MODUL PASINAON
TRAMPIL
NGGURIT
kanggo Kelas XI
SMA/SMK/MA/MAK
Semester Ganjil
ROSIATIMA
2610121119
BAB GEGURITAN
Kompetensi Dasar dan Indikator:
3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis
teks drama, prosa atau puisi sesuai kaidah.
3.1.1 Menganalisis struktur teks geguritan/puisi
3.1.2 Mengidentifikasi isi teks geguritan/puisi.
3.1.3 Mengidentifikasi pesan/amanat dalam teks
geguritan/puisi.
4.1 Menginterpretasi, menanggapi dan memperagakan
teks drama, puisi, dan prosa sesuai isidengan bahasa
yang komunikatif.
4.1.1 Memparafrase teks geguritan/puisi.
4.1.2 Memberi tanda jeda teks geguritan/puisi yang
akan dibacakan.
4.1.3 Menandai intonasi teks geguritan/puisi yang
akan dibacakan
4.1.4 Membaca indah teks geguritan/puisi.
4.1.5 Menanggapi pembacaan teks geguritan/puisi.
.
A. TEGES GEGURITAN
Geguritan iku sawijining rumpakan, pepethan,
karangan kang awujud reroncen tembung lan
ukara kang endah, ringkes, padhet lan mentes.
Geguritan kalebu karya sastra Jawa gagrak anyar.
Ana sing ngarani geguritan iku puisi Jawa modern,
maksude wujude puisi lan muncul ing jaman sastra
Jawa anyar/ modern. Geguritan iku ditulis tanpa
paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu,
dene tembang iku kaiket ing paugeran guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu.
B. STRUKTUR TEKS GEGURITAN
1) Struktur Lair
Struktur lair yaiku wujud kang bisa dideleng lan
dituduhake ing geguritan. Kanggo ngenali
struktur lair geguritan, para siswa kudu ngeling-
eling marang tembung, ukara, gatra, pada, lan tata
panulisan kang ana ing geguritan.
Ing kalodhangan iki, struktur lair kang dirembug
yaiku:
a. Tipografi- Blegere Geguritan
Sing dimaksud tipografi geguritan yaiku wujud nyata
utawa blegere geguritan kang bisa dideleng langsung.
Ana geguritan kang ditulis mepet baris sisih kiwa, ana
kang malah mepet ing sisih tengen, ana uga kang rata
ing tengah. Ana kang pada siji nganti telu mepet kiwa,
banjur pada sateruse rada nengah, utawa nganggo
cara liyane. Iku kabeh murni wewenange panggurit,
lan para siswa utawa pamaos nduweni wenang kanggo
ngartekake tipografi mau. Ana kang tembung-
tembunge saben gatra cekak-cekak banget, ana uga
kang tembung-tembunge saben gatra dawa banget.
Ana kang saben gatra diwiwiti aksara gedhe, ana kang
kabeh tembunge nganggo aksara cilik. Ana kang
nggunakake tandha titik (.), tandha panyeru (!), ana
uga kang babar pisan ora nggunakake tandha pamaca.
b. Imaji – Panyitra
Sajrone geguritan para panggurit nggunakake
tetembungan kang nduweni daya
panyitra/ imaji kanggo nglairake gagasane. Panyitra
geguritan iku ing antarane pandeleng, pangrungu,
pangganda, pangrasa, lan panindak.
Umpamane ana ukara arume asmamu (pangganda),
kumrosake banyu (pangrungu), endahe esemmu ibu
(pandeleng), abote panandhang iki (pangrasa), lan
para mudha gumregah bangkit. (panindak). Amarga
geguritan nggunakake basa minangka sarana,
mulane yen para siswa bisa nemokake daya
panyitra/ imaji ing sawijining geguritan, iku bakal
dadi sangu kang wigati banget kanggo nyinau lan
ngerteni isine geguritan.
c. Gaya - Lelewane Basa
Lelewane basa ing geguritan yaiku kaendahan
tembung lan ukara, lan basa kang digunakake
dening panggurit. Kang kalebu ing lelewane basa:
tembung Kawi, pepindhan, tembung entar,
tembung saroja, yogyaswara, lan sapanunggalane.
