The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahan Ajar Aksara Jawa
Pertemuan 1

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by rosintapangastuti83, 2022-08-10 23:56:06

AKSARA JAWA

Bahan Ajar Aksara Jawa
Pertemuan 1

Keywords: E-Book Aksara Jawa 1

Piwulang Terpadu bahasa Daerah

PITEDAH

CERITA RAKYAT

SKeemlaessteVrI1I

Piwulang Terpadu bahasa Daerah

PITEDAH

CERITA RAKYAT

IDENTITAS

PENYUSUN

Mega Nur Hafidah (20020114109)
Siti Nurjanah (20020114111)

Aura Firdausy Azhara (20020114112)

Editor: Mega Nur Hafidah

Daftar Isi

Pandom Pasinaon Siswa__________________________________________ 2
Pandom Pasinaon Kagem Guru & Wali Murid_____________________ 3
Tujuan Pembelajaran & Kompetensi Dasar Pembelajaran__________ 4
Peta Konsep_____________________________________________________ 5
Pamangunan Konteks_____________________________________________6
Pasinaon 1_______________________________________________________ 8
A. Tegese Crita Rakyat_________________________________________ 8
B. Ciri-Ciri Crita Rakyat_________________________________________9
C. Jinis Crita Rakyat____________________________________________ 9
Latian 1_________________________________________________________ 10
Pasinaon 2______________________________________________________ 12
D. Unsur Intrinsik Crita Rakyat__________________________________12
E. Unsur Ekstrinsik Crita Rakyat________________________________ 14
Pamodelan Teks_________________________________________________ 15
Kamus Kecik____________________________________________________ 16
Unsur Intrinsik Dumadine Watu Layar___________________________ 17
Latian 2_______________________________________________________ 18
Pambentukan Teks Bareng-Bareng______________________________ 19
Pasinaon 3______________________________________________________20
F. Urutan Crita Rakyat________________________________________ 20
Kamus Kecik___________________________________________________ 22
Urutan Crita Rakyat Bu Tani lan Watu Gedhe________________ 23
Latian 3_______________________________________________________ 24
Pambuatan Teks Mandhiri______________________________________25
Pasinaon 4_____________________________________________________ 26
G. Nulis Sinopsis Crita Rakyat__________________________________ 26
H. Sing Kudu Digatekake Nalika Nulis___________________________ 26
Latian 4_______________________________________________________ 30
Rangkuman_____________________________________________________ 33
Tes Formatif___________________________________________________ 34
Pedoman Penskoran_____________________________________________ 37
Refleksi_________________________________________________________ 38
Daftar Pustaka________________________________________________ 39

PANDOM PASINAON
KANGGO SISWA

Sadurunge siswa sinau bahan ajar iki, para siswa prelu maca pandom
pasinaon kaya ing ngisor iki:
1) Wiwitana dedonga dhisik supaya lancar anggone sinau materi sing ana ing
bahan ajar iki.
2) Sadurunge mancik ing pasinaon, panyusunan materi kasusun adhedhasar
pendhekatan teks yaiku pamangunan konteks, pamodelan teks, pambentukan
teks bareng-bareng, pambuatan teks kanthi mandiri.
3) Pahami saben materi ing bahan ajar supaya bisa lanjut ing bab liyane
4) Jangkepi saben bagean Latian lan Gladhen sing ana ing bahan ajar iki
mawa semangat lan seneng. Yen rada ngalami kangelan, para siswa bisa
pirembugan karo kanca, nyuwun pirsa marang bapak/ibune dhewe, utawa bisa
uga nyuwun pirsa marang bapak/ibu guru nalika jam pelajaran.
5) Pahami saben bagean rangkuman ing jero bahan ajar iki, supaya cetha
garis besare materi ing bahan ajar iki.
6) Garapen Tes Formatif yen materi-materi uwis bar disinaoni kabeh.
7) Para siswa bisa nggunakake kamus kecik lan Bausastra Online sing wis
disiapake ing jero bahan ajar iki, supaya bisa luwih ngerti arti tembung-
tembung sing angel lan nambah kaweruhan kosa kata.

2

PANDOM PASINAON
KAGEM

GURU & WALI MURID

KAGEM GURU

Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, bahan aj
ar menika dipunsusun mawi
dasar orientasi teks. Modul dipundamel kagem setunggal utawi langkung
kompetensi dasar ingkang wonten ing lebetipun KI 3 (pengetahuan) ugi
KI 4 (katrampilan). Sejatosipun, saben siswa sampun dipunarahaken
supados saged nyinaoni bahan ajar punika mawi piyambakan. Sinaosa
mekaten, guru ugi saged nyerat sambatan/masalah para siswa nalika
sinau bahan ajar menika. Lajeng, guru ngrembag masalah-masalah
punika nalika pepanggihan wonten ing kelas. Ing lebetipun bahan ajar ugi
sampun wonten pitedah pambiji ingkang awujud simbol

KAGEM BAPAK/IBU

Kagem Bapak/Ibu Wali Murid ingkang
kinurmatan, kapurih saged
nglodhangaken wekdalipun kagem midhangetaken ugi mbiyantu para
putranipun menawi nyuwun pirsa bab-bab ingkang dereng
dipunmangertosi, lajeng para siswa nyerat ing buku cathetanipun
piyambak-piyambak.

3

Tujuan Pembelajaran:

- Melalui kegiatan pembelajaran mengamati video,
siswa mampu mengidentifikasi pengertian, ciri dan
jenis teks cerita rakyat dengan tepat.
- Melalui kegiatan belajar berkelompok, siswa mampu
menganalisis unsur intrinsik cerita rakyat dengan
tepat.
- Melalui belajar mandiri, siswa mampu
mengidentifikasi urutan crita rakyat dengan tepat
- Melalui kegiatan menulis sinopsis, siswa mampu
menceritakan kembali isi cerita rakyat dengan
ragam ngoko.

