BAHAN AJAR
TEKS DIALOG
KANGGE KELAS VIII SEMESTER GENAP
Dening:
Budi Ernawati, S.Pd.
MAHASISWA PPG DALJAB KATEGORI 2
2022
BAHAN AJAR
TEKS DIALOG
A. Identitas : VIII/Genap
Kelas : Bahasa Jawa
Mata Pelajaran : Teks Dialog
Materi
B. Capaian Pembelajaran:
3.1 Memahami isi teks dialog.
4.1 Menulis dan menyajikan teks dialog yang melibatkan tokoh orang tua.
C. Indikator
3.1 Menganalisis isi teks deskriptif tentang peristiwa budaya (C5)
4.1 Menanggapi isi teks deskriptif tentang peristiwa budaya dengan ragam
krama (P5)
D. Tujuan Pembelajaran
1. Menelaah kata-kata sulit dalam teks dialog unggah-ungguh basa
dengan benar.
2. Menelaah teks dialog unggah-ungguh basa (ngoko dan krama) dengan
benar dan tepat.
3. Membuat teks dialog unggah-ungguh basa yang melibatkan orang tua.
4. Menyajikan teks dialog unggah-ungguh basa yang melibakan orang tua.
E. Dimensi Pengetahuan
a. Faktual : Gambar atau video contoh penggunaan unggah-ungguh
basa.
b. Konseptual : Pengertian dialog, undha-usuk basa
c. Prosedural : Wujude unggah-ungguh basa
d. Metakognitif : Menyimpulkan penggunaan unggah-ungguh basa dan
merelevansikan di kehidupan sehari-hari
FASE 1 : IDENTIFIKASI MASALAH
Materi Faktual
Pacelathon yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni ancas
tartamtu. Pacelathon iku uga kalebu kasusastran Jawa. Pacelathon iku asale saka
tembung lingga, yaiku celathu. Celathu duwe teges omongan utawa guneman.
➢ Budi Pakartine Pacelathon
Nalika celathu, supaya mranani saben wong kudu nggatekake budi pakerti. Budi
pakartine wong kang nindakake pacelathon iku kudu nganggo waton (tata cara),
yaiku:
1) Guneman ora waton guneman
2) Ngadege, lungguhe lan obahe badan
3) Banter lirihe swara
4) Polatane
5) Intonasine
➢ Nyemak Pacelathon
Dene wong kang nyemak/ngrungokake pacelathon kudu nggatekake paugeran-
paugeran yaiku:
a) Topik utawa bab kang diomongake ana ing pacelathon iku.
b) Wong kang nindakake pacelathon
c) Papan anggone nindakake pacelathon
Siswa bisa melihat video dialog antara orang tua dengan anak sesuai dengan
unggah-ungguh basa. https://www.youtube.com/watch?v=Zf4zJGHUnly
FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK
Materi Konseptual
Andayani (2008:84) menyatakan bahwa unggah-ungguh basa merupakan aturan
yang ada dalam lingkungan masyarakat Jawa dalam bertutur kata dan bertingkah
laku dengan orang lain guna menghormati atau menghargai lawan yang diajak
bicara.
Pacelathon yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni ancas
tartamtu. Pacelathon iku uga kalebu kasusastran Jawa. Pacelathon iku asale saka
tembung lingga, yaiku celathu. Celathu duwe teges omongan utawa guneman.
https://youtu.be/TuhbR6kHUlg
FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN
Materi Prosedural
Setelah siswa menyimak materi di atas, kaitannya dengan tujuan pembelajaran
siswa memahami contoh unggah-ungguh basa yang kemudian dicari relevansinya di
kehidupan saat ini.
• Basa ngoko lugu
Basa ngoko lugu, yaiku basa kang digunakake tanpa oleh kecampuran tembung
krama. Tembung-tembung kang ndhapuk ukara kabeh tembung ngoko.
Basa ngoko lugu digunakake kanggo guneman karo wong sing wis padha rakete,
kayata:
a) Kanca padha kanca
b) Wong tua marang anak
c) Guru marang muride
d) Bapak/ibu (tuan) marang rewang (abdine)
Rumuse ragam basa ngoko lugu: ngoko+ afiks (imbuhan+akhiran) ngoko
Tuladhane:
a) Dita tuku gula.
b) Aku kepengin mangan bakso.
• Basa Ngoko alus
Basa ngoko alus, yaiku ragam basa Jawa kang tembung-tembunge dumadi saka
tembung ngoko lan kecampuran krama inggil kanggo ngajeni sing diajak
guneman. Basa ngoko alus iki biasane dienggo marang wong sing raket, nanging
esih ngajeni, yaiku:
a) Adhik marang kakange.
b) Kanca sing suwe ora tau ketemu/urung akrab.
c) Guru marang kepala sekolah sing sepantaran.
