The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Majalah berbahasa Jawa edisi ke lima ini temanya tentang contoh teks drama modern

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by WINARTI, S.S., 2022-02-21 09:00:07

KALAWARTI 5

Majalah berbahasa Jawa edisi ke lima ini temanya tentang contoh teks drama modern

Keywords: Teks Drama

KALAWARTI NGUDI KAWRUH JAWI

Mrojol Selane Garu
Dina Minggu ora kaya padatan, dalan-dalan katon sepi, mung kadhang kala wae ana montor
liwat. Swasana mau menawa wae kagawa saka tanggal tuwa, dadi akeh wong pilih ning omah wae
ngiras nyukupne butuhe. Ora beda karo kulawargane Paminto, dina Minggu digunakake kanggo
ngresiki kebonan mburi omah.

Pak Mugi ; " Bune, iki mau Paminto menyang endi kok ora ketok ?"
Bu Surti ; " Nembe kula utus dhateng wande tumbas tigan, sekedhap malih

menawi wangsul larenipun."
Pak Mugi ; " Mengko yen Paminto wis mulih kandhanana supaya nyusul

nyang kebon mburi omah ya Bune, ben ngrewangi resik-resik !"
Bu Surti : " Inggih Pakne, lha panjenengan punapa boten dhahar rumiyin?"
Pak Mugi ; " Ora wis, mengko bungkusna wae titipna Paminto!"

Ora watara suwe, Paminta teka karo nggawa endhog.

Paminto ; " Bu niki tiganipun."
Bu Surti ; " Iya le, dhuwite kurang ora mau le?"
Paminto ; " Boten Bu, aturipun Mbok Sumi reginipun tigan taksih sami kalih

dasa ewu setunggal kilo."
Bu Surti : " Ya wis le tak gorengne ndhog dhisik entenana, mengko sawise

sarapan, nyusula bapakmu reresik kebon mburi omah ya le !"
Paminto ; " Inggih Bu."

Paminto ngenteni sarapan karo disambi nyapu latar ngarep omah. Nalika
nyapu mau Paminto diparani kancane sekolah sing jenenge Tanu.

Tanu ; " To Minto, ayo mengko jam wolu melu dolan !."

Paminto ; " Arep dolan menyang ngendi?"

Tanu ; " Golek iwak ning kali kidul kono."

Paminto : " Piye ya, ketoke aku ora isa melu, iki mau diutus ibukku nyusul

bapak resik-resik kebon mburi omah. Wis liya dina wae ya."

Tanu ; " Ya wis ora apa-apa." 5

PEBRUARI 2022

KALAWARTI NGUDI KAWRUH JAWI NO. 5, MINGGU 3 PEBRUARI 2022

Bu Surti ; " Le, iki ndang sarapan dhisik, gek mengko ndang budhal nyusul bapakmu ya !"
Paminto ; " Inggih bu, kula nedha rumiyin. Dhaharan ingkang kagem bapak mangke kula

aturaken dhateng bapak bibar niki."

Rampung anggone sarapan, Paminta age-age menyang kebon mburi omah karo nggawa sarapan
kanggo bapake.

Paminto ; " Pak, punika dhaharanipun, mangga dipundhahar rumiyin. Kadosipun sayah sanget
Pak Mugi panjenengan Pak, ngantos riwenipun kados nembe siram, kathah sanget."
Paminto
; " Iya le, karo tak leren dhisik, iki sukete ketel banget, nganti drodos kringete Bapak.
Klumpukna larahane trus bongen ya le !"

; " Inggih Pak."

Saka kadohan katon ana rame-rame. Merga penasaran, Paminto karo Bapake mertakake menyang
ngarepan, takon marang wong sing liwat, ana kedadeyan apa kok rame-rame.

Pak Mugi ; " Ana apa Yu kok rame-rame ? "
Yu Darmi ; " Ketiwasan, iki mau anake Pak Soma klelep ning kali kidul kono. Jarene anake dolan

golek iwak ning kali kono, ning ujug-ujug banyu gedhe teka, banjur bocahe katut iline
banyu kali sing banjir dadakan mau. "
Paminto ; " Lho Pak, kanca kula Tanu pripun nggih? "

Saka kedadeyan sing dialami dening Tanu mau gawe Paminto dheleg-dheleg. Umpama dheweke
melu pangajake Tanu, banjur kepriye kahanane saiki. Paminto melu prihatin karo apa sing dialami
dening kancane mau, ning kepriye maneh, jer pepesthen iku mung Gusti sing kuwasa. Kita
manungsa saderma ngupaya kanthi nyenyuwun murih bisa tansah pinaringan slamet. Bebasane
Mrojol Selane Garu. Paminto slamet saka bebaya krana ora melu pangajake Tanu, ning pilih
ngrewangi bapake reresik kebon mburi omah.

Dening : Winarti, S.S.


Click to View FlipBook Version