BAHAN AJAR
SEKAR MACAPAT
ASMARADANA
KANGGE KELAS X SEMESTER GASAL
Kaimpun dening
Novanto Setyawan, S.Pd
SMA Negeri 1 Samigaluh
MAHASISWA PPG DALJAB KATEGORI II 2022
BAHAN AJAR
Satuan Pendidikan : SMA NEGERI 1 SAMIGALUH
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : X (Sepuluh)/Gasal
Alokasi Waktu : 4 JP (2 kali pertemuan)
Materi Pokok : Sekar Macapat
Capaian Pembelajaran
Peserta didik mampu mengapresiasi, mengkreasi informasi berupa
gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat
dari menyimak berbagai teks berita berbahasa Jawa. Peserta didik mampu
mengevaluasi, menginterpretasi informasi berupa gagasan, pikiran,
perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai teks dalam
bentuk aural, visual dan atau audiovisual untuk menemukan makna tersurat
dan tersirat dari teks tembang Macapat Asmaradana
Indikator Pembelajaran
3.3.1 Menganalisis struktur teks tembang macapat Asmaradana. (C4)
3.3.2 Memparafrasekan teks tembang macapat Asmaradana.
3.3.3 Menafsirkan ajaran moral tembang macapat Asmaradana. (C5)
4.3.1 Mempraktikan melagukan Tembang Macapat Asmaradana (P3)
4.3.2 Mengkritisi penampilan siswa lain.
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 1
Tujuan Pembelajaran
Melalui tayangan powerpoint dan video rekaman menyanyikan sekar macapat,
peserta didik dapat:
a. menganalisis struktur tembang macapat Asnaradana dengan percaya diri.
b. memparafrasekan teks tembang macapat Asmaradana dengan
bertanggungjawab.
c. menafsirkan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dengan
bertanggungjawab.
d. mempraktikan melagukan tembang macapat Asmaradana degan percaya
diri.
e. mengkritisi penampilan teman dikelas dengan jujur.
Materi Pembelajaran
1. Materi faktual
Teks tembang Asmaradana, rekaman video tembang Asmaradana
2. Materi konseptual
Paugeran tembang Asmaradana
3. Materi prosedural
Langkah-langkah membuat parafrase tembang Asmaradana
4. Materi paedagogik
Menganalisis nilai moral yang ada pada tembang Asmaradana
Pituduh Pasinaon
1. Miwiti pasinaon kanthi dedonga.
2. Nggatosaken sedaya andharan saking Bapak Ibu dwija
3. Literasi utawi maos materi ingkang sampun dipuncawisaken.
4. Nindakaken pasinaon miturut dhawuhipun Bapak Ibu guru.
5. Saged damel cathethan wonten ing buku minangka sarana kangge
sinau mandhiri.
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 2
Fase 1: Identifikasi Masalah
Materi Faktual
Para siswa wonten Ing ngandhap menika wonten tuladha teks saha video sekar
macapat. Salajengipun, para siswa saged ngrantam pitakenan kangge
mangretosi sekar macpat Asmaradana!
Cakepan sekar macapat Asmaradana
Poma-poma wekas mami,
anak putu aja lena,
aja katungkul uripe,
lan aja duwe kareman,
banget paes neng dunya,
siang dalu dipunemut,
Yen urip manggih antaka.
Materi video https://www.youtube.com/watch?v=93llOub-nv4
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 3
Fase 2: Mengorganisasi Peserta Didik
Fase 1: Identifikasi Masalah
Materi Konseptual
Para siswa sumangga dipunsinau sesrengan kaliyan klompokipun bab sekar macapat
ing ngandhap menika!
Menganalisis
struktur sekar
masmaradana
Sekar Macapat Mengartikan kata-
Asmaradana kata sulit
Membuat
parafrase
Menafsirkan nilai
moral
A. Tegesipun Sekar Macapat
Padmosoekotjo wonten ing Triwik Damarjati (2017, 31) ngandharaken bilih
Tembang/sekar inggih punika reriptan utawi dhapukaning basa mawi
paugeran tartamtu(gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken
nganggé kagunan swanten.
