The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD) Menulis dan menyajikan dialog

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by lindhaaji13, 2022-09-22 06:17:39

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD) Menulis dan menyajikan dialog

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD) Menulis dan menyajikan dialog

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK
Menulis dan menyajikan dialog

KANGGE KELAS 8 SEMESTER GENAP
DENING

LINDHA PURNA WIKARANINGAJI, S.Pd

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK

A. Identitas
Kelas : VIII / Genap
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Materi : Menulis dan menyajikan dialog Bahasa Jawa

B. Kompetensi Dasar
3.4 Menelaah dan menangkap isi dialog
4.4 Menulis dan menyajikan teks dialog yang melibatkan tokoh orang tua

C. Indikator
• Menyimpulkan isi dialog yang dilihat dan didengarkan secara tertulis (C5)

• Mengidentifikasi pokok-pokok isi teks dialog (C4)
• Membuat teks dialog yang melibatkan orang tua (C6)
• Memeragakan teks dialog yang melibatkan orang tua (P4)

D. Tujuan Pembelajaran
1. Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientifik, model pembelajaran problem

based learning, diskusi, dan tanya jawab, peserta didik dapat menulis dialog yang
melibatkan orang tua sesuai dengan unggaj-ungguh basa (C5, HOTS)

2. Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientifik, model pembelajaran problem
based learning, diskusi dan tanya jawab,peserta didik dapat menyajikan teks dialog yang

E. Dimensi Pengetahuan
a. Faktual : Gambar atau video contoh dialog yang melibatkan orang tua

b. Konseptual : Pengertian dialog, macem-macem jenis basa
c. Prosedural : Tata cara penulisan dialog

d. Metakognitif : Menyimpulkan ajaran moral pada materi dialog dengna
merelevansi dengan kehidupan jaman sekarang

F. PITUDUH PASINAON
1. Para siswa nyamak PPT saking Guru menapa saking link wonten ngandhap !



2. Kadamel kelompok, para siswa diskusi kaliyan setunggal kelompok lajeng

mangsuli pitaken ing lembar kerja peserta didik (LKPD) kanthi jangkep.
3. Asiling pirembagan kaliyan sekelompokipun saged dipun serat wonten ing

LKPD
4. Perwakilan kelompok lajeng presentasi ngandharaken asiling diskusi, dene

kelomok sanes atur pamanggih

Fase 1 Identifikasi Masalah

MATERI FAKTUAL

Para siswa nyemak teks naskah ingkang ditayangaken dening guru!
Salajengipun ugi para siswa maos teks naskah kasebut!

Tetepungan

Wulan Juli Yanto wiwit mlebu SMP. Ing wengine sinambi nonton tipi, dheweke didangu dening bapak lan Ibune.
Ibu : “Kepriye, Yan, sekolah ing SMP seneng apa ora?”
Yanto : “ Wah remen sanget, Bu. Kancanipun kathah, ugi gurunipun. Ngendikanipun Bapak Kepala Sekolah ingkang
mucal gurunipun gantos-gantos jumbuh kaliyan piwucalipun, tegesipun kados pundi ta, Bu?”
Ibu : “Karepe ngene, lho. Yen pelajaran Matematika, ya sing mulang guru Matematika, yen Basa Jawa, ya sing
mulang guru Basa Jawa. Dadi gurune beda karo ing SD. Ing SD gurune guru kelas. Ing SMP gurune diarani guru
mata pelajaran.”
Yanto : “O, ngaten ta, Bu?”
Ibu : “Ya”
Bapak : “Kowe mlebu ing kelas apa, Yan?”
Yanto : “Wonten kelas 7A, Pak.”
Ibu : “Kelas 7 sing anyar ana pirang kelas, Yan?”
Yanto : “Wonten gangsal kelas, Bu. Kelas 7A dumugi 7E.”
Bapak : “Mlebu kang kawitan mau wis diwulang apa, Yan?”
Yanto : “ Kala wau dereng dipunparingi wucalan, naming upacara, resik-resik kelas, lajeng mlebet kelas, dhapuk
pengurus kelas, kalajengaken pitepangan.”