Kompetensi Dasar

3.3 Memahami isi teks cerita rakyat
Indikator:
1. Mengidentifikasi ciri dan jenis cerita rakyat,
2. Menganalisis unsur intrinsik cerita rakyat
3. Menguraikan urutan alur cerita rakyat
4. Menguraikan isi dan nilai moral cerita rakyat
4.3 Menceritakan kembali isi teks cerita
rakyat dengan ragam ngoko
Indikator:
1.Membuat sinopsis cerita rakyat dengan
memperhatikan tanda baca dan huruf kapital

4

Peta Konsep

5

SING KESIJI


Pamangunan
Konteks

Adhik-adhik, kira-kira crita rakyat
iki irah-irahane apa ya?

12

34

6

Srabudkighosayeurayaanwotmguksaburiewnewnmgdajiaakhamneuepgad?kauhb?AaKeakpdiSwrarahaeuleei-onkpkbs-rgaiauiar!yndaaajghinnuailkugimsb!weebaKrirahteceirrpcnaiirtenpgiaytga-hea,

7

PASINAON 1

Ngenali Teks Crita Rakyat

Yey...Adhik-adhik bener banget! Papat gambar ing dhuwur
mau nuduhake salah siji crita rakyat sing irah-irahane Malin
Kundang. Crita kuwi ya kalebu crita rakyat lho, ananging adhik-
adhik ngerti jinise apa ora? Supaya bisa njawab pitakonan kuwi,
ayo Adhik-adhik nyinaoni materi ing ngisor iki.

A. Tegese Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining
dhaerah lan dianggep minangka asil karya bebarengan masarakat
ing salah siji dhaerah. Lumrahe awujud lelakon cekak kang wose
crita munjerake sawijining tokoh. Crita rakyat utawa folklore
yaiku crita saka jaman kuna kang isih urip ing madyaning
bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Crita rakyat
dianggep minangka pelipur lelara. Crita rakyat uga ngandhut
piwulang kang becik sing bisa dianggo bocah lan wong diwasa. O,
iya! Adhik-adhik bisa nge-scan barcode ing ngisor iki supaya bisa
luwih cetha babagan crita rakyat.

8

B. Ciri-Ciri Crita Rakyat

Crita rakyat kalebu karya sastra lesan sing nduweni ciri-ciri kaya
ing ngisor iki:

(1) Anonim

Crita rakyat ora kaweruhan sapa sing nganggit.

(2) Kolektif

Amarga ora diweruhi sapa sing nganggit, dadi crita rakyat
dianggep duwene bebarengan.

(3) Tutur-tinular

Crita rakyat dicritakake lumantar lesan.

(4) Turun Temurun

Crita Rakyat dicritakake saka sesepuh marang putu-putune/saka
generasi tumuju generasi.

C. Jinis Crita Rakyat

Miturut Wiliam C. Bascom crita rakyat kaperang dadi telu
golongan, yaiku:

(1) Mite

Mite yaiku dongeng sing ana sesambungane karo roh lan
alam gaib. Tuladhane: Nyi Roro Kidul, Pethite Nyai
Blorong, Thuyul, lan Gendruwo Kulon Desa.

(2) Legenda

Legenda yaiku dongeng mula bukane dumadining
panggonan utawa barang. Tuladhane: Dumadine Rawa
Pening, Dumadine Watu Ireng, lan Legendha Banyu
Wangi.

(3) Dongeng

Dongeng yaiku crita sing bisa disebut ngayawara lan ora
bisa dipercaya.
Tuladhane: Keong Mas lan Timun Mas.

9

LATIAN 1

Aktipitas Mandiri x 20

Gladhen 1 !

Sawise sinau materi ing dhuwur mau, ayo saiki Adhik-
adhik coba garap latian ing ngisor iki!

1) Apa sing diarani crita rakyat?

2) Biyasane, crita rakyat ditularake liwat apa?

3) Ciri-ciri crita rakyat apa wae ya?

4) Crita rakyat ngemot piwulang sing kepriye?

5) Wujude crita rakyat ana apa wae ya?

10

LATIAN 1

Aktipitas bareng Bapak Ibu

Gladhen 2 !

Bapak utawi Ibu sumangga nge-scan QR Code ing ngandhap
punika, ing lebetipun wonten salah satunggal cariyos rakyat,
putra-putrinipun lajeng dipunutus nglompokaken cariyos
rakyat kasebut adedhasar jinisipun!

x 100

11

PASINAON 2

Unsur-Unsur Crita Rakyat

Sawise sinau babagan jinise crita rakyat, dina iki Adhik-adhik
bakal sinau unsur-unsuring crita rakyat. Unsur crita rakyat ana loro,
yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Apa ta kuwi unsur
intrinsik lan unsur ekstrinsik? Nah...ayo disemak bareng-bareng
materi iki!

D. Unsur Intrinsik Crita Rakyat

Unsur intrinsik yaiku unsur kang mbangun crita saka jeroning crita. Sing
kalebu unsur-unsur intrinsik crita rakyat yaiku:

1) Tema

Tema, yaiku idhe/gagasan baku kang dadi undherane prakara crita.
Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lsp.

2) Paraga

Paraga, yaiku wong sing mbangun crita utawa wong kang dicritakake.
Paraga ing crita nduweni watak beda-beda. Kanggo mbedakake siji lan
liyane, paraga kaperang dadi telu.

