1 PELARIELIT PENDAHULUAN Deskripsi singkat Bahan ajar iki ngrembug babagan geguritan. Geguritan kaperang dadi telung materi pokok, yaiku (1) Sejarahe geguritan (2) Mula-bukane tegese geguritan, jinise, unsurunsure, lan (3) maca lan nulis geguritan. Kanthi urut-urutan mengkono kaajab mahasiswa luwih gampang anggone nampa informasi babagan geguritan sing wusanane nduwe kabisan maca lan nulis geguritan. Petunjuk Belajar Bahan ajar iki kaperang dadi rong perangan yaiku perangan teori lan gladhen. Kanggo perangan teori, wacanen perangan teori kanthi premati lan tliti. Gawea catetan mligine kanggo bab-bab kang wigati. Gawea gegayutan antarane wose teori lan pengalamanmu ing kasunyatan. Banjur kanggo perangan asesmen, garapen soalsoal kang wis sumadya. Asesmen formatif digarap kanthi KKTP 75. Sakwise nggarap asesmen formatif pengetahuan lan keterampilan, rembugana karo kancamu ngengingi babagan kang wigati lan panjenengan anggep angel. Relevansi Bahan ajar iki ngrembug babagan geguritan lan. Materimateri kuwi jumbuh karo kurikulum materi pasinaon basa Jawa ing Fase E Elemen Menulis SMA/SMK mligine CP : Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam bentuk teks aksara jawa dengan memperhatikan kaidah penulisan aksara Jawa. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks sastra geguritan. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/narasi/eksposisi/ argumentasi/lainnya) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif. Peserta didik mampu mengolah dan menyajikan secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat melalui teks non sastra dalam bentuk pawarta. Nganggit teks geguritan kanthi tulis lan diwacakake/ditembangake (praktek, lisan) bisa kanggo keperluan ing sadhengah papan, ana ngomah lan ing pamulangan/ sekolah kang jumbuh tingkat tutur basa Jawa. Mula kabeh kang kawedhar lan kapacak ing bahan ajar iki bisa dadi sanguning para guru anggone maringi materi.
2 Capaian Pembelajaran Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam bentuk teks aksara jawa dengan memperhatikan kaidah penulisan aksara Jawa. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks sastra geguritan. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/ narasi/ eksposisi/ argumentasi/ lainnya) untuk berbagai tujuansecara logis, kritis dan kreatif. Peserta didik mampu mengolah dan menyajikan secaralisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat melalui teks non sastra dalam bentuk pawarta Pokok-Pokok Materi Sejarahe geguritan Tegese geguritan Jinise geguritan. Unsur-unsur geguritan. Maca lan Nulis Geguritan Asesmen
3 GEGURITAN Sejarah Geguritan Sastra Jawa kadhapuk saka tembung sas lan tra kang tegese piranti kanggo mulang. Jinising sastra Jawa kaperang dadi loro yaiku Prosa Jawa lan Puisi Jawa. Tembung geguritan utawa guritan wiwit ana nalika periode kasusastran Jawa gagrag anyar. Sakawit, tembung geguritan utawa guritan digunakake tumprap puisi Jawa tradisional. Guritan tradisional nduweni paugeran tartamtu, kayata (1) cacahing gatra ora gumathok; (2) saben sagatra dumadi saka 8 wanda; (3) swara saben pungkasaning gatra padha; (4) wiwitane geguritan nggunakake ukara sun gegurit. Ing madyaning bebrayan Jawa, geguritan digunakake kanggo piranti mulang lan piranti kanggo paring panyaruwe tumprap kahanane masarakat. (Hutomo, 1985:19). Tuladhane guritan tradhisional yaiku: Sun-gegurit: Watake wong kampug Jati, Satiti angati-ati, Waning gawe weding juti, Tresna mring janma sesami, Bawa leksana ber budi, Lega lila trusing budi, Tuhu maring sakeh janji, Bekting Gusti yayh wibi Panggurit kang dianggep pandega panulisan geguritan ing kasusastran Jawa modern yaiku R. Intoyo lan Subagijo Ilham Notodidjojo. R. Intoyo, ing jagading kasusastran Indonesia kalebu ing Angkatan Pujangga Baru. Wujud geguritan kang ditulis dening R.Intoyo yaiku soneta kanthi irah-irahan Dayaning Sastra kang kapacak ing majalah Kejawen No.26, 1 April 1941. Wondene,Subagijo Ilham Notodidjojo uga nulis geguritan kanthi wujud soneta kanthi irah-irahan Gelenging Tekad kang kapacak ing Majalah Panjebar Semangat No. 20 Juli 1949.