Bapak : “ Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan, supaya padha kenal karo kanca-kancane kabeh. Terus
carane kepriy, Yan? Kamangka bocahe akeh, apa or arame?”
Yanto : “ Caranipun, dipunwiwiti dening wali kelas nepangaken rumiyin. Panjenenganipun ngendikakaken
jeneng saha alamatipun. Kalajengaken sadaya siswa setunggal baka setunggal dipundawuhi nepangaken kanthi
nyebataken nama, tanggal lair , alamat, asmanipun tiyang sepuh, saha cita-citanipun, ngantos lare 40
majeng sadaya, dados boten rame.”
Bapak : “ O…, ngono ta, Kowe yaw ani maju ing ngarep kelas, Yan?”
Yanto : “Inggih wantum. Kawitanipun inggih ajrih, radi ndredheg. Nanging sareng kula piker, kenging punapa
kedah ajrih? Sadaya ingkang wonten kelas punika kanca, sanes memedi, ingkang kedah dipunajrihi, inggih
boten, Pak?”
Bapak : “ Ya ngono kuwi, Yan. Dadi bocah kudu kendel waton bener. Terus jan-jane cita-citamu kuwi besuk
kepengin dadi apa ta, yan?”
Yanto : “ Kula benjang kepengin dados guru, Pak. Kepareng ta, Pak?”

Bapak : “Ya, oleh bae ta. Apa sababe kowe kok kepengin dadi guru ora liyane kaya dadi pulisi,
tentara, utawa dhokter?”
Yanto : “Amargi guru punika ingkang mucal, ingkang ndadosaken tiyang-tiyang punika pinter,
satemah wonten ingkang dados pulisi, tentara, utawi dhokter, malah presiden. Guru punika ageng
sanget jasanipun, inggih ta, Pak”
Bapak : “Iya-iya, Yan. Wah yen ngono luhur temenan cita-citamu kuwi.”
Ibu : “Ya wis dipunggel dhisik critane, sesuk diterusake maneh. Saiki wis bengi padha
mapan turu, sesuk ben ora kawanen!”
Yanto : “Inggih. Bu. Sugeng dalu Pak, Bu, sugeng sare.”

Tulisana tembung-tembung kang during kok mangerteni banjur golekana tegese sabanjure
tulisen uga pokok-pokok surasane pacelathon ing dhuwur!





No Tembung Tegese Tembung





    





    





    





    





    





    





    

Fase 2 Mengorganisasi Peserta Didik

Materi Konseptual

Para siswa sumangga dipunsinauni sesarengan kaliyan kelompokipun bab
Teks dialog ing ngandhap menika

Pengertian Pacelathon

Pacelathon asale saka tembung lingga celathu, celathu tegese omongan utawa guneman.
Pacelathon tegese omongan-omongan loro utawa luwih, kekarone bisa gentenan

minangka penutur lan mitra tutur (ana sing omong ana sing nanggapi/ngrungokake).
Ana ing kabudayan Jawa, pacelathon diatur dening unggah-ungguh. Unggah-ungguh
basa mau digunakake ngurmati antarane wong siji lan liyane sing diajak guneman.




Budi Pakertine Pacelathon

Wong kang nindakake pacelathon kudu gatekake budi pekerti. Budi pakertine wong kang nindakake
pacelathon kaya ing ngisor iki :

a. Guneman orang waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton (aturan)
b. Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga becik nganggo waton
c. Suwarane banter lirihe becik nganggo waton

d. Polatane (wajahe/pandangan) uga nganggo waton aja nganti mencereng-memcereng upamane.
e. Intonasine (lagune) uga nganggo aturan ora angger bengak-bengok.

Unggah – Ungguh Basa
Unggah-Ungguh Basa Jawa yaitu aturan adat masyarakat Jawa perihal sopan santun,

tatakrama, tatasusila menggunakan Bahasa Jawa. Macam-macam Bahasa Jawa
menurut aturan penggunaannya dapat dikelompokkan menjadi 5, yaitu;

1. Bahasa Ngoko, dibagi menjadi 2 jenis bahasa, yaitu Ngoko Lugu dan Ngoko Andhap
(yang dibagi ke dalam 2 jenis bahasa, yaitu Antya Basa dan Basa Antya).

2. Bahasa Madya, dibagi menjadi 3 jenis bahasa, yaitu Madya Ngoko, Madya Krama,
dan Madyantara.

3. Bahasa Krama, dibagi menjadi 5 jenis bahasa, yaitu Mudha Krama, Kramantara,
Wredha Krama, Krama Inggil, dan Krama Desa.
4. Bahasa Kedaton
5. Bahasa Kasar

Unggah-ungguh Basa Pacelathon

Nalika nindakake pacelathon kudu gateke unggah-ungguh basa kang digunakake dening paraga. Kang diarani
unggah-ungguh miturut Bausastra Jawa anggitan Poerwadarminta yaiku beciking pangetrap. Becik pengetrape mawa
aturan kang becik, lan tembung krama kang duweni teges pratingkah, patrap, tata pranata kang becik, subasita,
watek , sipat,. Subasita tegese bisa mapanake dhiri pribadi ing pasrawungan masarakat, ngerti empan papan, lan
nglenggana kuwajibane. Unggah-ungguh basa bisa kaperang dadi loro yaiku kaya mangkene.
a. Ngoko

