Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
Satuan Pendidikan : SMP MUHAMMADIYAH 1 WATES
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA
Kelas/Semester : VII/GASAL
Alokasi waktu : 4 x 40 menit (2 jam pelajaran)
Materi Pokok : CANGKRIMAN
Pengetahuan
3.4. Menjelaskan cangkriman, parikan.
Keterampilan
4.4. Membuat cangkriman, parikan .
Pengetahuan
3.4.1 Menganalisis wujud cangkriman yang ada dalam teks percakapan. (C4)
3.4.2 Menentukan batangan cangkriman yang ada dalam teks percakapan. (C4)
Keterampilan
4.4.1 Menyusun cangkriman wancahan. (P5)
4.4.2 Menciptakan teks percakapan berisi cangkriman wancahan. (P5)
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
Pertemuan 1
Setelah kegiatan pembelajaran dengan model Problem Based Learning (PBL),
pendekatan saintifik, metode tanya jawab dan diskusi, peserta didik dapat:
1. menganalisis wujud cangkriman yang ada dalam teks percakapan dengan
kritis. (C4, HOTS)
2. menyusun cangkriman wancahan dengan kreatif. (P5, HOTS)
Pertemuan 2
Setelah kegiatan pembelajaran dengan model Problem Based Learning (PBL),
pendekatan saintifik, metode tanya jawab dan diskusi, peserta didik dapat:
1. menentukan batangan cangkriman yang ada dalam teks percakapan
dengan kritis. (C4, HOTS)
2. menciptakan teks percakapan berisi cangkriman wancahan. (P5, HOTS)
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
Materi Faktual
Para siswa samenika badhe sinau materi cangkriman, nanging saderengipun
mlebet wonten ing materi cangkriman. Cobi gatosaken video menika!
Sumber gambar: https://youtu.be/3s1zHqnUA-4
Peta Konsep
Materi Konseptual
A. Pangretosan Cangkriman
Miturut Wijana (2013: 27), cangkriman utawi teka – teki minangka wujud
dolanan basa utawi dolanan tetembungan amargi manungsa inggih menika
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
makhluk bermain (homo ludens). Minangka wujud dolanan basa utawi
tetembungan, cangkriman estu gesang teras jumbuh kaliyan ewah –
ewahanipun masyarakat. Miturut Prayitna dan Tofani (kaserat ing kajianipun
Subagyo, P Ari., 2014: 2), dasanamanipun cangkriman inggih menika
bedhekan utawi batangan ingkang kedah dipunwangsuli. Ing Kamus Besar
Bahasa Indonesia Pusat Bahasa Edisi Keempat (kaserat ing kajianipun
Subagyo, P Ari., 2014: 2), pangretosan teka – teki inggih menika soal ingkang
arupi ukara (cariyos, gambar) ingkang dipunandharaken kanthi samar – samar,
biasanipun kangge dolanan utawi kangge ngasah pikiran. Saking andharan
wonten ing nginggil saged dipunpendhet dudutan:
Cangkriman inggih menika tetembungan utawi unen – unen ingkang
kedah dipunbatang utawi dipunbedhek.
B. Wujud – wujudipun Cangkriman
Miturut Subagyo dan Antono (2014: 20-22), wujud cangkriman menika
beda – beda. Cangkriman ingkang jinisipun pepindhan (perumpamaan),
blenderan (plesetan), wancahan (singkatan), tembang (lagu tradisional) saha
ingkang awujud wantah ingkang mliginipun arupi ukara utawi wacana.
Cangkriman wancahan saged awujud frasa semu saha ukara semu. Ing
ngandhap menika kaandharaken jinis cangkriman saha tuladhanipun:
❖ Cangkriman Wancahan
Inggih menika wujudipun tetembungan
wancah utawi cekakan saking tembung –
tembung. Tuladhanipun:
a) tongyongrengreng, bedhekanipun:
gotong royong bareng – bareng.
b) pekrimeme, bedhekanipun: apek pari
rame – rame.
c) wemahrongga, bedhekanipun: gawe
omah karo tangga.
d) kumbinyarolan, bedhekanipun: tuku
klambi anyar karo dolan.