4 Pangrembakaning geguritan sasuwene 50 taun terus lumaku. Geguritan kang kaserat uga nduweni wujud lan isi kang meneka warna. Pangrembakane geguritan ing taun 1950-an uga akh dipangaribawani reriptan puisi Angkatan 45 saka kasusastran Indonesia. Pangrembakan liyane yaiku ing 21 Juli 1963 Majalah Jayabaya mapanake geguritan ing rubrik kang mligi yaiku Taman Geguritan . Rubrik Taman Geguritan nduweni peran kang mirunggan tumprap pangrembakane kasusastran Jawa mligine geguritan. Rubrik iki dikelola dening redaktur kanthi asma Basuki Rakhmat. Majalah Mekar Sari uga duwe rubrik kang mligi kanggo reriptan sastra awujud geguritan yaiku rubrik Gupita Sari kang wiwit kapacak ing Majalah Mekar Sari No. 15, Th.X, tanggal 1 Oktober 1966. Rubrik iki dikelola dening redaktur Sudharma KD. Geguritan Jawa Modern uga kapacak ing majalah Gotong Royong, Kembang Brayan, lan Merdika. Tahun 1960-an jagading kasusastran Jawa diregengake kanthi mijile panggurit anyar kayata, Eddy DD, Herdian, Suharjono, Anie Sumarno, Priyanggana, Trilaksito S, Suyono, S. Noto Hadisuparno, Iwan Respati, Prajna MUrti, Suripan Sadi Hutomo, Mokh. Nursyahid P, Danajaya S, Sastrowardoyo, Hartono Kadarsono, Maryunani Purbaya, dan Muyadi Nawangsaputra.Wujud lan isi geguritan ing taun iki sangsaya ngrembaka. Ing taun iki uga wiwit ngrembaka geguritan kang awujud balada. Geguritan iki isih ana gegayutane karo folklor (crita rakyat). Pangrembakane geguritan Jawa modern uga disengkuyung dening pangrembakane majalah abasa Jawa kayata Kunthi (terbit taun 1970), Parikesit (terbit taun 1971), Jaka Lodhang (Terbit taun 1971), Dharma Nyata (terbit taun 1971).
Geguritan kalebu salah sijining Puisi Jawa. Subalidinata (1994:45) negesi geguritan yaiku tetaning basa kang memper syair. Geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asline yaiku gerita. Tembung gerita dhewe minangka tembung andahan kang linggane yaiku tembung gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan yaiku wohing susatra kang basane cekak, mentes, lan endah. Tegese ukarane ora nggladrah, tembunge duwe makna kang jero lan nggunakake tembungtembung rinengga ( purwakanthi swara, sastra, lan basa). Mula geguritan ing kawitane mung cekak nanging nggunakaken tembungtembung kang duwe nilai estetika dhuwur. Wujud geguritan iku saemper karp sair (syair). Panulise kanthi bait-bait/ gatr. Geguritan iku kalebu puisi jawa modedhern, amarga ora kawengku dening pathokan tinamtu kaya dene tembang macapat. Ana panemu menawa geguritan kalebu puisi bebas kang awujud tetembunga, ukara, unen-unen kang ora kanggo paugeran baku, nanging sing dipentingake endahe basalan susastrane. Kanggo mujudake geguritan bias rinasa salah sijine cara yaiku nggunakake basa rinengga kayata purwakathi, bebasan, pepindhan, panyandra, lan sapiturute. 5 Pangertene Geguritan
JINIS-JINIS GEGURITAN Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung, geguritan bisa kaperang dadi: (1) Syair rong gatra sapada utawa Gita Dwigatra, (2) Syair telung gatra sapada utawa Gita Trigatra, (3) Syair patang gatra sapada utawa Gita Catur Gatra, (4) Syair limang gatra sapada utawa Gita Panca Gatra., (5)Syair nem gatra sapada utawa Gita Sadgatra, (6) Syair pitung gatra sapada utawa Gita Sapta Gatra, (7) Syair wolung gatra sapada utawa Gita Hastha Gatra, lan (8) Syair sangang gatra sapada utawa Gita Nawa Gatra. Jinising geguritan liyane adhedhasar paugerane geguritan, geguritan bisa kaperang dadi Geguritan Gagrag Lawas / Kuna lan Geguritan Gagrag Anyar (Padmosoekotjo, 1960). Geguritan gagrag lawas luwih sering kasebut kanthi tembung guritan. Geuritan gagrag anyar yaitu geguritan kang bebas utawa ora gumathok. Kanggo ngreteni lan mahami surasane geguritan, awake dhewe kudu ngreti jenisjenis geguritan. Adhedhasar surasane kang kamot njrone geguritan ing jaman saiki