The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Kanggo SMP/MTs Sedrajat Kelas VIII Semester Ganjil

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by rosiatima.19055, 2021-12-10 15:18:31

Modul Cerita Legenda

Kanggo SMP/MTs Sedrajat Kelas VIII Semester Ganjil

Keywords: cerita legenda,modul,legenda,cerita rakyat

Rosiatima

CERITA LEGENDA

Kanggo SMP/MTs Sedrajat

Kelas VIII
Semester Ganjil

Atur Pangiring

Sakathahing puji syukur rinaos

pantes konjuk dhumateng Gusti Allah

SWT kang Maha Kuwaos, awit saking

sedaya kanugrahan saha karaharjan

ingkang ambanyu mili, kalebet sampun

kasusunipun buku penunjang inggih

menika Buku “Cerita Legenda”, ingkang

sampun slaras kalihan Kurikulum 2013.

Buku menika minangka salah

satunggaling bahan ajar ingkang

ancasipun inggih supados

anggampilaken para siswa mliginipun

ing tataran SMP lan ugi MTs

anggenipun nyinaoni babagan cerita

legenda.

Mugya kanthi wontenipun buku

penunjang “Cerita Legenda” menika

sageda paring piguna tumraping para

guru, langkung-langkung saged

mupangati kagem pasinaonipun para

siswa.

Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Ponorogo, 9 Desember 2021

Panyerat

Kompetensi Dasar

1.1 Menghargai dan mensyukuri

keberadaan bahasa daerah sebagai

anugerah Tuhan Yang Maha Esa

untuk meningkatan pengetahuan dan

keterampilan berbahasa daerah, serta

untuk melestarikan dan

mengembangkan budaya daerah

untuk didayagunakan sebagai upaya

pembinaan dan pengembangan

kebudayaan Nasional.

1.2 Menghargai dan mensyukuri
keberadaan bahasa daerah sebagai
anugerah Tuhan yang Maha Esa
sebagai sarana memahami informasi
lisan dan tulis.

3.1 Menulis Cerita Legenda

Indikator

1.1.1 Berdoa dengan bahasa daerah
1.1.2 Menyapa dengan bahasa
daerah

1.2.1 Mensyukuri keberadaan bahasa
daerah.
1.2.2 Bercakap-cakap dengan
bahasa daerah sebagai rasa syukur
pada Tuhan Yang Maha Esa.

3.1.1 Menganalisis struktur teks cerita
legenda
3.1.2 Menulis teks cerita legenda
yang ada di daerah Indonesia

Ancas Pasinaon
1.Supaya para siswa bisa mangerteni
struktur teks cerita legenda
2. Supaya para siswa bisa nyusun
teks cerita legenda
3.Supaya para siswa bisa nulis teks
cerita legenda kang ana ing
Indonesia

Pandom Pasinaon
1.Dedonga sadurunge miwiti
pasinaon
2. Maca lan mangerteni kanthi
becik materi kang diandharake ing
saben-saben kagiyatan pasinaon.
Materi kang durung cetha bisa
ditakokake marang guru
3.Nggarap saben kagiyatan gladhen
kanggo nglatih kemampuan
pengetahuan

Mbabar Wawasan

Legenda yaiku crita rakyat saemper

mite, nanging kang diceritakake

manungsa kang nduweni

kasekten/kaluwihan lan umume

gegayutan karo dumadine papan

panggonan. Crita legenda

kadadeyan ing bumi lan crita mau

kaanggep bener-bener kadadeyan.

Biasane crita mau ana petilasane

arupa watu, wit, gunung, kali, lsp.

Tuladha crita legend kayata: Crita

Baru Klinthing, Crita Endang

Nawangsih, Crita Asal-usule

Grojogan Sewu ing Tawangmangu,

lsp.

Kagiyatan 1 : Nganalisis Struktur
Teks Cerita Legenda

Ing babagan iki bakal nyinaoni
ngenani teks cerita legenda wiwit
saka struktur, titikan, lan unsur teks
cerita legenda.

Dumadine Danau Toba
Ing jama biyen, ana petani yatim
piatu ing sisih lor Pulo Sumatra.
Wilayah kasebut banyune asat
banget. Syahdan, pemuda kasebut
urip saka tani lan mancing. Ing
sawijining dina dheweke lagi golek
iwak oleh apik banget. Warnane
iwak iku kuning emas. Sawise
dicekel, iwak iku malih berubah dadi
putri ayu. Putri minangka wanita sing
dikutuk amarga nglanggar larangan.
Amarga sing nulungi dheweke iku
mau manungsa, dheweke owah dadi
manungsa.

