BAHAN AJAR
PRANATACARA
KELAS XI SEMESTER GASAL
Kaimpun dening
Novanto Setyawan, S.Pd
SMA Negeri 1 Samigaluh
MAHASISWA PPG DALJAB KATEGORI II 2022
Bahan Ajar
Bahan ajar
Satuan Pendidikan : SMA N 1 Samigaluh
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XI/I
Materi Pokok : Pranatacara
Alokasi Waktu : 4 x 45 Menit
Kompetensi dasar Indikator
KD Pengetahuan 3.2.1 Menganalisis struktur teks pranatacara
Menganalisis kegiatan di sekolah dari contoh yang
pranatacara dari disajikan. (C4)
berbagai media
3.2.2 Menyusun urutan acara dalam pranatacara
KD Keterampilan kegiatan sekolah. (C6)
Mempraktikan
pranatacara 3.2.3 Mengritisi video praktik pranatacara
kegiatan di sekolah. (C5)
4.2.1 Membuat teks Pranatacara kegiatan
sekolah. (P5)
4.2.2 Mempraktikkan Pranatacara sesuai 4W
(wicara, wirama, wiraga, lan wirasa). (P3)
4.2.3 Mempresentasikan hasil diskusi pranatacara.
(P3)
Tujuan Pembelajaran
Pertemuan 1
Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientific, model
pembelajaran problem based learning, diskusi, praktik, dan tanya jawab
peserta didik dapat:
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 1
a. menganalisis struktur teks pranatacara dalam kegiatan disekolah dengan
teliti. (C4, HOTS)
b. menyusun urutan acara dalam pranatacara kegiatan sekolah dengan
bertanggung Jawab. (P5, HOTS)
c. mempresentasikan hasil diskusi dengan percaya diri. (P3, HOTS)
Pertemuan 2
Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientific, model
pembelajaran problem based learning, diskusi, praktik, dan tanya jawab
peserta didik dapat:
a. mengritisi vidoe praktik pranaacara keiatan disekolah dengan jujur. (C5,
HOTS)
b. mempraktikan membaca teks pranatacara dalam kegiatan sekolah
dengan percaya diri. (P3, HOTS)
c. Peserta didik dapat mengkritisi hasil praktik pembacaan teks pranatacara
dari kelompok lain. (P4, HOTS)
Materi Pembelajaran
1. Faktual
Video Pranatacara dalam kegiatan sekolah.
2. Konseptual
Pengertian pranatacara, struktur teks pranatacara,
3. Prosedural
Langkah-langkah membuat teks pranatacara,
4. Metakognitif
Membuat teks pranatacara kegiatan sekolah
Mempraktikan pranatacra dalam kegiatan sekolah
Pitedah Pasinaon
1. Miwiti pasinaon kanthi dedonga.
2. Nggatosaken sedaya andharan saking Bapak Ibu dwija
3. Literasi utawi maos materi ingkang sampun dipuncawisaken.
4. Nindakaken pasinaon miturut dhawuhipun Bapak Ibu guru.
5. Saged damel cathethan wonten ing buku minangka sarana kangge
sinau mandiri.
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 2
Fase 1: Identifikasi Masalah
꧁꧂ Materi Faktual
Para siswa wonten Ing ngandhap menika wonten tuladha teks saha video
pranatacara pahargyan ing pawiyatan. Salajengipun, para siswa saged
ngrantam pitakenan kangge mangretosi pranataca!
Tuladha Teks Pranatacara Adicara Syawalan
Assalamu’alaikum wr. wb
Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Allah ingkang Maha
Asih mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan rawuh ingkang
minulya.
Ingkang kinurmatan Bapak Sugeng, S.Pd. minangka Kepala Sekolah SMA
Negeri 1 Samigaluh.
Dhumateng Bapak Kyai Suharto Ingkang tansah Kinabekten.
Dhumateng Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Samigaluh
ingkang tansah pantes tinuladha.
