The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahasa Jawa Kelas 4 - Piwulang 3 Tradhisi - Pakguru

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by pakguru.ansori, 2021-09-16 12:11:59

Bahasa Jawa Kelas 4 - Piwulang 3 Tradhisi - Pakguru

Bahasa Jawa Kelas 4 - Piwulang 3 Tradhisi - Pakguru

Kelas 4 Muatan

Piwulang 3 : P

Tradhisi Muatan
Bahasa Jawa

Mangerteni Wacan Nonsasatra
Babagan Tradhisi

Pakguru Ansori, S. Pd.

Purwaka

Tradhisi iku pakulinan utawa
kagiyatan ing masyarakat kang
wus katindakake turuntumurun wiwit jaman biyen nganti tekan saiki. Tradhisi
ing masyarakat Jawa iku akeh banget. Tradhisi sing ana gegayutane karo wong
wiwit kalairan nganti tinimbalan, ana, uga tradhisi sing ana gegayutane karo
alam, ana uga tradhisi sing ana gegayutane karo kapercayan, lan isih akeh
jinis-jinis tradhisi liyane.

Bisa uga saben keluarga utawa lingkungan iku duwe tradhisi dhewe,
tuladhane ana keluarga sing saben isuk mesthi sarapan bebarengan
sakeluarga, sarapan sing diwiwiti dedonga lan dipungkasi kanthi
dedonga, Sabubare iku ana pacelathon sedela, banjur padha nandangi
pakaryan utawa kagiyatane dhewe-dhewe. Mangkana iku yen katindakake ajeg
wiwit biyen nganti saiki bisa uga diarani tradhisi keluarga. Tuladha liyane, ing
sawijining desa saben malem Selasa Kliwon mesthi nganakake kembul bujana
kanggo kabeh warga desa. Mangkana iku uga bisa sinebut tradhisi. Tradhisi iku
katindakake duweni ancas Werna-werna lan akeh tradhisi sing isih diuri-uri

nganti tekan seprene. Tradhisi apa bae iku? Kanggo mangerteni
jangkepe, sinaunen wulangan ing ngisor iki!

1. Wacan Nonsastra Babagan Tradhisi

Sedekah Bumi

Upacara adat tradhisional sedekah bumi
inggih punika salah sawijining kagiyatan ingkang
kaiket dening aturan tartamtu ingkang
dipuntindakaken kanthi turun-tumurun. Upacara
adat tradhisional sanesipun ingkang taksih lestari
inggih punika sedekah laut, suran, nyadran, lan
sapanunggalanipun. Sedekah Bumi taksih
dipuntindakaken dening masyarakat tartamtu.

Sejatosipun kagiyatan upacara tradhisional Sedekah Bumi
dipuntindakaken kangge pados keslametan. kagiyatan punika ugi
dipunarani upacara keslametan, kagiyatan punika salah sawijining cara
manungsa kangge pados keslametan, katentreman, lan njaga kalestarian
kabudayan. kagiyatan upacara tradhisional Sedekah Bumi dipuntindakaken
kangge ngurmati, nyukuri, muja, lan nyuwun keslametan kaliyan Gusti
Ingkang Maha Agung.

Ingkang paling utama tradhisi Sedekah Bumi dipuntindakaken amargi
manungsa ngraos menawi gadhah katerbatasan tartamtu ingkang saged
ngrubah kauripanipun. Nilai-nilai ingkang wonten ing lebeting upacara Sedekah
Bumi inggih punika nilai spiritual, sosial, lan moral. Nilai-nilai kasebut
nyababaken kawontenanipun norma ingkang ngatur kauripaning manungsa.
Inggih punika manungsa kedhah nebihi tumindak ingkang boten sae lan nyobi
nglakoni pedamelan ingkang becik.

Sedekah Bumi dipuntindakaken
saking kesadaran manungsa
menawi bumi sampun maringi
sedaya bab kacukupaning
kebetahanipun manungsa. Ing
bab punika kabetahanipun
manungsa ingkang pokok,
kayata pangan, sandang, lan
papan.

Pangan punika kabelahan
manungsa ingkang paling penting. Tanpa
pangan, manungsa mboten saged
gesang. Ing bab punika kabetahan pokok
manungsa ingkang wujudipun pangan,
inggih punika sedaya barang ingkang
saking bumi. Tuladha pangananipun
inggih punika beras, jagung, gandum,
sagu, umbi, lan sapanunggalanipun.
Kabetahan panganan sanesipun inggih
punika janganan, buah, lauk, bumbon,
lan daging. Sakliyanipun panganan,
kabetahan penting kangge gesanging
manungsa inggih punika toya Menawi
mboten wonten toya, manungsa boten
saged gesang. Kabetahan toya kangge
manungsa naming saged diangsalaken
saking bumi.

Kabetahan sandangan uga penting sanged kangge gesanging manungsa.
Kabetahan sandangan bahan-bahanipun diangsalaken saking bumi, ingkang
kadamel saking wit-witan utawi bahan-bahan ingkang asalipun saking kewan:
Kewan lan wit-witan uripe ugi saking bumi.

Sandang lan pangan penting, nanging
papan ugi boten kalah pentingipun Kabutuhan
papan kangge manungsa diangsalaken saking
bumi. Ing bab punika bumi pinangka
panggenan kangge manungsa manggen. Piranti
ingkang dipunbetahaken kangge ndamel
panggenan ugi saking bumi. Kadosa watu,
wedhi, kapur, bata, kayu, lan
sapanunggalanipun. Amargi bumi perananipun
penting sanget, kita saged nyebut bumi
sumber saking sedaya sumber kauripan
manungsa.