Kagum karo kaendahane, petani
enom mau njaluk putri supaya dadi
garwane utawa bojone. Nanging,
ana syarat kanggo panjaluke kuwi.
Kabeh syarat kasebut mau ditampa
kanthi syarat yen pemuda kasebut
ora bakal omong yen dumadine
dheweke saka iwak, petani enom iku
setuju karo kahanan kasebut.

Sawise setaun, pasangan iku
diparingi putra. Bocah iki duwe
kebiasaan ala yaiku serakah,
mangan kabeh panganan sing
kasedhiya. Ing sawijining dina bocah
iku mangan kabeh panganan seka
wong tuwane. Wong tuane lanang
iku nesu amarga ora kebagean pas
kesel sabanjure nyambut gawe lan
ujar: “bocah keturunan iwak!”
Omongan iku mau mbukak rahasia
garwane, mula janjine terus gagal.

Garwa lan anake iku mau langsung
ilang kanthi sekti. Ing lemah sing tilas
sikile metu sumber gedhe. Banyu sing
mili saka musim semi saya gedhe lan
dadi telaga sing jembar. Telaga
kasebut saiki diarani Danau Toba.

Kanggo mangerteni apa isine teks
cerita legenda “Dumadine Danau
Toba”, wangsulana pitakon-pitakon
ing ngisor iki!

1.Apa tema cerita legenda ing
dhuwur?
2. Sapa wae paraga kang ana ing
cerita legenda “Dumadine Danau
Toba”? Coba sebutna!
3.Amanat apa kang kaandhut
sajroning cerita legenda “Dumadine
Danau Toba”?

Pasinaon 1 : Nintingi Struktur Teks
Cerita Legenda
Ing kagiyatan iki para siswa kaajab
bisa meruhi lan mangerteni struktur
teks cerita legenda.

Titikane cerita legenda, kayata:
1. Anonym, ora dingerteni sapa
sejatine sing nganggit
2. Minangka karya kolektif,
dianggep duweke rakyat bareng-
bareng
3. Nyritakake bab ala lan bener
kanggo tuladha
4. Nggambarake kedadeyan-
kedadeyan kang mokal anane
(imajiner)
5. Statis,tetep,ora anaowah-
owahan sing wigati saka jaman
menyang jaman.

Sajrone teks cerita legenda uga
ngemu unsur-unsur kang wigati.
Unsur-unsure yaiku, :

1. Tema
Tema yaiku minangka ide pokok atau
masalah utama kang ndhasari
lakuning crita. Tema crita rakyat
biasane kaku, istana sentris, adat
istiadat, lan mistis. Surasane crita
khayal lan fantastis.
2. Latar
Latar iku mujudake papan utawa
wektu dumadine kadadeyan ing
sajroning crita. Latar ana 3, yaiku
latar wektu, latar panggonan, lan
latar swasana.

3. Alur/Plot
Alur/plot yaiku urut-urutaning
prastawa/kedadeyan ing crita. Alur
diperang dadi 3, yaiku alur maju, alur
mundur, lan alur campuran. Alur maju
yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi
trap-trapan adhedhasar kronologi
tumuju ing alur crita. Alur mundur
yaiku alur yang nyritakne prastawa
saka saiki banjur mundur ing wektu
dhisik/sadurunge. Alur campuran
yaiku alur campuran saka alur maju
lan alur mundur.
. Penokohan/Paraga
Penokohan iku nggambarake watake
paraga/pelaku ing sajroning crita.
Paraga bisa dingerteni karaktere saka
tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan
sapiturute. Paraga diperang dadi telu
yaiku protagonis (sing dadi lakon),
antagonis (sing dadi musuhe), lan
tritagonis (sing dadi panengah antara
tokoh protagonis lan antagonis)

5. Amanat

Ajaran moral utawa pesen kang

bakal dikandhakake dening

pengarang marang sing maca/sing

ngrungokake.