Saha siswa siswi SMA Negeri 1 Samigaluh ingkang sutresna.
Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya,
awit kula piniji saking panitya, kinen ngaturaken urut reroncening adicara ing
wekdal menika. Namung saderengipun kula ngaturaken rantamaning
adicara, sumangga kita tansah ngunjukaken puja puji pudyastawa
dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng
hangrentahaken rahmat sarta kawilujengan satemah kula dalah
panjenengan sadaya saged makempal wonten ing titi laksana adicara
syawalan kulawarga ageng SMA Negeri 1 Samigaluh kanthi pinayungan
karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Aamiin.
Para pilenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga kula minangka
pranatacara murwani lekasing sedya ingkang menika badhe enggal binuka
lampahing titi laksana adicara syawalan kulawarga ageng SMA Negeri 1
Samigaluh wonten ing dinten Senin 9 Mei 2022 kanthi ngaturaken
rerantamaning adicara ingkang sampun rinacik dening panitiya, nun inggih.
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 3
1. Pambuka
2. Waosan kitab suci Al Quran
3. Atur pambagyaharja saking ketua panitia
4. Atur pambagya saking bapak Kepala Sekolah
5. Ikrar Syawalan
6. Tauziah/hikmah syawalan
7. Panutup
8. Jawat asta
Makaten para rawuh ingkang minulya, rantamaning adicara ing ari
kalenggahan menika. Minangka pratandha pambukaning adicara,
sumangga kula ndherekaken sesarengan manungku puja konjuk wonten
ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, miturut agami saha kapitadosan
sowang-sowang. Ndedonga kawiwitan.
………..
Cekap. Maturnuwun.
Para lenggah ingkang bagya mulya, adicara ingkang angka kalih inggih
menika waosan kitab suci al Quran. Dhumateng sederek Fatimatu Zahro
kasumanggakaken.
………..
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng sedherek Fatimatu Zahro mugi-
mugi amal sae panjenengan pikantuk pituwas saking ngarsa dalem Allah.
Makaten ugi tumrap ingkang midhangetaken, mugi –mugi Alllah kepareng
ngleberaken rahmatipun. Amin.
Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dhahat kinurmatan,titi
laksana adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur pambagyaharja
saking ketua panitiya Syawalan SMA Negeri 1 Samigaluh. Dhumateng Bapak
Akhid Jamharir, S.Pd. kasumanggakaken.
………..
Makaten mau atur pambagyaharja saking ketua panitiya. Dhumateng
panjenenganipun Bapak Akhid Jamharir, S.Pd. kaaturaken agunging
panuwun.
Atur pangandikan ingkang angka kalih kula suwunaken saking Bapak Kepala
SMA Negeri 1 Samigaluh. Dhumateng Bapak Sugeng, S.Pd.
kasumanggakaken.
………..
-
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, makaten wau atur pambagya saking
Bapak Sugeng, S.Pd. minangka Kepala Sekolah SMA Negeri 1 Samigaluh
kanthi terang terwaca wijiling pangandikan ngaturaken pambagya.
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 4
Dhumateng panjenenganipun Bapak Sugeng, S.Pd. kaaturaken agunging
panuwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika ikrar syawalan ingkang
badhe dipunsalirani dening Bapak Akhmadi, S.Pd. Dhumateng Bapak
Akhmadi, S.Pd. kasumanggakaken.
………..
Makaten wau ikrar sayawalan, mugi minangka satemenipun ikrar saking
manah boten namung saking lathi. dhumateng panjenenganipun Bapak
Akhmadi, S.Pd. kaaturaken agunging panuwun.
Adicara ingkang saklajengipun inggih menika sumene.
Lumadosing pasugatan prasaja ingkang katur wonten ngarsa panjenengan
minangka raos syukuripun kaluwarga ageng SMA Negeri 1 Samigaluh. Pramila
sumangga keparenga tumunten hangrahapi kanthi suka mardikaning manah.