B. Jinising Sekar Macapat
Jinising sekar macapat miturut Fadhila (2021, 867) ngangharaken bilih jinising
sekar macapat punika wonten 11 sekar ingkang nyariyosaken lampahing
pagesangan manungsa wiwit miyos ngantos dumugi pejah. Jinising sekar
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 4
macapat yaiku: Mijil, Kinanthi, Pangkur, Asmarandana, Pangkur, Gambuh,
Maskumambang, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pocung.
C. Paugeran Sekar Macapat
Fadhila (2021, 867) ngandharaken bilih sekar maccapat punika gadhah
paugeran-paugeran piyambak. Paugeranipun arupi:
1. Guru gatra: cacahing gatra saben setunggal pada.
2. Guru wilangan: cacahing wanda saben setunggal gatra.
3. Guru lagu: tibaning swara vokal wonten pungkasaning gatra.
Paugeran saben sekar
No Nama Tembang Guru Guru Wilangan/ Guru Lagu
Gatra
1 Maskumambang 12i, 6a, 8i, 8a
2 Pucung 4 12u, 6a, 8i, 12a
4
3 Gambuh 5 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
4 Megatruh 5 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
5 Mijil 6 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
6 Kinanthi 6 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
7 Durma 7 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8 Pangkur 7 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9 Asmaradhana 7 8i, 8a, 8e/8o, 8a, 7a, 8u, 8a
10 Sinom 9 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
11 Dhandhanggula 10 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u,
8a, 12i, 7a
http://sinausekarmacapat.blogspot.com/2014/02/b-paugeran-aturan-tembang-
macapat.html
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 5
D. Sekar Macapat Asmaradana
Saben sekar macapat punika gadhah paugeran ingkang gumathok. Ing
ngandhap menika dipunandharaken babagan tembang macapat
Asmaradana.
Paugeran: Guru gatra wonten 7 gatra
Guru wilangan saha guru lagunipun: 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
Watak: Awatak sedhih, sengsem, prihatin (kapethik saking Triwik, 2017: 38)
Sasmita: Kasmaran, asmara, brangti, brangta, kingkin, wuyung (kapethik
saking Triwik, 2017: 39)
Filofofis: Asmaradana mengku teges asmara saha dahana ingkang tegesipun
api asmara. Sekar punika nggambaraken kahanan tiyang anem
ingkang nandang asmara. Kapethik saking Roni Han Wasisto (2020:
87)
Fase 3: Membimbing Penyelidikan
Fase 1: Identifikasi Masalah
Materi Konseptual
Para siswa, sasampunipun mahami materi bab sekar macapat, sumangga
dipunsinau sesarengan wonten ing klompok materi ing ngandhap menika
ingkang ngandharaken bab cara mangretosi isi/wosing saking sekar macapat
Asmaradana.
Mangretosi isi/wosing sekar macapat Asmaradana
Wonten ing salebetipun cakepan sekar macapat Aamaradana punika ngewrat
piwulang ingkang saged dipunpendhet dening pamaos. Anggenipun
mangretosi piwulang saking teks sekar macapat Asmaradana kedah kanthi cara
tartamtu.
Dene cara ingkang saged dipunlampahi kangge mangretosi piwulang saking
cakepan sekar macapat Aamaradana inggih menika:
1. Madosi paugeran sekaripun,
Madosi bab guru gatra, guru wilangan, saha guru gatran saking sekar
macapat Asmaradana kanthi tliti.
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 6
2. Negesi tetembungan ingkang angel,
Tetembungan ingkang angel wonten ing cakepan sekar macapat
Asmaradana punika dipunpadosi langkung rumiyin tegesipun menapa,
supados gampil anggenipun madosi wosing sekar macapat Asmaradana.
3. Damel parafrase saking sekar macpat Asmaradana
Parafrase tegesipun ngewahi tembang/geguritan ingkang wujudipun
pupuh/pada, dados gancaran utawi prosa. Sekar macapat ingkang
ngginakaken pageran guru lagu, guru wilangan, guru lagu saha basa basa
ingkang endah lan mentes mila kedah dipungancaraken supados langkung
gampil nalika badhe mendhet piwulang saking saklebetipun sekar menika.
4. Manggihaken piwulang
Damel dudutan piwulang saking sekar macapat Asmaradana ingkang saged
kangge tuladha ing pagesangan.
Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan
Hasil Karya
Materi Metakognitif
Para siswa sasampunipun maos lan mengertosi caranipun madosi isi/ wosing
sekar macapat Asmaradana, sumangga dipuncakaken langkah-langkahipun
kangge madosi isi/wosing sekar macapat Asmaradana menika!
A. Analisis struktur (paugeran sekar macapat Asmaradana)
Gatra 1 : Po-ma - po-ma we-kas ma-mi 7
Guru wilangan 8, guru lagu i
Gatra 2 : a-nak pu-tu a-ja le-na
Guru wilangan 8, guru lagu a
Gatra 3 : a-ja ka-tung-kul u-rip-e
Guru wilangan 8, guru lagu e
Gatra 4 : lan a-ja du-we ka-re-man
Guru wilangan 8, guru lagu a
Gatra 5 : ma-rang pe-pa-es do-nya
Guru wilangan 7, guru lagu a
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT
Gatra 6 : si-yang da-lu di-pun e-mut
Guru wilangan 8, guru lagu u
Gatra 7 : Yen u-rip mang-gih an-ta-ka
Guru wilangan 8, guru lagu a
B. Negesi tetembungan
Anggenipun negesi tetembungan ingkang angel menika kanthi adhedhasar
Bausastra Jawa ingkang awujud cithak utawi online. Bausastra cithak ingkang
asring dipunginakaken angggitanipun Powrwadarminta, dene ingkang online
saged mawi alamat https://www.sastra.org/leksikon
Dene tegesing tetembungan saking sekar macapat Asmaradana kados ing
ngandhap punika:
No Cakepan sekar macapat Tegesing tembung
Asmaradana
1 Poma-poma wekas mami Tembung poma tegesipun
ngandharaken piweling kanthi
temenan
2 Poma-poma wekas mami Tembung wekas tegesipun
pungkasan
3 Poma-poma wekas mami Tembung mami tegesipun aku
4 Anak putu aja lena Tembung lena tegesipun kirangin
pangati-ati ngantos nemahi bebaya
5 Aja katungkul uripe Tembung katungkul tegesipun
ngantos supe menapa kemawon
amargi nembe mempeng
nindakaken padamelan
6 Lan aja duwe kareman Tegesing tembung kareman inggih
menika kasenengan
7 Marang pepaes donya Tegesing pepaes inggih menika
sedaya ingkang ndadosaken
kaendahan
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 8
No Cakepan sekar macapat Tegesing tembung
Asmaradana
Tembung emut tegesipun eling
8 siang dalu dipunémut Tembung manggih tegesipun nemu
Tembung antaka tegesipun pejah
9 Yen urip manggih antaka
10 Yen urip manggih antaka
C. Damel parafrase
Sasampunipun negesi tembung mila lajeng saged damel gancaran saking
cakepan Macapat Asmaradana kanthi adhedasar kelompokipun piyambak-
piyambak.
Gancaran saking sekar macapat Asmaradana:
Pitutur saking tiyang sepuh dhumateng putra wayahipun supados ing
pagesangan punika boten lena saha katungkul namung nguyak gebyaring
donya kemawon ngantos nglirwakaken kuwajibanipun minangka titah ing alam
dunya punika. Punapa kemawon ingkang dipunpikantuk, kadosta jabatan,
pedamelan, bandha menika boten bakal dibeta mati. Tiyang gesang punika
kedah ngemut-emut, bilih samangke bakal nemahi pejah, satemah kedah
nyawisaken sangu ing alam salajengipun ingkang arupi ibadah saha amal
kesaenan.
D. Nafsiraken pesan moral
Sasampunipun damel parafrase lajeng saged damel dudutan utawi damel
tafsiran piwulang saking sekar macapat Asmaradana ingkang saged kangge
tuladha wonten ing pagesangan menika.
Piwulang saking sekar macapat Asmaradana inggih menika:
1. Manungsa gesang ing alam donya punika minangka titah ingkang kedah
ngibadah, manembah marang gustinipun.
2. Tiyang gesang punika ampun ngantos ketungkul nindakaken padamelan
ingkang ndadosaken supe saha nglirwaaken anggenipun ngibadah.