kayata; Ode, geguritan kang surasane babagan pangalembana marang wong liya, Negara, apadene kang dianggep luhur. Himne, geguritan pangalembana marang Gusti Kang Mahakawasa. Elegi, geguritan kang surasane panalangsa, geguritan iki njlentrehake sawijining bab kang nelangsa lan ngruji ati. Epigram. Geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai idhup kang becik lan bener kang tinulis kanthi ringkes. Satire, geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar kang landhep/sinis tumrap sawijining bab kang ora adil kang ana ing madyaning bebrayan. Romansa, geguritan kang surasane babagan katresnan. Tresna ora mung antarane sisihan, nanging tresna ing maneka warna bab. Balada. Geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa mung lamunane pujangga. 6 A
7 Unsur Pambangun Geguritan Unsur Intrinsik 1. Tema, gagasan pokok kang digunakake pangripta kanggo ngandharake geguritan. 2. Diksi, yaiku pilihaning tembung ing geguritan. 3. Citraan/ imaji yaiku andharan kang digunakake kanggo nggambarake gegambaran kang bisa dirasakake dening panca indra manungsa. 4. Majas/ gaya basa yaiku pangumpaman kang digunakake pagripta kanggo ngandharake sawijining unen-unen supaya luwih endah/ ora katon blaka suta. Tuladhane, personifikaasi, hiperbola, metafora, repetisi lan liya-liyane. 5. Amanat, yaiku pesen utawa pitutur kang arep diandharake dening pangripta marang pamaos geguritan. Tipografi Perangan wujude geguritan uga sinebut tipografi. Tipografi yaiku wujude larik geguritan kang ndhapuk wujud tartamtu. Tuladhane yaiku geguritan anggitane Pur Adhi Prawoto ( Hutomo, 1985: 219) kang irah-irahane Aku lan Dheweke, kaya pethikan ing ngisor iki. Gambar 1 Tipografi Geguritan
8 BASA RINENGGA Tembung-tembung kang ndhapuk geguritan kuwi nganggo basa rinengga. Iki jumbuh karo panemune Sutardjo (2014: 19) kang ngandharake menawa ancase nganggo basa kang endah ing sakjeroning tembang lan puisi Jawa yaiku supaya bisa gawe seneng lan nikmat tumrap sapa wae kang maca lan ngrungokake. Basa rinengga yaiku basa kang edi peni utawabasa kang endah lan nresep ing ati. Subalidinata (1994: 4) ngandharake menawa edi penining basa warnawarna, lan katon menawa diucapake. Padmosoekotjo (1956) (Mulyana, 2014: 68) cara ndhapuke basa rinengga bisa nggunakake piranti susastra Jawa kayata basa Kawi, purwakanthi, lelewaning basa utawa basa kias lan tembungtembung kangawujud mligi (tembung garba, mawa seselan –in-, lan liya- liyane) kang bakal kajlentrehake siji mbaka siji. PURWAKANTHI Purwakanthi ing basa Indonesia diarani sajak utawa rima. Jinising purwakanthi, yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi lumaksita utawa purwakanthi basa. Jinising purwakanthi mau bakal kajlentrehke kanthi luwih gamblang ing andharan ngisor iki. Purwakanthi guru swara utawa diarani asonansi yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara vokal kang padha, bisa urut utawa selang-seling. Tuladha: Bareng wis makmur, saiki banjur lali karo sedulur
9 Purwakanthi Guru Sastra utawa diarani aliterasi yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara konsonan kang padha. Geguritan kang nganggo purwakanthi guru sastra bisa dipirsani ing tuladha ngisor iki. Kukudanganku mring kowe, klakona mengku kamulyan Purwakanthi lumaksita uga sinebut purwakanthi basa yaiku purwakanthi kang disebabake anane tembung ing pungkasaning gatra utawa ukara kang dibaleni ing wiwitaning gatra utawa ukara sakbanjure. Tuladha : Nandhang lara, larane wong lara lapa CITRAAN Fungsi citraan yaiku kanggo nuwuhake gegambaran utawa khayalan kang tuwuh merga pandhapuking ukara kang endah. Sutejo (2010, 20-24) merang citraan dadi 5 yaiku citra penglihatan (citra panyawang), citra pendengaran (citra pangrungu), citra penciuman (citra pangaras), citra perabaan (citra pandemok) lan citra gerak (citra owah).
