Erviyandani
Wasis
Basa Jawa
SMP / MTS K angge Kelas
Semester 2
Kompetensi Dasar
3.1 Menganalisis struktur intrinsik teks
cerita legenda
4.1 Menulis teks cerita legenda didaerah
sekitar
Indikator
3.1 Menganalisis Struktur intrinsik teks cerita
legenda
4.1. Menulis teks cerita legenda didaerah
sekitar
Tujuan pembelajaran
Setelah mengikuti serangkaian kegiatan
pembelajaran peserta didik dapat:
1. Menganalisis struktur teks cerita
legenda dengan benar.
2. Menulis teks cerita legenda didaerah
sekitar dengan benar.
Petunjuk belajar
1. Dedonga sadurunge miwiti pasinaon.
2. Siswa mbuka lan nyianoni materi
perkawis carita legenda.
3. Siswa mahami apa kang diarani carita
legenda, titikane, lan struktur intrinsik
carita legenda, banjur mangsuli pitakonan
kang ana ing buku latihan.
4. Yen ana materi kang durung dipahami
bisa ditakokake marang guru.
Apa kuwi Legenda?
Carita legenda yaitu cerita kang ana gegayutane karo
kedadeyan utawa dumadine sawijining papan. Carita
legenda kelebu cerita rakyat lisan kang kaandharake kanthi
cara getok tular lan ora dimangerteni pangriptane . crita
rakyat yaiku crita kang sumbere saka rakyat / masyarakat
Crita legenda iku kelebu karangan narasi, lajeng ingkang
kasebat narasi yaiku karangan kang ngandharake lelakon
utawa kedadeyan menurut urutan wektu , paraga , latar lan
alur.
Banjur, apa wae titikane ?
Legenda duweni titikan (ciri) Kayata:
1. anonim , ora diweruhi sapa sejatine kang nganggit
2. kolektif , dianggap duweke rakyat bareng-bareng
3. statis , ora ana owah-owahan sing Wigati saka jaman biyen
menyang jaman saiki
4. imajiner , nggambarake kedadean-kedadean kang mokal
anane
5. ngemu tuladha , Nyritakake bab ala lan bener kaggo tuladha.
Aja lali sinau !!!
Tuladha Legenda
LEGENDA GUNUNG BROMO (SUKU TENGGER)
Rikala ing jaman semanten ing ereng-erenging Gunung Bromo,
wonteng kaluwarga ingkang dangu mboten gadhahhi putra.
Ingkang kakung asmanipun Joko Seger, ingkang estri Rara
Anteng. Kapurih enggal nggadhahhi putra, lajeng kekalihipun
nyuwun utawi ndonga dhateng Gusti kanthi ngucap mbok bilih
mangke kelampahan dipun paringi putra, kekalihipun rila
ngorbanaken putranipun maring Gusti. Sak lampahipun wekdal,
dinten gantos dinten, wulang gantos wulan, tahun gantos tahun,
kekalihipun saget nggadhahhi putra kathah ngantos kesupen
mring janjinipun dhateng Gusti. Bebendu utawi pageblug saking
Gusti dhateng mboten kintenan. Lajeng wonteng ing dalu nalika
Joko Seger sare, dipun emuttaken kanthi ngimpi tumrap
janjinipun mring Gusti.
Lajeng Joko Seger matur dhateng putra-putrinipun tumrap
babagan punika, lajeng wonten salah satunggaling putra
ingkang purun menawi dipun korbannaken. Dumugi wonten ing
dinten ingkang sampun katamtokkaken, upacara korban wonten
Kawah Gunung Bromo lajeng dipun tindakkaken. Sak
sampunipun upacara punika, lajeng kaluwarganipun saget uwal
saking bebendu lan pageblug, saget nglampahhi bebrayan
kanthi bahagia sesarengan sedaya putra-putrinipun ngantos
wekdal punika ingkang lajeng dipun kenal minangka Suku
Tengger. Cekakkan saking asmanipun Roro Anteng lan Joko
Seger.
Unsur Intrinsik Legenda
Unsur intrinsik saking carita legenda inggih punika :
→1. Tema gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.
→2. Paraga purusa ingkang nglakokake cariyos.
→3. Penokohan gambaran watak paraga.
→4. Alur/ plot rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi
→logis. panggenan,wekdal,utawi swasana
5. Latar/ setting
→kadadosanipun prastawa ing salebeting cariyos.
6. Amanat/ pesan pitutur utawi pesen pangripta ingkang
→badhe dipunaturaken dhumateng pamaos.
7. Sudut pandang posisi pangripta wonten ing cariyos.
Pangripta saged dados:
- Purusa kapisan paraga utama
(orang pertama pelaku utama )
- Purusa katiga (orang ketiga )
khdktDGatpenxslgee:/Ona/gnAyaacon4uiantpguY.vlbiniedk/e:o
Gladhen
Wangsulana pitakenan-pitakenan ing ngisor iki!
1. Apa wae nsur intrinsik saka carita legenda
"Gunung Bromo (Suku Tengger) ?
2. Gawenen carita legenda saka daerahmu! (Isa
awujud asal-usul dumadine desa, awujud carita
legenda turun-temurun, lan sapanunggalane)
Panilaian dHiri
Sabanjure mangerteni materi ngenani aap kang diarani
✓"Cangkriman" isinen panilaian dhiri kanthi menehi tanda
( ) nalika paham lan menehi tanda (×) nalika ora paham.
1. Sabanjure maca lan mahami apa kang diarani
cangriman lan tuladhane, aku mangerteni apa kang
✓diarani carita legenda lan apa wae titikane ( / ×)
✓2. Aku mangerteni carita legenda apa kang ana ing
daerahku. ( / ×)
refleksi
Sabanjure maca materi ing dhuwur, apa
kang durung dingerteni saka materi
cangkriman ing dhuwur? Apa wae unsur
intrinsik saka carita legenda kang kok
gawe saka daerahmu ?
Ringkesan
Carita legenda yaitu cerita kang ana
gegayutane karo kedadeyan utawa
dumadine sawijining papan. Carita
legenda titikane ana anonim, kolektif,
statis, imajiner, ngemu tuladha.
Kapustakaan
1. Modul Bahasa Jawa kelas 8
semester genap karya aris setya
arsari
2. Wahyu mahmudi.blogspot.com
Maturnuwun