3. Tiyang gesang kedah dados tuladha ingkang sae dhumateng sesaminipun.
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 9
Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi
Pemecahan Masalah
Para siswa sasampunipun madosi paugeran, negesi tetembungan ingkang
angel, damel parafrase, madosi isi saha manggihaken piwulang saking sekar
macapat Asmaradana, sumangga dipunanalisis saha dipunevaluasi proses
anggenipun manggihaken sedaya unsur kala wau.
Bab angel menapa saking proses madosi paugeran dumugi manggihaken nilai
moral saking sekar macapat Asmaradana?
1. Anggenipun madosi paugeran sekar kedah tliti;
2. Anggenipun negesi tembung kedah tliti;
3. Anggenipun damel parafrase kedah Jumbuh kaliyan konteksipun;
4. Anggenipun madosi piwulang kedah dipunjumbuhaken kaliyan
kawontenan ing jaman samenika.
Dudutan dan Relevansi
Dudutan
Sekar macapat minangka salah satunggaling karya sastra Jawi ingkang
ngginakaken paugeran ingkang gumathok, ingkang awujud guru gatra, guru wilangan,
saha guru gatra. Sekar macapat punika wonten 11 jinis, inggih menika: mijil,
maskumambang, sinom, durma, asmarandana, kinanthi, dhandhanggula,
gambuh, pangkur, megatruh saha pocung. Sekar macapat Asmarandana
nggambaraken kahanan tiyang anem ingkang nandang asmara. Wonten ing
salebeting cakepan sekar menika ngewrat piwulang luhur kangge gesangipun
manungsa. Supados saged mendhet piwulang saking sekar punika kedah saged
negesi tetembungan ingkang dipunginakaken wonten ing salebeting cakepan
sekar. Sasampunipun dipunpadosi tegesipun saking tetembungan ingkang
dipunginakaken, lajeng dipun damel gancaran supados langkung gampil
anggenipun nafsiraken piwulang wonten ing salebeting sekar punika.
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 10
Wonten ing materi sekar macapat ingkang kaandharaken wonten ing bahan
ajar punika ngewrat piwulang
1. Manungsa gesang ing alam donya punika minangka titah ingkang kedah
ngibadah, manembah marang gustinipun.
2. Tiyang gesang punika ampun ngantos ketungkul nindakaken padamelan
ingkang ndadosaken supe saha nglirwaaken anggenipun ngibadah.
3. Tiyang gesang kedah dados tuladha ingkang sae dhumateng sesaminipun.
Relevansi
Saking andharan materi sekar macapat Asmaradana saha nafsiraken piwulang
ing sekar, ingkang taksih relevan kaliyan kawontenan jaman menika:
1. Sekar macapat punika dipunuri-uri wonten ing masarakat awit ngewrat
piwulang luhur ingkang saged dipuncakaken saha dipuntuladha dening
masarakat.
2. Piwulang sekar Asmaradana ngandharaken bilih manungsa kedah emut
dhumateng Gustinipun, boten namung ketungkul anggenipun pados
babagan kadonyanipun. Sedaya ingkang dipunpikantuk punika awit saking
kersaning Gusti minangka amanat, titipan ingkang kedah dipuntindakaken.
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 11
Daftar Pustaka
Damarjati, Triwik dan Sinar Indra. 2017. Wibawa (Wiyata Basa Jawa Kelas X).
Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga DIY
Ramadhanti, Fadhilla Ainuraziza & Lutfiah Ayundasari. 2021. Penggunaan
Tembang Macapat dalam penyebaran Islam di Jawa. UNM. saking
http://journal3.um.ac.id/index.php/fis/article/view/788
Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters.
Wasisto, Roni Han. 2020. Komunikasi Sosial Pada Tembang Macapat. Sekolah
Tinggi Agama Hindu Negeri Singaraja. Saking
http://jurnal.stahnmpukuturan.ac.id/index.php/communicare/article/view
/761
https://www.sastra.org/leksikon
https://www.pngegg.com/id/png-heebh/download
http://sinausekarmacapat.blogspot.com/2014/02/b-paugeran-aturan-tembang-
macapat.html
BAHAN AJAR KELAS X SEKAR MACAPAT 12