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
❖ Cangkriman Blenderan/Plesedan
Inggih menika cangkriman ingkang
awujud pitakenan nanging wangsulanipun
gumantung saking ingkang tiyang ingkang
paring pitakenan. Cangkriman menika
ancasipun kangge panglipur. Tuladhanipun:
a) bakule krambil dikepruki?,
bedhekanipun: sing dikepruki
krambile.
b) tulisan Arab macane saka ngendi?,
bedhekanipun: saking alas.
❖ Cangkriman Irib – Iriban/Pepindhan
Inggih menika cangkriman ingkang
bedhekanipun ngemu suraos irib – iriban –
emper – emperan. Tuladhanipun:
a) sega sekepel dirubung tinggi,
bedhekanipun: salak.
b) pitik walik saba meja, bedhekanipun:
sulak.
❖ Cangkriman awujud tembang
Inggih menika cangkriman ingkang
wujudipun tetembungan sampun karantam dados
cakepan tembang, umpaminipun tembang
pocung, tembang gambuh, lan
sapanunggalanipun. Tuladhanipun:
Pocung
Bapak Pocung dudu watu dudu gunung
Dawa kaya ula
Ancik – ancik wesi miring
Lunga teka si pocung ngumbar swara
Bedhekanipun: sepur
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
❖ Cangkriman awujud ukara wantah
Inggih menika cangkriman ingkang
wujudipun wantah/lumrah. Tuladhanipun:
a) sing cendhek dikedhuki, sing dhuwur
diurugi, bedhekanipun: timbangan.
b) anake diidak – idak, mbokne dielus – elus,
bedhekanipun: andha.
C. Fungsi Cangkriman, inggih menika:
1. minangka panglipur;
2. minangka sarana pendidikan, amargi cangkriman saged kangge
ngasah otak utawi piranti pendidikan. Ngginakaken cangkriman
wonten ing salebetipun pasinaon menika siswa dipunlatih mikir cepet
lan trep kanthi boten langsung;
3. ing wayang, cangkriman dipunginakaken kangge sayembara lakon
drama;
4. dipunginakaken minangka syair tembang, kados ta pocung lan
sapiturutipun.
Kapethik saking: https://lenteramata.com/contoh-cangkriman/ kanthi ewah –
ewahan sawetawis.
D. Tuladha Pawicantenan Ingkang Ngewrat Cangkriman
Para siswa sumangga maos pawicantenan prasaja ingkang ngewrat
cangkriman ing ngandhap menika!
Dina Minggu esuk Renita lan adhine Rafi padha katon ibu tumandang
gawe ing plataran omah. Bocah loro iku didhawuhi reresik plataran lan
kebonan supaya padhang semilak ora njembrung kareben ora dadi susuhe
lemut. Sawise rada kesel bocah loro iku leren ing teras sinambi bedhekan.
Renita : “dhik ayo padha siktar rengreng”
Rafi : “Apa iku mbak, siktar rengreng”
Renita : “Reresik latar bareng-bareng. Ngono wae ra ngerti”
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
Rafi : “Alaah ngono aku ya isa, Mbak!. Saiki delengen tarsiktineng”
Renita : “Mesthi larate resik atine seneng. Hooh ta?”
Rafi : “Mbak Reni iki pancen cahgeplahter tenan kok!”
Renita : “Ya kudu ngono. Kowe ya bisa kok dadi bocah sregep sekolahe
pinter!”
Rafi : “Eh, Mbak aku wingi krungu kabar ana wong mati dilumpati
kucing urip lho!”
Renita : “Lah, iya. Yen mati kucinge ora bisa mlumpat ngono”
Rafi : “Saiki bedheken! Kewan apa sing sirah, awak lan sikil neng
ngisor!”
Renita : “Apa ya?”
Rafi : “Pasrah ta mbak? Kuwi batangane pitik cilik kepidak..”
Renita : “We kowe ya pinter ta dhik?”
Ora krasa bocah loro iku wis mari kesele mula banjur nerusake anggone
reresik.