Kepriye lelewane panggurit nggunakake basa kang
endah ing geguritane bisa nuduhake sepira endahe
geguritan kang diripta. Panggurit tansah milih
tembung-tembung kang bisa kanggo sarana
nglairake maksud lan gagasane. Pamilihe tembung
(diksi) mau ditata, direngga murih endah lan bisa
nuwuhake rasa tartamtu kaya karepe panggurit.
d. Enjambemen
Tembung Sumambung
Ing geguritan, enjambemen iki asring digunakake
dening panggurit. Enjambemen
ing kene diarani tembung sumambung, yaiku
tembung-tembung kang sengaja diseleh ing akhir
gatra utawa madeg dhewe ing sawijining gatra,
kang gunane kanggo nguwatake gatra ing dhuwur
lan ing sangisore.
Tuladhane mangkene :
iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu/awit
karsaning bumi iki/ bisaa lestari/ ing tentrem lan
ing makmur/ manitis sukmaning kusuma/ bisaa/
ngambar arum saindhenging nuswantara....
e. Purwakanthi
Purwa = wiwitan, ngarep; kanthi = nggandheng,
melu. Purwakanthi iku nggandheng utawa melu
karo sing wiwitan utawa sing ana ing ngarepe.
Purwakanthi iku tembung kang nduweni swara
runtut lan lumrah tinemu ing karya sastra kaya
dene ing geguritan. Bisa runtut ing sagatra, bisa
uga runtut ing antarane gatra. Kanggo meruhi
anane puwakanthi, para siswa kudu ngenali jenis
purwakanthi.
1) Purwakanthi guru swara : yaiku aksara swara
(vokal), swarane kang runtut. Umpamane ana
kutipan mangkene : ibu kang dakderes iki luh-mu/
dadi srana lelaku. Ing kutipan iku swara akhire
padha yaiku swara u. Bocah-bocah bajang/
nyangking sada lanang. Kutipan saka geguritane
Widodo Basuki sing kaloro iku nggunakake
purwakanthi swara ang.
2) Purwakanthi guru sastra : geguritan nduweni
purwakanthi guru sastra yen sing runtut nurut sing
ngarep aksara sigege (konsonan). Kanggo nggoleki
purwakanthi guru sastra, para siswa kudu ngenali
jinis-jinis konsonan. Jinis-jinise konsonan, kaya ta :
w, p, m, b iku diarani aksara lambe (bilabial); h, k, g,
ng iku padha dene aksara sigeg ing gorokan (velar);
n, d, t, s aksara untu (dental); c, j, y, ny aksara
cethak (palatal), lan r, dh, l, th aksara ilat (alveolar).
Tuladhane ing kutipan iki : dakantu tekamu/kaya
wengi kapungkur/gemriyak swaramu paring
lelipur/ kanggo rasa atisku kutipan geguritane Hery
Lamongan iku akeh nggunakake purwakanthi guru
sastra, yaiku swara gorokan ing tembung dakantu,
tekamu, kaya, wengi, kapungkur, gemriyak, paring.
Yen diwaca bola-bali lan dirasakake nyebabake
geguritan dadi kepenak lan lancar. Apamaneh ing
kono uga ana purwakanthi swara ur ing tembung
kapungkur lan lelipur.
3) Purwakanthi guru basa utawa purwakanthi
lumaksita : yaiku purwakanthi kang ngurutake
wanda (suku kata) utawa tembung. Dadi ana
wanda, tembung kang sengaja dibaleni dening
panggurite. Kalebu ing purwakanthi guru basa
menawa ing geguritan sengaja nggunakake
ukara kang dibaleni maneh (repetitif). Ukara
kang dibaleni iku lumrahe ing wiwitane pada.
Tuladhane kaya geguritane Bonari Nabonenar
mangkene : jalaran dheweke jatining tresna//
asalira tresna/ busana tresna/ watak tresna/
jatining tresna. Tembung apa sing dibolan-
baleni dening panggurite? Bener, tembung
tresna.
2) Struktur Batin
Kejaba struktur lair uga ana struktur batin,
yaiku wujud geguritan kang ora kasat
mripat, jenenge bae batin. Struktur batin iki
diwangun dening struktur lair mau. Mulane
antarane struktur lair lan struktur batin
geguritan iku padha pentinge (wigatine).
Kanggo nemokake isi, arti, maksud, lan tujuan
panggurit bisa ditintingi saka lelorone.
