The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Majalah berbahasa Jawa yang menyajikan bagaimana seharusnya orang Jawa sebagaimana diharapkan dalam isi geguritan "Wong Jawa"

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by WINARTI, S.S., 2022-02-09 10:53:41

KALAWARTI NGUDI KAWRUH JAWI EDISI 1

Majalah berbahasa Jawa yang menyajikan bagaimana seharusnya orang Jawa sebagaimana diharapkan dalam isi geguritan "Wong Jawa"

Keywords: Wong Jawa

KALAWARTI NGUDI KAWRUH JAWI

WONG JAWA

Minangka wong Jawa iku kudu tanggap ing sasmita,

ngerti tanpa dikandhani. Wong Jawa kudu empan

papan, tegese pinter mapakne awak ana ing wektu lan

kahanan kang lagi diadhepi. Negara mawa tata, desa

mawa cara, tegese minangka wong Jawa kudu gelem

ngajeni liyan krana padha-padha duwe adat lan budaya

sing beda. Ngajeni liyan kanthi ngetrapake unggah-

ungguh/subasita/tata krama. Ayo padha disemak

geguritan kanthi irah-irahan "Wong Jawa" 1

JANUARI 2022

WONG JAWA

Dening: Suripan Sadi Hutomo

Wong Jawa aja jawal

Jawa jawal Jawane kadhal Wong Jawa aja jawal

Apa sliramu Jawa, mitraku Jawa jawal Jawane kadhal

Geneya kok ngiris atiku? Apa sliramu Jawa, mitraku?


Geneya kok ngiris atiku?

Ronggowarsito lan Aristoteles


Yosodipuro lan Sokrates Kecubung ungu ing taman kutha

Padha dene pujangga linuhung Iki kahanan kang nembe teka

Padha dene pujangga kang agung Apa sliramu bakal wuda

Yen kok semak buku filsafat Melu-melu angumbar dhadha?

Yen kok semak ilmu masyarakat


Mung ana siji keblat Wiwawite lesbadhonge

Kang ajine ora mekakat Tabik-tabik sunan kali

kang gawe ati nggrantes Kita ngadeg ing grumbul srengenge

Awit ya mung Aristoteles lan Sokrates Kita wani ndhudhah ati?

Sinebut sinobya ukara


Rinoncan kembang maneka


O, Ronggawarsita

O, Yasadipura (Jaya Baya, No,
XXVI, 12 Maret 1972)

Awit apa basa Jawa

Kang ora bisa diwaca?

Awit apa mung basa latin

Kang bisa anuntun batin?



Kalawarti Ngudi Kawruh Jawi No. 1, Minggu III Januari 2022

Biografi

Suripan Sadi hutomo

Suripan Sadi Hutomo minangka Guru Besar Universitas Negeri
Surabaya, miyos ing Ngawen, Blora, 05 Pebruari 1940, seda 23
Pebruari 2001 ing Surabaya. Nalika sekolah panjenengane wis
seneng nglumpukne lan uga nulis maneka karya sastra Jawa lan
Indonesia. Panjenengane kulia ing FKIP Universitas Airlangga,
jurusan Bahasa Indonesia, lulus 1968. Sawise lulus kuliah
penjenengane mulang ing FKIP Universitas Airlangga minangka
almamatere. Taun 1978-1980 Panjenengane sinau ilmu sastra ing
Universitas Leiden. Gelar doktor digayuh ing taun 1987 kanthi
judul desertasi " Cerita Kentrung Sarah wulan di Tuban". Krana
iku panjenengane entuk julukan "Doktor Kentrung". Ing taun
1967, Suripan aktif nulis geguritan lan kapacak ing kalawarti basa
Jawa, ing antarane Parikesit, Djaka Lodang, Panyebar Semangat,
Dharma Nyata, Kumandhang, Dharma Kandha, lan Jaya baya.
Geguritan kang kasil dipacak ing kalawarti mau banjur
diklumpukne ing Antalogi Angin Sumilir (Balai Pustaka, 1988) ana
54 guritan. Saliyane iku panjenengane uga gawe Antologi
bebarengan pengarang liyane yaiku Antologi Geguritan Jawa
Tahun 1945-1982 (Balai Pustaka).

Daftar Pustaka

https://jurnal.lppmstkipponorogo.ac.id/index.php/JBS/article/view/16/22

Kalawarti Ngudi Kawruh Jawi No. 1, Minggu III Januari 2022


Click to View FlipBook Version