Gladhen 1 : Nintingi Teks Cerita
Legenda
Dumadine Kutha Pacitan

Pangeran Mangkubumi
sapendherek saya mangetan lakune
sangsaya adoh ninggalake kraton
Mataram. Nalika tekan gumuk Puger
kabeh padha ngaso. Wektu semana
pendhereke Pangeran Mangkubumi
mung kari rolas. Salah sijine ana
kanga ran Setraketipa, kang padatan
ngrumat jaran titihane Pangeran
Mangkubumi.

Setraketipa nyawang Pangeran
Mangkubumi lan para pandherek katon
sayah lan keluwen. Dheweke mikir
kepriye carane bisa golek pangan lan
ngombe kanggo Pangeran lan para
pandherek, banjur matur “Nyuwun
pangapunten Pangeran, kepareng kula
pados menapa ingkang saged Pangeran
dhahar saha unjuk sokur saged kangge
kanca-kanca”. Wangsulane Pangeran
Mangkubumi, “Apa kowe ora kesel
Setra? Yen pancen kuwi karepmu
daklilani muga-muga enggal oleh
gawe”.

Nganti sore Setraketipa ora
nemokake apa-apa. Kang ana mung wit
pace, wohe rupane ala tur yen wis tuwa
nyebar ganda ora enak. Mesthi wae
Setraketipa ora mentala nyaosake
marang Pangeran. Dilalah meh angslupe
srengenge Setraketipa nemokake tela
lan banyu. Barang mau diaturake
marang Pangeran. Dene setraketipa
saben dina mangan wohe pace, kanca-
kanca diwenehi padha ora gelem.

Pangeran Mangkubumi lan para
pendherek saya suwe saya suda
kekuwatane, amarga mangane mung
saanane. Dene Setraketipa kaya ora
duwe kesel katon sehat wal’afiat lan
panggah gagah prakosa mangka
dheweke saben dina golek pangan.

“He… Setra… apa sebabe kowe kok
ora tau ngraosake sayah mangka
gaweanmu abot?” Jebul kekuwatane
Setra iku amarga saben dina mangan
wohe pace. Wusanane Pangeran nyoba
dhahar woh pace, para pendherek uga
padha melu-melu.

Pangeran yakin menawa wohe pace
kuwi pancen gedhe khasiyate. Bareng
wis padha pulih kekuwatane, Pangeran
Mangkubumi ngajak nerusake laku, terus
nuju mangetan. Mula saka kuwi papan
kono banjur katelah Pacewetan saka
tembung pace lan wetan. Kerep padha
dicekak dadi Pacetan lan wusanane
nganti saiki katelah Pacitan.

(Sumber: Buku Suplemen Bahasa Jawa
kelas VII Semester 1)

Adhedhasar cerita legenda ing
dhuwur, wangsulana pitakon-
pitakon ing ngisor iki kanthi pener!

1. Sapa Setraketipa kuwi?
2. Kena apa Setraketipa ora
mentala nyaosake woh pace
marang majikane?
3. Apa sing pungkasane
disuguhake dening Setraketipa?
4. Apa sing nggawe Setraketipa
nduwe kekuatan kang luwih?
5. Kepriye dumadine kutha
Pacitan? Jlentrehna nganggo
basamu dhewe!
6. Sapa wae paraga sajrone
cerita legenda “Dumadine Kutha
Pacitan”? Sebutna kanthi cetha
pamaragane!
7. Amanat apa kang ana
sajrone cerita legenda “Dumadine
Kutha Pacitan”?

Gladhen 2 : Nulis Teks Cerita
Legenda ing Indonesia
Sawise mangerteni apa wae kang
dadi titikan, unsur, lan struktur saka
cerita legenda, gladhen sabacute
yaiku nulis teks cerita legenda kang
misuwur utawa kang ana ing
Indonesia. Miliha 1 wae cerita
legenda sing kokweruhi, banjur
tulisen nganggo basamu dhewe!

Supaya luwih mangerteni lan
paham ngenani materi cerita
legenda, para siswa bisa sinau
mandhiri kanthi mbukak link ing
ngisor iki.
https://www.youtube.com/watch?
v=dFC_iuVS8ZY

Rangkuman

Legenda yaiku crita rakyat

saemper mite, nanging kang

diceritakake manungsa kang

nduweni kasekten/kaluwihan lan

umume gegayutan karo dumadine

papan panggonan. Crita legenda

kadadeyan ing bumi lan crita mau

kaanggep bener-bener kadadeyan.

