Kelas 4 Muatan
P
Muatan
Bahasa Jawa
Piwulang 2 :
Crita Wayang Gatotkaca
Pakguru Ansori, S. Pd.
Wacanen crita wayang ing ngisor iki ! Muatan
Laire GathutKaca P
Ing sawijining dina, kaluarga Pandawa lima lagi remen-remene uga Muatan
prihaten sanget nalika putane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lair. Bahasa Jawa
Amarga bayi kang dilahirake dening Dewi Arimbi awujud raksasa, lan
sampun umur 1 taun ari-arine isih nempel durung bisa pedhot. Putrane
Raden Werkudara lan Dewi Arimbi mau diwenehi jeneng Tetuka,
nanging ing sawijining dina banjur dadi Gathut Kaca.
Amarga nalika lair Tetuka awujud raksasa (buta), Raden Werkudara lan Sumber: https://www.pngdownload.id/
para sedhereke Pandhawa ngrasa isin, amarga Tetuka awujud
raksasa lan tali pusare durung pedhot- pedhot. Banjur para
Pandhawa lima padha ngupaya kepriye carane bisa ngubah Tetuka dadi
wujud manungsa biasa lan medhot tali pusare Tetuka kuwi. Kanggo
ngrampungake masalah iki banjur Arjuna diutus kanggo njaluk
pitulungane para Dewa kanthi cara semedi njaluk petunjuk para Dewa.
Ing wektu kang padha, Panglima perang Kurawa yaiku Karna uga
nglakoni semedi njaluk senjata pusaka marang Dewa.
Kaprasahan lan Kekhusyukan semedi kang dilakoni Arjuna iku bisa Muatan
dadekake goncange kahyangan, saengga Dewa gawe kaputusan bakal
menehi pusaka kanggo medhot tali pusare Tetuka, saengga ari- arine P
bakal pedhot saka awake. Banjur Bathara Narada diutus kanggo
menehake senjata Kunta wijayadanu marang Arjuna. Ing kene Muatan
kedadean anane kakeliruan, Bathara Narada ora bisa bedakake Bahasa Jawa
antarane Arjuna lan Karna kang padha nglakoni semedi.
Amarga saka Bathara Narada kang ora bisa bedakake Arjuna lan
Karna, akhire Bathara Narada menehake senjata marang Karna.
Nalika ngerti yen kliru, Bathara Narada banjur cepet-cepet goleki
Arjuna lan ngutus Arjuna njaluk senjata Kunta wijayadanu marang
Karna. Ora suwe Arjuna wis ketemu Karna lan njaluk senjata Kunta
wijayadanu marang Karna. Nanging Karna ora gelem menehake senjata
Kunta, banjur ndadekake perang tanding antarane Arjuna lan Karna. Ing
perang mau akhire Arjuna bisa ngrebut sarung pusaka, nanging
senjatane isih digawa mlayu Karna.
Arjuna mulih kanthi gawa sarung/warangka senjata Kunta wijayadanu. Muatan
Senjata mau pancen sekti, karo sarunge wae bisa medhot tali pusare
Tetuka. Nanging anehe sarung senjata mau mlebu ing jero awake P
Gathut Kaca. Sawise iku Kresna ngramalake kadadean kasebut, bilih
besok Gathut Kaca bakale mati ing tangane kang duwe senjata Muatan
kasebut. Bahasa Jawa
Ing wektu iku kahyangan para Dewa lagi ngadepi masalah gedhe. Patih Sumber: https://www.pngwing.com/
Sekipu lan bala tentarane ngobrak-abrik kahyangan amarga diutus
Prabu Kala Pracona. Para Dewa kalah banjur Sang Hyang Bathara
Prabu ngutus para Dewa supaya golek jago kang bisa ngalahake Sekipu
lan Kala Pracona. Akhire Bathara Narada diutus ngubengi jagad raya,
menawa ana satriya kang khusyuk semedine, saengga bisa ngalahake
Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona.
Satriya Pandhawa ing wektu iku lagi khusyuk semedine njaluk marang Muatan
Dewa supaya ngubah wujud Tetuka kang wujud raksasa. Amarga
semedine kang kanthi temenan iku, bisa ngubah langit dadi peteng, P
gunung-gunung padha obah, segara asat amber, lan jagad gonjang-
ganjing, sarta udan salah mangsa. Saka kadadean iku Bathara Narada Muatan
ngerti yen ana manungsa kang khusyuk semedi njaluk marang Dewa Bahasa Jawa
supaya maksude dikabulake Dewa.
Sumber: https://www.pngwing.com/
Bathara Narada banjur gugah semedi para Pandhawa. Nanging Bathara
Narada njaluk marang para Pandhawa menehake bayi Tetuka marang
dheweke supaya didadekake jago nglawan Patih Sekipu lan Prabu Kala
Pracona kang wis ngrusak kahyangan. Sawise entuk ijin saka
Pandhawa, bayi Tetuka digendhong digawa mabur dening Bathara
Narada ing Kahyangan.
Nanging Sekipu lan Kala Pracona ora gelem nglawan bocah cilik. Akhire, Muatan
Bathara Narada nggawa Tetuka marang ahli senjata pusaka Empu
Ramadi. Sang Empu siap nempa Tetuka supaya siap tanding karo P
Sekipu lan Kala Pracona. Banjur Tetuka digowo ing kawah
Candradimuka, dilebokake ing kawah bebarengan karo kabeh pusaka Muatan
ampuh. Bahasa Jawa
Balunge digawe saka wesi. Drijine saka gunting, telapakane saka pacul,
brengose saka kawat. Sawise iku banjur dijipuk maneh saka kawah.
Tetuka ora awujud bayi, nanging awujud pamuda kang wis dewasa
nanging durung bisa ngomong. Banjur diobati supaya bisa ngomong.
Tetuka diwenehi jeneng lengkap, yaiku Gathut Kaca lan Kacanagara.
Sumber: https://www.pngwing.com/
Dening Bathara Guru diwenehi 3 busana pusaka. Kang kapisan Caping Muatan
basunanda, supaya yen udan ora teles lan yen panas ora kepanasen.
Kang kaping pindo, kotang antakusuma, supaya bisa mabur tanpa elar. P
Kang kaping telu, selaput pada, supaya yen mabur ing duwur lemah bisa
lancar tanpa gangguan angin. Muatan
Bahasa Jawa
Dening Bathara Narada, Gathut Kaca banjur ditemokake karo Kala
Pracona. Kaloro-lorone pada perang. Kabeh Dewa Dewi ndelok Sumber: https://www.pngwing.com/
perang tanding iku. Kabeh padha ngarepake Gathut Kaca menang lan
bisa balekake katentraman ing kahyangan. Akhire sawise tarung,
Gathut Kaca bisa ngethok sirahe Kala Pracona.
Dening: Karlina Setiyanti
Muatan
P
Muatan
Bahasa Jawa
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep lan bener !
1. Sapa wong tuwane raden Gatthut Kaca ?
2. Kepriye wujudte bayi Gathut Kaca ?
3. Kenopo Bthara Narada menehake pusaka Kunta Wijayadanu marang
Karno ?
4. Apa jenenge pusaka kanggo medhot tali pusere Gathut Kaca ?
5. Piye keadaane yen ono menungsa kang khusuk semedi njaluk marang
Dewa supaya maksude dikabulake ?
Kelas 4
Selamat Belajar dan
Selamat Mengerjakan
Pakguru Ansori, S. Pd.