Erviyandani
Pinter
Basa Jawa
SMP / MTS K angge Kelas
Semester 1
Kompetensi Dasar
3.1 Memahami Struktur teks cangkriman.
4.1 Menulis batangan teks cangkriman.
Indikator
3.1 Memahami Struktur teks cangkriman.
4.1. Menulis batangan teks cangkriman.
Tujuan pembelajaran
Setelah mengikuti serangkaian kegiatan
pembelajaran peserta didik dapat:
1. Memahami struktur teks cangriman.
2. Menulis batangan cangriman dengan
benar.
Petunjuk belajar
1. Dedonga sadurunge miwiti pasinaon.
2. Siswa mbuka lan nyianoni materi
perkawis cangkriman.
3. Siswa mahami ciri-ciri, manfaat lan jinis-
jinis cangkriman, banjur mangsuli
pitakonan kang ana ing buku latihan.
4. Yen ana materi kang durung dipahami
bisa ditakokake marang guru.
Apa kuwi Cangkriman ?
Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang utawa
dibedhek karepe,adhedasar dhapkan,surasa lan wujude.
Banjur, apa wae titikane ?
• Dasanamane bedhe'an, utawa yen basa Indonesia 'jebakan
/teka-teki'.
• Ora migunakke rima utawa swara tartamtu (bebas).
• Bedhe'an kang kudu di golek maknane, arti lan Wangsulane.
Sakwise mangerteni apa wae
titikane cangriman, saiki apa wae
manfaate :
• Kanggo dolanan.
• Nglatih otak kanggo mikir kang cepet.
• Cangkriman ana ing pentas wayang, biasane kanggo
sayembara lakon wayang.
• Asring dimanfaatke kanggo syair tembang.
Aja lali sinau !!!
Jinis-Jinis Cangriman?
1 .Cangkriman awujud tembung wancahan
Tuladha :
• Burnaskopen
batangane :bubur panas kokopen
• Pak bomba Paklwa, Pakpiut
batangane : tepakke boamba, tepak lawa, tepak sapiciut.
• Wiwawite lesbadhange karwacake
batangane : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa
cracake.
2 .Cangkriman kang ngemu surasa irib-iriban barang
Tuladha:
• Emboke dielus-elus,anake diidak-idak (andha)
• Sega sakepel dirubung tinggi (salak)
• Pitik alik saba kebon (sulak)
3 .Cangkriman kang ngemu surasa blendheran
Tuladha :
• Lawa lima kalong telu dadi pira?
Candhakane : dadi wolu
• Ana anak kapal disawat watu kerem,kira-kira gedhe apane?
Candhakane : gedhe ngapusine
3. Cangkriman kang sinawunging tmbang
Tuladha:
• Bapak pocung, dudu watu dudu gunung, sangkane ing
sabrang, ngon-ingone sang bupati, yen lumampah si pocung
lembehan grana.
(Batangane : gajah)
• Bapak pucung rupane saengga gunung
Tan ana kang tresna
Saben uwong mesthi sengit
Yen kanggonan den elus-elus tinangisan
(Batangane : wudun)
• Bapak pucung bleger sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mbijig bata nuli urip sagebyaran
(Batangane : rek)
• Namung tutuk
Lan netra kalih kadulu
Yen pinet kang karya
Sinuduk netrane kalih
Yeku sarat ira bangkit ngemah-ngemah
(Batangane : gunting)
• Bapak pocung sasadulur ana pitu
Tan ana kang padha
Mti enem urip siji
Dulur pitu tan nate urip barengan
(Batangane : saptawara/ dinten)
Delengana video
kang ana ing link :
https://youtu.be/
b2wZQZ4zvYU
Gladhen
Wangsulana cankriman-cangkriman ing ngisor iki!
1. Burnaskopen : ...
2. Pak buletus : ...
3. Bulan kirna : ...
4. Tuwo krawan : ...
5. Dicokot pucuke sing kalong bongkote : ...
6. Tibane ing ngisor digoleki mendhuwur : ...
7. Dijupuk malah mundak gedhe : ...
8 .Bosok malah enak : ...
9. Sawah rong kedhok galenganne sitok : ...
Panilaian dHiri
Sabanjure mangerteni materi ngenani aap kang diarani
✓"Cangkriman" isinen panilaian dhiri kanthi menehi tanda
( ) nalika paham lan menehi tanda (×) nalika ora paham.
1. Sabanjure maca lan mahami apa kang diarani
✓cangriman lan tuladhane, aku mangerteni apa ciri-ciri
cangriman ( / ×)
2. Aku mangerteni manfaat lan tuladhane cangriman
✓kanggo Bedhe'an dolanan bareng kanca-kanca. ( / ×)
refleksi
Sabanjure maca materi ing dhuwur, apa
kang durung dingerteni saka materi
cangkriman ing dhuwur? Apa wae
tuldaha cangriman kang digunakke ana
ing pentas sayembara wayang ?
Ringkesan
Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu
dibedhek/dibatang karepe,adhedasar
dhapkan,surasa lan wujude. Jinis-jinise ana
Cangriman blender, pepindhan, tembang
lan Wancahan.
Kapustakaan
1. Modul Bahasa Jawa kelas 9
semester gasal karya
ENDAH KIRANA SURYANDARI
2. Tripven.com
Maturnuwun