(Kapethik kanthi owah-owahan saka: https://www.ivanpermana.com/2017/08/contoh-teks-sedekah-bumi-dalam-bahasa.html)

2. Ngenal Tradhisi

a. Pangertene Tradhisi

Tradhisi, yaiku sawijining pakulinan kang wus katindhakake
wiwit rikala jaman biyen lan wus nyawiji dadi bageyan tata uriping
masyarakat ing saben dinane. Tradhisi iku ana sing ditindakake dening
sawijining negara, kabudayan, wektu, utawa kapitayan kang padha.

Tradhisi uga dimangerteni
pinangka sakabehing prakara
kang diwarisake utawa tetep
lestari saka jaman biyen nganti
tumeka saiki. Tradhisi ing
sajeroning pangerten kang
sempit, yaiku warisan-warisan
sosial sing isih lestari nganti
seprene, isih diugemi kanti kuwat
dening masyarakat nganti saiki.

b. Ancase Tradhisi

Tradhisi ing satengahing
masyarakat duweni ancas supaya
manungsa bisa sugih ing babagan
kabudayan lan nilai-nilai sejarah.
Tradhisi uga bisa mujudake urip
kang harmonis. Nanging kang
mangkana iku bisa kasembadan
yen manungsane tansah ngajeni
dan nindakake tradhisi kanthi
bener lan pener sarta miturut
paugeran kang katemtokake.

c. Jinis-Jinis Tradhisi ing Indonesia

1. Dugderan
Masyarakat Jawa duwe tradisi tedhak siten. Tedhak iku tegese

idhak utawa mudhun, dene siten saka tembung siti sing tegese lemah
(bumi). Tedhak siten ditindakake yen umur bocah wis 7 lapan utawa
245 dina (selapan iku ana 35 dina)

Tradhisi dugderan ana ing Semarang lan
awujud pasar malem. Para bakul dodolan
maneka warna barang dagangan wiwit dolanan
bocah nganti klambi. Sejene iku uga ana
hiburan kang awujud komedi putar. Dugderan
iku dipracaya dumadi saka tembung "Dug"
(swara bedhug) lan "der" (swara meriem).
Bedhug lan meriem ing jaman biyen digunakake
kanggo nengeri wanci tekane sasi pasa.
Dugderan lumrahe diwiwiti seminggu
sakdurunge pasa nganti sedina sakdurunge pasa.

2. Balimau
Masyarakat Sumatra Barat mapag tekane sasi pasa kanthi

tradhisi balimau. Balimau ing basa Minangkabau tegese adus kramas.
Tradhisi iki nglambangake angresiki diri sakdurunge miwiti pasa.
Balimau uga katindakake kanthi bebarengan wong akeh ing kali,
sendang, utawa kolam. Kabeh bisa nindakake balimau wiwit kanoman,
kasepuhan, pria, lan wanita. Tradhisi iki memper tradhisi padusan ing
masyarakat Jawa

3. Meugang
Tradhisi meugang iku tradhisine masyarakat Aceh, yaiku kanthi

kurban kebo kang tukune kanthi cara urunan, sak banjure daginge
didahan nalika, nyedaki sasi pasa. Tradhisi iki katindakake sak durunge
riyaya Idul Fitri lan ngepasi Idul Kurban.

d. Tradhisi Adat Jawa

Ing kabudayan Jawa akeh upacara adat sing lumrah
ditindakake. Upacara adat ing Jawa kayata ing ngisor iki.

1. Sing ana gegayutane karo wong (diurut wiwit klairan nganti seda)
a) Wetengan (nembe mbobot): Ngebor-ebori, ngloroni, neloni,
ngapati, nglimani, ngenemi, mitoni utawa tingkeban, ngwoloni, lan
nyangani.
b) Klairan: Mendhem ari-ari, brokohan, sepasaran, akekah, puput
puser utawa dhautan, selapanan, matangpuluhi.
c) Bocah: Tedhak siten, gaulan, nyetauni, nyapih.
d) Lajang: Tingalan, sunatan, tetesan, sukeran utawa tarapan,
pasha utawa pangur.
e) Jaka lan Prawan: Pengantenan
f) Tilar/Seda: Bedhah bumi, surtanah, nelung dina, mitung dina,
matang puluh dina, nyatus, pendhak pisan, pendhak pindho, nyewu,
ngekoll

2. Sing ana gegayutane karo alam
a) Sedekah bumi
b) Baritan
c) Bersih desa
d) Wiwit
e) Tolak bala

3. Sing ana gegayutane karo agama utawi kapercayan
a) Nyadran
b) Suran
c) Sekaten
d) Saparan
e) Grebeg Sawal
f) Yaqowiyu
g) Grebeg Besar

4. Liyane; Munggah wuwungan

Muatan

P

Muatan
Bahasa Jawa

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

1.Apa kang diarani tradhisi ?

2.Sebutna tradhisi adat Jawa sing ana
gegayutane karo tilar/seda !

Kelas 4 Muatan

P

Muatan
Bahasa Jawa

Sugeng Sinau lan
Sugeng Numindhaake

Pakguru Ansori, S. Pd.

Kelas 4

Selamat Belajar dan
Selamat Mengerjakan

Pakguru Ansori, S. Pd.


Click to View FlipBook Version