Kawruh tembung:
Plataran : latar
Semilak : reresik supaya padhang
Njembrung : kebak tetuwuhan
Tumandang : nindakake pagaweyan
Kapethik saking: Winarti, Sri & Suyati. 2019. Kartika Basa Bahan Ajar Bahasa Jawa
SMP/MTs D.I. Yogyakarta Kelas VII. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan
Olahraga.
Saking pawicantenan ing nginggil kapanggihaken wujudipun cangkriman inggih
menika:
• siktar rengreng : cangkriman wancahan
• tarsiktineng : cangkriman wancahan
• cahgeplahter : cangkriman wancahan
• wong mati dilumpati kucing urip: cangkriman blenderan/plesedan
• kewan apa sing sirah, awak lan sikil neng ngisor?: cangkriman
blenderan/plesedan
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
Materi Prosedural
A. Tatacara Ngecakaken Wujud Cangkriman ing Teks Pawicantenan
1. Saderengipun ngecakaken wujud cangkriman ing teks pawicantenan,
para siswa kedah sampun maos rumiyin materi cangkriman saha teks
pawicantenan kanthi pratitis.
2. Menawi sampun, para siswa saged manggihaken cangkriman kanthi
niteni tetembunganipun.
3. Menawi sampun manggihaken tetembungan cangkrimanipun,
salajengipun para siswa ngecakaken tetembungan cangkriman
adhedhasar wujudipun.
4. Samangke asiling cak – cakanipun wujud cangkriman dipunserat
wonten ing papan ingkang sampun dipunsamaptakaken.
B. Tatacara Ngecakaken Batangan Cangkriman ing Teks Pawicantenan
1. Para siswa saged manggihaken batangan cangkriman kanthi niteni
tetembungan ingkang dipunginakaken.
2. Menawi cangkrimanipun awujud wancahan, tembung ingkang kedah
dipunpadosi inggih menika kalih wanda pungkasan (dua suku diakhir)
amargi anggenipun ndamel cangkriman wancahan adat sabenipun
menika ngginakaken kalih wanda pungkasan. Tuladhanipun pakdhe,
pak saking bapak, dhe saking gedhe.
3. Menawi cangkrimanipun awujud irib – iriban/pepindhan, kedah dipun-
nalar rumiyin batanganipun amargi cangkriman menika wosipun
nandhingaken.
4. Menawi cangkrimanipun awujud blenderan, batanganipun ugi
plesetanipun.
5. Menawi cangkrimanipun awujud tembang saha ukara wantah, kedah
dipun-nalar rumiyin batanganipun amargi kedah ngira – ira batangan
ingkang trep jumbuh kaliyan kalih cangkriman menika.
Kapethik saking: www.surakarta.go.id
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
C. Tatacara Ndamel Cangkriman Wancahan
Miturut Subagyo, P. Ari (2014: 71 – 73) ngandharaken bilih cangkriman
wancahan saged dipundamel kanthi kalih cara inggih menika.
1) Akronimisasi saha pembelokan pra anggapan
Akronimisasi (singkatan) tembung saha pembelokan pra anggapan
saged dipunginakaken kangge ndamel cangkriman ingkang awujud frasa
semu. Frasa semu inggih menika wujudipun sami kanthi ngginakaken frasa
basa Jawi, nanging tegesipun beda menawi akronim dipundamel panjang.
Tuladha:
No. Akronimisasi Pembelokan Pra anggapan
Akronim Bentuk Utuh Pra anggapan lurus Pra anggapan belok
Ana gerbong mligi Pagere kobong,
1. Gerbong Pagere kobong, nggo nulis watune mendhelis
tulis watune mendhelis
“Ada gerbong khusus “Pagar terbakar,
untuk menulis” batunya kelihatan”
Katrangan:
Gerbong tulis, menawi dipuntingali saking frasa basa Jawi kasusun saking
tembung “gerbong” saha tulis “tulis”. Pra anggapan ingkang katingal “ana
gerbong mligi kanggo nulis”. Nanging, gerbong tulis estunipun
akronim/singkatan saking “pager kobong, watune mendhelis”.