Unggah-ungguh basa kang awujud ngoko kaperang dadi loro yaiku kaya mangkene.
1) Ngoko Lugu

Ngoko lugu duweni titikan yaiku tembunge gunakake ngoko kabeh tanpa kacampuran krama utawa krama
inggil. Panganggone ngoko lugu yaiku menyang sapadha-padha kang wis kulina banget, menyang sing kaprenah enom,
yen lagi ngunandika, tumprap bocah sing during bisa guneman ganep. Tuladha :
a. Kowe mau apa wis mangan?
B. Aku kepengin dolan menyang omahmu, Rin.
c. Mengko sore kowe lungo apa ora?

2) Ngoko alus
Kang dadi titikane ngoko alus yaiku tetembungan ngoko kacampuran krama inggil.
Tembung krama inggil kanggo wong sing diajak guneman. Sing dikrama inggilake tembung
sesulih lan tembung kriya dene ater-ater lan panambang tetep ngoko. Panganggone
yaiku sadulur tuwa marang sadulur enom kang luwih dhuwur drajade, garwane

priyayi marang sing kakung priyayi yen wis kulina. Tuladha :
a. Panjenengan mau apa wis dhahar?

b. Aku nyuwun priksa apa panjenengan sesuk sida tindak?
c. Dhik kondur panjenengan mau jam pira?

Krama
Unggah-ungguh basa kang awujud krama kaperang dadi loro yaiku kaya mangkene.

1) Krama lugu
Krama lugu duweni titikan kabeh tembung-tembunge krama. Panganggone krama lugu yaiku
marang kanca sing wis kulina, padha drajade lan ngajeni, garwane priyayi marang sing
kakung, priyayi marang sadulure tuwo kang luwih cendhek drajate, wong enom marang wong

tuwo nanging ora pati ngajeni kanca kang lagi tetepungan. Tuladha :
a. Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?

b. Kula tangklet Bapak punapa sampun nedha?
c. Menawi sampeyan purun tumbas reginipun inggih mekaten punika!

Krama alus
Wujude tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) lan krama
inggil (tumrap wong sing diajak guneman). Panganggone krama alus yaiku
wong enom marang wong tuwo, batur marang bendarane, murid marang
gurune, andhahan marang pimpinane, kanca karo kanca sing during kuina.
Tuladha :
a. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu
b. Uwosipun sampun dicaosaken Ibu
c. Simbah gerah padharan enjing wa

Sasampunipun nyemak materi,
samenika cobi para siswa damel
kelompok saben kelompok 4 siswa
lajeng diskusi dikerjakake wonten

ing LKPD

AYO REMBUGEN ISINE PACELATHON SING KOK NGERTENI SAKA PACELATHON MAU!

Fase 3 Membimbing penyelidikan

PROSEDURAL

Para siswa sesampunipun mahami lan maos materi bab teks dialog ing nginggil,
sumangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok materi ing ngandhap menika

ingkang badhe ngandharaken bab caranipun nyerat teks dialog

Nulis Teks Pacelathon
Pacelathon ora among gegayutan karo uriping manungsa ing
masarakat, ananging pacelathon uga dadi salah sawijining paugeran
anggone ngandharake crita lumantar sandiwara. Supaya sandiwara
kang diandharake bisa dimangerteni kudu diperagakake kanthi becik
dening paraga. Ananging ora among kuwi, sandiwara kang becik dialog
utawa teks sandiwara uga kudu becik lan ngandhut piwulang bab
kebecikan. Titikane sandiwara yaiku duweni naskah rantaman lakone

crita. Naskah kasebut arane scenario.

Pacelathon sajrone Sandiwara
Naskah sandiwara iku kedadeyan saka babak-babak. Babak-babak iku mau ana
perangan- perangan kang diarani adegan. Adegan ing babak diwatesi karo owah-
owahing papan, kaanan, utawa tekaning paraga liya. Ing naskah sandiwara uga ana
kang diarani pandom. Pandom yaiku peranganing naskah kang nerangake kaanan, sipat,
tingkah lakuning paraga, lan sapiturute kang ditulis ing antarane tandha kurung.

