LITERASI BAHASA JAWA
GASENDA
TEKS CERKAK
LAN
TEKS DRAMA MODERN
Dening : Winarti, S.S.
Literasi Gasenda_Teks Cerkak_Winarti, S.S.
Ngagar Metu Kawul
Dina iki Santo budhal sekolah mbonceng sepedhahe Eko, amarga sepedhahe Santo
isuk mau digawe mase ndherekake ibuke blanja menyang pasar. Ibuke Santo mengko
sore arep ngenekake slametan kanthi nggelar Tahlilan kirim donga kanggo simbahe sing
wis seda. “ Le, sesuk isuk nunuta kancamu ya yen budhal sekolah, iki ibu paringi dhuwit
wenehna kancamu kanggo tuku bensine ! “ Dhawuhe ibuke Santo wingi sore. “ Inggih bu,
gampil, mbenjang kula badhe sareng Eko mawon. “ Mature Santo marang ibuke.
Isuk udakara jam enem, Santo mlaku menyang omahe Eko. Eko seneng dinunuti Santo,
batine Eko, seneng amarga ana sing nukokne bensin. “ Ko, iki dhuwite nggonen tuku
bensin ya, mengko mulih sekolah aja lali aku entenana, aja kok tinggal ya. “ Semaure Eko, “
Iya San, aja kuwatir mengko dakenteni. “ Bocah loro banjur mlebu kelase dhewe-dhewe.
Nalika wayahe ngaso, Eko marani Santo menyang kelase Santo. “ San, iki aku entuk
omongan saka saka Tikno, jarene bijimu apik iku merga sing nggarapne masmu ya.”
Krungu omongane Eko mau, Santo mung mesem. “ Piye San, apa ya bener sing
diomongne Tikno mau? Dak kira yen sampeyan ki pancen pinter, tugase wingi kok garap
dhewe, lha jebul sing nggarapne masmu ya nek ngono padha karo aku. “ Santo banjur
ngomong, “ Iya bener wingi nggarape aku diwarahi masku carane, ning sawise aku ngerti
ya dak garap dhewe. “
Eko pancen kanca kenthele Santo, mula bareng ngerti saka omongane Santo mau,
banjur rumangsa ora trima yen kanca kenthele dienyek. “ Wis ayo diparani wae Tikno, iki
mengko yen ora kok seneni bisa-bisa terus ngrasani elek sampeyan. “ Santo ora kepengin
medhot kekancan karo Tikno merga prekara mau. Batine Santo, becik ketitik ala ketara.
“ Wis-wis ora apa-apa Ko, mengko Tikno bakale ngerti dhewe sing sabenere. Sing penting
ayo awake dhewe tetep sregep sinau. Mengko yen awake dhewe nesu merga rerasane
Tikno mau mundhak pedhot sesambungane kakancan. “
Kekancan iku pancen kudu tansah ngelikake ing kabecikan, ora ngojok-ojoki ala.
Untunge watake Santo sabar, ora gampang kemropok atine krungu wadulane Eko
ngenani rerasane Tikno marang dheweke. Ngagar metu kawul. Dadi kanca iku aja gawe
geni, ngobong atine kancane supaya nesu.
Literasi Gasenda_Teks Drama Modern_Winarti, S.S.
Ngagar Metu Kawul
Dina iki Santo budhal sekolah mbonceng sepedhahe Eko, amarga sepedhahe Santo isuk mau
digawe mase ndherekake ibuke blanja menyang pasar. Ibuke Santo mengko sore arep ngenekake
slametan kanthi nggelar Tahlilan kirim donga kanggo simbahe sing wis seda.
Ibuke Santo ; " Le, sesuk isuk nunuta kancamu ya yen budhal sekolah, iki ibu paringi dhuwit
wenehna kancamu kanggo tuku bensine ! “
Santo ; “ Inggih bu, gampil, mbenjang kula badhe sareng Eko mawon. “
Isuk udakara jam enem, Santo mlaku menyang omahe Eko. Eko seneng dinunuti Santo, batine Eko,
seneng amarga ana sing nukokne bensin.
Santo ; “ Ko, iki dhuwite nggonen tuku bensin ya, mengko mulih sekolah aja lali aku
entenana, aja kok tinggal ya. “
Eko ; “ Iya San, aja kuwatir mengko dakenteni. “
Bocah loro banjur mlebu kelase dhewe-dhewe. Nalika wayahe ngaso, Eko marani Santo menyang
kelase Santo.
Eko ; “ San, iki aku entuk omongan saka Tikno, jarene bijimu apik iku merga sing
nggarapne masmu ya. Piye San, apa ya bener sing diomongne Tikno mau? Dak kira
yen sampeyan ki pancen pinter, tugase wingi kok nggarap dhewe, lha jebul
sing nggarapne masmu, ya nek ngono padha karo aku. “
Santo mung mesem krungu wadule Eko, banjur ngomongi Eko sing sabenere.
Santo ; “ Iya bener, wingi aku diwarahi masku carane, ning sawise aku ngerti ya dak garap
dhewe. “
Eko pancen kanca kenthele Santo, mula bareng ngerti saka omongane Santo mau, banjur rumangsa
ora trima yen kanca kenthele dienyek.
Eko ; “ Wis ayo diparani wae Tikno, iki mengko yen ora kok seneni bisa-bisa terus ngrasani
elek sampeyan. “
Santo ora kepengin medhot kekancan karo Tikno merga prekara mau. Batine Santo, becik ketitik ala
ketara.
Santo ; “ Wis-wis ora apa-apa Ko, mengko Tikno bakale ngerti dhewe sing sabenere.
Sing penting ayo awake dhewe tetep sregep sinau. Mengko yen awake dhewe nesu
merga rerasane Tikno mau mundhak pedhot sesambungane kakancan. “
Kekancan iku pancen kudu tansah ngelikake ing kabecikan, ora ngojok-ojoki ala. Untunge watake
Santo sabar, ora gampang kemropok atine krungu wadulane Eko ngenani rerasane Tikno marang
dheweke. Ngagar metu kawul. Dadi kanca iku aja gawe geni, ngobong atine kancane supaya nesu.