2) Akronimisasi saha pengucapan asing
Cangkriman awujud frasa semu saha ukara semu saged dipundamel
kanthi nggabungaken antawisipun akronimisasi saha pengucapan asing.
Ingkang dipunkajengaken pengucapan asing inggih menika cara
pangucapan ingkang memper pangucapan basa asing utawi kejawi basa
Indonesia, basa Jawi saha basa sanesipun ing Nuswantara.
Pengucapan asing saged narik kawigatosanipun tiyang saha saged
nuwuhaken rasa penasaran.
Tuladhanipun:
No. Akronimisasi saha Bentuk Utuh
pengucapan asing
Bubur panas kokopen “Bubur panas
1. Burnas kopen makanlah (dengan mulut menempel di bibir
mangkuk).
Katrangan:
Burnas kopen ing cangkriman wancahan kalebet akronimisasi saking
“bubur panas kokopen” ingkang tegesipun ing basa Indonesia “bubur
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
panas santaplah langsung dengan mulut”. Menawi cangkriman menika
dipunandharaken, kapireng kados lafal basa Belanda. Perangan ingkang
memper tembung basa Belanda utaminipun kopen.
Nalika para siswa ndamel cangkriman wancahan, tetembunganipun ugi
kedah laras kaliyan Bausastra Online. Pramila para siswa saged
ngginakaken Bausastra Online kanthi klik link
https://www.sastra.org/leksikon utawi klik gambar ing ngandhap
menika!
D. Tatacara Ndamel Teks Pawicantenan Ingkang Ngewrat Cangkriman
Wancahan
1. Saderengipun ndamel teks pawicantenan ingkang ngewrat cangkriman
wancahan, para siswa kedah sampun paham gayut kaliyan
tatacaranipun ndamel cangkriman wancahan.
2. Para siswa ndamel cangkriman wancahan kanthi mardika jumbuh
kaliyan kreativitasipun piyambak – piyambak nanging tetembungan
ingkang dipunginakaken boten kepareng sara, saru, ndamel
kuciwaning liyan lan sapanunggalanipun.
3. Sabibaripun ndamel cangkriman wancahan, salajengipun para siswa
ngrakit tetembungan dados teks pawicantenan ingkang wosipun ugi
ngewrat cangkriman wancahan ingkang sampun dipundamel.
4. Nalika ndamel pawicantenan ingkang sae, tetembungan ingkang
dipunginakaken ugi kedah dipunlaras kaliyan tetembungan ing
Bausastra Online. Para siswa saged ngginakaken Bausastra Online
kanthi klik link https://www.sastra.org/leksikon.
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
Materi Metakognitif
A. Tuladha Ngecakaken Wujud Cangkriman ing Teks Pawicantenan
Tabel 1. Tuladha Ngecakaken Wujud Cangkriman ing Teks Pawicantenan
No. Ukara Cangkriman Kalebet Jinis
Cangkriman
1. Andi mau esuk golek Biles mangin • Cangkriman
iwak nang kali, wancahan
jarene biles mangin.
2. Aku mau weruh pitik Pitik walik saba • Cangkriman irib
walik saba kebon kebon – iriban
nang pasar.
B. Tuladha ngecakaken batangan cangkriman ing teks pawicantenan
Tabel 2. Tuladha Ngecakaken Batangan Cangkriman ing Teks Pawicantenan
No. Ukara Cangkriman Batangan
Cangkriman
1. Andi mau esuk golek Biles mangin • Batanganipun:
iwak nang kali, Klambi teles
jarene biles mangin. masuk angin
2. Aku mau weruh pitik Pitik walik saba • Batanganipun:
walik saba kebon kebon Nanas
nang pasar.
C. Tuladha ndamel cangkriman wancahan
Tabel 3. Tuladha Ndamel Cangkriman Wancahan
No. Ukara wutuh Akronimisasi
1. mangan bakso inuk tenan (Singkatan)
ngaso nuknan
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
Sasampunipun para siswa sinau materi cangkriman kanthi pirembagan
kelompok, kangge ngecakaken wujud cangkriman ing teks pawicantenan, ndamel
cangkriman wancahan, nemtokaken batangan cangkriman, saha ngripta teks
pawicantenan ingkang ngewrat cangkriman wancahan, siswa kedah:
1. mangretosi wujud – wujudipun cangkriman;
2. paham babagan akronimisasi (cekakan) tetembungan;
3. saged ndamel cangkriman wancahan ingkang variatif jumbuh kaliyan kreativitas
piyambak - piyambak;
4. saged ngripta teks pawicantenan ingkang ngewrat cangkriman wancahan.
