Erviyandani
kulina
Basa Jawa
SMA / SMK K angge Kelas
Semester 2
Kompetensi Dasar
3.1 Memahami Struktur teks, struktur
kebahasaan dan pesan moral dalam
naskah drama Bahasa Jawa.
4.1 Menganalisis Struktur teks, struktur
kebahasaan, dan pesan moral dalam
naskah drama Bahasa Jawa.
Indikator
1. Memahami struktur teks, struktur
kebahasaan dan pesan moral naskah
drama "Rapat Kartininan".
2 .Menganalisis struktur teks, struktur
kebahasaan dan pesan moral naskah
drama "Rapat Kartininan".
Tujuan pembelajaran
Setelah mengikuti serangkaian kegiatan
pembelajaran peserta didik dapat:
1. Mengidentifikasi struktur teks drama
tradisional secara lisan dan tulis.
2. Menjelaskan pesan moral dalam teks
drama tradisional secara lisan dan tulis.
Petunjuk belajar
1. Dedonga sadurunge miwiti pasinaon.
2. Siswa mbuka lan nyianoni materi teks
carita Mahabarata (Bima Bungkus).
3. Siswa mahami tuladha soal latihan
banjur mangsuli pitakonan kang ana ing
buku latihan.
4. Yen ana materi kang durung dipahami
bisa ditakokake marang guru.
Apa Kuwi drama?
crita gancaran kang ngandharake lelakone manungsa utawa
kahanan tartamtu ditulis kanthi wujud pacaturan lan dipentasake
ing panggung.
Banjur, apa wae titikane drama ?
1. Wujud crita kang diandharake nganggo pacelathon lan
dipentasake.
2. Nyritakake lelakon manungsa utawa kahanan sakiwa tengene
manungsa.
3. Pacelathon digawe wujud babak 1…. 2…. Lan sateruse.
4. Kahanan sakiwa tengene kadadeyan ditulis, lumrahe sajrone
tandha kurung.
5. Amarga dipentasake, mula merlokake ubarampe pentas.
Sakwuse mangerteni titikane drama.
Jenis-jenis drama iku apa wae ta ?
1. Komedi yaiku drama sing ngandharake lelakon kang lucu
saengga ndadekake wong kang nonton ngguyu lan seneng.
2. Tragedi yaiku drama kang ngandharake lelakon sing sedhih,
nrenyuhakelan ndadekake wong kang nonton dadi trenyuh, wedi
lan nelangsa.
3 .Sendratari yaiku drama sing wujude seni drama lan tari. Crita
drama diwujudake lumantar gerakan tari kang kairingi gamelan.
4. Tablo yaiku drama kang dipentasake lumantar swara saka
mburine keber/ panggung. Paraga ing panggung mung
nggambarake lan mragakake wae.
5 .Opera yaiku drama dipentasake kanthi iringan lelagon lan
musik. Yen pamentasan mung sadhela diarani operet.
Gambar seni Opera 6. Pantomim yaiku drama sing
dipentasake lumantar
obahe awak/ isyarat. Alur
crita uga digambarake
lumantar gerak.
7. Dhagelan yaiku drama kang
dipentasake mung kanggo
ngguyokake penonton.
Dhagelan luwih prasaja
tinimbang komedi. Dhagelan
iku isa kawujud wong kang
micara lan meragakke
ngguyokake.
Unsur-unsur Drama kuwi ana:
a. Tema : Gagasan utama kang diandharake pangripta utawa
pengarang.
b. Paraga : Pawongan kang ana ing sajroning drama.
c. Pamaragan : watak paraga kang ana ing sajroning drama.
Kanggo mangerteni watake paraga saka pacelathon bisa rong
cara.
1) Saka tembung-tembung kang diomongake paraga nalika
nganakake pacelathon karo paraga liya.
2) Saka tetembungan kang diomongake paraga liya nalika
ngomongake dheweke.
d. Alur : Urut-urutan crita kang ana ing sajroning drama. Nalika
crita diwiwiti nganti paripurna. Alur dhewe diperang dadi telu
yaiku alur maju, mundur lan campuran.
e. Konflik : Inti saka drama.
f. Pepeling : Pesen pangripta kang arep diaturake marang
pamaos. Tujuwane amrih para pamaos nindakake apa kang
dikarepake pangripta.
Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang ana ing sanjabane
dramananging, nduweni pangaribawa kang gedhe. Upamane
faktor-faktor sosial politik nalika naskah drama diciptakake,
faktor ekonomi, faktor lingkungan pangripta lsp.
Bab-bab sing kudu ditindakake paraga supaya bisa meranake
drama slaras karo dapukane ana ing pamentasan drama yaiku :
1. Maca naskah drama
2. Mahami isi nasakah drama
3. Njiwani watak paraga sing arep diperanake.
Pengin luwih mudeng ? Digatekake
ya...
nsdAgaiikiyrsauoonrgtiakoiukd. taiadkneeloliknvkidhinleagon
hhwttzpqs_:/8/Zy-o6uQtu.be/-
Tuladha Drama Jawa
Ing sawijine dina, jam papat sore ana rapat kartininan sing
diadakke ing Bale Desa.