12

yaiku:
a) Paraga protagonis: biyasane paraga sing paling disenengi,
amarga duweni sipat kang apik.
b) Paraga antagonis: kewalikane saka paraga protagonis,
paraga antagonis duweni sipat kang ala biasane seneng
nganggu paraga utama.
c) Paraga tritagonis: paraga sing dadi penengah konflik
antarane paraga protagonis lan paraga antagonis.

3) Watak

Watak, yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek,
cendhek, lan sapiturute) lan tandha-tandha nonfisik sing
diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, bodho, lan
sapiturute).

4) Latar/Setting

Latar utawa setting, yaiku papan, wektu, lan swasana
kedadeyane crita. Papan iki bisa ana ing pasar, dalan,
sawah, kantor, lsp. Wondene wektu iku ana awan, sore,
bengi, esuk. Latar swasana tuladhane swasana negangake.

5) Sudut Pandang

Sudut pandang, yaiku posisine pagripta ing crita utawa
carane pangripta nyritakake isine crita. Pangripta bisa wae
dadi paraga ing crita lan uga bisa dadi pandelok wae ing
jabaning crita.

6) Basa

Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa utawa majas sing
digunakake pangripta ing crita.

13

7) Alur/Plot

Alur, yaiku urut-urutane kedadeyan ing crita. Bakune crita
saka wiwitan nganti teka pungkasan (pitepungan, dredah, cara
ngrampungake dredah). Alur kaperang dadi 3, yaiku:
a) Alur maju (progresif) yaiku alur kang nyritakake utawa
nggambarake kaanan saiki kanthi sateruse.
b) Alur mundur (regresif) yaiku alur sing nggambarake kaanan
kepungkur tumuju kaanan saiki.
c) Alur campuran yaiku gabungan alur maju lan alur mundur.

8) Amanat

Amanat, yaiku pitutur utawa piwulang luhur kang kaandhut ing
sajroning crita kang arep diwenehake pangripta marang
pamaca.

E. Unsur Ekstrinsik Crita Rakyat

Unsur ekstrinsik crita rakyat yaiku unsur kang
mbangun crita saka jabaning crita. Sing kalebu unsur
ekstrinsik yaiku:
1) Agama
2) Ekonomi
3) Sosial
4) Pendidikan
5) Budaya

14

SING KELORO

Pamodelan Teks


Dumadine Watu Layar

Ing jaman biyen, ana Mbok Randha kang urip bebarengan karo putra-
putrane sing cacahe papat. Putra kang nomer loro arane Dampo Awang.
Nalika wis padha diwasa, putra-putrane Mbok Randha njaluk ijin arep
ngumbara menyang kutha. Sadurunge putra-putrane mangkat menyang
kutha, Mbok Randha mung bisa menehi tugelan piring sing tujuwane supaya
anake padha eling karo kaluwargane.

Taun tumuju taun wis kelakon. Ing sawijining dina, Mbok Randha krungu
pawarta yen para putrane wis kasil kabeh ing kutha kana. Pawarta sing kaya
mangkono kuwi, ndadekake Mbok Randha pengen ketemu karo putra-
putrane. Mbok Randha akhire lunga menyang kutha dhewean. Ora suwe,
Mbok Randha akhire bisa ketemu karo putrane, kejaba karo sing jenenge
Dampo Awang. Mbok Randha bisa ketemu kaliyan putrane amarga
nggatukake tugelan piring.

Mbok Randha karo putrane lunga bebarengan menyang omahe Dampo
Awang. Saktekane ing kana, Dampo Awang ora gelem ngakoni yen kuwi
ibune, malah dheweke ngusir ibune lan dulur-dulure saka omahe. Amarga
kedadeyan kuwi, Mbok Randha nesu lan ngomong “Anakku, Dampo Awang!
sedhela meneh bakal ana bledeg lan angin gedhe kang bakal nglelepake
kowe! Bandhamu lan kapalmu uga bakal klelep ana tengahing segara!”

Ora suwe, apa sing diomongake Mbok Randha dadi kenyataan. Nalika
Dampo Awang numpak kapal arep lunga menyang dhaerah liyane,
dumadakan ana udan lan bledheg angin kang gedhe banget. Saya suwe udan
deres kuwi ndadekake banjir gedhe sing kaya segara. Dampo Awang lan
kapale klelep ing tengahing banjir mau. Akeh sing percaya yen kapale
Dampo Awang keri ing Dhusun Binangun, Kecamatan Lasem, Kabupaten
Rembang. Amarga saka kuwi, dhaerah kuwi diarani Watu Layar.

Kapethik saka Brainly

15

Kamus Kecik

Cacahe: Jumlahnya
Ngumbara: Mengembara
Kelakon: Terlaksana
Pawarta: Berita/kabar
Kejaba: Kecuali
Dumadakan: tiba-tiba
Klelep: Tenggelam

Yen isih ana tembung-tembung
sing durung dimangerteni artine,

Adhik-adhik bisa golek artine
ing kamus Bausastra Jawa

sing kaya ing barcode iki!

16

Unsur Intrinsik

Dumadine Watu Layar

Tema Alur Sudut Pandang
Kakulawargan Maju Wong Katelu

Paraga

Mbok Randha, putra-putrane Watak

Mbok Randha, lan Dampo Awang Mbok Randha: apikan
Dampo Awang: wani marang wong
tuwa, ora beneh

Latar
Latar Wektu: Ing jaman biyen, ing Sawijing dina, nalika wis padha
diwasa, nalika numpak kapal
Latar Panggonan: Kutha, Omahe Dampo Awang, ing tengahing banjir.
Latar Swasana: Maremakake "Nalika krungu pawarta anake kasil
kabeh", Negangake "Nalika Dampo Awang kalelep"

Amanat Gaya Basa
Aja wani marang wong tuwa, Majas asosiasi: "banjir gedhe sing
amarga omongane wong tuwa
kaya segara"
kuwi malati.