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
Dudutanipun saking wulangan babagan cangkriman inggih menika bilih
cangkriman menika tetembungan utawi unen – unen ingkang kedah dipunbatang utawi
dipunbedhek. Cangkriman menika kapilah dados gangsal inggih menika wancahan, irib –
iriban, blenderan, awujud tembang, awujud ukara wantah. Fungsi cangkriman inggih menika
kangge: panglipur, sarana pendhidhikan, sayembara drama, saha syair tembang.
Anggenipun ndamel cangkriman wancahan saged ngginakaken kalih cara inggih menika
cara akronimisasi saha pembelokan pra anggapan & akronimisasi saha pengucapan asing.
Minangka teka – teki, cangkriman wancahan menika kagungan ancas kangge njebak tiyang
ingkang dipunajak pawicantenan. Kejawi menika, ancasipun ingkang mligi inggih menika
kangge nggemujengi kawontenan, niru basa asing, lan sapiturutipun.
Cangkriman minangka paninggalan budaya masyarakat Jawi. Teka – teki tradisional
menika boten namung maringi bukti bilih masyarakat Jawi minangka makhluk bermain
(homo ludens) nanging ugi nyimpen maneka warni nilai saha keutamaan lokal manungsa
Jawi. Awit saking menika, menawi saged dipunjumbuhaken ing pagesangan jaman menika
kanthi dipunlestantunaken lumantar pawicantenan supados saged regeng saha
nyengsemaken.
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal
Subagyo, P. Ari. 2014. Cara dan Tujuan Penciptaan Cangkriman Wancahan. Fakultas
Sastra Universitas Sanata Darma. Kapethik saking: https://www.e-
journal.usd.ac.id/index.php/sintesis/article/view/1021/795
Subagyo, P. Ari dan Hery Antono. 2014. “Cangkriman (Teka-teki Tradisional) dalam
Bahasa Jawa”. Laporan Penelitian Internal Khusus pada Lembaga Penelitian
dan Pengabdian kepada Masyarakat, Universitas Sanata Dharma, Yogyakarta.
Kapethik saking:
https://www.e-journal.usd.ac.id/index.php/sintesis/article/view/1021/795
Sukatman. 2010. Teka – Teki Jawa sebagai Warga Tradisi Lisan Dunia: Konteks, Idiologi,
dan Fungsinya dalam Masyarakat Modern. Yogyakarta: Laksbang Pressindo.
Wijana, I Dewa Putu. 2013. “Kebanggaan Berbahasa Sebagaimana yang Terefleksi
dalam Wacana Teka-teki”. Dalam Proceedings of International Seminar
Language and Maintenance and Shift III. Semarang: Program Magister
Linguistik, Universitas Diponegoro dan Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah,
hlm. 26-30.
Winarti, Sri & Suyati. 2019. Kartika Basa Bahan Ajar Bahasa Jawa SMP/MTs D.I.
Yogyakarta Kelas VII. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga.
Windriyanti; Khambali, Ahmad dan Kusumawardhani, Hadwitya Handayani. 2020. Media
Pembelajaran Cangkriman Gambar Bahasa Jawa Pada SD Muhammadiyah
Kajen Berbasis Android. Jurnal Surya Informatika. Vol 8, No. 1, Mei 2020.
Fakultas Teknik dan Ilmu Komputer. Universitas Muhammadiyah Pekajangan
Pekalongan.
Bausastra online: https://www.sastra.org/leksikon
Artikel cangkriman, link:
a) https://repositori.kemdikbud.go.id/14258/1/Cangkriman.pdf
b) https://lenteramata.com/contoh-cangkriman/
Bahan Ajar Cangkriman – Kelas VII – Semester Gasal