Kanggo nemokake isi, arti, maksud, lan tujuan
panggurit bisa ditintingi saka lelorone. Kang
kalebu struktur batin geguritan yaiku:
a. Tema – Gagasan Pokok
Tema yaiku gagasan pokok kang dadi dhasar
panggurit ngrakit tembung dadi
geguritan. Geguritan iku nggunakake sarana basa,
mula kaya sipate basa, geguritan kudu nduweni
surasa/makna. Bab utawa gagasan pokok sing
ndhasari panggurit nulis geguritan diarani tema
geguritan.
b. Wirasa-Swasana
Yen masakan, rasa iku ana legi, pait, asin, tawa,
getir, pedhes, lan sapiturute. Dene
rasa-swasana ing geguritan iku bakal nemokake
kepriye tanggapan utawa panemune panggurit
marang gagasan pokok ing geguritane. Wirasa-
swasana ing geguritan iku bisa awujud
pangalembana, pakurmatan, pangajak, seneng,
sedhih-prihatin, nesu, ngelikake, lan sipat-sipate
manungsa liyane. Gampange mangkene, nalika
ana musibah banjir (tema), panggurit bisa sedhih,
bisa nesu, bisa uga malah nyokurake. Lha, kabeh
rasa-swasana mau bakal nuwuhake piweling-
amanat kang dadi tujuan ing geguritan.
c. Amanat
Tujuan/Pesene Panggurit
Saben panggurit mesthi nnduweni tujuan nalika
ngarang geguritan. Tujuan utawa amanat iki
didhelikake, sinandhi ing walike reroncen tembung,
ukara, gatra, lan pada ing geguritan. Amanat/pesen
iki sing kudu ditemokake dening para siswa. Sinau
geguritan diarani kasil yen para siswa wani gawe
dudutan, banjur kandha mangkene, “iki lho tujuane
panggurit lumantar geguritane!” Amanat-tujuan ing
geguritan iku lumrahe bisa dituduhake lumantar
kutipan ukarane, kanggo bukti kang nyengkuyung
panemumu. Geguritan kang becik iku geguritan
kang duwe guna paedah tumrap bebrayan utawa
tumrap para pamaose. Mulane aja wedi salah, saben
ngadhepi geguritan, temokna amanat-pesen ya
piwelinge. Saka tuladha ing dhuwur, bab-bab wigati
kang bisa kajupuk, yaiku:
a. geguritan iku jebul nyimpen isi awujud wewarah/
pitutur luhur.
b. isi awujud wewarah mau bisa digoleki kanthi cara
nliti struktur lair lan struktur batine.
c. struktur lair sing nuntun marang struktur batin.
d. struktur lair iku werna-werna, kang disebutake
ing dhuwur iku mung saperangan tuladha bae. Dadi
para siswa bisa ngembangake luwih jembar maneh
supaya geguritan bisa dimangerteni isi lan
piwelinge.
Garapan 1 : Geguritan ing ngisor iki golekana
struktur-e!
BANYU
Dening: Miftahul Dina Anggraeni
gemricik swaramu ing wayah esuk
agawe tentrem ning ati
kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah
putih bening netes ning ndonya
nggawe adhem ning sukma
krasa seger ning njero kalbu
kahananmu dadia tuladha ing jagad
yen urip kudu terus mili
kowe sumber penguripan menungsa
Gondanglegi, Januari 2014
Garapan 2 : Ngidhentifikasi Isi lan Pesen/
Amanat Teks Geguritan
Sawise nintingi struktur teks geguritan ing
ngarep, sabanjure tindakna pakaryan iki!
1. Critakna maneh isine geguritan nganggo
basamu dhewe!
2. Tulisen pesen/ amanat kang kinandhut ing
geguritan kang bisa koktuladhani!
3. Sawise rampung, garapanmu tumpuken
minangka tugas portofolio!
C. PARAFRASE TEKS GEGURITAN
Nggancarake (memparafrase) geguritan iku
nduweni tujuan supaya geguritan bisa
luwih gampang dimangerteni. Tembung lan ukara
ing geguritan iku sipate ringkes,
padhet, kebak arti. Kanggo ngerteni apa kang dadi
maksude panggurit, dudu prakara kang
gampang. Mulane geguritan mau kudu
digancarake luwih dhisik.
Tatacara nggancarake geguritan:
1. Sapada geguritan lumrahe dadi sapada
gancaran, sebab saben sapada geguritan iku
lumrahe nduweni sagagasan.
2. Bisa nenambah tembung ing saben gatra lan
pada, supaya dadi ukara kang becik.
3. Tembung-tembung sing angel, diganti dadi
tembung kang umum diweruhi.