Rumuse ragam basa ngoko lugu: tembung ngoko + krama inggil + krama
andhap + afiks (awalan + imbuhan) ngoko.
Konsep gawe basa ragam ngoko alus, yaiku:
a) Tembung ngoko sing arep dienggo ngurmati wong liya diganti dadi krama
inggil, yen ora ana tetep nganggo tembung ngoko.
b) Tembung ngoko sing kanggo awak dhewe senadjan ana tembung krama
inggile ora kena diganti karo krama inggil tetep nganggo tembung ngoko.
c) Ukarane kadhapuk saka tembung ngoko + krama inggil + krama andhap +
afiks (awalan + imbuhan) ngoko.
d) Afiks (awalan, akhiran) tetep ngoko, kejaba ater-ater kok lan panambang
–mu, diganti dadi panjenengan.
e) Padatane basa ngoko alus iku digunakake kanggo gunem karo wong sing
wis akrab nanging esih tetep kepengin ngurmati.
• Basa krama
Basa krama, yaiku ragam basa Jawa kang kabeh tembunge sing dienggo iku
nganggo tembung krama.
Rumuse: tembung krama + afiks (awalan, akhiran) krama
Krama lugu digunakake kanggo:
a) Wong sing nembe kenal
b) Dhokter menyang pasien
c) Pedagang menyang pembeli
Tuladha:
a) Samenika kula taksih wonten ing kantor.
b) Sampeyan badhe tindak pundi?
• Basa krama alus
Basa krama alus yaiku kabeh tetembungane krama. Krama alus digunakake
kanggo wong nom menawa matur marang wong tuwa, anak buah marang
pimpinan, lan wong sing during kenal.
FASE 4 : MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA
Materi Metakognitif
Panganggenipun unggah-ungguh basa sajroning urip ing padintenan kedah
dipuntindakaken dening masyarakat sajroning guneman kaliyan tiyang sanes.
“Ajining dhiri saka lathi” yaiku tiyang saged dipunajeni saking pangandikanipun.
Jinisipun budi pekerti :
• Budi pekerti dhumateng Gusti Allah
Menawi tiyang saged tinutur kanthi sae dhumateng sesame, ateges tiyang
kasebat ugu saged tinutur kaliyan Gusti Allah kanthi dedonga ingkang sae.
• Budi pekerti dhumateng tiyang sanes
Seseorang akan bisa menghargai jika dirinya bisa menghargai orang lain,
dengan bertutur kata yang baik.
• Budi pekerti dhumateng diri pribadi
Tumindak dhumateng diri sendiri kanthi sae menika saged ndadosaken
ajinipun diri pribadi.
FASE 5 : MENGANALISIS DAN EVALUASI
DUDUTAN:
1. Pacelathon/dialog yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni
ancas tartamtu. Pacelathon iku uga kalebu kasusastran Jawa. Pacelathon
iku asale saka tembung lingga, yaiku celathu. Celathu duwe teges omongan
utawa guneman.
2. Tataran undha usuk basa/unggah-ungguh basa yaitu ngoko lugu, ngoko alus,
krama lugu, krama alus.
3. Unggah-ungguh basa kaliyan tiyang sepuh, tiyang ingkang langkung nem,
tiyang ingkang saumuran menika wonten tataripun adhedhasar undha usuk
basa menika.
RELEVANSI:
1. Unggah-ungguh kang trep saged dipuntindakaken dening sinten kemawon
adhedhasar undha usuk basa ingkang sampun dipuntetepaken.
2. Pakulinan ingkang sae saged ndadosaken basa Jawa menika ngrembaka.
3. Siswa kaliyan masyarakat sanes saged guyub rukun anggenipun pitepungan
ngginakaken unggah-ungguh basa ingkang trep.
KAPUSTAKAN
• Buku Mandiri Basa Jawa 2 kelas VIII SMP/MTs
• Kamus Bausastra online link: https://www.sastra.org/leksikon (TPACK)
• Maheswara, Majendra.Kamus Jawa Indonesia-Indonesia Jawa. Jakarta:
Pustaka Mahardika.
• Video dialog unggah-ungguh basa “Kuncung Bawuk” link:
https://www.youtube.com/watch?v=Zf4zJGHUnly (TPACK)
• Materi unggah-ungguh basa link: https://youtu.be/mvm1XAHq0gw
(TPACK)
• Materi unggah-ungguh basa link: https://youtu.be/TuhbR6kHUlg
(TPACK)