Biasane crita mau ana petilasane

arupa watu, wit, gunung, kali, lsp.

Tuladha crita legend kayata: Crita

Baru Klinthing, Crita Endang

Nawangsih, Crita Asal-usule

Grojogan Sewu ing

Tawangmangu, lsp.

Unsur cerita legenda yaiku tema,

alur, paraga lan pamaragan,

setting, lan amanat.

UJI KOMPETENSI 1

(1) Kancil lan baya
(2) Sangkuriang
(3) Roro jonggrang
(4) Nyi rara kidul
(5) Patih gajah mada
(6) Dumadine kuta semarang

1. Adhedasar irah-irahan ing
dhuwur, kang kalebu legenda
yaiku…
a.6 lan 4
b. 3 lan 6
c.2 lan 5
d. 4 lan 5
e.1 lan 2
2. Minangka ide pokok utawa
permasalahan baku kang ndhasari
lakuning cerita diarani..
a. Tema
b. Paraga
c.Padunungan
d. Amanat
e.Alur

3. Ing ngisor iki kanng ora
kalebu cirine cerita rakyat yaiku..
a. Kanthi buki kang cetha
b. Ceritane turun temurun
c.Jenenge pangripta ora konangan
d. Akeh versine
e.Ceritane kanthi gethok tular
4. Piweling kang kinandhut ing
cerita,, utawa pesening pangripta
marang pamaos yaiku…
a.Alur
b. Padunungan
c.Amanat
d. Tema
e.Paraga
5. Ing ngisor iki kalebu
karakteristike cerita rakyat,
kajaba…
a.Anonym
b. Kolektif
c.Kanthi buki kang nyata
d. Diceritake kanthi lesan
e.Turun- temurun

6. Anuju sawijining dina, sang
Prabu Dewata Cengkar duka
banget amargi ora ono wong
manneh sing bisa di dhahar. Aji
Saka banjur saguhh dicaosake
sang nata dadi dhaharane. Sang
nyai randha lan patihh dadi kaget
banget. Ananging Aji Saka celathu
yen wong loro iku gausah kuawatir
yen dheweke ora bakal mati.
Banjur Aji Saka diterake ngadhep
Prabu Dewata Cengkar, Prabu
Dewata Cengkar ya rumangsa
eman lan kersa ngangkat Aji saka
dadi Priyayi, ananging Aji Saka ora
gelem. Ana siji panyuwune yaiku…
a.Dadi raja
b. Nyuwun lemah saiket jembare
c.Njaluk dewata cengkar ora
mangani wong maneh
d. Dadi sekutune Aji Saka
e.Njajah tanah jawi

7. Ukara kang gunakake basa
karma alus yaiku…
a.Mas syafii tindak menyang
magetan
b. Kula dipun pudhutaken kamus
basa jawi
c.Esok mau dimas turu
d. Mbak siti adol pisang coklat
e.Bapak diparingi undangan nabuh
gamelan
8. Ukara kanng migunake basa
karama lugu yaiku
a.Sapa sing wani karo aku! Mreneo
b. Panjenengan tindakipun jam
pinten
c.Bapak tindak dhateng kantor
d. Mbah nini lagi turu karo
putune
e.Sampeyan kesahipun jam pinten?

9. Aku nonton bola nganti lingsir
wengi, lingsir wengi tegese…
a.Isi padhang
b. Meh padhang
c.Ngancik wengi
d. Meh tengah wengi
e.Kliwat tengah wengi
10. Ibu : “las, kowe ngerti ora
dompete ibu dak delehe ana
ngendhi?”
Lastri : “mboten bu, ketingalipun
kala wau….dhateng peken ta?

Wangsulan kang pas kaggo
cecek-cecek ing dhuwur yaiku…
a.Digawa
b. Nembe
c.Dipun deleh
d. Dipun beta
e.Dipun asta

Kapustakan

Atmodjo, Prawiro S. 1990.
Bausastra Jawa. Surabaya:
yayasan Djojo Bojo Darusuprapto

Purnomo, Bambang. 2015. Sastri
basa. Surabaya: Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Timur

http://narahayu.blogspot.com/201
8/03/rpp-cerita-rakyat-bahasa-
jawa-kurikulum.html


Click to View FlipBook Version