Ah...mangkono
ta critane!



17

LATIAN 2

Batur lan Raden

Kacarita ana salah siji abdi sing duwe jeneng Suta. Dheweke
yaiku salah siji pambiyantune Adipati lan gaweane ngurusi jaran-
jaran. Suta duweni sipat jujur lan sregep. Ing sawijining dina,
dheweke krungu swara putrine Adipati lagi bengok-bengok jaluk
pitulungan. Suta banjur mara ing sumber swara kuwi. Dheweke
kaget amarga ana ula gedhi ing dhuwur wit sing wis siyaga arep
nyakot sang putri. Dheweke banjur mutusake nggelud tanpa
mredulekake awakedhewe. Ing buri, ula gedhi mau mati.

Kawiwitan saka kadadeyan kuwi, Suta lan sang Putri sangsaya
akrab lan padha-padha nyimpen tresna. Wektu tumuju wektu wis
diliwati, wis tiba wektune Suta mutusake ngelamar sang putri.
Ananging, Adipati sing weruh lamarane Suta ora nyetujoni. Amarga
Suta kuwi mung pambiyantu. Adipati sing ngerasa isin lan rumangsa
diina banjur nglebokake Suta ing penjara.

Ing jero penjara, Suta nandang lara nemen. Tanpa ana sing
meruhi, sang Putri jaluk pitulungan pengasuhe supaya Suta bisa
metu saka penjara. Banjur kuwi, sang Putri nggawa Suta lunga adoh
saka kadipaten. Ing kana, sang Putri nyamar dadi wong biyasa. Dina
ganti dina, larane Suta sangsaya mari. Dheweke lan sang Putri
marem banget.

Sang Putri lan Suta lunga ngumbara nganti tekan ing lereng
gunung Selamet. Loro-karone mutusake rabi lan urip ing papan
kuwi. Dhaerah kuwi akhire dijenengi Baturaden, amarga kajupuk
saka Batur lan Raden.

Kapethik saka: www.ebookanak.com alih basa mawa basa Jawa

18

LATIAN 2

SING KATELU

Pambentukan Teks

Bareng-bareng

Aktipitas Kelompok x 100

Gladhen 1 !

Sawise maca crita rakyat sing irah-irahane "Batur lan Raden",
Adhik-adhik saiki gawea kelompok sing anggotane 3-4 bocah.
Banjur golekana unsur intrinsik sing ana ing crita dhuwur mau
sarta kelompokna crita kuwi adhedhasar jinise crita rakyat!

Aktipitas Bareng Bapak Ibu x 100

Gladhen 2!

Bapak utawi Ibu saged maosaken cariyos rakyat ingkang
wonten ing dhaerahipun piyambak-piyambak, lajeng Adhik-
adhik saged nyerat unsur intrinsike ing lebetipun buku
cathetan.

19

PASINAON 3

Isi Crita Rakyat

Adhik-adhik, ing saben teks crita rakyat duweni isi utawa nilai
moral sing diandharake. Nilai moral yaiku nilai kauripan sing bisa
dijupuk saka jeroning crita. Tuladhane kaya crita rakyat sing ana ing
Pasinaon 2, sing irah-irahane "Legenda Watu Layar", ing crita kasebut
nduweni isi/nilai moral supaya awakedhewe ora wani marang wong
tuwa, amarga yen awakedhewe wani, mesthi ing buri bakal kena cilaka.

F. Urutan Crita Rakyat

Saliyane isi utawa nilai moral, bab sing kudu digatekake yaiku
urutane crita. Nggawe urutan crita bakal ngepenakake Adhik-adhik
mahami isi lan nilai moral crita rakyat. Urutan crita biyasa diarani
alur. Alur yaiku rangkean kadadeyan sing dialami dening para
paraga ing sawijing crita. Ing Pasinaon 2, Adhik-adhik uwis sinau
babagan alur ananging mung sekilas wae, amarga kuwi Adhik-adhik
ing Pasinaon 3 bakal sinau bab urutan alur crita rakyat. Urutan alur
ana apa wae ya? Ayo disemak bareng-bareng!
1) Pitepungan/Orientasi
Orientasi yaiku bagean sing nuduhake awal kadadeyan ing crita
utawa asal mulane kepriye prastawa kuwi kadadeyan.
2) Dredah/Komplikasi
Komplikasi yaiku prastawa ing jeroning crita sing nuduhake konflik.
3) Cara Ngrampungake Dredah/Resolusi
Resolusi yaiku bagean sing nuduhake solusi saka konflik sing
dialami paraga.
4) Koda
Koda yaiku bagean akhir crita sing nuduhake amanat utawa nilai
moral sing bisa dijupuk saka crita.

20

Ing Ede.saTsuinlgajdBenhueanTgeCanPriainltauarnunRWsainakgtyupaanGtgegodnheeing Tanah Gayo, urip

siji kluwarga sing penggaweyane among tani. Kluwarga kuwi kalebu
kluwarga sing mlarat banget. Pak Tani lan Bu Tani duwe anak cacahe loro.
Saben dina Pak Tani buron ing jero alas lan golek walang ing sawah.
Banjur walang-walang kuwi disimpen ing lumbung kanggo diolahi dening Bu
Tani.

Ing sawijing dina, Pak Tani durung mulih-mulih saka alas. Anak-anake
wis ngrasa keluwen banget. Ing jero pawon wis ora ana panganan maneh,
jalaran saka kuwi Bu Tani ngongkon anak-anake supaya jupuk walang ing
jerone lumbung sacedhake omahe.