………..
Boten ateges ngirangi kamardikanipun panggalih anggenipun nembe
ngunjuk sarta dhahar, ananging karana ngengeti wekdal, pramila adicara
kula lajengaken.
Tumapaking adicara ingkang kaping enem inggih menika tauziah ingkang
badhe dipunwedhar dening panjenenganipun Bapak Kyai Suharto
Dhumateng Bapak Kyai Suharto sumanggaaken
………..
Makaten para rawuh tauziah saking Bapak Kyai Suharto, mugi-mugi saged
andayani tambahing seserepan saha kathah gina paedahipun tumrap kula
panjenengan sadaya. Dhumateng Bapak Kyai Suharto kula aturaken
agunging panuwun.
Kados sampun paripurna lampahing adicara syawalan wonten ing
kalenggahan menika ingkang jumbuh kaliyan tata rakiting adicara wiwit
purwa, madya ugi wasana, tumunten badhe kalajengaken titi laksana
panutup. Nanging sakderengipun titi laksana kapungkasi, ing mbok bilih
anggen kula nglarapaken rantamaning lampah kathah kalepatan subasita
miwah kithaling basa kula namung tansah anyenyadhong lumunturing sih
samodra pangaksami. Saklajengipun donga puji syukur kula sumanggakaken
miturut agami saha kapitadosan piyambak-piyambak. ndedonga kawiwitan.
………..
Cekap....
Pungkasaning atur. Wassalamu’alaikum wr, wb.
Tuladha video Pranatacara:
https://www.youtube.com/watch?v=xsRL61modIc&t=6s
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 5
Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik
꧁꧂ Materi Konseptual
Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok materi ing
ngandhap menika!
Peta konsep
Tegesipun
PRANATACARA
Cengkorongan
Teks Sanguning
Pranatacara pranatacara
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 6
Pranatacara
X
Anik Muslikah Indriastuti (2011) ngandharaken bilih pranatacara utawi
asring dipunsebut pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana utawi
pranata laksitaning adicara inggih menika salah satunggaling pakaryan
ingkang gayut kaliyan satunggaling pepanggihan utawi adicara wonten ing
msarakat Jawa
Tembung pranatacara mujudaken setunggaling tembung garba, awit
kedadosan saking kalih tembung inggih punika panata + acara. Panatacara
inggih punika tiyang ingkang kadhapuk utawi tinanggenah mranata saha
nglantaraken lampahing setunggalipun acara supados runtut lan rancag.
Pranatacara asring sinebat master of ceremony, pambyawara, pranata
adicara, pranata titilaksana utawi pranata laksitaning adicara. Pamedhar
sabda inggih menika paraga ingkang kajibah mbabar satunggaling prakawis
(wacana). Ing tata upacara pahargyan pamedhar sabda mundhi
dhawuhipun ingkang hamengku gati, umpaminipun kajibah ngaturaken
pambagya harja, ngaturaken pambela sungkawa, lsp. (kapethik saking
Slamet Nugroho.2017. Kaca13)
Nalika damel teks pranatcara kedah mangretosi kados pundi struktur utawi
cengkorongan saking teks pranatacara, ingkang salajengipun
dipunmekaraken dados teks pranatacara wetah. Dene rantaman saking teks
pranatacara inggih menika:
1) Salam pambuka
2) Atur Pakurmatan
3) Atur puji syukur dhateng Gusti Allah
4) Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining Pranatacara)
5) Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa)
6) Panutuping atur/ salam
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 7
Gladhèn katrampilan tumrapipun panatacara ing antawisipun:
1. Olah jiwa, inggih punika angudi dhateng rèh ing panembah
dhumateng Gusti Ingkang Maha Suci. Ing olah jiwa punika ingkang
saged katindakaken inggih punika olah prana(napas) lan ngeningaken
cipta.