Arin: "Konco - konco liyane arep mrene jam piro yo? kok wis jam
papat durung lengkap?".
Basuki: "Aku wis ngabari konco - konco nak ngumpul ning kene
jam telu lho. Mbuh ki kok podo durung tekan (ora suwe Dina,
Hariyo, lan Soraya teko)
Arin: "Piye lah kok jam semene lagi podo teko. Selak acarane
dimulai".
Dina: "Ngapurane yo Rin...aku ono pelajaran tambahan sing ora
terjadwal. Dadine aku bali sekolah rodo telat".
Basuki: "Wis ah, sing penting wis podo kumpul. ayo mangkat.
(Arin, Basuki, Dina, Hariyo, lan Soraya mangkat nyang bale
deso. tekan Bale deso, acara rapat wis dimulai)".
PAK LURAH: "We lha dhalah..kok lagi podo kethok ki piye. Rapat
wis dimulai sejaman lho".
Basuki: "Nuwun sewu Pak Lurah, telat amargi nenggo rencang -
rencang kempal".
PAK LURAH: "Yowis ora opo - opo. kono ndang lungguh
PAK CARIK: "Saged dipun lanjutaken pak?".
PAK LURAH: "Nggih monggo".
PAK CARIK: "Amargi adik - adik karang taruna sampun dugi,
monggo kito lanjutaken malih ngrembak acara kartinian ingkang
badhe dipun laksanaaken sasi ngajeng ngajeng".
PAK CARIK: "Acara ingkang badhe dipun laksanaaken: pasar
mirah, bhakti sosial, lomba miru jarik, lomba masak kagem bapak
- bapak lan lomba masang sanggul".
PAK CARIK: "Kagem acara pasar mirah lan bhakti sosial,
sedoyo dados tanggung jawabipun adik - adik karang taruna.
Lan kagem acara lomba miru jarik, lomba masak kagem bapak -
bapak, lan lomba masang sanggul, sedoyo dados tanggung
jawabipun ibu - ibu PKK Dusun. Monggo ingkang badhe usul".
Arin: "Menawi kagem pasar mirah, mangkih ingkang dipun sade
namung bahan kebutuhan pokok?".
PAK CARIK: "Bahan kebutuhan pokok lan sandangan ingkang
pantes dipun agem".
PAK CARIK: Monggo kagem adik - adik karang taruna lan ibu-
ibu PKK dusun enggal - enggal nyusun proposal lan dipun
ajukaken dateng Pak Lurah kangge keperluan anggaran.
PAK CARIK: "Minggu ngajeng proposal kedah sampun dados
lan sampun dipun setujuni kaliyan Pak Lurah".
PAK CARIK: "Kula kinten cekap semanten rapat dinten niki,
minggu ngajeng kito sedoyo kempal malih kangge mbahas acara
ingkang luwih rinci".
PAK CARIK: "Maturnuwun rawuhipun lan wassalamu'alaikum
wr. wb".
Gatekna wacan
kuwi, uga isa
diperagakke karo
kanca
sebangkumu !!
Gladhen
Saka teks carita "Rapat Kartininan" ing dhuwur,
wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Sapa wae paraga-paraga kang ana ing cerita
drama basa jawa “Rapat Kartininan” ?
2. Jlentrehna watake para paraga ing crita "Rapat
Kartininan”!
3. Andharna kanthi ringkes crita wayang “Rapat
Kartininan"!
4. Pitutur apa kang bisa kapethik saka crita "Rapat
Kartininan" ?
Panilaian dHiri
Sabanjure mangerteni materi ngenani naskah drama
✓jawa "Rapat Kartininan" isinen panilaian dhiri kanthi
menehi tanda ( ) nalika paham lan menehi tanda (×)
nalika ora paham.
1. Sabanjure maca lan mahami carita drama jawa "Rapat
✓Kartininan" aku mangerteni apa isi saka carita kasebut.
( / ×)
✓2. Aku mangerteni piwulang sinb isa dijupuk saka carita
kasebur kanggo sadina-dina. ( / ×)
refleksi
Sabanjure maca materi ing dhuwur, apa
kang durung dimangerteni saka materi ing
dhuwur? Apa wae unsur intrinsik sajrone
carita drama jawa "Rapat Kartininan"?
Ringkesan
Drama Yaiku carita kang isine bab kahanan
tertentu ugi dipentasake ana panggung.
Jinising drama ana pantonim, komedi,
opera, tablo, dhagelan, tragedi, lan
sapanunggalane.
Kapustakaan
Cara pedia.com
Smpkedungwuri.Com
Maturnuwun