Tibane, nalika ing jero lumbung, anake lali ora nutup lawange, sing
ndadekake walang-walang sing ing jero kono mabur metu kabeh. Anak-
anake sing ngerti kadadeyan kuwi banjur mulih lan nangis seru banget.
Dheweke sakloron banjur ngewenehi lapuran marang ibune, lan ibune
mesthi wae kaget amarga yen Pak Tani ngerti babagan kuwi bakal nesu
banget.

Pak Tani ora let suwe uwis tekan omah lan katepakan dheweke ya ora
gawa asil buron. Bu Tani banjur crita kadadeyan kasebut lan omong yen
kuwi mau salahe dheweke kabeh. Pak Tani sing weruh kang mangkono kuwi
langsung nesu banget lan ngusir Bu Tani.

Bu Tani banjur minggat saka omahe sinambi nangis. Sateruse dheweke
tumuju menyang dhaerah sing diarani Atu Belah. Ing kana dheweke duwe
niyat yen kapengin dipangan karo watu gedhe amarga bojo sing ditresnani
wis ngusir dheweke. Saktekane ing ngarep watu gedhe, Bu Tani banjur
nembang lan ngarepake supaya cepet-cepet dipangan. Ora let suwe, watu
gedhe kuwi menga banjur Bu Tani mlebu ing jerone. Alon-alon awake Bu
Tani wis ora katon saka jaba.

"Ibuk...ibuk aja ninggalake aku Buk!" Jeritane anak-anake Bu Tani
ananging samubarang wis kabanjur, Bu Tani wis dicaplok dening watu
gedhe sing mung nyisahake rambute sing cacahe pitu. Rambut kuwi banjur
disimpen lan didadekake jimat dening anak-anake.

Kapethik saka www.ebookanak.com alih basa mawa basa Jawa

21

Kamus Kecik

Among tani: bertani
Walang: belalang
Mabur: terbang
Tumuju: menuju
Nembang: bernyanyi
Kejaba: Kecuali
Menga: terbuka
Nyisahake: menyisakan

Yen isih ana tembung-tembung
sing durung dimangerteni artine,

Adhik-adhik bisa golek artine
ing kamus Bausastra Jawa

sing kaya ing barcode iki!

22

Urutan Crita Rakyat

Bu Tani lan Watu Gedhe

Orientasi Komplikasi

Ing desa Panurun, Tanah Gayo, urip Tibane, nalika ing jero lumbung, anake
kulawarga mlarat kang panggaweyane lali ora nutup lawange, sing ndadekake
tani. Pak Tani lan Bu Tani nduweni anak walang-walang sing ing jero kono
loro. Saben dina Pak Tani golek buron mabur metu kabeh. Pak Tani ora let
walang ing jero alas lan sawah kanggo suwe mulih tekan omah lan katepakan
diolah dening Bu Tani. Walang asil dheweke ya ora gawa asil buron. Bu
buron banjur disimpen ana ing lumbung Tani banjur crita kadadeyan kasebut
kang rapet. Nganti sawijining dina anake lan omong yen kuwi mau salahe
Bu Tani ngrasa kaluwen merga durung dheweke kabeh. Pak Tani sing weruh
maem. Ngerti pak Tani sing durung bali kang mangkono kuwi langsung nesu
saka Alas banjur ngakon anake njupuk banget lan ngusir Bu Tani.
walang ana lumbung.

Resolusi Koda

Bu Tani banjur minggat saka omahe "Ibuk...ibuk aja ninggalake aku Buk!"
Jeritane anak-anake Bu Tani ananging
sinambi nangis. Sateruse dheweke samubarang wis kabanjur, Bu Tani wis
dicaplok dening watu gedhe sing mung
tumuju menyang dhaerah sing diarani nyisahake rambute sing cacahe pitu.
Rambut kuwi banjur disimpen lan
Atu Belah. Ing kana dheweke duwe niyat didadekake jimat dening anak-anake.

yen kapengin dipangan karo watu gedhe

amarga bojo sing ditresnani wis ngusir

dheweke. Saktekane ing ngarep watu

gedhe, Bu Tani banjur nembang lan

ngarepake supaya cepet-cepet

dipangan. Ora let suwe, watu gedhe

kuwi menga banjur Bu Tani mlebu ing

jerone. Alon-alon awake Bu Tani wis ora

katon saka jaba.

23

LATIAN 3

Asal Mulane Hanacaraka

Kacarita ana kerajaan Medang Kamulan sing dipandhegani dening
Dewata Cengkar kang duweni sipat bengis lan senengane mangan
daginge manungsa. Ora ana sing wani nantang kapinginane yen wani
nentang bakal mati lan dadi panganane. Pawarta sing kaya mangkono
kuwi nganti tekan kupinge Aji Saka.

Aji Saka duwe niyat mbiyantu rakyat ing dhaerah kana supaya wani
mbelot lan nglawan. Banjur, Aji Saka budhal menyang Kerajaan Medang
Kamulan dikancani Dora lan Sembada. Sadurunge tekan menyang
Medang Kamulan, dheweke leren ing Pagunungan Kendeng. Ing kono,
dheweke menehi piweling marang Sembada supaya tansah njaga kerise
lan ora menehake menyang wong liya. Aji Saka lan Dora banjur nerusake
lakune ninggalake Sembada ing papan kono.

Aji Saka lan Dora wis tumeka ing Kerajaan Medang Kamulan. Loro-
karone langsung nyerang jerone kerajaan. Sanalika, Raja Dewata
Cengkar kalah lan mati. Sawise kadadeyan kuwi, Aji Saka dinobatake dadi
Raja ing Medang Kamulan. Ing sawijining dina, dheweke kelingan kerise.
Dheweke banjur ngutus Dora supaya njupuk kerise sing dijaga Sembada.