4. Tata panulise manut tata panulisane gancaran.
Tuladha nggancarake geguritan kaya ing ngisor iki.
Geguritan
URIPKU
Nglamunku sigar ing pucuk himawan
Nalika warsa mbanjiri pangarasan
Uripku
Saya suwe saya ngambang
Ilang
Ora nemu dalan
Dhuh Gusti
Paringana kula kesabaran
Kanggo nerusake panguripan
Ngalor ngidul sampun kula lakoni
Jakarta Surabaya sampun kula liwati
Ora ana wangsulan sing mesthi
Gancaran
URIPKU
Nglamunku sing mumbul tekan
angkasa buyar dadakan. Sebabe udan
dumadakan nelesi bathukku. Ing
nglamunku mau, uripku dakrasakake
saya nglambrang. Suwe-suwe ilang,
kaya wong mlaku sing ora nemu dalan.
Dhuh Gusti, mugi Panjenengan
paringi kawula kesabaran, kangge
nglajengaken gesang menika. Gusti,
ngalor-ngidul, lunga saparan-paran wis
daklakoni. Kutha Jakarta nganti tekan
Surabaya wis dakliwati. Gusti, kok boten
wonten wangsulan ingkang mesthi?
Garapan 3 : Geguritan ing ngisor iki gancarna, apa
isi lan tegese!
Dudu Rembulan
Dening: Sumono Sandy Asmoro
Dudu rembulan
Sing sigar kena jemparing
Nalika Permadi dolanan pasopati
Dudu lintang sing ajur
Nalika Palgunadi matek aji
Lebur sakethi
Lintang lan rembulan
Tetep mbenteyong
Gandhulan langit
Mung manungsa sing rumangsa bisa
Ngrapal mantra adeg-adeg
keblat papat lima pancer
Ngobral drajat pamer pangkat
Rumangsa dadi lelanange jagad
Dudu rembulan
Sing sigar kena jemparing
Nalika Permadi dolanan pasupati
Mung konang
Kinukup kabar njomplang
D. MACA ENDAH GEGURITAN
Maca endah iku sawijining ketrampilan basa kang
nggandhengake unsur basa lan kaendahan utawa
seni. Kegiatan maca endah geguritan diarani kasil
lan apik yen para siswa wis bener lan pener ing bab
basane (lafal, intonasi, andhegan, lan
sapanunggalane) lan becik utawa endah tur
nyengsemake ing bab senine (ekspresi, solah-bawa,
wirama,lan sapanunggalane). Ana sing luwih
penting maneh, maca endah geguritan iku tujuane
sing nyemak, sing ngrungokake dadi ngerti isi,
piweling, lan kaendahaning geguritan sing diwaca.
Tatacara maca geguritan sing becik, yaiku:
1. Geguritane kudu wis ditemokake struktur lair-
batine (interpretasi geguritan)
2. Geguritane diwaca paling ora rong rambahan,
tembung-tembung, ukara, lan bagean
kang penting kudu dingerteni luwih dhisik.
3. Geguritan iku diwenehi tandha pamaca lan
tandha andhegan. Yen perlu geguritan iku bisa
ditulis maneh manut interpretasine para siswa.
4. Kanggo gladhen, geguritan mau diwaca manut
tandha pamaca lan tandha andhegan,
uga katrangan solah bawane. Gladhen dianggep
cukup yen para siswa wis bisa kanthi
lancar lan ora rumangsa isin, kikuk, kaku, salah
tingkah nalika maca endah geguritan.
Vokal/Swarane
Swara kudu bantas, resik, tur cetha pangucapane.
Ing bab vokal/swara iki kudu dimangerteni bab-bab
ing ngisor iki :
1. artikulasi : pangucapane aksara lan tembung
kudu wuwuh lan cetha.
2. diksi : pangucapane tembung-tembung mau
endah, kanthi rasa-pangrasa, ana sing landhep,
wengis, sabar, alus, kereng lan sapanunggalane
3. tempo : alon-cepete pangucapan, dijumbuhake
karo napas lan swasana sing pengin diwedharake.
4. dinamika : alon-bantere swara, selaras-
seimbange pamaca geguritan, nganti dadi
kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan
pamireng dadi kesengsem.
5. modulasi : owah-owahane swara, umpamane
swara wong tuwa, bocah cilik, swarane digawe
cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane.