2. Olah swara:
a. logat (cara nyuwantenaken tembung). Logat ingkang kaanggep
baku inggih punika logat Surakarta saha Ngayogyakarta, ingkang
kaginakaken rikala wonten ing acara ingkang resmi.
b. kedal lan pocapan (wicara). Kedaling lathi kedah cetha, saged
mbédakaken setunggal fonem kaliyan fonem sanèsipun.
c. lagu (wirama), membat-mentuling swanten, sora lan lirihipun
swanten, rindhik lan rikatipun pangandikan.
3. Olah raga:
sapta-MA:
a. magatra : bleger lan wewujudan.
b. malaksana : luwes, boten ingah-inggih
c. mawastha : jejeg, boten kendho/dhoyong
d. maraga : boten rongèh/èdhèg/gumeter, mantep,
e. malagawa : ènthèngan, trengginas
f. matanggap : tanggap swasana (susah, seneng)
g. mawwat : ngéntasi karya
4. Olah basa lan sastra: pilihan tembung, purwakanthi, sekar, suluk,
panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan, lsp. Setunggaling
panatacara rikala ngayahi kewajibanipun langkung prayogi menawi
ngginakaken basa ingkang lugas (komunikatif) saha basa ingkang trep
kaliyan panganggénipun. Basa ingkang trep kaliyan panganggénipun
kedah ngèngeti:
1) sinten ingkang gineman
2) sinten ingkang tumanggap wawan ginem
3) sinten utawi punapa ingkang dipunginem
4) kados pundi swasananipun (wekdal, papan, kawontenan)
Sumber: Slamet Nugroho.2017:15
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 8
Fase 3: Membimbing Penyelidikan
꧁꧂ Materi Prosedural
Para siswa, sasampunipun mahami materi bab pranatacara, sumangga
dipunsinau sesarengan wonten ing klompok materi ing ngandhap menika
ingkang ngandharaken bab teks pranatacara.
Nyerat teks Pranatacara
Langkah-langkah nalika damel teks pranatacara:
1. Damel cengkorongan teks pranatacara
Supados gampil anggenipun damel teks pranatacara, para siswa
saded damel cengkorongan teks pranatacara kanthi perangan salam
pambuka, pambuka, isi, panutup, salam panutup.
2. Mekaraken cengkorongan teks dados teks pranatacara ingkang
jangjep.
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 9
Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan
Hasil Karya
꧁꧂ Materi Metakognitif
Para siswa sasampunipun maos lan mengertosi caranipun teks pranatacara,
wiwit damel cengkorongan saha mekaraken cengkiringan dados teks
pranatacara wetah.
Cengkorongan Teks Pranatacara
Perangan Andharan
Cengkorongan
Salam pambuka Assalamu’alaikum wr.wb ….
Atur pakurmatan Ingkang kinurmatan Bapak Sugeng S.Pd minangka
Kepala Sekolah SMA Negeri 1 Samigaluh.
Atur puji syukur Dhumateng Bapak Kyai Suharto Ingkang tansah
dhateng Gusti Allah Kinabekten.
Dhumateng Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA
Wedharing gati Negeri 1 Samigaluh ingkang tansah pantes tinuladha.
utawi wosing Saha siswa siswi SMA Negeri 1 Samigaluh ingkang
medhar sabdha sutresna.
(isining Namung sadèrèngipun kula ngaturaken rantamaning
Pranatacara) acara menika, sumangga kula dhèrèkaken
ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti
Ingkang Maha Agung ….
Para pilenggah ingkang sinuba ing pakurmatan,
keparenga kula minangka pranatacara murwani
lekasing sedya ingkang menika badhe enggal binuka
lampahing titi laksana adicara syawalan kulawarga
ageng SMA Negeri 1 Samigaluh wonten ing dinten
Senin 9 Mei 2022 kanthi ngaturaken rerantamaning
adicara ingkang sampun rinacik dening panitia, nun
inggih.