Saktekane Dora menyang Pagunungan Kendeng, Sembada ora
gelem ngewenehake kerise Aji Saka amarga kelingan piwelinge. Akhire,
Dora lan Sembada ngenekake perang amarga padha-padha lagi
nglaksanakake amanate Aji Saka. Ndilalah, ora ana sing urip nalika
peperangan kuwi. Dora lan Sembada mati bareng ing paperangan.

Aji Saka sing ngerti kadadeyan kuwi, banjur nyalahake
awakedhewe.. Dheweke kelingan amarga uwis menehi piweling dening
Sembada supaya ora menehi kerise menyang wong liya. Awit saka
prasetyane loro abdine, dheweke nulisake kisahe nganggo carakan. Mula
nganti jaman saiki diarani Hanacaraka.

24

LATIAN 3

SING KEPAPAT

Pambuatan Teks

Mandhiri

Aktipitas Mandiri

Gladhen 1 ! x 25

Sawise Adhik-adhik maca crita rakyat sing irah-irahane ''Asal

Mulane Hanacaraka'', ayo saiki Adhik-adhik garap latian ing

ngisor iki ing buku cathetan!

1) Kepriye unsur intrinsik crita ing dhuwur mau?

2) Nilai moral saka crita rakyat ing dhuwur mau apa ya?

3) Kepriye urut-urutane alur bagean pitepungan lan dredah?

4) Kepriye urut-urutane alur bagean resolusi lan koda?

25

PASINAON 4

Nulis Sinopsis Crita Rakyat

Adhik-adhik, ngandharake isi lan urutan crita marang wong liya bisa
dilakaoni mawa tulisan utawa lesan. Ing saben teks crita rakyat bisa
didadekake sinopsis. Sinopsis yaiku ringkesan crita rakyat utawa
nyekakake crita rakyat ananging tetep ngawigatekake unsur-unsure.
Ancasing sinopsis yaiku menehi gambaran utawa ringkesan sawijining
crita.

G. Nulis Sinopsis Crita Rakyat

1) Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni crita.
2) Nyathet gagasan umum mawa nggarisi bagean gagasan sing wigati.
3) Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama sing wis
digarisi.
4) Ngangge ukara sing padhet, efektif, lan narik nalika ngrangke alur
crita dadi sawijining karangan cekak kang nggambarake karangan asli.
5) Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
6) Sinopsis ora oleh nyimpang saka alur crita lan isi crita sing asli.

H. Sing Kudu Digatekake Nalika Nulis

Adhik-adhik, nalika nulis sinopsis awakedhewe ya ajeg prelu nggatekake
panganggone huruf kapital lan tandha waca. Banjur kaya piye ta
panganggone? Nah, ing kaca walike bakal karembug babagan kuwi. Ayo
disemak bebarengan!

26

Huruf Kapital

Panganggone huruf kapital yaiku nalika:

1. Huruf kapital dianggo ing wiwitane ukara.
Tuladha: Sartono tuku sepatu anyar.
2. Huruf kapital dianggo ing huruf sawise petikan langsung.
Tuladha: "Kowe aja lunga adoh-adoh!"
3. Huruf kapital dianggo nalika nulis bab sing gegayutan
karo Gusti Allah, agama, lan kitab suci.
Tuladha: Gusti Ingkang Mahaagung, agama Islam, Alquran.
4. Huruf kapital dianggo nalika nulis huruf kapisanan sing
ngemot tanda pakurmatan sing gandheng karo jenenge.
Tuladha: Raden Ajeng Kartini, Prabu Kresna.
5. Huruf kapital dianggo ing jeneng.
Tuladha: Indah Permata Sari.
6. Huruf kapital dianggo ing unsur jeneng bangsa, suku, lan
basa.
Tuladha: bangsa Indonesia, suku Jawa, basa Inggris.
7. Huruf Kapital dianggo ing unsur geografi utawa
panggonan.
Tuladha: Kutha Semarang, Gisik Parangtritis, Gunung
Bromo

27

Tandha Titik

Panganggone tandha titik yaiku nalika:

1) Tandha titik digunakake ing pungkasan ukara sing dudu
pitakonan.
Tuladha: Lawange dicet biru.
2) Tandha titik dianggo ing pungkasane singkatan jeneng
wong, singkatan pangkat, jabatan.
Muh. Yamin, A. Yani, Dr. , Prof.

Tandha Koma

Panganggone tandha koma yaiku nalika:

1) Tandha koma digunakake ing antarane unsur-unsur
perincian.
Tuladha: Aku tuku tas, dompet, lan klambi
2) Tandha koma kanggo misahake ukara sing diwiwiti tembung
nanging, ananging, ning.
Tuladha: Dudu bandha dudu rupa, nanging tulusing ati kang
digoleki.
3. Tandha koma kanggo misahake anak kalimat saka induk
kalimat.
Tuladha: Saumpama aku ngerti, kowe mesthi dakkandhani.
4. Tandha koma dianggo diburine penghubung antar kalimat
sing ana ing wiwitane ukara.
Tuladha: Malioboro saiki rame banget. Mula, kowe kudu ngati-
ati.

28

Tandha Seru

Panganggone tandha seru yaiku nalika:

1) Tandha seru dianggo sawise ukara utawa omongan sing
ngandhut seruan, prentah, katemenan, ora pracaya, lan
rasa nesu sing gedhe.
Tuladha: Adhuh, abote! Mosok dheweke tega ninggal
kucinge!

Tandha Tanya

Panganggone tandha tanya yaiku nalika:

1) Tandha pitakonan digunakake ing pungkasane ukara
pitakon.
Tuladha: Apa dheweke isih turu?