6. intonasi : lagune ukara, pada. Para siswa kudu
wani nemtokake sawijining pada dadi ukara
pitakon, apa prentah, lan sapanunggalane.
7. andhegan : andhegan = jeda (Bahasa Indonesia),
yaiku pedhotane tembung lan ukara ing geguritan
kanthi tujuan nguwatake maksud lan artine
geguritan.
8. ambegan : teknik ambegan/napas iku penting
banget. Para siswa kudu sinau teknik ambegan
weteng (=pernafasan perut).
Solah Bawane
Obahing awak sakujur kudu bisa nguwatake
geguritan apa sing lagi kawaca, solah bawa kudu
bisa :
1. komunikatif: maca endah geguritan iku kudu
dirasakake, maca-solah bawa sing metu saka ati
supaya bisa nggeterake atine pamirsa.
2. ekspresif : asil saka interpretasi, ngerti marang
struktur lair-batin geguritan mau diwujudake
kanthi mimik-pantomimik-kinetik lan solah bawa
kang becik lan endah.
3. konsentrasi: fokus, para siswa kudu munjerake
pikiran, wektu lan tenaga kanthi nggladhi sinau
maca geguritan supaya asile ora getun tiba buri.
Sebab kalodhangan lan wektu iku ora bisa dibaleni.
Tandha andhegan
Maca endah geguritan dadi luwih gampang yen
para siswa uga menehi tandha andhegan, yaiku
tandha pambiyantu nalika praktek maca endah
geguritan. Ing ngisor iki tandha andhegan kang
umum digunakake. Para siswa bisa bae nggunakake
tandha liyane kang luwih gampang lan becik asile.
Ayo digatekna lan dipraktekake!
Tandha Arti lan Gunane
/ : Mandheg sedhela saetungan
// : Mandheg rada suwe, telung etungan
/// : Mandheg suwe, kanggo akhir pada utawa akhir
geguritan
~ : Swara alon, lagune alus kaya bebisik
~~ : Swara alon, lagune alus
~~~ : Swara kang seru, banter, lagune kasar
√ : Swara dicethakake nanging cendhak
√√: Swara dicethakake rada dawa
√√√ : Swara dicethakake lan dawa
__ : Swarane munggah, mendhuwur
__ _ : Swarane ngendhek
Garapan 4 : Menehi Tandha Andhegan Geguritan
Adhedhasar Interpretasi
Bebarengan karo kancamu sabangku, pilihen salah siji
geguritan lan wenehana
tandha andhegan kaya tuladha ing dhuwur adhedhasar
interpretasimu!
MAKARYA KANTHI MANDIRI
Sawise makarya bebarengan, kanggo nambah
kawruhmu babagan geguritan prelu latihan kanthi
mandhiri. Karya sastra geguritan iku akeh banget
sumebar ing kalawarti lan ing antologi. Bocah-bocah
bisa maca lan nyinaoni geguritan kang kapacak ing
kalawarti Jaya Baya apadene Panjebar Semangat.
Garapan 5 : Maca Endah Geguritan
Tindakna pakaryan iki:
1. Pilihen salah siji geguritan sing kosenengi.
2. Sawise kongerteni isine, wenehana tandha andhegan
adhedhasar interpretasimu.
3. Gladhinen maca endahmu, nganti katon trampil,
luwes lan becik.
4. Paragakna maca endah geguritan pilihanmu, yen
perlu rekamen (MP4) supaya bisa
dideleng kaluwihan lan kekurangane!
Garapan 6 : Nanggapi Pamacane Geguritan
Ing akhir pasinaon bab geguritan, para siswa diutus
maringi tanggapan asil maos endah geguritan saka
kanca sakelas. Buncine yaiku ngerteni struktur lair,
struktur batin, lan teknik maca endah geguritan kaya
kang wis dirembug ing ngarep.
Tatakramane mesthi bae kudu nggunakake basa Jawa
kang becik, ajen-ingajenan, tepa
slira lan mbangun rasa pracaya sapepadha siswa.
Setitekna paragan maca endah geguritan saka
kancamu!
Kepriye mungguh panemumu?
Geneya panemumu mengkono?
Apa sebabe?
Kanggo paugeran, bisa migunakake lembar pambiji
kaya ing ngisor iki:
Jeneng : ...................
Kelas : ...................
Intonasi/Pelafalan : ........................
Ekspresi : ..........................................
Penghayatan : ...................................
Gesture : ............................................