2) Wirama Wirama yaiku andhap asore swara kang kajumbuhake karo isining geguritan. Umpamane maca geguritan kang ngemu duhkita, wirama swara sing digunakake alon lan ora banter. 3) Wiraga Wiraga yaiku patrap utawa solah bawa lan ora kakehen ngobahake awak. Umpamane yen maca geguritan kanthi tema Sumpah Pemuda, wiraga kang katunjukake yaiku ngepelake tangan kang nduwe teges “semangat”. 4) Wirasa Wirasa (penjiwaan) teges isine geguritan dirasakake ing sanubari. Yen maca geguritan kang isine nelangsa praupane susah. MACA LAN NULIS GEGURITAN A. Maca Geguritan 1) Wicara Wicara iku gegayutan karo babagan cethaning swara utawa pocapan nalika maca geguritan. Ing bab wicara bab kang kudu dimangerteni yaiku artikulasi, diksi, tempo,dinamika, modhulasi, intonasi, andhegan. Tandha andhegan kang umum digunakake kaya ing ngisor iki.
TULADHA GEGURITAN IBU Dening : Ririn Triasih Rasa asihmu marang siwi Kadidene banyu mili Kang ora pedhot ing margi Senadyan kebak pepalang Oyot, uwuh, lendhut ugo watu Ora bisa mbendhung rasa asihmu Marang anakmu Nalika bumi isih sepi Nalika tengah wingi durung lingsir Isih ketutup pedhut Nalika anakmu isih mesem ngguyu ing alam impen Ibu wiwit gumregah Mbasuh pasuryan toya suci Tumungkul pangestu puja Masrahke jiwa lan raga Nyenyuwun marang murbeng dumadi Dimen diparingi pepadhang dalan bebrayan Dimen diparingi pepadhang, marang putra putrine Nggayuh gegayuhan Kanggo sanguning urip ing tembe Lelabuh lan rasa asih kang tanpa kendhat Lumintu Rasa asih marang siwi
B.NULIS GEGURITAN Trap-trapan lan cara kanggo mahami Seliyane maca geguritan, nulis geguritan uga perlu nggatekake babagan tartamtu kayadene: a) nemokake tema geguritan b) manthamantha tema dadi topik kang luwih mligi, c) milih diksi utawa tembung kang trep karo topik d) ngronce ukara nggunakake basa rinengga, e) aweh ruh lan teges sajeroning geguritan. Bab-bab mau bakal kajlentrehake kanthi luwih cetha ing andharan ing ngisor iki. 1) Nemokake Tema Geguritan Tema miturute Yule lan Brown (1983) (lumantar Mulyana, 2005: 37) tegese kang ndhasari wicara. Tema luwih jembar momotane tinimbang topik. Gambar ing ngisor iki nuduhake yen tema iku minangka baboning pacelathon. 2) Mantha-mantha Tema dadi Topik kang Luwih Mligi Topik iku perangan kang lewih mligi saka tema. Topik asale saka basa Yunani topoi sing tegese “tempat” utawa panggonan. Ing guneman, topik dadi intine pirembagan. 3) Nemtokake Irah-irahane Geguritan Topik banjur digawe luwih mligi maneh dadi irah-irahan (judul) geguritan. Gegayutane antarane tema, topik, lan irah-irahan bisa dipirsani ing bagan ngisor iki. 4) Milih diksi utawa tembung kang trep karo topik Diksi yaiku pilihaning tembung kang trep. Iki jumbuh karo pamanggihe Keraf (1980: 34) sing ngandharake menawa diksi yaiku pilihaning tembung kang apik, bisa awujud basa lisan utawa basa tulis. Diksi ing geguritan nggunakake tembung kang menthes lan endah. Diksi uga kajumbuhaken karo topik lan tema. 5) Ngronce Ukara Nggunakake Basa Rinengga Uwis kaandharake ing ndhuwur menawa basa rinengga bisa kadhapuk kanthi maneka cara, ing antarane nganggo basa kawi, tembung garba, tembung mawa wujud kang mligi, utawa nggatekake purwakanthi. Basa rinengga uga bisa kadhapuk kanthi nggunakake lelewaning basa. . 