Surasane naskah scenario yaiku kaya mangkene.
a. Pacelathon paraga

b. Swasana setting sing dikarepake
c. Gegambaran swasana

d. Apa bae kang kudu ditindakake dening paraga

Fase 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil
Karya

MATERI METAKOGNITIF

Sesampunipun maos teks dialog, sumangga para siswa sakmenika damel
teks naskah dialog kaliyan kelompokipun lajeng perwakilan saking

kelompok ngandharaken hasil diskusi, dene kelompok sanesipun saged
atur pamanggih

Tata Cara Nulis Pacelathon

Tata cara nulis pacelathon yaiku kaya mangkene :
a. Ne,tokake wujude pacelathon

b. Nemtokake paraga lan nulis jenenge paraga utawa wong kang nindakake
pacelathon

c. Sawise jeneng paraga diwenwhi tanda titil loro ( : )
d. Pacelathon ditulis nganggo tandha petik loro kang nuduhake ukara langsung

e. Nulisake keterangan arupa papan, wektu, lan swasanane ana ing jero
kurung (…..)

UNSUR INSTRINSIK CRITA IKU NYAKUP :

1. Tema, yaiku gagasan pokok sing ndhasari crita kanthi wutuh, lumrahe tema iku ora
diblakakake.
2. Alur utawa plot yaiku lakune crita sing nduweni sesambungan sebab-akibat. Alur iku ana
telung werna.
a. Alur maju utawa progresif. Crita dicritakkake urut saka wiwitan tekan pungkasan
b. Alur mundur utawa flashback. Crita dicritakake kanthi nggambarake biyen-biyene
c. Alur campuran, yaiku crita dicritakkae campuran saka maju lan mundur.
- Pitepungan
- Konflik
- Klimaks
- Antiklimaks

3. Setting utawa latar. Setting bisa awujud wektu, papan, lan swasana

4. Paraga/ Tokoh lan watak / penokohan. Tokoh iku paraga ing crita, dene penokohan iki sipat utawa
wewatakan paraga ing crita. Kanggo mangerteni wewatakane paraga bisa kanthi cara ing ngisor iki.
a. Analitik, yaiku wewatakan paraga kang dicritakake kanthi cetha dening penulis.
b. Dramatik, yaiku wewatakan kang dicritakake samudana, bisa dimangerteni kanthi gambaran lair,
pamikir lan pangrasane paraga, tumanggape paraga liya, lan gambaran sakiwa tengene paraga.

Penokohan iku watak saka paraga ing crita. Ana telu jinis penokohan :
1. Protagonis, yaiku paraga utama sing lumrahe apik
2. Antagonis, yaiku paraga utama sing lumrahe duwe watak ala
3. Tritagonis, yaiku paraga pambyantu sing netral.

5. Amanat, yaiku pesen sing arep diaturake marang pamaos
6. Cara mawas utawa point of view, yaiku dununge panulis ing crita.
a. Wong kapisan, panulis mapanake minangka “aku” ing crita. Panulis kaya-kaya

nyritakake lelakone dhewe
b. Wong katelu. Panulis mapanane awake ing sanjabane crita. Panulis nggunakake

tembung dheweke

7. Lelewane basa, yaiku pilihan tembung sing digunakake panulis ing crita kanggo gawe
urip lan endahe crita.

Ayo rembugen cara menggungake sandiwara padha gawe teks dialog kanthi
landhesan ing ngisor iki!

1. Gatekna tuladha pacelathon/ omong-omongan ing dhuwur!
2. Gawea kelompok kang wargame laras karo kebutuhan!
3. Temtokna bab sing arep kok rembug!

4. Aranana paraga/ pelaku sing bakal ngisi ing teks dialogmu!
5. Tulisen teks dialogmu kanthi tata tulis sing bener.

6. Teks dialogmu sing wis dadi rembugen maneh karo kancamu sadurunge kok
paragakake!

Ayo rembugen cara menggungake sandiwara padha gawe teks dialog kanthi
landhesan ing ngisor iki!

1. Gatekna tuladha pacelathon/ omong-omongan ing dhuwur!
2. Gawea kelompok kang wargame laras karo kebutuhan!
3. Temtokna bab sing arep kok rembug!

4. Aranana paraga/ pelaku sing bakal ngisi ing teks dialogmu!
5. Tulisen teks dialogmu kanthi tata tulis sing bener.

6. Teks dialogmu sing wis dadi rembugen maneh karo kancamu sadurunge kok
paragakake!

Fase 5: Menganalisis dan Evaluasi

GLADEN
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!



1. Apa kagunane dialog ing sajroning sandiwara?

…………………………………………
2. Apa kang diarani pandom sajroning sandiwara?

………………………………………
3. Jlentrehna surasane naskah scenario!
………………………………………………………………
4. Kepriye tata carane nulis pacelathon?
………………………………………………………………..
5. Apa jeneng liyane naskah sandiwara?
………………………………………………………………..

DAFTAR PUSTAKA

Priyantono,2015 Marsudi Basa lan Sastra Jawa 8
.Dinas Provinsi Jawa Tengah

Warsita Basa MGMP Blora

MATURNUWUN


Click to View FlipBook Version