29

LATIAN 4

Legendha Banyu Wangi



Kacarita ana salah siji putra mahkota kraton sing jenenge Raden
Banterang. Dheweke senengane buron ing jero alas. Nalika buron
menyang alas, dheweke ora sengaja ketemu karo bocah wadon ayu
jenenge Putri Surati sing asale saka Kraton Klungkung. Putri wadon
kuwi mau lagi ndhelik amarga lagi diuber karo mungsuhe. Bapake
Putri Surati uwis mati amarga dipateni karo mungsuhe. Nalika
ketemu, Raden Banterang ngrasa mesakake banjur ngajak Putri
Surati menyang kratone lan dijak rabi.

Ing sawijining dina, Putri Surati ditekani kakange sing jenenge
Rupaksa. Rupaksa menehi pawarta yen satemene sing wis mateni
bapake yaiku bojone dhewe. Rupaksa ngongkon Putri Surati supaya
bisa males mateni Raden Banterang. Ananging, Putri Surati ora
gelem amarga wis tau utang budi lan uwis dislametake nalika ing
alas. Amarga adhine ora gelem, Rupaksa banjur golek cara lan ethok-
ethok menehi adhine tali blangkon sing ana ing sirahe supaya
disimpen adhine ing ngisor bantal, alesane supaya bisa tansah eling
marang kakange. Sakwise kuwi, Rupaksa banjur mulih.

Ing sisi liya, nalika Raden Banterang lagi buron ing alas, mara-
mara diendheg karo Rupaksa sing lagi mindha kaya wong mlarat.
Rupaksa menehi pawarta yen saktemene garwane duwe niyat ala
kepingin mateni Raden Banterang. Dheweke mitnah lan menehi bukti
yen saumpama ing ngisor bantale Putri Surati ana tali blangkon, kuwi
dadi pratandha sing diomongake kuwi temenan.

Terusane ing kaca walike.

30

LATIAN 4



Raden Banterang sing krungu pawarta kuwi banjur mulih
menyang kraton karo rada nesu. Raden Banterang banjur ndelok ing
ngisor bantal, jebule ana temenan. Raden Banterang sangsaya
mundhak nesune marang Putri Surati. Sawise kuwi, Putri Surati
digawa ing kali. Putri Surati njelasake yen satemene dheweke ora
duwe niyat kaya apa sing diandharake bojone, dheweke uga crita yen
dheweke ditemoni Rupaksa lan nuduhake yen kuwi tali blangkone
kakange. Ananging, Raden Banterang ajeg ora owah nesune,
dheweke ora pracaya apa sing diandharake bojone.
“Yawis Kang Mas...yen Kangmas ajeg wae ora pracaya marang aku,
aku bakal njebur kali iki, yen banyune dadi wangi iku pratandha aku
ora ngapusi, ning yen ambune dadi ora enak iku pratandha aku wis
ora jujur marang Kang Mas!” omongane Putri Surati sing pungkasan
sakdurunge nyemplung ing jero kali.
Ora suwe, nalika Putri Surati njebur ing kali, ana keajaiban yaiku
banyu kali malih ambune, malih dadi wangi. Raden sing weruh
kadadeyan kuwi ngrasa getun lan ngrasa salah. Kawiwitan saka
kadadeyan kuwi papan kono malih diarani Banyu Wangi.
Kapethik saka www.ebookanak.com alih basa mawa basa Jawa

3
1

LATIAN 4

Aktipitas Mandiri

Gladhen 1 ! x 100

Sawise sinau bab nulis sinopsis, ayo Adhik-adhik njajal nulis

sinopsis crita sing irah-irahane "Legendha Banyu Wangi" ing

dhuwur mau, aja lali karo nggatekake tandha baca lan huruf

kapitale ya!

32

RANGKUMAN

Dudutan Crita Rakyat

Cerita rakyat yaiku cerita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah
lan dianggep minangka asli karya bebarengan masarakat ing salah siji
dhaerah. Crita rakyat dicritakake mawa lesan lan duweni ciri-ciri kayata
anonim, sipate kolektif, tutur-tinular, lan turun temurun. Adhedhasar
jinise, crita rakyat kaperang dadi telu yaiku mite, legenda, lan dongeng.
Kayata crita narasi liyane, crita rakyat uga ngemot unsur instrinsik kaya
dene tema, paraga, watak, latar, sudut pandang, basa, alur lan amanat.
Sarta unsur ekstrinsik crita rakyat yaiku ana nilai agama, nilai ekonomi,
nilai sosial, nilai pendidikan, lan nilai budaya. Urutan utawa alur crita
rakyat yaiku ana pitepungan utawa orientasi, komplikasi utawa dredah,
resolusi utawa cara ngrampungake dredah, lan koda. Cara gawe sinopsis
yaiku bisa dilakoni mawa maca naskah asli, nyathet gagasan, nulis
ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama, ngangge ukara sing
padhet efektif lan narik kanggo ngrangke alur crita, dialog lan monolog
paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae, sinopsis ora oleh
nyimpang saka alur crita lan isi crita sing asli. Nalika nulis sinopsis ajeg
prelu nggatekake panulisan huruf kapital lan tandha waca.