6) Aweh Ruh marang isining Geguritan Ruh lan pesen ing sajroning geguritan kuwi minangka perangan kang wigati (Mulyana, 2014: 49). Ruh njalari geguritan kuwi bisa nduweni rasa kang jero. Dadi geguritane bisa ngemu teges. Dene pesen utawa amanat ing sajroning geguritan minangka wos kang jumbuh karo ancase penggurit nganggit geguritan. Penggurit lan wong kang maca geguritan bisa sinambung amarga anane pesen iki. Wong kang maca geguritan uga dadi bisa ngerti apa karepe penggurit . lan ngudhari surasane geguritan Maca lan njlingglengi geguritan wiwitan nganti pungkasan, pakaryan iki isa nemokake gambaran kanthi global utawa proses penafsiran kawitan. Nggoleki materi-materi kang penting Irah-irahan (judul ) geguritan Tembung kunci Gaya basa (majas) Simbol-simbol Negesi lan gawe dududan surasane geguritan. Nggancarake nggunakake bahasane dhewe. 11
13 ASESMEN KETERMPILAN 1. Gawea ringkesan nganggo basane dhewe apa wae unsur- unsur nalika arep gawe Geguritan! 2. Gawea Geguritan kanthi tema “ Branding Sekolah”!
17 PENUTUP Rangkuman 1. Sastra jawa kadhapuk saka tembung sas lan tra kang tegese piranti kanggo mulang. 2. Jinising sastra Jawa kaperang dadi loro yaiku Prosa Jawa lan Puisi Jawa. 3. Guritan tradisional nduweni paugeran tartamtu, kayata (1) cacahing gatra ora gumathok; (2) saben sagatra dumadi saka 8 wanda; (3) swara saben pungkasaning gatra padha; (4) wiwitane geguritan nggunakake ukara sun gegurit. 4. Para winasis wis medharake pangertene geguritan dhewedhewe. 5. Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung, geguritan kaperang dadi geguritan Dwi Gatra, Tri gatra, Catur Gatra, Panca Gatra, Sad Gatra, Sapta Gatra, Hastha Gatra, lan Nawa gatra. 6. Adhedhasar paugerane, geguritan kaperang dadi geguritan gagrag Lawas utawa geguritan tradhisional lan Geguritan Gaggrag Anyar. 7. Unsur-unsur kang ndhapuk geguritan yaiku perangan basa, sastra, retorika, lan tipografi. 8. Ing basa Indonesia, maca geguritan uga diarani deklamasi. 9. Maca geguritan kudu nggatekake babagan wicara, wiraga, wirama, lan wirasa. 10. Nulis geguritan kudu nggatekake tema, topik, irah-irahan, basa rinengga, ruh lan pesen ing sajroning geguritan.
DAFTAR PUSTAKA Suwardi. 2002. Metode Pengajaran Apresiasi Sastra. Yogyakarta: CV Radhita Buana Yogyakarta. Widaryatmo, Gandung, dkk. 2014. Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XII: Jakarta. Erlangga. Widiyani, Sri & Slamet Mulyono. 2015. Trampil Basa Ndhidhik Karakter Luhur. Surakarta. Mediatama. https://dapobas.kemdikbud.go.id/home?show=isidata&id=2501
16