; b) Pangantèn kadya ratu sehari ngagem busana mirunggan; c) Nalika upacara panggih lumampah, para tamu katuran jumeneng saprelu suka pakurmatan; d) Lumampahing upacara panggih kairing gendhing-gendhing mirunggan; e) Sadanguning upacara panggih boten pareng kaseselan acara sanèsipun upami dhaharan punapa déné panglipur; f) Upacara panggih katindakaken kanthi khidmat. Upacara panggih punika ancasipun 1) pangukuhan adat jojodhoan antawis kakung putri ingkang kaiket tali suci; 2) nepangaken dhateng babrayan babagan dhauping pangantèn; 3) pikantuk donga pangèstu saking sesepuh lan para rawuh.


7 A. Tata Urutaning Panggih Pangantèn https://www.weddingku.com/blog/prosesi-pernikahan-adat-jawa-yogya Upacara panggih katindakaken sasampunipun pangantèn ngagem busana mirunggan kanthi tata urut antawisipun : a) Rawuhipun pangantèn putri ing sangajenging sasana rinengga. Urutan pangantèn jumeneng tumuju sasana rinengga inggih punika : 1) tiyang sepuh pangantèn ing ngajeng piyambak saprelu nampi pisang sanggan; 2) kalih tiyang sepuh putri ingkang ngasta kembar mayang; 3) pangantèn putri lan pengapit; b) Rawuhipun pangantèn kakung. Sadèrèngipun, wonten beksan edan-edanan déning kalih tiyang jaler. Pangantèn kakung kaapit déning sesepuh kairing Gendhing Bindri. Saduginipun ing sangajenging tarub mandheg. Tiyang ingkang ngasta kembar mayang nyaosaken pisang sanggan dhateng tiyang sepuh pangantèn putri; c) Upacara panggih kairing Gendhing Ladrang Pangantèn. Panggihipun pangantèn ing sangandhap tarub ing ngajeng dalemipun hamengku gati. Manawi upacara panggih ing gedhung, panggih katindakaken mapinten-pinten jangkah (meter) saking règol; d) Tiyang ingkang kapatah ngasta kembar mayang enggal-enggal tumuju dhateng pangantèn kakung lajeng nggepokaken kembar mayang ing pamidhangan kiwa tengening pangantèn kakung. Sabibaripun punika, kembar mayang kabucal ing sapra sakawanan margi utawi ing lèpèn; e) Pangantèn kakalih sami nyelak. Candhakipun katindakaken balangan gantal. Pangantèn kakung anggènipun mbalang gantal kathahipun kaping sekawan. Eneripun dhateng FASE 3 MEMBIMBING PENYELIDIKAN INDIVIDU DAN KELOMPOK PROSEDURAL


8 palarapan, jaja, lan jengku pangantèn putri. Wondéné pangantèn putri kaping tiga. Eneripun dhateng jaja lan jengkunipun pangantèn kakung; f) Ranupada (wijikan), pangantèn putri sasampunipun ngaturaken sembah bekti, lajeng mijiki tlapak sukunipun pangantèn kakung kathahipun paling boten kaping tiga. Pangantèn kakung mbiyantu pangantèn putri saprelu jumeneng; g) Pangantèn kakalih aben ajeng, juru Paès nggepokaken antiga ing palarapan pangantèn kakung lan putri, antiga lajeng kapecahaken ing jubin; h) Pangantèn kakalih jumeneng jejer tumuju sasana rinengga. Tumrap pangantèn saking kraton katindakaken upacara pondhongan. Manawi pangantèn sanès saking kraton, boten katindakaken upacara pondhongan; i) Pangantèn kakalih kairing tiyang sepuhipun lan pengapit tumuju dhateng sasana rinengga. Sasampunipun dugi ing sasana rinengga, Gendhing Ladrang Pangantèn suwuk (mandheg kanthi alon); j) Pangantèn kakalih nindakaken upacara tampa kaya kairing Gendhing Puspawarna. Pangantèn putri nyelehaken tiker katutup mori (dipunbuntel) ing pangkonipun. Pangantèn kakung nyuntak tampa kaya ing tiker pangkoning pangantèn putri. Tampa kaya kasuntak sakedhik mbaka sakedhik. Tampa kaya punika awujud kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, lan arta cring. Suntakan tampa kaya katirahaken sakedhik dados boten dipuntelasaken. Pangantèn putri anggènipun nampi suntakan tampa kaya sampun ngantos sami kècèr; k) Dhahar klimah, sasampunipun astanipun wijik, pangantèn kakung damel tigang kepelan sekul kuning kasèlèhaken ing piring ingkang kacepeng pangantèn putri. Pangantèn kakalih wijik, pangantèn putri dhahar kepelan sekul kala wau kaseksènan pangantèn kakung. Pungkasanipun ngunjuk toya wening; l) Mapag bésan, Gendhing Puspawarna mandheg kanthi alon, kagantos Gendhing Ladrang Slamet utawi Ladrang Sri Wilujeng. Tiyang sepuh pangantèn putri jumeneng saking papan palenggahan (sisih tengen) saprelu mapag bésan ingkang jumeneng ing sangandhap tarub utawi ing ngajeng règol (manawi ing gedhung). Para ibu mlampah ing ngajengipun para bapak. Pangantèn kakalih mapag rawuhipun tiyang sepuh. Bésan kadherekaken lenggah ing sisih kiwa pangantèn. Tiyang sepuh pangantèn putri lenggah ing papan palenggahan sakawit; m) Sungkeman, juru Paès enggal paring sasmita dhateng pangantèn kakalih kanggé nglukar selop lan keris kapendhet déning sesepuh (kakung). Pangantèn putri sungkem dhateng bapakipun (pangantèn putri), kasusul pangantèn kakung. Kalajengaken sungkem dhateng ibunipun. Pangantèn kakalih sungkem dhateng tiyang sepuh pangantèn kakung kanthi urutan dhateng bapak riyin kasusul pangantèn putri. Yèn sampun, lajeng sungkem dhateng ibunipun pangantèn kakung. Caranipun sungkem makaten : pangantèn ngaturaken sembah rumiyin, asta kagepokaken ing jengkunipun tiyang sepuh. Kalajengaken nggepokaken pasuryan (ngaras) jengkunipun tiyang sepuh. Kapungkasi kanthi nyembah malih.