1. Pambuka
2. Waosan kitab suci Al Quran
3. Atur pambagya saking tuan rumah
4. Atur pambagya saking bapak Kepala Sekolah
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 10
Perangan Andharan
Cengkorongan
5. Ikrar Syawalan
Atur nyuwun 6. Sumene
pangapunten 7. Tauziah/hikmah syawalan
(tumrap ingkang 8. Panutup
kagungan karsa) 9. Jawat asta
……
Panutuping atur/ Kados sampun paripurna lampahing adicara
salam syawalan wonten ing kalenggahan menika ingkang
jumbuh kaliyan tata rakiting adicara wiwit purwa,
madya ugi wasana, tumunten badhe kalajengaken
titi laksana panutup. Nanging sakderengipun titi
laksana kapungkasi, ing mbokbilih anggen kula
nglarapaken rantamaning lampah kathah kalepatan
subasita miwah kithaling basa kula namung tansah
anyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksami.
Saklajengipun donga puji syukur kula sumanggakaken
miturut agami saha kapitadosan piyambak-
piyambak. ndedonga kawiwitan.
Pungkasaning atur. Wassalamu’alaikum wr, wb.
Nalika manggihaken tetembungan ingkang angel, anggenipun negesi
tetembungan saged kanthi Bausastra Jawa cithak utawi Bausastra Jawa
online mawi alamat https://www.sastra.org/leksikon
Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi
Pemecahan Masalah
Para siswa sasampunipun nyerat teks pranatacara saha praktik dados
pranatacara ing ngajeng kelas, bab ingkang dipunkoreksi:
1. Basa ingkang kaginakaken wonten ing salebeting teks pranatacara
taksih kirang trep.
2. Anggenipun ngecakaken 4w (wicara, wiraga, wirama, wirasa) ingkang
dereng trep.
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 11
Dudutan & Relevansi
Dudutan
1. Pranatacara kanthi ngginakaken basa Jawa menika salah satunggaling
wujud budaya Jawa ingkang kedah dipunlestantunaken, ampun
ngantos kageser kaliyan pranatacara kanthi ngginakaken basa
sanesipun.
2. Anggenipun damel teks pranatacara kedah nggatosaken
cengkoronganipun, wiwit perangan salam pambuka, pakurmatan, puji
syukur, isi pranatacara, nyuwun pangapunten, saha salam panutup.
3. Angenipun nindakaken dados pranatacara saged kanthi cara maos
teks, apalan, improptu, saha ekstemporan.
4. Nalika praktik dados pranatacara kedah nggatosaken perangan 4w
(wicara, wirama, wirasa, saha wiraga)
Relevansi
1. Wonten ing wekdal samenika sampun boten kathah tiyang ingkang
kersa dados pranatacara, kanthi pamulangan bab pranatacara punika
kaangkah saged narik kawigatosan siswa supados purun sinau
babagan pranatacara.
2. Pranatacara minangka salah satunggaling profesi ingkang
dipunbetahaken wonten ing bebrayan masarakat.
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 12
Kapustakan
Nugroho, Slamet dan Abdul Afif Rosyidi. 2017. Wibawa (Wiyata Basa Jawa
Kelas XI). Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga DIY
Indriastuti, Anik Muslikah. 2011. Pranatacara dalam bahasa Jawa sebagai
Sumber Kearifan dalam Kehidupan Bermasyarakat. kapetik saking
https://www.academia.edu/14909333/Pranatacara_dalam_bahasa_J
awa_sebagai_Sumber_Kearifan
Sumber gambar:
https://www.sastra.org/leksikon
http://clipart-library.com/clipart/pT5Mj88T9.htm
https://1.bp.blogspot.com/-
tIkiICeV_Ns/Wn7qewuXQmI/AAAAAAAABUY/SiL5yC-
h0NECuFHffOXnBw2kX10v7UwRgCLcBGAs/s320/contoh+teks+pranatacara+h
ut+ri+x.JPG
Materi ajar Pranatacara Kelas XI 13