33

TES FORMATIF

PILIHEN JAWABAN ABCD SING BENER! x 10

1. Sing diarani crita rakyat yaiku...
a. crita sing paragane kewan sing bisa ngomong
b. crita sing ngrembaka ing sawijing dhaerah
c. crita sing ora nduweni pitutur kanggo manungsa
d. crita sing paragane duwene sipat kang ala kabeh
2. Sing ora kalebu ciri-cirine crita rakyat yaiku...
a. sipate anonim
b. sipate kolektif
c. tulis-tur tinulis
d. turun-temurun
3. Legenda yaiku salah siji jinis crita rakyat, sing diarani legendha
yaiku...
a. crita sing ana sesambungane karo roh lan alam gaib.
b. crita mula bukane dumadining panggonan utawa barang.
c. crita sing bisa disebut ngayawara lan ora bisa dipercaya.
d. crita sing ana sesambungane karo kewan sing bisa ngomong.
4. Paraga sing ora kalebu ing crita rakyat yaiku...
a. paraga protagonis
b. paraga antagonis
c. paraga tritagonis
d. paraga pancagonis

34

TES FORMATIF

1) Esuk-esuk Mbok Randha lunga menyang alas golek bahan

panganan. 2) Nalika lagi milang-milang Mbok Randha weruh cahya

cumlorot saka saktengahing kali kang asat. 3) Ing bathine tuwuh

pitakon “Cumlorot apa kuwi kok kaya emas?” 4) Banjur nyedhaki

sumbere.

(Kapethik saka https://duniapendidikan.co.id/cerita-rakyat-jawa-tengah/)

5. Angka sing nuduhake latar panggonan crita ing dhuwur yaiku...

a. 1) b. 2) c. 3) d. 4)

Gatekna pethalan crita rakyat ing ngisor iki kanggo soal 4-5!

Dewi Chandrakirana njlentrehake yen ing sawijining dina

dheweke dicidra Raja Jin Sekti sing kapengin ngepek bojo. Ananging

dheweke ora gelem nuruti kekarepane Jin, Jin kuwi banjur nesu lan

muntab. Dewi Candrakirana disumpah supaya dadi Keong Mas

banjur diguwak menyang kali sing adoh saka kraton Jenggala.

Tujuwane supaya Dewi Candrakirana ora bisa ketemu karo bojone,

Raja Inukerta.

6. Saka crita ing dhuwur, Jin nduweni watak sing kepriye?

a. seneng paweweh

b. brangasan nesuan

c. seneng mbiyantu

d. prasetya temen

35

TES FORMATIF

7. Banjur watak Dewi Chandrakirana yaiku...

a. seneng paweweh

b. brangasan nesuan

c. seneng mbiyantu

d. prasetya temen

Gatekna pethalan crita rakyat ing ngisor iki!

Ing jaman biyen, ana salah siji kerajaan ing Jawa Barat sing diarani

Kutatageuhan. Kutatageuhan yaiku kerajaan sing makmur lan ayem-

tentrem. Rakyate urip rukun lan seneng amarga dipimpin dening raja sing

sipate bijaksana. (Kapethik saka Brainly)

8. Crita kuwi kalebu urut-urutane alur sing bagean endi?

a. Orientasi b. Komplikasi c. Resolusi d. Koda

9. Crita rakyat sing irah-irahane "Dumadine Watu Layar" kalebu jinis crita

apa?

a. Legendha b. Mite c. Fabel d. Dongeng

10. Sing kudu digatekaake nalika nulis sinopsis crita rakyat, kejaba...

a. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umume.

b. Nyathet gagasan umum mawa nggarisi gagasan sing wigati.

c. Ngangge bahasa sing dawa-dawa supaya apik nalika diwaca.

d. Tulisan ora oleh nyimpang saka alur lan isi crita sing asli.

36

Pedoman Penskoran

Tes Formatif

Setiap jawaban benar
diberi skor 10, dan bila

salah diberi skor 0

Uraian Latian 3 & 4 Uraian
Latian 1 & 2
Setiap kata kunci
yang dijawab benar Setiap kata kunci
tiap nomor diberi skor yang dijawab benar

20 dan bila salah tiap nomor diberi
diberi skor 2 skor 25 dan bila
salah diberi skor 2

37

REFLEKSI

Sawise sinau bahan ajar, ayo saiki Adhik-adhik ungkeri jawaban iki!

1) Apa Adhik-adhik wis paham pangertene crita rakyat?

2) Apa Adhik-adhik uwis paham ciri-ciri lan jinise crita rakyat?

3) Apa Adhik-adhik uwis bisa goleki unsur intrinsik ing jeroning
crita rakyat?
4) Apa Adhik-adhik bisa nemtokake isi/nilai moral ing jeroning crita
rakyat?
5) Apa Adhik-adhik wis bisa ngurutake crita rakyat adhedhasar alur
kayata orientasi, komplikasi, resolusi, koda?
6) Apa Adhik-adhik wis bisa nulis sinopsis crita rakyat sing tau
Adhik-adhik waca?

38

DAFTAR PUSTAKA

Asiati, Seni, dan Fatwa Alamia. 2020. Modul Pembelajaran
SMP Terbuka - Modul 8. Teks Cerita Fabel. Jakarta:
Direktorat Sekolah Menengah Pertama Kemendikbud.

Balai Bahasa Yogyakarta. 2011. Pedoman Umum Ejaan Bahasa
Jawa Huruf Latin yang Disempurnakan. Revisi. Yogyakarta:
Balai Bahasa Yogyakarta Kementerian Pendidikan Nasional.

Bausastra Jawa. Retrieved November 21, 2021
(https://budiarto.id/bausastra/).

Hasbulloh, Handi. n.d. “MATERI BAB 2 Cerita Rakyat - Membalik
Buku Halaman 1-8 | PubHTML5.” Diakses November 16,
2021 (https://pubhtml5.com/pulg/garc/basic).

Hidayah, Nikmatul. n.d. “Materi Ajar Bahasa Jawa.” (1).

Ihsan, Nurul. n.d. “Ebookanak Baca Dan Download Gratis Bacaan
Anak Bergambar.” Diakses November 21, 2021
(https://www.ebookanak.com/).

Saragih, Amrin. 2016. “Pembelajaran Bahasa Berbasis Teks Dalam
Kurikulum 2013.” Medan Makna 14(2):197–214.

Www.canva.com. Diakses November 9, 2021

39


Click to View FlipBook Version