9 Makna Simbolik Upacara Panggih Tata urut upacara panggih pangantèn punika mengku makna mirunggan. Andharan makna simbolik tata urut upacara panggih pangantèn inggih punika : a) Beksan édan-édanan minangka sarana kanggé nyingkiraken bala, roh ingkang saged damel boten lancar lampahing upacara panggih; b) Pisang sanggan, caosing pisang sanggan punika : 1) minangka panebusing pangantèn putri; 2) panyuwunan pangantèn énggal kapanggihaken; 3) tandha bilih pangantèn kakung sampun siyap kapanggihaken. Pisang sanggan saking kérata basa hanampi gesang ateges pangantèn kakung sampun siyap nampi lan ngayomi gesang pangantèn putri; c) Kembar mayang kagepokaken ing pamidhangan kiwa tengen pangantèn kakung ateges pralambang mbucal sukreta satemah lampahing panggesangan pangantèn boten manggih pambengan; d) Gantal punika saking ron sirih minangka prambalang jojodhoan utawi papanggihan. Kakung lan putri manawi sampun kaiket tali suci dados satunggal ing cipta, rasa, lan karsa kados déné ron sirih ingkang béda wujudipun sisih inggil lan andhap nanging satunggal raos; e) Ranupada saking tembung ranu ateges toya lan pada ateges suku. Ranupada punika mijiki suku, déné maknanipun : 1) minangka tandha pangabekti pangantèn putri dhateng pangantèn kakung; 2) nyirnakaken babaya amrih saged mujudaken kulawarga ingkang kebak kabagyan; 3) sadaya tumindak mawi linandhesan aruming panjangka inggih punika aruming nama kulawarga satemah tinuladha déning sesami. Awit saking punika, ranupada migunakaken toya kembang setaman (mawar, melati, lan kanthil); f) Pecah antiga, sadèrèngipun kagepokaken ing palarapan pangantèn kakalih tegesipun pangajeng enggal kaparingan putra. Pecah antiga mengku teges pangajeng pangantèn kakalih sampun siyap menggalih kanthi mandhiri (pecah nalar); g) Pangantèn kakalih jejer tumuju sasarana rinengga tegesipun nedahaken sesarengan, saiyeg saéka kapti kanggé nggayuh kabagyan balé somah; h) Tampa kaya maknanipun : 1) tanggel jawab pangantèn kakung babagan pados rejeki; 2) pangantèn kakalih pinaringan kacekapan; 3) aliran tampa kaya pralambang rejeki tansah lumintu; 4) tampa kaya katirahaken sakedhik minangka pangajeng rejeki boten telas; i) Dhahar klimah pralambang rukunipun kulawarga, raos sukur awit rejeki saking Gusti Allah, kacekapan sandhang pangan. Lawuh pindhang antep pralambang manteping manah tumrap pilihanipun kanggé gesang bebrayan; j) Ngunjuk toya wening mengku pralambang : 1) pangantèn kakalih sami bagi-binagi penggalihan kanthi lelandhesan weningipun jiwa, boten wonten ingkang katutup-tutupi; 2) pepanggihipun kakung lan putri nalika andon tresna satemah kanugrahan putra; k) Mapag bésan ateges pakurmatan dhateng bésan, rawuhipun saèstu dipunkurmati; FASE 4 MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA METAKOGNITIF


10 l) Sungkeman minangka : 1) tandha bekti dhateng tiyang sepuh ingkang sampun nggulawenthah ngantos diwasa; 2) panyuwunan pangapunten ingkang putra dhateng tiyang sepuh awit sadaya lepatipun; lan 3) nyuwun pangèstu supados anggen mangun kulawarga tansah bagya mulya. 1. Tata urut mantu inggih menika lamaran, paningsetan saha lambang kalpika, pasang tarub, buwangan, pasang tuwuhan, siraman, midodareni, ijab, saha panggih. 2. Panggih manten menika salah satunggaling budaya Jawi ingkang kedah dipunuri-uri murih lestari. 3. Panggih manten inggih menika upacara tradhisi pepanggihan antawisipun pangantèn kakung lan putri ingkang katindakaken sasampunipun ijab (Islam), sakramen (Kristen) utawi misa (Katolik). KAPUSTAKAN Pringgawidagda, S. (2006). Tata Upacara dan Wicara Pengantin Gaya Yogyakarta. Yogyakarta: Kanisius. Pringgawidagda, S. (2003). Acara Penganten Berbagai Gaya. Yogyakarta: Adicita Karya Nusa. Kamus Bausastra Jawa online link: https://www.sastra.org/leksikon FASE 5 MENGANALISA DAN MENGEVALUASI PROSES PEMECAHAN MASALAH DUDUTAN


Click to View FlipBook Version